Anda di halaman 1dari 10

NASKAH BAWANG PUTIH & BAWANG MERAH

Pemeran :

1. Ananda Setiabudi sebagai Bapak


2. Evan Varian Ramadhan sebagai Mbah Dukun
3. Fara Sofia Nada sebagai Bawang Merah
4. Gisella Christya Prameswari sebagai Ibu Tiri
5. Nela Aprilia sebagai Ibu Kandung
6. Nidya Barliana Adventcy sebagai Narator
7. Raden Harya Sena B.W.U sebagai Pangeran
8. Saffa Nayla Putri sebagai Bawang Putih

Narasi : Ing satunggaling Desa, urip kaluarga bahagia yaiku kaluarganipun Bawang Putih.
Nanging bapak Bawang Putih seg wonten tugas luar kota dados Bawang Putih tinggal
kaliyan ibune ingkang seg gerah. Wonten kaluarga ingkang mboten seneng kaliyan
kaluarga Bawang Putih yaiku kaluarga Bawang Merah.

Dinten Enjing.

Putih : Enjing bu, kepripun keadaane napa sampun sae?

IbuKandung : Alhamdulillah lumayan nduk

Putih : Ibu purun kula ndamelaken bubur?

IbuKandung : (Mengangguk)

Putih : Nggih bu, tengge sakejap. Putih ajeng ndameläken bubur rumiyin.

IbuKandung: Iya nduk..

Bawang Putih lunga wonten dapur lan nggawe bubur. Sakwise bubur sampun dados,
Bawang Putih teras wonten kamar ibune.

Wonten Kamar.

Putih : Niki bu, buburipun sampun dados.

IbuKandung : Matur nuwun anakku.


Putih : Enakkan bu bubur ndamelanipun Putih?

IbuKandung : Inggih nak, enak tenan. Matur nuwun yo nduk

Dina Sesuke.

Merah : Assalamu'alaikum.. Putih (kaliyan ngetuk pintu)

Putih : Wa'alaikum salam, eh Bawang Merah, monggo mlebet.

Merah : Iya, Ibumu ana?

Putih : Wonten, niku seg wonten kamar.

Merah: Aku arep ketemu ibumu tih.

Putih : Nggih, monggo tak terke.

Tekan wonten kamaripun ibu

Putih : Bu, niki Bawang Merah badhe ketemu Ibu.

Merah : Nggih bu

Ibu Kandung : Mriki Merah, Putih lenggah

Merah : Nggih...

lan Bawang Putih lenggah.

Merah : Bu, niki Merah Mbetoaken bubur ndamelanipun Ibu Merah.

Ibu Kandung : Repot-repot, matur nuwun nggih. Bibi maem nggih?

Merah : Nggih bi ...

Putih : Bu, kulo ijin ngumbaih rumiyin nggih wonten kali. Assalamu'alaikum.

Ibu Kandung lan Merah : Wa'alaikum salam

Sak lajengipun maem bubur saking Bawang Merah ujug-ujug ibu Bawang Putih kejang-
kejang lan akhire ninggal. Bawang Merah langsung lunga ninggalake ibu Bawang Putih
sing seg kejang-kejang lan ngabarake meng ibune.

Merah : Ibu... Ibu... Ibune Bawang Putih akhire mati.


Ibu Tiri : Wah tenanan? Kiye kabar sing paling nyenengake (kaliyan ngguyu).

Merah : Ahahahaha

Ibu Tiri : Ngko tiliki ya, terus ethok-ethok nangis. Gole nangis sing bener kowe loh!

Merah : Sip bu....

Bawang Putih wangsul saking ngumbaih wonten kali

Putih : Assalamu'alaikum, Ibu... Ibu. Putih wangsul bu (meng kamar ibune).


Astaghfirullah Ibu, Ibu kenging napa? (goyang-goyangi awak ibune)

Bawang Putih bingung lan panik, terase nelfon bapake sing seg kerja ing luar kota.

Ing telfon

Putih : Pak.. Bapak cepet wangsul

Bapak : Wonten napa sih Bawang Putih?

Putih : Niku pak, Ibu.... Ibu sampun nilar.

Bapak : Innalillahi, Bapak ajeng wangsul. Assalamu'alaikum....

Putih : Wa'alaikum salam...

Bapakipun Pawang Putih sampun dugi wonten umah.

Bapak : Putih, ibu pundi?

Putih : (karo nangis) Niku pak wonten kamar.

Ibu Tiri : Putih, kito turut belasungkawa ya...

Putih: Nggih bi, matur nuwun.

Bawang Merah lan Ibu Tiri : (nangis)

Sakwise pirang wulan, akhire bapak Bawang Putih nikah kaliyan ibu Bawang Merah lan
saiki Bawang Putih urip bareng Bawang Merah lan ibu tirine.

Bapak : Putih, sesuk Bapak ana tugas malih nang luar kota. Putih urip sing rukun ya karo
Merah
Putih : Nggih pak, Putih ajeng rukun. Putih nggih sampun anggep mba Bawang Merah
dados mba’e Putih.

Merah : Iya rayiku...

