Anda di halaman 1dari 11

DRAMA BAHASA JAWA

‘’BAWANG PUTIH BAWANG ABANG’’

KELAS : VI-A
KELOMPOK 4 :
1. Afifah Alya Asnan (04)
2. Arini Mahanani Ritmecita S (12)
3. Azcanio Almere (14)
4. M. Ibadur Rachman (20)
5. M. Hafidz D.H (22)
6. Nadia Therine Apsarini (23)
7. Raka Mirza Pratama (28)
8. Rasya Ratna Listiana (30)
9. M. Rheza Widjaya (37)

SDN PUCANG II SIDOARJO


Jl. Ahmad Yani No. 06
SIDOARJO JAWA TIMUR
Assalamuálaikum Warahmatullahi Wabarakatuh. Kito sangking kelas 6A kelompok sekawan
badhe nampilaken drama ingkang judul “Bawang Putih Bawang Abang”.

Saderenge ditampilaken tepangaken rumiyin :

1. M. Hafidz D.H dados narator


2. Nadia Therine Apsarini dados Bawang Putih
3. Arini Mahanani Ritmecita dados Bawang Abang
4. Afifah Alya Asnan dados Ibu Kandung Bawang Putih
5. Rasya Ratna Listiana dados Ibu Bawang Abang
6. Raka Mirza Pratama dados Bapak
7. M. Ibadur Rachman dados Pangeran
8. Azcanio Almere dados Pengawal
9. M. Rheza Widjaya dados Peri
BAWANG PUTIH BAWANG ABANG

Ing satunggaling dusun wonten kaluarga bahagia inggih meniko kaluarganipun Bawang
Putih. Nanging bapak Bawang Putih tasek wonten tugas luar kota dados Bawang Putih tinggal
kaliyan ibune ingkang tasek gerah. Wonten kaluarga ingkang mboten seneng kaliyan kaluarga
Bawang Putih yaiku kaluarga Bawang Abang.

* Dinten enjing
Bawang Putih : Enjing bu, kepripun keadaane napa sampun sae?
Ibu Kandung : Alhamdulillah lumayan.
Bawang Putih : Napa Ibu purun kula ndamelaken bubur?
Ibu Kandung : Nggih anakku ...
Bawang Putih : Nggih bu, tengge sakejap. Putih ajeng ndamelaken bubur rumiyin.
Ibu Kandung : Iya sayang ...

Bawang Putih lunga wonten dapur lan nggawe bubur. Sakwise bubur sampun dados,
Bawang Putih lajeng ten kamar ibune.

* Wonten kamar
Bawang Putih : Niki bu buburipun sampun dados.
Ibu Kandung : Matur nuwun anakku.
Bawang Putih : (lagu, bawang putih ndulang ibune). Apa yang kuberikan untuk mama,
untuk mama tersayang. Tak kumiiki sesuatu berharga untuk mama
tercinta~~Cinta Untuk Mama
Bawang Putih : Enak bu bubur ndamelanipun Putih?
Ibu Kandung : Inggih nak, enak tenan.

* Dina sesuke
Bawang Abang : Assalamu’alaikum.. (kaliyan ngetuk pintu)
Bawang Putih : Wa’alaikum salam, eh Bawang Abang, monggo mlebet.
Bawang Abang : Iya, Ibumu ana?
Bawang Putih : Wonten, niku sek wonten kamar.
Bawang Abang : Aku arep ketemu Ibumu.
Bawang Putih : Nggih, monggo tak terke.

