Anda di halaman 1dari 1

Bima Bungkus

 Asale
Ngastina
 Senjatane
Kuku Pancanaka
 Crita singkat
Diceritakne ing jejer Ngastina duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunti amarga kagungan
bayi nanging wujud bungkus. Ora ana senjata kang bisa mbedah bungkus iku.

Kurawa pengen nyirnake Bima Bungkus lan matur Prabu Pandu, Kurawa entuk wangsit saka
Dewa nek Bima Bungkus kudu dibucal ing alas Krendawahana. Padahal iku namung apus-
apuse Kurawa supaya bisa nyirnake Bima Bungkus.

Banjur Raden Permadi kang kadherekan kalihan Punakawan sowan Bagawan Abiyasa ing
pertapan Wukir Retawu. Raden Permadi nyuwun tulung kalihan Bagawan Abiyasa. Bagawan
Abiyasa sanjang teng Raden Permadi, Bima Bungkus nembe nglakoni lelakune nanging Bima
Bungkus bakal dadi satriya utama lan bakal oleh apa kang sinebut Wahyu Jati.

Anane Si Bima Bungkus ndadeke gegering donya. Bumine kaya dibelah. Batara Guru akhire
ngutus Gadjah Sena kanggo mecah bungkus supaya dadi sejatining manungsa. Batara Guru
uga ngutus Dewi Umayi supaya nglatih Bima Bungkus babagan kautaman.

Purna anggene peparing ajaran marang Bima Bungkus, Dewi Umayi maringi busana lan
senjata yaiku Bang Bintulu abang, ireng, kuning lan putih, pupuk, sumping, porong, gelang,
lan Sanjata Kuku Pancanaka.

Gajah Sena sirna amaraga mbuka bungkus, pecahing bungkus dadi sapatemon Gadjah Sena
lan Bima Bungkus. Gadjah Sena lan Bima Bungkus padha kaget lan perang. Gadjah Sena
dibanting Bima Bungkus lan sirna. Roh lan kekuatane Gadjah Sena mlebu jroning angga Bima
Bungkus.

Si Bungkus banjur kepanggih Bhatara Narada lan kalihan Bhatara Narada, Bima Bungkus
diparingi asma Bratasena.

Bratasena disuwuni tulung kalihan Ratu saka Tasikmadu kanggo nyirnake raja raksesa Kala
Dahana, Patih Kala Bantala, Kala Maruta, lan Kala Ranu. Bratasena isa nyirnake raksesa-
raksesa iku banjur kekuatane para raksesa nyawiji marang Bratasena, yaiku kekuatan geni,
lemah, angin, lan banyu.
 Amanat
Usaha ora bakal nghianati hasil

Anda mungkin juga menyukai