Anda di halaman 1dari 7

Nama Anggota: 1.

Andra Firmansyah (03)


2.
3.
4.
5.
6.
7.
8.
9.
10.
11.
Kelas: IX-C
Peran: 1. Louis = Sutradara
2. Amel = Bu Sumringah
3. Nita = Siti
4. Yunita = Ayu
5. Fais = Pak Sukur
6. Adi = Tejo
7. Sahril = Kokoh
8. Nurul = Bu Merry
9. Safa = Agness
10. Indah = Angel
11. Andra = Rudy

KUNO VS MODEREN
Paraga: 1) Bu Sumringah, 2) Siti, 3) Ayu, 4) Pak Sukur, 5) Tejo, 6) Kokoh, 7) Bu Merry, 8) Agness, 9)
Angel, 10) Rudy.

Antawacana:
(Pagi- pagi Pak Sukur lan sekeluarga lagi sarapan bareng)
Bu Sumringah: Ayo pada sarapan! Mboke masak sambel godog, mie bakar, lan jangan bawang.
Siti: Walah Bu, enak tenan...
Bu Sumringah: Yo iyolah sopo sek sing masak...
Ayu: Omah ngarep omah awak dewe kae wes enek sengngenggoni, tho Bu?
Bu Sumringah: Iyo, wong bule. Jare anake ameh sekolah neng sekolah an podo kowe Sit.
Pak Sukur: Yoh ndang cepet! Selak telat sekolahe.
Siti: Oke, sip! Mbok, Pak, Mbak. Aku pamit sekolah yo, Assalamualaikum...
Bu Sumringah lan sekeluargane: Ya, Wa’alaikumsalam.

(Siti lan konco-koncone wes janjian neng ngarep gang kanggo budal bareng. Lan sekawan mau
budal sekolah bareng)
Siti: Cah kowe pada ngerti ra, omah kosong neng ngarepku kae wes enek seng ngenggoni lho?...
Tejo: Tenane, sopo?
Siti: Nek jenenge aku ra ngerti, pokoke wong bule.
Kokoh: Trus piye neh Ti critane?...
Siti: Yo ngono tonggok u kan wong bule nek ngomong ilate bundet-bundet ngono, nganggo boso
londo campur jowo ngono, trus ya jare mboku jarene anake kuwi ameh sekolah neng sekolahe awak
dewe iki, SMP Bechik Ketoro Kethitik.
Tejo lan Kokoh: Mosok leh Sit?...
Siti: Tenanan yo iki. Wes-wes ceritane sambung mengko muleh sekolah, lagi sadar aku nek wes tekan
sekolah.
(Sebanjure 4 sekawan mau banjur mlebu kelas)

(Suasana sawise bel, amargo Bu Merry ugung rawuh kelas wes ramene koyo pasar)
Bu Merry: Halo, Assalamualaikum, sugeng enjang... (karo nggowo Angel lan Agness sang murid
anyar)
Kabeh murid: Hai, Wa’alaikumsalam, sugeng enjang bu.
Kokoh: Wong bule kuwi po tonggomu?
Siti: Ho’o...
Bu Merry: Tejo, kowe pimpim doa yo.
Tejo: Nggeh bu, konco-konco kita sareng sareng ndedongo, ndedungo kawiwitan.... ndedungo
paripurno.
Bu Merry: Oh iyoa anak-anak, kelas iki ketambahan konco anyar sekaligus murid anyar. Monggo
Angel lan Agness...
Angel: Hi friend, nami kulo Angel.
Agness: And my name is Agness.
(Kabeh anak-anak ndlongop lan Kokoh mbenekne rambut lan sok cool)
Bu Merry: Angel lan Agness tulisne jenengmu neng papan tulis, koyoke koncomu isih bingung.
(Angel lan Agness mau nulis jenenge neng papan tulis)

Bu Merry: Wes kenalane di sambung sesuk maneh, selak entek jam ku iki. Anak-anak bu guru ingin
nyuwun pirsa karo anak-anak kaneh, opo cita-cita ne anak-anak nek suk mben gede. Dimulai soko
Tejo?
Tejo: Cita-citak kulo dadi polisi.
Bu Merry: Neek kowe siti, cita-citamu opo?
Siti: Kulo ingin dadi dokter cinta bu.
Bu Merry: Ibu guru gak ngerti, dokter cinta opo?
Kabeh murid: Ho’oo Sit, dokter cinta opo?
Siti: Gak ngerti kabeh?. Di nggo PR.
Bu Merry: ....... Nek kowe Koh, cita-citamu opo?
Kokoh: Cita-cita kulo sangat sederhana bu.
Bu Merry: Opo kuwi koh?
Kokoh: Dadi anak sholehah lan melbu surga bu.
Bu Merry: Ciri-ciri anak sholehah, tepuk tangan kanggo Kokoh.
(Kabeh murid tepuk tangan...)
Bu Merry: Nek kowe Angel lan Agness?
Angel lan Agness: Artis bu.
Bu Merry: Cita-cita seng berkelas ngene ki lho, dadi artis.
(Bel istirahat....)
Bu Merry: Yo wis, wektune istirahat.
(Pas jam istirahat, kabeh murid pada saling kenalan karo Angel lan Agness)

Siti: Konco-konco wetengku wes kencot ki, ayo mangan neng kantin...
Agness: Kencot wi opo?
Siti: Hehhh. Luwe...luwe!
Agness: Ohhh luwe...
Kokoh: Oh iyo piye engko nek mangane menu special kantin iki?
Angel: Panganan opo?
Kokoh: Sate cicak.
Angel: Haa! Cicak dadi sate? Tenane?
Tejo: Angel we ojo meremehkan sate cicak manfaate iso nambahno asam urat, nambahno kolestrol,
lan nambahno kebodohan.
Agness: Wes apik tenan ki. Pengen ngrasakno aku, soale rung tahu kolestrolku dhuwur, asam urat ku
dhuwur.
Angel: Ho’o ayo di pangan, aku yo pengen ngrasake dadi wong bodo.
(Kabeh sekawan mau mangan sate cicak. Sabanjure metu teko kantin langsung mlebu kelas)

Bu Merry: Selamat siang anak-anak.