* Tekan wonten kamaripun ibu


Bawang Putih : Bu, niki Bawang Abang badhe ketemu Ibu.
Bawang Abang : Nggih bi ...
Ibu Kandung : Mriki Abang, Putih lenggah
Bawang Abang lan Bawang Putih : Nggih ...
Bawang Abang : Bu, niki Abang Mbetoaken bubur ndamelanipun Ibu Abang.
Ibu Kandung : Repot-repot, matur nuwun nggih. Bibi maem nggih?
Bawang Abang : Nggih bi ...
Bawang Putih : Bu, kulo ijin ngumbaih rumiyin nggih wonten kali? Abang, titip ibu nggeh.
Assalamu’alaikum.
Ibu Kandung lan Bawang Abang : Wa’alaikum salam

* Sak lajengipun maem bubur saking Bawang Abang ujug-ujug ibu Bawang Putih kejang-
kejang lan akhire ninggal. Bawang Abang langsung lunga ninggalake ibu Bawang Putih sing
tasek kejang-kejang lan ngabarake neng ibune.

Bawang Abang : Ibu ... Ibu ... Ibune Bawang Putih akhire mati.
Ibu Tiri : Wah tenanan? Kiye kabar sing paling nyenengake (kaliyan ngguyu). Akhire
mati ...
Bawang Abang : hahahaha ...
Ibu Tiri : ( Lagu ) Hari ini kugembira, melangkah di udara, saat kamu bawa betita,
dari yang kudamba ~~ Surat Cinta, Vina Panduwinata
Ibu Tiri : Ngko tiliki ya, terus ethok-ethok nangis. Nengko ne nangis sing bener kowe
loh!
Bawang Abang : Sip bu ....

* Bawang Putih wangsul saking ngumbaih wonten kali


Bawang Putih : Assalamu’alaikum, Ibu... Ibu, Putih wangsul bu (neng kamar ibune).
Astaghfirullah Ibu, Ibu kenging napa? Aja tinggalake Putih bu ..
Bawang Putih bingung lan panik, lajeng nelfon bapake sing seg kerja ing luar kota.

* Ing telfon
Bawang Putih : Pak .. Bapak cepet wangsul
Bapak : Wonten napa sih Bawang Putih?
Bawang Putih : Niku pak, Ibu ... Ibu sampun tilar.
Bapak : Innalillahi, Bapak ajeng wangsul. Assalamu’alaikum ...
Bawang Putih : Wa’alaikum salam ...

* Bapak ipun Bawang Putih sampun dugi wonten omah.


Bapak : Putih, ibu pundi?
Bawang Putih : ( karo nangis ) Niku pak wonten kamar.
Bapak : ( Nyampe kamar bapak tiba lungguh ) Astaghfirullah hal adziiim,
ibuuuuu…..(karo nangis).
Ibu Tiri : Putih, kito turut belasungkawa ya ...
Bawang Putih : Nggih bi, matur nuwun.
Bawang Abang lan Ibu Tiri : (nangis )
Bapak : ( Lagu ) Tak pernah terpikir olehku dan tak sedikit pun kubayangkan, kau
akan pergi tinggalkan kusendiri. Begitu sulit kubayangkan, begitu sakit
kurasakan, kau akan pergi tinggalkan kusendiri ~~ Saat Terakhir, ST 12

* Sakwise pirang wulan, akhire bapak Bawang Putih nikah kaliyan Ibu Bawang Abang
lan saiki Bawang Putih urip bareng Bawang Abang lan ibu tirine.

Bapak : Putih, sesuk Bapak ana tugas malih nang luar kota, Putih urip sing rukun ya
kaliyan Bawang Abang?
Bawang Putih : Nggih pak, Putih ajeng rukun. Putih nggih sampun anggep mba Bawang
Abang dados mba’e Putih.
Bawang Abang : Iya rayiku ...

* Dina sesuke Bapak Bawang Putih lunga. Lungane Bapak Bawang Putih nggawe Ibu
Bawang Abang lan Bawang Abang bungah amarga bisa nyiksa Bawang Putih.
Bawang Putih : Yuk mba, kito masak sareng-sareng!
Bawang Abang : Hah, ra salah krungu? Masak? ngapa aku melu masak, nggawe tanganku
kotor bae, wis nganah masak! (njorogna Bawang Putih). Lagu : Hai
sayangku hari ini aku syantiek, syantiek bagai bidadari, bidadadi di hatimu.
Hai sayangku, perlakukanlah diriku seperti seorang ratu, kuingin dimanja
kamu ~~ Lagi Syantiek, Siti Badriyah

* Bawang Putih neng dapur karo mikir omongane Bawang Abang. Sakwise masakipun
dados, Bawang Putih nyajikna nang meja makan.

