Anda di halaman 1dari 9

NASKAH DRAMA SENI BUDAYA JAWA 3

“ GONJANG-GANJINGE BOCAH ”

Disusun oleh :
PGSD VII D-2 2014

PENDIDIKAN GURU SEKOLAH DASAR


FAKULTAS KEGURUAN DAN ILMU PENDIDIKAN
UNIVERSITAS MUHAMMADIYAH MALANG
2017
Daftar Mahasiswa PGSD VII D-2 2014

1. 201410430311160 AISYAH NOVANA


2. 201410430311177 LUKMAN DINI ARDIANSYAH
3. 201410430311178 AGFA ARI
4. 201410430311179 FITRI AZMI IMRAN
5. 201410430311180 WINDA FIBRIA
6. 201410430311181 ISMAFATUL AMININ
7. 201410430311182 IVONE YULIANTINA
8. 201410430311183 TINTO WAHYU
9. 201410430311184 ROBI’AH AL ADAWIYAH
10. 201410430311185 DINDA DWIKY
11. 201410430311186 PRAPTINING OKTARINA SARI
12. 201410430311187 NOVITA ILYASHARY
13. 201410430311188 MOHAMMAD AZHAR
14. 201410430311189 USWATUN KHASANAH
15. 201410430311190 CINDY AYU
16. 201410430311191 BINTANG FATKHURI
17. 201410430311192 SENDY FAUZAN
18. 201410430311193 DYAH OKTAVIA
19. 201410430311194 OPY PARINGAN
20. 201410430311196 SITI CHOIRUN NISA
21. 201410430311197 LUKITA DWI ARINA
22. 201410430311198 JOHAN NUR AFANDY
23. 201410430311199 MEME WAHYUNINGTYAS
Gonjang-Ganjinge Bocah

Wayah sore, kakek lan nenek tindak menyang pasar nglewati sekolah. Kakek lan
nenek mandek sedilutsak seketika nyawang sak grombolan bocah SD kumpul bareng. Bocah-
bocah iku mau lagi geguyonanana sing dolanan hp, joget dangdut nanging sing ketok
anehpas ana loro bocah lanang wadon dulang-dulangancilok lan gandengan tangan.

Bita (Nenek) : Ya Allah yang, bocah zaman saiki kok kaya ngono ya.

Ari (Kakek) : Endi lo yang?

Bita (Nenek) : Iku lo yang (sambil nunjuk).

Ari (Kakek) : Astagfirullah yanggggg.....

Bita (Nenek) : Mbiyen awake dewe apa kayak ngono yang?

Ari (Kakek) : Aku mbiyen arep nyekel tangane sampean wae ndak wani yang.

Bita (Nenek) : Masak yang ?

(Langsung flasback)

(Balik sekolah)

Ari (Kakek) : Ayo engko mulih sekolah dolan ning lapangan !

Bita (Nenek) : Ayo aku gelem

Cita : Aku iya, tapi aku ijin ibukku sik ya

Dinar : Aku ndak isa, aku enek les lo mengko sore

Ari (Kakek) : Ya wis, sing gelem melok engko ya ning lapangan tak enteni, ojo
suwi-suwi lo

Dinar : Iya, aku balik sik yo rek

Ari (Kakek) : Iya ati-ati

(Ning lapangan)

Ari (Kakek) : Nandi arek-arek iki?

Bita (Nenek) : Sik a sabar, di enteni diluk engkas


Ari (Kakek) : Ayo wis dienteni karo tuku jajan

Bita (Nenek) : Ayo! Tapi tuku jajan opo enak e?

Ari (Kakek) : Tuku es marimas karo cilok wae ya

(Mlaku ning warung)

Ari (Kakek) : Buukk, tumbaaassss!

Bakul : Iyo Le, tuku apa?

Bita (Nenek) : Tumbas es marimas buk kalihmawon.

Ari (Kakek) : Kalih tumbas cilok bu

Bakul : Iya, ciloke tuku pira?

Ari (Kakek) : Gangsalatusan mawon buk kalih bungkus.

Bakul : Iya tak gawekna.

(Balik ning lapangan)

Cita : Heyyyy reeek (mlayu). Ayo di mulai dolanane selak sore!

Bita (Nenek) : Sik ta jajanku ben entek disik reek!

Cita : Iya iya entekno disik. Iki kate dolanan apa rek?

Ari (Kakek) : Mergo areke mung 3, ayo dolanan engklek wae

Ari (Kakek), Bita (nenek), lan Cita dolanan engklek

Evi : Hey rek, iki aku ngejak kanca-kanca liyane

Ari (Kakek) : Oh ya peneran, tambahakeh arek e iso dolanan bal-balanikirek

Evi : Ayo pumpung aku gawa balrek

Kabeh : Ayooo!

1,5 jam terlewati

Ibuk Ari (Kakek) : Anakmu wis mulih apa durung yu …..?

Ibuk Bita (Nenek) : Durung yu……


Ibuk Cita : Kayake ning lapangan, aku maeng weroh moro ning lapangan, ayo di
goleki yu……

(budal neng lapangan)

Ibuk Ari (Kakek) : Lha iku arek-arek padha dolanan bal

Ibuk Bita (Nenek) : Ya Alloh le” nduk”

Ibuk Cita : Ayo mulih, ndang adus-adus kana, budal ngaji

Fitri : Rek iku ibuke sopo rek?