Dina sesuke Bapak Bawang Putih lunga. Lungane Bapak Bawang Putih nggawe Ibu
Bawang Merah lan Bawang Merah bungah amarga bisa nyiksa Bawang Putih.

Putih: Yuk mba, kita masak sareng-sareng!

Merah : Hah Apa?. ra salah krungu? Masak? ngapa aku melu masak. nggawe tanganku
kotor bae, wis nganah masak!

Bawang Putih meng dapur karo mikir omongane Bawang Merah. Sakwise masakipun
dados, Bawang Putih nyajikna nang meja makan.

Ibu Tiri : Iki masakan apa ta? kok rasane asin (karo numplekna panganan meng bajune
Bawang Putih)

Ujug-ujug Bapak Bawang Putih wangsul.

Bapak : Assalamu'alaikum...

Ibu tiri kaget krungu suara Bapak ngucap salam.

Ibu Tiri : Putih sageh resiki kabeh sadurung bapakmu ndeleng!

Putih : Nggih bu...

Ibu Tiri : Awas kowe ya nek kowe wani ngadu meng bapakmu!

Bapak : Ana apa kiye kok rungseb tenan?

Ibu Tiri : Iki pak, Bawang Putih numplekna panganan amarga kirang ati-ati. Ya kan
Bawang Putih?

Bawang Putih : Nggih pak, Putih nyuwun ngapunten.

Bapak : Ya wis siki resikna. Bapak rep ngaso sik...

Ibu Tiri : Bapak purun didamelaken kopi?

Bapak : Nggih bu....


Ibu nggawe kopi

Ibu Tiri : Niki pak kopine

Bapak : Matur nuwun bu

Dina sesuke

Ibu Tiri : Pak, niku Bawang Putih mboten purun ngapa-ngapa. Kerjaane mukur nyante-
nyante tok.

Bapak : Ya wis, mangke Bawang Putih tak omongi

Bapak nemoni, Bawang Putih

Bapak : Putih, mriki Bapak kandani

Putih : Napa pak?

Bapak : Jere ibu, kowe nang umah ra gelem ngapa-ngapa. Kaya kuwi ya kerjaane nek ra
ana Bapak?

Putih : (mukur meneng)

Bapak : Deneng ra njawab? Berarti omongane ibu bener ya?

Putih : (mukur temungkul karo nangis)

Bapak : Duhh dadane bapak lara (nyekel dada amarga penyakit jantunge kumat lan
teras tiba).

Putih : Bapak... Bapak kenging napa pak?

Ibu Tiri : Putih! kowe ngapakna Bapak? Kowe pengin Bapak cepet mati ya? Ya wis, sageh
gawa Bapak meng kamar!

Sakwise pirang wulan, amarga ibune kesel ngurusi bapak sing mriyangen, ibu Bawang
Merah nuker obat sing asli karo obat liya. Bawang Putih kaya biasane terke obat marang
bapak.

Wonten kamaripun bapak

Putih : Pak, niki kula mbetoaken obat.

Bapak : ya, matur nuwun Putih.


Putih : Nggih pak...

Sakwise ngumbe obatipun, bapak kejang-kejung.

Putih: Pak, Bapak kenging napa? Ibu, mba mriki cepetan.....

Merah : Bapak, Bapak kenging napa?

Ibu Tiri : Putih, kowe ngapakna Bapak?

Putih : Putih mboten ngertos bu... (karo nangis).

Sakwise bapak dikubur, Bawang Putih urip dewekan kaliyan siksanipun ibu tiri lan
Bawang Merah.

Enjing niku Bawang Merah ngomel-ngomel

Merah: Bu... Ibu... klambiku kotor kabeh ki, wis ora ana sing bersih, ora ana sing

ngumbaih apa bu?

Ibu Tiri : kowe nangapa sih nduk? Isuk-isuk kok wis ngomel.

Merah : Ndelo ki bu, klambiku kotor kabeh, mambu maning, Ndi ndi! Ibu ndelo... ih iya
tenanan kotor kabeh, klambine ibu ya kotor kabeh.

Ibu Tiri : Ndi Putih? Wis-wis ben Ibu sing ngongkon Bawang Putih kon ngumbaih. Putih...
Putih.. meng ndi sih? Bawang Putih!

Bawang Putih teka

Putih : Nggih bu, wonten napa?

Ibu Tiri : Suwe tenan sih, di undang-undang ra nyaut.

Merah : Ra duwe kuping mbok bu....

Putih :Anu bu... kula seg wonten dapur, seg nggodog wedang.

Ibu Tiri : Alaaah.... alesan bae. Ndelo kiye, kalmbi pada kotor kabeh, ora ana sing bisa
dinggo. Suwe-suwe ora nggo klambi. Saiki kowe lunga meng kali gawa kalmbi iki lan ora
usah kesuen (karo ngontalna klambi kotor meng Bawang Putih).

Merah : Iki kumbaih kabeh, awas nek ana sing rusak.... sing wangi, ra kesuen!
Bawang Putih njiot klambine lan langsung lunga meng kali, tekan neng kali Bawang Putih
ngumbaih klambine Bawang Merah kalih nembang.