Ibu Tiri : Iki masakan apa? kok rasane asin (karo numplekna panganan neng rai
Bawang Putih).
Bawang Putih : (lagu) Ibu tiri hanya cinta kepada ayahku saja, selagi ayah disampingku ku
dipuja dan dimanja, tapi bila ayah pergi ku dinista dan dicaci~~Ratapan
Anak Tiri, Iis Dahlia.

* Ujug-ujug Bapak Bawang Putih wangsul.


Bapak : Assalamu’alaikum ...

* Ibu tiri kaget krungu suara Bapak ngucap salam.


Ibu Tiri : Bawang Putih sageh resiki kabeh sadurung bapakmu ndeleng!
Bawang Putih : Nggih bu ...
Ibu Tiri : Awas kowe ya nek kowe wani ngadu neng bapakmu!
Bapak : Ana apa kiye kok rungseb tenan?
Ibu Tiri : Iki pak, Bawang Putih numplekna panganan amarga kirang ati-ati. Ya kan
Bawang Putih?
Bawang Putih : Nggih pak, Putih nyuwun ngapunten.
Bapak : Ya wis saiki resikna. Bapak arep ngaso sik ...
Ibu Tiri : Bapak purun di damelaken kopi?
Bapak : Nggih bu ...

* Ibu nggawe kopi


Ibu Tiri : Niki pak kopinipun.
Bapak : Matur nuwun bu.
* Dina sesuke
Ibu Tiri : Pak, niku Bawang Putih mboten purun ngapa-ngapa. Kerjaane mukur
nyante-nyante tok.
Bapak : Ya wis, mangke Bawang Putih tak omongi.

* Bapak nemoni Bawang Putih


Bapak : Putih, mriki tak kandani
Bawang Putih : Napa pak?
Bapak : Jere ibu, kowe nang umah ara gelem ngapa-ngapa. Kaya kuwi ya kerjaane
nek ara ana Bapak?
Bawang Putih : (mukur meneng)
Bapak : Deneng ra njawab? Berarti omongane ibu bener ya?
Bawang Putih : (mukur temungkul karo nangis)
Bapak : Putih!!! (nyekel dada amarga penyakit jantunge kumat lan teras tiba).
Bawang Putih : Bapak ... Bapak kenging napa pak?
Ibu Tiri : Putih, kowe ngapakna Bapak? Kowe pengin Bapak cepet mati ya? Ya wis,
ndang digawa Bapak neng kamar?

* Sakwise pirang wulan, amarga ibune kesel ngurusi bapak sing mriyangen. ibu Bawang
Abang nuker obat sing asli karo obat liya. Bawang Putih kaya biasane terke obat marang
bapak.

* Wonten kamaripun bapak


Bawang Putih : Pak, niki kula mbetoaken obat.
Bapak : Iya, matur nuwun Putih.
Bawang Putih : Nggih pak ...

* Sakwise ngumbe obatipun, bapak kejang-kejang.


Bawang Putih : Pak, Bapak kenging napa? Ibu, mba mriki cepetan ...
Bawang Abang lan Ibu Tiri : Bapak, Bapak kenging napa?
Ibu Tiri : Putih, kowe ngapakna Bapak?
Bawang Putih : Putih mboten ngertos bu ... (karo nangis).
Bawang Putih : (lagu) Bila waktu tlah memanggil, teman sejati hanyalah amal, bila waktu
telah terhenti, teman sejati tinggalah sepiiii~~Bila Waktu Tlah Berakhir,
Opick

Sakwise bapak dikubur, Bawang Putih urip dewekan kaliyan siksanipun ibu tiri lan Bawang
Abang.

