Anda di halaman 1dari 3

Cariyos Ringgit Werkudara

Disusun oleh :
Rebecca Anabel Kurniawan/29
Shan Bryna Christlian/33
WERKUDARA

Werkudara inggih punika putranipun Prabu Pandhu Dewanata lan Dewi Kunthi ingkang
angka kalih. Werkudara inggih punika titisanipun Bathara Bayu. Amargi putra angka kalih,
mila Werkudara ugi kasebat putra panenggaking Pandhawa. Sesebatan sanesipun
Bratasena, Bimasena, Haryasena, Bayusiwi, Jagal Abilawa, Kusumadilaga, Jayalaga.
Kastriyanipun wonten Jodhipati utawi Tunggul Pamenang.
Garwanipun tiga nami Dewi Nagagini, Dewi Arimbi, lan Dewi Urangayu. Kaliyan Dewi
Nagagini, kagungan putra Raden Antareja. Kaliyan Dewi Arimbi, kagungan putra Raden
Gathutkaca: Kaliyan Dewi Urangayu, kagungan Raden Antasena.
Raden Werkudara kagungan pusaka asmanipun Kuku Pancanaka, Gada Rujakpala, lan
Gada Lambita¬muka. Aji-ajinipun Bandung Bandawasa, Ungkal bener, Blabag Pengantol-
antol, Bayu Bajra.
Kacariyos miyosipun Bratasena. Rikala jabang bayi miyos awujud bungkus. Kabeh gegaman
mboten tumama. Ingkang saget mbedhah bungkus ananging Gajah Sena. Bareng sampun
bedhah, jabang bayi diidak-idak, ditlale, digadhing malah saya ageng. Gajah Sena ditamani
kuku Pancanaka, seda sanalika. Suksmane nyawiji kaliyan Bratasena.
Bratasena utawi Werkudara inggih punika mboten saget basa dumateng sinten mawon.
Dados menawi micara tansah ngoko. Ingkang dipunbasani ananging Sanghyang Wenang
lan Dewa Ruci. Sanajan mangkono Werkudara kagungan watak setya tuhu marang guru,
bekti dumateng ibu, teguh wonten janji, bela bebener, mbrastha angkara, remen tetulung,
tresna dumateng sederek, adil. Watak setya dumateng guru, dituduhake rikala
piyambakipun dipunutus kaliyan gurunipun Pendhita Durna madosi toya Perwitasari wonten
tengahipun alas wonten telenging segara. Ingkang sajatine Werkudara dialap patine,
dijlomprongake. Ananging amargi setya bekti dumateng guru. Werkudara malah angsal
nugraha, saget kepanggih dumateng guru sejati (Dewa Ruci), ingkang mahanani Werkudara
saget pinter tanpa guru malih.
Tandha bektinipun dumateng ibunipun dibuktekaken, kanthi merjaya Dursasana, ludranipun
kangge jamas rikmane Kunthi lan sirahe kangge keset kaliyan Dewi Kunthi. Tresna
dumateng sedherek, kabeh sedherekipun tansah dibela lamun nuhoni bebener. Ananging
menawi lepat, sanadyanta anake dhewe bakal diajar, kaya rikala Gathutkaca maling
Pregiwa. Jebule Gathutkaca ananging dipaeka sebab sing maling Gathutkaca palsu. Remen
tetulung upamane nulungi Ratu Wiratha (Prabu Matswapati).
Wonten paprangan Bratayuda Werkudara dados agul-aguling Pandhawa. Werkudara
ingkang saget mateni Dursasana, Sengkuni lan Duryudana. Saklajengipun paprangan
Bharatayuda, Parikesit sampun jumeneng nata, bebarengan dumateng sedherek Pandhawa
sampun jumeneng nata, bebarengan dumateng sedherek Pandhawa sanesipun, nilaraken
praja. Werkudara tiwas sumusul Sadewa, Nakula, lan Harjuna. Werkudara tiwas angka
sekawan amargi rikala gesangipun remen dhahar, rada kasar, lan mboten saget basa.
Bima utawi ingkang langkung kaloka kanthi asmanipun Werkudara inggih punika putranipun
Prabu Pandhu Déwanata (ratu Ngastina) lan Dèwi Kunthi Talibrata ingkang angka kalih.
Sedherekipun kabèh cacahipun wonten gangsal ingkang lajeng kasebat Pandhawa. Mila
Bima lajeng kasebat satriya Panenggak Pandhawa. Miturut Kitab Mahabharata, Bima
(Bhima) dilairaké awujud jabang bayi lumrah. Miyos saking guwa garbané Dèwi Kunthi.
Ramanipun bebisik Bathara Bayu, déwaning angin.
Kacariyos, sawijining enjing Dèwi Kunthi ngenggar-enggar penggalih kaliyan nggendhong
Bhima ingkang tasih alit. Dumadakan wonten macan saking suwaliking grumbul. Awit saking
kagete, Bima mrucut saking gendhongan, tiba wonten sadhuwure watu gilang sing gedhene
sasirah gajah. Anehe dudu sirahe Bima ingkang pecah, nanging malah watuné ingkang ajur
mumur. Bima gereng-gereng nangis madosi ibunipun. Mirengaken tangise Bhima niki,
macan ingkang waune badhe mangsa jabang bayi. Bhima malah gila, satemah mlayu sipat
kuping. Miturut cariyos pedhalangan, Bima (Werkudara) dilairake awujud bungkus. Jaman
tasih alit gesang wonten Astina, ananging saklajengipun ditundhung kaliyan Kurawa, Bima
lan sedherekipun dibuwang lan pungkasane saget babat Alas Mertani. Piyambakipun lajeng
gesang wonten kesatriyan Jodhipati utawi Unggulpawenang.
Putranipun Bima niki asring dados pralambang prajurit. Antareja saget ambles dunya,
ingkang njaga dharatan. Gatotkaca saget mabur, ingkang njaga awang-awang. Antasena
saget ambles dunya lan gesang wonten toya, ingkang njaga laut. Bima inggih kalebet dados
salah sawijining warga Bayu ingkang cacahipun wonten wolu, inggih punika Bathara bayu
piyambak, Anoman, Liman Situbandha, Garudha Mahambira, Sarpa Nagakuwara, Gunung
Maenaka, lan Ditya Jajawreka. Bima utawi Werkudara inggih kalebet dados putranipun
Bathara Bayu, mila lajeng kasebat Bayuputra iya bayu Tanaya ingkang tegesipun putra Bayu
(dewaning angin). Aji-ajinipun aran Aji Bandhungbadawasa, Blabag Pangantol-antol lan
Wungkal leres. Gegamane ingkang kondhang inggih punika Gada Rujakpolo lan kuku
Pancanaka. Bima mboten purun basa kaliyan sinten mawon, kejaba rikala wonten lakon
Bima Suci utawi Nawaruci. Wonten lakon niki Bima kepanggih kaliyan Déwa Ruci.
Awujudipun Déwa Ruci kaya dene Bima. Dewa niki medal saking talingan lan ngendika
kaliyan Bima perkara filsafat gesang. Wonten pungkasaning cariyos ringgit, Bima moksa
sareng kaliyan Pandhawa sanesipun tumuju swargaloka.

Anda mungkin juga menyukai