Nisa : Hey Ari, di goleki ibukmu iku lo

Ismafatul : Awakmu gak budal ngaji a? Ndang mulih!

Ari (Kakek) : Ayo rek, aku mulih sik ya

Nova : Ya wes, aku tak mulih pisan

Cita : Iya aku wes kesel

Bita (Nenek) : Aku muleh sik rek

Ibuk Ari (Kakek) :Lek wis krungu adzan ashar iku, ndang muleh nduk malah dolanan
balbalan sampek surup (nyekel tangane nenek)

(muleh kabeh)

(flashback ending)

Zaman sekarang

Ari (Kakek) : iya ya aku iling mbiyen

Bita (Nenek) : bedo adoh ya mbi awake mbiyen

Bella : ayo sapa sing gelem melu aku muleh sekolah dulinan bal-balan?

Cindy : aku melu

Andrew : aku gak melok aku kate nang warnet dolanan mobile legend

Demian : aku ga melok pisan wis, aku kate dolanan PS nang omah, luwih seru

Cindy : lek Cuma wong lara tok ya gak bisa dolanan bal-balan, gak seru rek
Bagas : iya wis lek Cuma arek 2 dolanan PS wae

Andrew : iyowes ayo mulih wae

(Pas Main PS Nek Omah si A)

Bagas : hee awakmu ra luwe to?

Andrew : iyoo luweaku, mangan sek opo piye?

Bagas : Ibuk mu masak apa?

Andrew : buuk njenengan masak napa?

Ibuk Andrew : Gak masak lee Go food o wae wis, gampang gak ribet.

Andrew : oalah nggih buk.

Bagas : yowis aku ae sing pesenya, awakmu pengen mangan apa?

Andrew : Pesen mie setan wae yo, enak kayak e…..

Bagas : iya wis aku yo pengen mangan iku.

(oleh telfon teko Go food)

Kakek nenek lagi lungguh ing teras omah.

Gojek : Assalamualaikum, pak nderek tanglet alamat niki wonten pundi?

Ari (Kakek) : (takon menyang nenek) yang iki opo duduk omahe Ngateman?

Bita (Nenek) : iyo yang iku lo omahe mas (karo nduding omahe ngateman).

Gojek : nggih pak buk matur sembah nuwun.

Gojek mangkat menyang omahe Ngateman.

Gojek : (ing ngarep pager) assalamualaikum gofood

Bocah - bocah padha metu kabeh.

Andrew : waalaikumsalam hore pesenane wis teka

Gojek : iki dik pesenane, totale dadi 30000

Andrew : iki mas duite


Gojek : pas yo dik, aja lali bintang 5

Bagas : siap kakak

Nenek lan kakek nyawang teka ngarep omah

Bita (Nenek) : oalah, bocah kuwi mau tibake anake Ngateman ta yang.

Ari (Kakek) : Lho! Lha kuwi kan bocah sing ana ning pinggir sekolah mau yang.

Bita (Nenek) : Oh iyaya. Duh bocah saiki ya arep mangan wae gak usah repot-repot
masakne. Kari metek HP wae panganan langsung teka dhewe.

Ari (Kakek) : jamanku ndhisik wae arep mangan si mbok leren cethik geni lan
masak.

Bita (Nenek) : iya yang saiki jaman wis beda. Bocah saiki wis padha pinter lan
canggih amarga canggihe teknologi. Tapi saking canggihe jaman iki
bocah-bocah marai males sinau, males masak lan panganane ya enak-
enak terus ora arep panganan bangsa tela lan puhung.

Mulane masio jaman saiki wis maju lan modern, kabeh teknologi wis padha canggih.
Nanging aja nganti ketagihan terus-terusan migunaake teknologi sing ora becik. Nenek lan
kakek bebarengan mlaku ing ndalem omah lan karo senyum-senyum dhewe..
Pesan Moral

Pesan moral sing bisa digawe pelajaran saka carita iku, yaiku :

1. Jaman sing wis maju lan modern kita kudu bisa milah nilai sing positif lan negatif ing
kehidupan.

2. Dadi wong tuwo kudu bisa dadi tuladha marang putra putrine supaya bisa migunakake
teknologi sing wis maju gawe perilaku sing becik.

3. Sakliane wong tuwo, ing sekolahan guru uga kudu meneh i tuladha sing becik kanggo para
siswa lan siswine.
Daftar Kru dan Pemain Drama

Sutradara : (All cast)

Penulis naskah : PGSD VII D-2 2014

Kameramen : Sendy Fauzan

Editor : M. Azhar, Uswatun Khasanah dan Johan.

Bita (Nenek) : winda fibria

Ari (Kakek) : Dinda Dwiky

Ibu Kakek : Robi’ah Aladawiyah

Ibu Nenek : Dyah Oktavianingtyas

Ibu Cita : Lukita

Cita : Prapting Oktarinasari

Dinar : Opy Paringan

Evi : Novita Ilya

Bakul : Tinto Wahyu

Kanca-kanca Ari lan Bita : Fitri Azmi, Siti Choirun Nisa, Ismafatul Aminin, Aisyah
Novana

Andrew : Bintang Fatkhuri

Bagas : Lukman Dini

Cindy : Cindy Ayu

Demian : M. Azhar

Bella : Agfa Ari

Eriska : Meme Wahyuningtyas

Ibu Andrew : Ivone Yuliantina

Gojek : Sendy Fauzan

Latar : Di pinggir sekolah, Dilapangan sekolah, Rumah.

Anda mungkin juga menyukai