Anda di halaman 1dari 5

AKMJ

(ANAKE KEGODA MARING JANDA)

Narrator: Assalamualaikum….sugeng wengi lhurr, mamas- mamas, mba-mba DA, kakang-kakang Pembina
(kalau ada pak jumala, pak jumala juga disapa). Aku nang kene dadi narrator slurr…. Dirungokna ya lhurr,
nek lucu ngguyu, nek ora lucu tetep ngguyu bae.

Nang suatu dina, nang desa mblesek kecamatan ketilep, ana wong wadon uayuunepool, teka ning
ngomahe Pak RT, kira kira ana apa yaa, wis wis pada penasaran kan..daripada penasaran langsung ndeleng
bae yuh….

1.RUMAH PAK RT

Janda: (mengetok pintu) assalamualaikum, sugeng enjing pak..

Pak RT: waalaikumsalam, eh nggih nggih nggih.

Janda: jenenge nyong Julaehah Nyong pindahan anyar pak. Nyong meng ngeneh arep ngewehna surat
pindahan.

Pak RT : ooo iya iya iya ngomong ngomong pindahan kang ngendi mba

Janda : ooo nyong pindahan kang habitat sebelah pak,nggeh uwis disit ya pak gole ngobrol anu nyong
sibuk nggotongi lemari hehehe… arep resik-resik kontrakan pak.

Pak RT: ujarku mampir disit mba, mumpung lagi sante kiye.

Janda: langsung mawon pak, kapan-kapan bae. ( bagong teka) umpetan karo nguping).

Pak RT: eh sit sit mba arep takon kiye, bojone nang ndi?

Janda: lah pak RT (karo mesem) langsung mawon lah pak RT.Assalamualaikum

Pak RT: waalaikumsalam (janda lungo) aduh janda kembang apa ya bojone langka.

Ibu RT: sapa si kae pak?

Pak RT: anu kae wong pindahan mak, menurute mamake ayu apa ora kayane be anu janda kembang
kayane,nek bapak nambah olih ora mak? Kan sunnahe 4. Kiya nembe 1(cengengesan)

Ibu RT: ya orapapa pak, tapi siraeh njenengan tetek ngeneh (nganggo soled).

Pak RT: yaya mak ora mak ora just kidding.

Bagong: oh.. janda, lumayan geh nggo sawangan.(mbatin)

2.DI RUMAH

Gara gara bagong ndeleng Pak RT ngomong kaya kue mau, uteke Bagong dadi encer.Bagong langsung
mlayu gitir bali ngumah

Bagong: bapake…bapake sayang….,semaur yaaa… bringsung bae, kopi gari ampas be dicekeli.

Bapak Bagong: hush bocah koh ya.. lho bagong. Ngapa si bali? Sekolah mbok.
Bagong: siki dina minggu pak. Kepriwe si rika ujarku tanggalan pating tememplek kaya bakul tanggalan
koh ya(ngegas).

Bapak bagong: lah uwis meneng bae inget pasal 1 2 3. Pasal 1…

Bagong : bapak ora tau salah pasal 2 nek bapak salah kembali meng pasal 1 pasal 3 uwis manut bae dadi
bocah wis lah wis kieh mau ya pak, nyong kue ketemu wadon ayu pisan, sumpah pak sumpah.

Bapak bagong: hah bocah koh wes mikirna kaya kue, Astaghfirullah, ning ndi sih?

Bagong: arep ngerti apa ora pak? Tapi satus sewu sit. Pamit ya pak..

Ibune Bagong: (jewer bapake) eling pak, rika kui wes ndue bojo karo anak. Kandah wadon bae.

Bapak Bagong: iya mamake rika paling ayu lah pokoke. Tapi lombo. Ora ding ora.

Ibune Bagong: jand…. Ndue bojo koh kaya kie temen.

3.ARISAN

Kaya biasane ibu-ibu pada arisan sing dadi wadah ibu-ibu nggibahi wong.Kepriwe kelanjutan ceritane
langsung bae dewek deleng bareng-bareng.

Ibu A: jeng arisane wis rampung, ayuhh dimedangi kieh keselek adem.

Ibu RT: oiyaa jeng, wis pada ngerti durung?

Ibu- ibu: apa bu, apa bu?

Ibu RT: apa hayooo.

Ibu- ibu: gagean kok, garep nggosok klambi kie.

Ibu RT: geh ana janda anyar,anu pindahan janda kembang maning.

Ibu- ibu: hah?

Ibu RT: kae wingi laporan ming bojone nyong kandah karo nyonng jare pindahan ngontrak neng kene.

