Anda di halaman 1dari 8

“KEMPROH”

( MUSIK MASUK)

Nisrina : assalamu’alaikum…, kula nuwun, wonten tiyang napa mboten nggih? Kula lare PKL
Universitas Terbuka Fakultas Biologi.

Nabila : jajal sepisan maning mbokan wonge ora krungu.

Carolina : jajal bareng-bareng tapi goli ngomong diwalik.

(PKL) : kula lare PKL Universitas Terbuka Fakultas Biologi , Assalamu’alaikum…., kula nuwun,
wonten tiyang nopo mboten nggih?

Pk Azis : wa’alaikum salam, eh ….. ana tamu, anu sekang ndi sih yah?

(PKL) : kula lare PKL Universitas Terbuka Fakultas Biologi.

Pk Azis : eh… ngeneh mlebu,mlebu,mlebu.

(PKL) : nggih Pak maturnuwun.

Pk Azis : ana apa- ana apa? Jan bocah koh ayu-ayu temen.

Nisrina : kados niki pak, kula lare tigo badhe ngontenaken penelitian limbah.

Pk Azis : limbah ? limbah apa kue medeni temen, anu limbah apa sih, limbah sih apa?

Nabila : limbah niku sami mawon kalih kotoran rupane kotoran manusia, ludah,runtah,lan sanes-
sanese.

Pk Azis :oh kaya kue, lah maksude apa maring nggone nyong?

Carolina : bapake mbok Pk RT nggih kulo badhe nyuwun ijin.

Pk Azis : ya wis tek ijina asal aja pada gawe keributan.

Anurul : tidak mungkin pak kita-kita inikan mahasiswa bahkan kami kami ini sedang menempuh
semester terakhir jadi tidak mungkin saya dan teman-teman buat keributan.

Pk Azis : maksude inyong, aja gawe keributan kuwe udu gawe gelut utawa tawuran.
Anurul : bapak gak maksud apa gimana sih pak kita inikan mahasiswa.

Nisrina : pangapunten nggih pak, kanca kulo lare ingkang mboten ngertos sopan santun, maklum
pak, lare kota.

Pk Azis :…….. Bu kiye ana tamu digawekna wedhang koh ndekem bae.

Bu Azis : ya pak, wong pira sing mertamu, jajal takoni arep kopi, teh apa banyu bening?

Pk Azis : eh mba mba, arep pada medang apa?

Nisrina : lah mboten usah pak, dados ngrepoti.

Pk Azis : bu jere ora susah, anu dadi ngrepoti.

Bu Azis : oh yawis.

Pk Azis : eh bocah, ana tamu koh bablas bae, salim apa kepriwe, wengi-wengi arep klayaban, ko toli
bocah wadon! Patut be ora, salim!.

Tami : mba,,, mba,,, mba..

Pk Azis : nah kaya kue jenenge anake pak RT. Terus ko arep maring ndi?

Tami : anu pak, badhe mbucal ludah.

Pk Azis : eh…… ludah ngene bae, njiot lepek. Kebeneran ana mba mba PKL arep neliti ludah.
Bu…… ngeneh kiyeh pada melu ludah. Ora papa mbok mba?

Bu Azis : ludah….. ? ludah apa sih pak?

Pk Azis : mba ludah apa mba?

(PKL) : nggih seludah ludaeh pak.

Pk Azis : wis gagian ludah koh.

(ibu,tami) : hoeeeeeek cohhhhhh.

(PKL) : nggih sampun nggih pak, kulo badhe nyuwun pamit, niki ludaeh bade kulo teliti. Mugi-
mugi hasile bapak sekeluarga sami mboten penyakiten.
Ayun : eh..eh..eh.. mba.. mba.. mba.. rame temen lagi ngapa sih mba? Eh Pk RT tumben daleme
rame sanget?

Pk Azis : iya kyeh ana tamu sekang mba mba PKL, arep nganakna penelitian limbah jere.

Ayun : limbah??? Limbah sih apa mba??

Carolina : limbah niku kotoran bu.

Ayun : oh kotoran..? berarti kotoran apa bae, apa kepriwe mba??

Carolina : nggih bu, kotoran nopo mawon niku limbah.

Ayun : eh yu kebeneran! Ngeneh yu ngeneh!

Sinta : ana apa jane, mesti lagi bagi BLT yah?

Ayun : rikalah apa apa koh BLT bae kie ana mba mba lagi PKL. Lagi nganakna penelitian limbah.
Rika mesti due kotoran, dadi kotoran apa bae bisa diteliti.

Sinta : ooh.. kotoran, angger ketep olih ora mba?

Nisrina : nggih saged bu, nggih sampun nggih bu, niki kulo mbekta sampele kulo badhe nyuwun
pamit, niki ludaeh bade kulo teliti, mugi-mugi hasile bapak sekeluarga mboten sami penyakiten.

(kel. Azis) : amiiiiiin…..

(PKL) : assalamu’alaikum…

(kel. Azis) : wa’alaikum salam….

