Anda di halaman 1dari 17

TOKOH PAWAYANGAN

WERKUDARA
• Nama sanes : Raden Wijasena,
Raden Bratasena, Raden
Arya Bima, Raden Bayusuta

• Tiyang sepuh : Prabu Pandu


Dewanata, Dewi Kunthi
Talibrata (putra asli saking
Bathara Bayu)

• Garwa : Dewi Nagagini, Dewi


Arimbi, Dewi Urangayu

• Putra : Raden Antareja, Raden


Gatutkaca, Raden Antasena

• Kaprajan/kasatrian : Jodhipati
(Unggul Pamenang)
Wiyosipun Werkudara

Kacariyosaken miyosipun Bratasena. Nalika


bayi miyos awujud bungkus. Sedaya dedamel
mboten tumama. Ingkang saged mbedhah
bungkus namung Gajah Sena. Sareng sampun
bedhah, bayi diidak-idak, ditlale, digadhing
nglintu saya ageng. Gajah Sena ditamani
kenaka Pancanaka, seda sanalika. Sukmane
nyatunggal kaliyan Bratasena.
Wonten ing Perang Baratayudha
Werkudara mengsah kaliyan Duryudana.
Miturut kawicaksananipun Kresna, Werkudara
mbeta Duryudana dhateng Lepen Bengawan.
Lajeng Duryudana dipunblebek-blebekaken
ngantos mboten saged ambegan. Ing
saktengahipun lepen, Werkudara namakaken
kuku pancanaka wonten ing palanangipun
Duryudana. Lajeng Duryudana tiwas.
Wosing Budi Pekerti :
1. Panjenengan kedah nggadahi
watak satriyatama, luhur ing
manah, rena tetulung, adil,
kendhel ing bebener, mbrastha
angkara murka

2. Panjenengan kedah bektos


dhateng priynatun yuswa,
tirah-tirah ibu

3. Bekti dhumateng guru

4. Tresna asih dhateng sedherek

5. Panjenengan kedah kagungan


jiwa satriya ingkang dados
bentengipun negari
Menawi wonten
pitakenan,
kasumangga
kaken . .
.
Menawi
mboten
matur
nuwun. . .
. 
DURYUDANA
• Nama sanes : Kurupati,
Jakapitana, Suyudana,
Gendarisuta, Tripamangsah,
Jayapitana

• Tiyang sepuh : Prabu Dhestarasta,


Dewi Gendari

• Garwa : Dewi Banowati

• Putra : Raden Lesmana


Mandrakumara (Sarjakusuma),
Dewi Lesmanawati

• Kaprajan/kasatrian : Ngastina
Wonten ing Perang Baratayudha
Duryudana kaliyan para kurawa dados
mengsahipun Pandhawa. Duryudana kagungan kersa
supados saged dados ratu ing Negari Ngastina.
Ananging, kedahipun para pandawa ingkang ndarbeni
negari Ngastina. Amargi Negari Ngastina menika
ingkang kagunganipun Prabu Pandu Dewanata
(Ramanipun pandhawa) ingkang sampun seda.
wonten ing perang menika, Duryudana
mengsah kaliyan Werkudara. Perangipun rame sanget,
amargi saliranipun imbang saking ageng inggilipun.
Sanadyan taksih ageng Werkudara, Duryudana
mboten saged dipunsedani dening Werkudara.
Saliranipun mboten saged dipundhedhawahi pusaka.
Menika awit saking dayanipun Ibu Dewi Gendari.
Kala semanten, Duryudana sampun asor
enggal-enggal, lajeng mlajar manggihi ibunipun.
Sambatipun ngarwara. Dewi Gendari trenyuh,
lajeng badhe mangertosi rupenanipun Duryudana.
Estunipun Dewi Gendari saklaminipun dados
garwanipun Dhestarasta, netranipun dipuntutup
kangge tandha bekti kasetyanipun Gendari
dhumateng Dhestarasta. Nalika mbikak
netranipun, cumlorot cahya ingkang tumanduk
saliranipun Duryudana. Emanipun, wonten ingkang
mboten kasinaran inggih menika panggenan
wenadinipun piyantun kakung. Mula sanadyan
dipun pilara, dipun banting, dipuncempalani,
dipuntamani pusaka, Duryudana panggah mboten
saged sirna.
Kresna wicaksana, Werkudara lajeng
dipunajak pancakara ing lepen Bengawan.
Duryudana dipunblebek-blebekaken ngantos
mboten saged ambegan. Ing saktengahing
lepen, Werkudara namakaken kuku pancanaka
wonten ing palanangipun Duryudana.
Duryudana tiwas.
Wosing Budi Pekerti :

1. Ampun cidra ing janji

2. Menawi ngampil, kedah ngunduraken

3. Bandha menika namung titipan, pangkat


menika namung sampiran, nyawa punika
namung gadhuhan

4. Mboten wonten ingkang langgeng

5. Pimpinan kedah kagungan


kawicaksanaan, ampun tumut-tumut
didikte dhateng andhahan
Menawi wonten
pitakenan,
kasumangga
kaken . .
.
Menawi
mboten
matur
nuwun. . .
. 
ABIMANYU

• Nama sanes :

Raden Angkawijaya,
Jayamurcita.

• Tiyang sepuh : Raden Harjuna,


Dewi Wara Sembadra

• Garwa : Siti Sundari, Dewi Utari

• Putra : Raden Parikesit

• Kaprajan/kasatrian : Plangkawati
Wonten ing Perang Baratayudha

Wonten ing perang Bharatayuda Abimanyu


kuwalat marang sumpahipun piyambak. Ing
tengahipun rananggana Abimanyu karanjap
pusaka dening mangsah, panah, tumbak, lan
pedang. Sliranipun kathah pusaka. Parandana
panggah maksih saged lumawan mangsah,
Kurawa sami nggumun. Ananging boten
maiben, Abimanyu putranipun Raden Harjuna
ingkang sami – sami sektinipun. Wekasanipun
kurawa boten wantun lumawan.
Lesmana Mandrakusuma majeng males
wirangipun amargi Siti Sundari nyambet
Abimanyu tinimbang piyambakipun. Abimanyu
inkang sampun nglumpruk, dipunawon – awon,
dipunpisakiti menapa kemawon. Lesmana lena,
jebul Abimanyu nglempakaken tenaga, keris
pulanggeni katemakaken Lesmana. Lesmana inkang
ndehepani bantala tiwas sanalika, Kurawa geger.
Pangeran pati Lesmana seda. Prajurit kurawa
ngamuk Abimanyu, Abimanyu meksa taksih saged
ngladosi. Basukarna ngulat kelamun Abimanyu
boten saged pejah menawi taksih nyandang
gendhewa ing bahunipun. Mila gendhewanipun
Abimanyu dijemparing Karna. Gendhewa lepas,
Abimanyu tiwas ing rananggana. Gugur minangka
satriyatama.
Wosing Budhi Pekerti:

1. Ampun remen ngumbar


punagi, mundak mbilaheni

2. Ampun cidra, mundak cilaka

3. Tiyang penggalih luhur niku


remen prihatos, tetulung
sapadha-padha, mboten
deksura, mboten angkuh

4. Bela negari, ditohi seda,


ngantos dados rabok bumi,
kusuma bangsa
Menawi wonten
pitakenan,
kasumangga
kaken . .
.
Menawi
mboten
matur
nuwun. . .
. 

Anda mungkin juga menyukai