Putih : Jajal nek wong tuwaku tesih ana, uripku mesti ora sak nelangsa kiye (selendange
kendang).

Pangeran (ngrungokna suara Bawang Putih nembang. tercengang lan meneng


ngrungokake). Wah suarane merdu tenan... sapa ya iku?

Ujug-ujug kes adohan keton ibu kandung Bawang Putih, Bawang Putih kaget.

Putih : Ibu....

Ibu Kandung: Anakku kudu sabar ngadepi kabeh iki, sabar ya. Kelak kowe bakal nemuake
kebungahan.

Ujug-ujug bayangan iku lunga

Bawang Putih : Ah, iku mesti mukur angen-angenku tok (karo nggelengna sirah). Ahh.
aku kudu cepet-cepet bali.

Pangeran : (nemokake selendang nang kali). Iki mesti selendang wong sing nembang
mau. Aku kudu mbalekna.

Nalika Bawang Putih bali nglewati hutan, Bawang Putih ketemu mbah-mbah tuwa.

Mbah Dukun : Cah ayu, nangapa tho kok murung.

Putih : Mboten napa mbah

Mbah Dukun : nek kowe kepengin nemokake kebungahan, kowe kudu sabar, mbaliko
meng ujung kali neng hutan iki......

Putih : Tenanan mbah?

Mbah Dukun : Ngandelo, kowe bakalan nemu kebungahan (Mbah Dukun langsung lunga
ninggalake Bawang Putih).

Putih : (mikir) Apa bener ya? (langsung bali meng umah).

Tekan umah Bawang Putih mbalekna klambi marang Bawang Merah lan ibu tiri.

Merah : Ihhh.... selendangku ndi? Bawang Putih selendanku ndi? kowe nyolong ya?
Bawang Putih ndi selendange? kowe iki ngumbaih apa nyolong?
Ibu Tiri : kowe kirangan gombal ya, ngantek kudu nyolong. Pokoke Ibu ora kepengin
ngerti, kowe kudu mbalekna selendang iku!

Bawang Putih : Anu bu, selendangipun kendang kegawa banyu.

Ibu Tiri : Halah Alesan, wis ra usah pasang rai kaya kuwi. Ibu jeleh werueh. Pokoke ibu
geleme selendang iku mbalek.

Merah : Dasar, bisane ngilangna tok... Kerja ora tau beres.

Ibu Tiri : Wis nganah lunga, dina iki kowe ora ulih jatah maem lan umbe.

Bawang Putih meng kamar lan nangis ngantek klalen turu, nang ngimpi bawang Putih
ketemu ibune

Ibu Kandung : Bawang Putih kowe nangapa? kok nangis?

Putih : Mboten napa-napa bu... (karo ngusap banyu mripate).

Ibu Kandung : Aja sedih anakku, sesuk kowe bakal ulih kebungahan.

Ujug-ujug Bawang Putih tangi kes turune karo ngomong

Bawang Putih : Neng ndi kebungahan iku bu? (lirih)

Dina sesuke

Ibu Tiri : Putih ....

Putih : Napa bu.... (njekel sapu)

Ibu Tiri: Wis beres-beres umah rung? Diresiki!

Putih : Niki seg nyapu bu.

Ibu Tiri : Ya wis sing resik, terus ngko kari nggoleti selendang sing ilang! Cepetan. ora
usah lelet, kaya keong bae.

Putih : Nggih bu....

Bawang Putih meng kali nggoleti selendang iku

Pangeran : Napa iki selendangmu? (ngecungna selendange)

Putih : Nggih, niki selendangku ingkang ical.


Pangeran : Sapa asmamu cah ayu?

Putih : Kula Putih, Bawang Putih Pangeran

Pangeran : Bawang Putih? Tenanan sampeyan Bawang Putih.

Putih : Inggih, tenanan...

Pangeran : aku bakalan mbeto kowe marang istanaku.

Putih : Nanging, kula kudu ijin rumiyin kaliyan ibu.

Pangeran : Nggih, kula ajeng ngeterake kowe ngge nyuwun ijin.

Putih lan Pangeran meng umah. Tekan umah....

Ibu Tiri : Bawang Putih, ndi bae kowe, sapa wong lanang iku?

Merah: Ndi selendangku?

Putih : Iki mba.....

Pangeran : Bu, kula mriki ajeng nyuwun ijin ngge nglamar Bawang Putih.

Merah : Enak bae, iku ora bakal Bawang Putih!

Putih : Nanging mba.......

Merah: Kowe ra bakal bisa nikah sadurung aku.

Ibu Tiri : Iya, enak bae kowe ya Bawang Putih, terus sapa sing arep ngurus umah. kiye
maning?

Pangeran : Wis-wis, kula ajeng ngajak ibu lan Bawang Merah manggon neng istanaku.

Bawang Putih :Tenanan? Matur nuwun Pangeran

Pangeran : Iya Bawang Putih...

Akhire Pangeran lan Bawang Putih urip kalanggengan bungah neng istana.

Anda mungkin juga menyukai