(MUSIK MASUK)…

Bu Udin : pk dewek due tangga koh kemproeh yah pak?

Pk Udin : kemproeh kepriwe maksude.

Bu Udin : yaa… angger mbuang runtah sembarangan, ludah ya sembarangan, buang air kecil ya
sembarangan..

Pk Udin : lah ya belih temen ngel ngeli ora.


Bu Afif : kawit dina kiye jajal rika urip sing bener!

Ade : iya bapake, dedeleng wong toli ora patut.

Afit : cebrik pa cebrik.

Pk Afif : maksude ko pada apa ngatur-ngatur inyong? Pengin tek keplak apa? Ludah ludaeh dewek
koh pada reang.

(kel. Afif) : aku ya ngerti kwe ludaeh bapane, tapi jajal mulai siki angger ludah, aja sembarangan
bapane.

Bu Udin : ya kweh domongi manungsa koh ora lumrah.

Bu Afif : eh! Deneng rika nyambung nyambung? Aapa nyong dadi gawene rika? mulutmu kue lah
mulutmu! Mingkem sh ngapa.

Bu Udin : eh mulut-mulute dewek koh!

Afit : nyong ya ngerti ko due mulut.

Ade : ya lah brisik mingkem.

Bu Udin : eh brisik! Ko bocah cilik! Mingkem!

Pk Udin : eh lagi apa-apaan sih deneng bojone nyong koh domeih, ko bocah mesih cilik ngeneh
bapane kon metu ujar-ujare nyong wani apa?

Afit : rika yakin karo bapane nyong? Bapane nyong mbok lulusan karateka!

Pk Udin : arep karateka, pencak silata, aku ora wedi, aku ora trima bojoku di kayakwekna, aku ora
trima urip neng dunya mung sepisan.

(PKL) : assalamu’alaikum….

(kur) : wa’alaikum salam sory ya mba diliwati bae!

(PKL) : anu bu kulo badhe taken

(kur) : diliwati bae.

(PKL) : ujar-ujare aku tukang kredit, tukang barang apa?


Pk Dimas : lho lho lho, deneng keluargane bu Afif karo bu Udin pada ribut? Sebenere ana apa?
Masalaeh apa? Aja pada ribut bae enggane, karo tangga jere gaweane ketungkul pada ribut bae, ana apa
sebenere?

Pk Udin : ora ribut kepriwe bojone nyong diala ala pak, jajal sapa wonge sing ora kesuh, wis genah
bojone nyong arane neli koh di ala ala.

Pk Dimas : oooh kaya kue, angger kaya kue berarti sing ora bener keluargane Bu Afif?

Bu Afif : ya ora bae, langka kabel, langka bledeg, langka angin koh nyambung-nyambung! Sapa
wonge sing ora kesuh! Jajal Pk Dimas dekayakuekna! Jengkel apa ora!

Pk Dimas : ooh ager kaya kue berarti sing salah ya keluargane bu udin berarti.

Pk Udin : lah pk Dimas maring ngeneh maksude apa! Miki mbenerna nyong siki mbenerna nini
lenjeh. Bosanu demen yah.

Bu Dimas : eh ke wong digoleti malah neng kene.

Pk Dimas : tenang bu, tenang, sabar bu sabar, pokoke sing aso bae lah.. aku kie lagi nglurusna
masalaeh Bu Afif karo Bu Udin sing lagi pada ribut.

Bu Dimas : oh ujarku lunga maring ngendi, angger kaya kue ayuh pak pada di rampungna bae.
Masalaeh apa jajal aku tek takon maring bu afif. Bu Afif… bu Afif? Sebenere ana masalah apa karo tangga
koh heboh.

Bu Afif : ora gegoh kepriwe, aku lagi ngomongi bojone koh ujug-ujug nini neli nyambung-nyambung
sapa wonge sing ora mededeg.

Bu Udin : eh kurang ajar yah ngarani nyong nini nini. Aku esih nom! Esih awas matane, ora budeg
kupinge. Apa ko kweh anak pating tletek.

Bu Afif : apa? Pating tletek ujar-ujare tembelek apa? Kiye anak manungsa.

Pk Dimas : wis..wis..wis angger kaya kie kapan rampunge? Wong aku kue takon sing dadi masalah
apa? Deneng malah dadi tambah ribut? Dadi gegoh?

Pk Udin : kaya kie pak dimas sing arane pak afif kue wonge bangeting kemproeh angger gagat esuk
mesti nguyuh ngatar ning latar, idoh riak neng ndi ora, mbuang runtah ya segeleme dewek. Kapan gole
lingkungane dewek bersih, sehat, pirang mbara ditanduri wit-witan.
Pk Dimas : oh… dadi kaya kue masalaeh, angger kaya kue mayuh pada maring gone pk RT bae,
dirampungna bareng-bareng, nganggo musyawarah. Mayuh Pk Udin ayuh ibu-ibu?