* Enjing niku Bawang Abang ngomel-ngomel


Bawang Abang : Bu ... Ibu ... klambiku kotor kabeh iki, wis ora ana sing bersih, ora ana sing
ngumbaih apa bu?
Ibu Tiri : kowe nangapa sih nduk? Isuk-isuk kok wis ngomel.
Bawang Abang : Ndelo ki bu, klambiku kotor kabeh, mambu maning.
Ibu Tiri : Ndi ndi! Ibu ndelo ... ih iya tenanan kotor kabeh, klambine ibu ya kotor
kabeh. Ndi Putih? Wis-wis ben Ibu sing ngongkon Bawang Putih kon
ngumbaih. Putih ... Putih ... nang ndi sih? Bawang Putih!

* Bawang Putih teka


Bawang Putih : Nggih bu, wonten napa?
Ibu Tiri : Suwe tenan sih, di undang-undang ra nyaut.
Bawang Abang : Ra duwe kuping ta kowe!!!!
Bawang Putih : Anu bu ... kula sek wonten pawon, sek nggodog wedang.
Ibu Tiri : Alaaah.... alesan bae. Ndelo kiye, klambi pada kotor kabeh, ora ana sing
bisa dinggo. Suwe-suwe ora nggo klambi. Saiki kowe lunga menyang kali
gawa klambi iki lan ora usah kesuen (karo nguncalno klambi kotor neng
Bawang Putih).
Bawang Abang : Iki kumbaih kabeh, awas nek ana sing rusak.... sing wangi, ra kesuen!

* Bawang Putih njupuk klambine lan langsung lunga menyang kali, tekan neng kali Bawang
Putih ngumbaih klambine Bawang Abang kalih nembang.(Nembang Lir ilir).

Bawang Putih : Jejel nek wong tuwaku tesih ana, uripku mesti ora sak nelangsa kiye
(selendange kendang).
* Ujug-ujug kes adohan keton ibu kandung Bawang Putih, Bawang Putih kaget.
Bawang Putih : Ibu ....
Ibu Kandung : Anakku kudu sabar ngadepi kabeh iki, sabar ya. Kelak kowe bakal nemuake
kebungahan.

* Ujug-ujug bayangan iku lunga


Bawang Putih : Aneh, iku mesti mukur angen-angenku tok (karo nggelengna sirah). Ahh,
aku kudu cepet-cepet bali.

*Ing panggonan liya cedhak kali, ono pangeran sing lagi istirahat karo pengawale.
Pangeran : (ngrungokna suara Bawang Putih nembang, tercengang lan meneng
ngrungokake). Wah suarane sapa iku, merdu tenan... sapa ya sing nembang
iku pengawal ?
Pengawal : Kulo padosi rumiyin nggeh pangeran. Kadose ndugi kali.
Pangeran : Iyo golekono, cepetan, nengko mundhak ilang.
Pengawal : Inggih pangeran.

*Pengawal nggoleki asal suara kuwi nang kali nanging ora ono sapa-sapa. Pengawal mung
nemoake selendang. Sabanjure pengawal mbalik nemoni pangeran.
Pengawal : Pangeran, kulo namung nemu niki. Mbok menawi niki selendange tiyang
wedhok wau.
Pangeran : Iyo, iki mesti selendang wong sing nembang mau. Iki kudu dibalekna.
Pengawal : Kados pundi menawi kito madosi tiyang wedhok wau pangeran.
Pangeran : Iyo, ayo digoleki

* Nalika Bawang Putih nglewati hutan, Bawang Putih ketemu peri.