Ibune Bagong: iya bener kue wingi bojone nyong be kandah karo anake nyong.

Ibu- ibu: ati ati kue jeng mbok bojo-bojone sampeyan pada kepincut.

Ibu- ibu: wis wis wis sore nyong wis dienteni bojone.

4.POS RONDA

Warga 1: udud kang, ngopi kang.

Warga 2 iya kie lah.

Warga 3: ngapa sig kie ndina ndina ronda, nungguni apa jane? nunggoni maling? nungguni janda sih
mending.

Bagong: Ronda lhur, ngapurane telat.


Warga-warga : deneng lewat gang kana anu arep ngapeli janda ya gong?

Bagong : yaiya, ora ding ora, ora salah maning. Menurut pasal 30 ayat 1&2 UUD 1945 yang menyatakan
bahwa tiap-tiap warga negara berhak dan wajib ikut serta dalam usaha pertahanan dan keamanan negara,
ya kudu melindungi desa kie ben desane aman damai sejahtera dan makmur.

Warga-warga : iyaiyaiya….

5.TUKU SAYUR

Ibu 1: mas, iki kangkunge pira?

Kang sayur: 5000an bu..

Ibu 1: deneng larang temen.

Ibu 2: lah kie bawange pira seprapat kang?

Kang sayur: 8000an bu..

Ibu 2: larang temen, dodol ning desa be dilarang larangna.

Kang sayur: nek missal ora ndue duit ora usah tuku takon-takon bae tuku ora.

Ibu 3: la kie ana kecombrang ora kang?

Kang sayur: ora nana bu.

Ibu 3: la priwe niat dodol apa ora, apa-apa ora ana.

Ibu 1&2: pancen kue hahahah.

Janda: punten kang wonten terong nopo mboten? (baru datang)

Kang sayur: priwe yuu priwe? nggolet apa miki? (sambal bersemangat menjawab)

Ibu 1,2,3 (menatap dengan sinis+ ngedumel)

Janda: nyong golet terong kang.

Kang sayur: kie keh akeh, deleng bae.

Janda: (sambal memegang terong) alah-alah teronge maen temen karo gede-gede temen, terong apa kie?

Kang sayur: kie jenenge terong dewa rengku: gede dawa ireng kaku.

Janda: teronge mbok kang (sambal tertawa)

Kang sayur: ya teronge…apamaning (ketawa)

Janda (mbayar)

Ibu 1: kae apa jandane?

Ibu 2: dadi ngerti.


Ibu 3 : ya pancen mandan ayu si

Ibu 1&2 : halah maning kie bu kasim

6.ADEGAN DI JALAN

Janda: hawane adem yak ang?

Bojone: iya zheyenng (nganggo helm)

Ibu 1: kae, kae jandane dolan karo lanang anyar.

Ibu 2: kae deleng kae mbok anake karo bojone dewek diembat.

Ibu 3: labrak bae yuh labrak.

(adegan labrak)

Ibu 1: heh janda kembang!

Ibu 2: aja sembarangan ko, karo lanangan anyar!

Janda: HAH JANDA

(adegan rebungan)

Bapak 1: ana apa kie ana apa?

Bapak 2: rame rame kaya wong ngadu ayam..

Bapak 3: masa dipadakna karo ayam.

Ibu 1: kie kie janda sing gawe heboh.

Pak RT: uwis wis tenang, digawe santuy lurr.

Siki kae bae sing jelasna (sambal menunjuk janda).

Janda: kaya kie lur, kula sampun mbojo nggih, niki bojo kulo, niki bukti mbojone karo ktp (suami sambal
membuka helm dan meringis).

Bagong: owalah owalah wes mbojo.

Ibu-ibu & bapak bapak: Bagong bagong…

Bapak bagong: sekolah tulul..

Narrator: ya kaya kue lah lhur, nah makane dewe aja mikir elek elek disit. Punten, suwun, ngapurane,
sugeng ndalu, wassalamualaikum…

PEMERAN

Maya: BU RT Matsnan: KANG SAYUR


Khielda: BU JULID Faza: BAPAK RONDA

Khoerunissa: IBU JULID Zyidan: BAGONG

Nasywa: BU JULID Akbar: SUAMI JANDA

Dinta: JANDA Memet: BAPAK BAGONG

Zulfaa: IBU BAGONG Andika: BAPAK RONDA

Devi: IBU JULID Buloh: BAPAK RONDA

Shofha: BU JULID

Yea: NARATOR

Ahista: IBU JULID

Anda mungkin juga menyukai