(kur) : ayuh……

Anurul : eh ibu-ibu pada mau kemana nih kok berjalan rame-rame

(kur) : BRISIK

Anurul :eh ibu-ibu saya kan mahasiswa

Bu Afif : arep mahasiswa, arep ora, udu urusanku! Aku kwe arep pada maring gone Pk RT.

Anurul : eh temen-temen ibu-ibu pada mau ke rumah Pk RT ada apa yah? Yuk kita kesana.

Nisrina : lah ya gari, ko nganah dewek mbok teyeng, nyong lagi sibuk, lagi ngurusi penelitian, ora
kaya ko, kur dandan tok… dandan.

(MUSIK MASUK)

(Kur) : assalamu’alaikum (3 kali)

Pk Aziz : wa’alaikum salam … Eeehhh deneng pada rame-rame maring ngeneh, ana apa ? Mesti arep
njiot kartu BLT ya ? Urung metu ibu-ibu, kartu BLT-neeee ….

Bu Udin : ora pk RT aku maring ngeneh kue arep nglaporna bahwa sing arane pk Afif kuwe wonge
kemproh.

Pk Udin : iya kweh kemproh banget.

Bu Afif : nyatane iya pak, bojoku kueh kemproh. Mulane tulung pak diomongina.

Pk Azis : oh, kaya kue. Ya wis ngeneh pada mlebu-mlebu mlebu, njagong, medang, ayuh pada
musyawarah karo ati sing adem, aja pada gegoh. Bu, gawekna wedang kyeh, akeh warga pada maring
ngeneh.

Bu Azis : iya pak wong pira pak?

Pk Azis :1,2,3……………..8, 8 bu.

Bu Azis : medang apa kopi apa teh?


Pk Ajis : arep medang apa? Kopi apa teh? Jere wedang bening bae bu.

Pk Udin : ngomong be ora, bening bae.

Pk Azis : wis, siki aku rep ngomong disit, rika pada ngrungokna.Kaya kiye ibu-ibu bapak-bapak,
angger siki kue lagi pas banget dina lingkungan hidup. Mulane siki diwajibna kon pada njaga lingkungan
supayane bersih, sehat, nyaman. Dadi angger pak afif kemproh, kue wis ora jamane, pak.

Bu Afif : rungokna kaeh kupinge

Pak Afif : Iya leh, nyong lagi ngrungokna.

Pak Azis : Wiss…. angger kaya kiye, aku tek telfon bocah PKL kon ngeneh, kon nerangna babagan
lingkungan hidup.

Pk Udin : iya Pk aku setuju kweh gagian ditelpon.

Pk Dimas : ya gagian pak, aku akeh urusan.

Bu Afif : bosanu ora duwe pulsa.

Pk Azis : assalamualaikum.., mba nisrina?

Nisrina : wa’alaikum salam wonten napa pak?

Pk Azis : mba nisrina bisa maring umahku ora?

Nisrina : saged pak…. piyambekan nopo kalih kancane pak?

Pk Azis : yaa karo kancane ya kena laah.

Nisrina : nggih pak

Pk Azis : ya mba assalamu’alaikum

Nisrina : wa’alaikum salam.

Pk udin : deneng suwe yah

Bu Udin : suwe deneng yah

Bu Afif : deneng suwe yah


Pk Afif : deneng suwe yah

Pk dimas : iya yah deneng suwe yah.

Pk Azis : sabaaar laah kae deneng teka.

(PKL) : assalamu’alaikum

(Kur) : wa’alaikum salam

Pk Azis : ngeneh-ngeneh mba mlebu-mlebu … lah ibu-ibu, bapak-bapak, kye sing jenenge mba
nisrina, sing lagi nganakna penelitian limbah …. wis ngonoh mba nisrina di terangna sejelas-jelase.

Anurul : begini ibu-ibu kita ini mahasiswa.

Nisrina : assalamu’alaikum wr.wb, ibu-ibu bapak-bapak, ingkang kulo hormati tepangaken, kula
sekanca lare PKL Universitas Terbuka Fakultas Biologi, ingkang saweg ngontenaken penelitian limbah, lan
kleres sanget dinten niki saweg ngengeti hari lingkungan hidup, mila mangga para ibu, para bapak sami
dibiasaken hidup bersih lan menawi teksih gadhah pekarangan menawi halaman, mangga sami ditanemi wit-
witan supados lingkungan sekitar ketingal sejuk lan sehat, lan dibiasakaken menawi bucal kotoran nggih
teng wc, mbucal runtah nggih teng tempat sampah, menawi panjenengan sedoyo sami kemproh, mila
lingkunganipun mboten sehat lan nyebabaken penyakit, kinten kinten kados niku ibi-ibu, bapak-bapak
ingkang saged kula aturaken, mangga kantun milih badhe nderek sinten…

Pk Afif : pokoke melu

(kur) : melu sopo

Pk Afif : ya melu kowe, pokoke melu.

(kur) : melu ngapa?

Pk Afif : ya melu bersih… aku uwis kadung isin melu, melu, melu, melu pokoke melu.

RAMPUNG

Anda mungkin juga menyukai