Peri : Cah ayu, nangapa tho kok murung. Peri bisa ndelo neng pasuryanmu, nek
kowe kepengin nemokake kebungahan, kowe kudu sabar, mbaliko neng
ujung kali neng hutan iki ....
Bawang Putih : Tenanan peri?
Peri : Ngandelo, kowe bakalan nemu kebungahan (peri langsung lunga
ninggalake Bawang Putih).
Bawang Putih : Peri .... (langsung bali neng umah).
* Tekan umah Bawang Putih mbalekna klambi marang Bawang Abang lan ibu tiri.
Bawang Abang : Ihhh .... selendangku ndi? Bawang Putih selendanku ndi? kowe nyolong
ya?
Ibu Tiri : Bawang Putih ndi selendange? kowe iki ngumbaih apa nyolong? kowe
kirangan gombal ya, ngantek kudu nyolong. Pokoke Ibu ora kepengin
ngerti, kowe kudu mbalekna selendang iku!
Bawang Putih : Anu bu, selendangipun kendang kegawa banyu.
Ibu Tiri : Alesan, wis ra usah pasang pasuryan kaya kuwi. Ibu jeleh werueh. Pokoke
ibu geleme selendang iku mbalek.
Bawang Abang : Dasar, bisane ngilangna tok... Kerja ora tau beres.
Ibu Tiri : Wis nganah lunga, dina iki kowe ora ulih jatah maem lan umbe.

* Bawang Putih neng kamar lan nangis ngantek klalen turu

* Nang ngimpi bawang Putih ketemu ibune


Ibu Kandung : Bawang Putih kowe nangapa? kok nangis?
Bawang Putih : Mboten napa-napa bu... (karo ngusap banyu mripate).
Ibu Kandung : Aja sedih anakku, sesuk kowe arep ulih kebungahan.
* Ujug-ujug Bawang Putih tangi kes turune karo ngomong
Bawang Putih : Neng ndi kebungahan iku bu?

* Dina sesuke
Ibu Tiri : Putih ....
Bawang Putih : Napa bu .... (njekel sapu)
Ibu Tiri : Wis beres-beres umah rung? Diresiki!
Bawang Putih : Niki sek nyapu bu.
Ibu Tiri : Ya wis, sing resik, terus ngko kari nggoleki selendang sing ilang! Cepetan.
ora usah lelet, kaya keong bae.
Bawang Putih : Nggih bu ....

* Sawise resik-resik, Bawang Putih neng kali nggoleki selendang sing ilang.
Pangeran : Napa iki selendangmu? (ngecungna selendange)
Bawang Putih : Nggih, niki selendang kulo ingkang ical.
Pengawal : Kowe ojo ngaku-ngaku. Tenanan ra iki selendangmu.
Baeang Putih : Nggih saestu, niki selendang kulo.
Pangeran : (Lagu) akhirnya ku menemukanmu, saat hati ini mulai merapuh~NaFF
Sapa asmamu cah ayu?
Bawang Putih : Kulo Bawang Putih. Panjenengan sinten nggeh?
Pangeran : Kulo pangeran
Pengawal : Lan aku pengawale pangeran
Bawang putih : Oh, ngapunten pangeran. Kulo mboten ngertos.
Pangeran : Ora popo. Bawang Putih? Tenanan sampeyan iki Bawang Putih.
Bawang Putih : Tenanan ...
Pangeran : Bawang putih, gelem ra dadi garwaku,, aku bakalan mbeto kowe marang
istanaku.
Bawang Putih : Nggeh Pangeran kula purun.
Pangeran : ( Lagu) Kutuliskan kenangan tentang caraku menemukan dirimu, tentang
apa yg membuatku mudah berikan hatiku padamu~~ Surat Cinta Untuk
Starla, Virgoun

Akhire Bawang Putih nemuake kebungahan. Sak banjure Pangeran lan Bawang Putih urip
kalanggengan bungah neng istana.

Pelajaran ingkang saged dipundhut saking carios wonten inggil inggih meniko : Dados tiyang
ingkang becik lan sabar. Tiyang ingkang becik lan sabar bakal keparingan kebungahan. Tiyang
ingkang ala bakal keparingan balesan ingkang setimpal.

Cekap semanten drama saking kelompok sekawan. Matur sembah nuwun, kirang langkunge
nyuwun pangapunten. Wassalamuálaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Anda mungkin juga menyukai