Kabeh murid: Siang bu!
Bu Merry: Saiki pelajarane Bahasa Jawa, anak-anak kabeh nggawe geguritan (puisi jawa) temane
bebas, tak kei wektu 30 menit kudu dadi.
Kabeh murid: Nggeh bu.

(Neng lain kehidupan ono keluarga sumringah seng lagi kerokan)


Ayu: Ya Allah, tahun 2022 jek wae kerokan. masyaAllah mboke jaman saiki wi gak enek kerokan keles,
eneke pijet, adus banyu susu, manicure, ngunu kuwi. Mboke wi ndeso.
Bu Sumringah: Wiki ojo ngunu kuwi, kerokan ki warisan leluhur, warisan mbah buyutmu, lagian
kerokan gak usah ngetoke duwit akeh wong perlu perlu duwit cring karo balsem.
Pak Sukur: Oo iyo nduk, opo mau adus banyu susu, banyu susu nggo ados ngono. Pora yo pliket
kabeh awake tidak merek semut kabeh wi awake.
Ayu: Ah... mumet ngomong karo wong seng ndeso bingit, yo wes lah bu, pak. Aku meh kerokan
mumet ngomong karo ibu karo bapak.
Bu Sumringah: Lha kuwi kowe yo meh kerokan ndadak ngomong nek kerokan ndeso.
Ayu: Mosok aku ngomong ngunu kuwi.
Pak Sukur: Whoo... lha bocah iki sentoloyo, ngomong opo e lali.
Bu Sumringah: Wes-wes, mending awak dewe kerokan bareng-bareng, bapak ngeroki ibu, ibu ngeroki
Ayu, Ayu ngeroki bapak.
(Akhire kabeh podo saling ngeroki lan dikeroki)

Ayu: Aku njaluk duwit, bedakku lipstikku, entek kabeh. Pokoke aku njaluk duwit, soale mas Rudy ngko
bengi meh ngajak aku nonton layar tancep.
Bu Sumringah: Ibu gak nduwe duwit, la duwit ndek esok kae nandi? Wes entek?
Ayu: Alah ibu iki kakehen ngomong, duwit ndek esok wes entek tak nggo nyaur utang tuku somay.
Ayu njalok duwit yo njalok duwit kok, nek ra di kei motore bapak tak guwak neng kali.
Pak Sukur: Ojo nduk motore bapak ugung lunas, nyoh... (ngewenei duwit nggo Ayu)
Ayu: Sip.. suwun pak!
(Akhire wes bengi, Ayu wes siap nonton layar tancep bareng Rudy)

Ayu: Pak, bu. Ayu meh metu sek nonton layar tancep yha, Assalamualaikum...
Bu Sumringah lan Pak Sukur: Wa’alaikumsalam, ati-ati yya nduk.
(Akhire Rudy lan Ayu sampek neng panggon nonton layar tancep)
Ayu: Mas Rudy, iki ameh nonton opo?
Rudy: Piye nek nonton “Masha and the Bear”?
Ayu: Setuju.
(Rudy lan Ayu langsung nonton film “Masha and the Bear”, sabanjure bar nonton film...)
Rudy: Ayu aku meh ngomong karo kowe.
Ayu: Ya Allah, Mas Rudy nek ameh ngomong yo ndang ngomong ndadak ijin sek, koyok meh ra mlebu
sekolah wae ndadak ijin.
Rudy: Yu aku ki serius.
Ayu: Iyo mas Rudy aku yo serius.
Rudy: Sebenere aku... aku... aku...
Ayu: Aku ngene mas Rudy?
Rudy: Sakjane aku tibop cinta karo kowe, kowe gelem ra dadi pacarku?
Ayu: Aku gelem mas.
Rudy: Tenane Yu?
Ayu: Ciyyuss mas, tenan!
Rudy: Alhamdulillah Ya Allah.
Ayu: Mas Rudy kan awak dewe wes pacaran,celukan mesra awak dewe opo?
Rudy: Opo ya... piye nek aku nyelok kowe juliet.
Ayu: Berati nek aku nyelok kowe romeo ya.
Rudy: Amarga kowe wes nerimo cintaku, aku nduwe hadiah kanggo kowe.
Ayu: Opo mas?
Rudy: Ali-ali!
Ayu: Matur nuwun yo mas... Dadi isin aku. Iki wes bengi aku wedi nek digoleki ibu karo bapak, muleh
yuh mas.
(Rudy lan Ayu muleh karo masang wajah bahagia.... Esuk pun dateng)

Ayu: Aku ndek bengi di tembak mas Rudy lho...


Bu Sumringah: MasyaAllah keterlaluan kae Rudy.
Ayu: Kok iso keterlaluan?
Pak Sukur: Ngendine seng ketembak nduk?
Ayu: Hatiku pak.
Pak sukur: Wol ha, cah kae sentoloyo anakku atine di tembak, neng rumah sakit wae yon duk, loro po
gak?
Siti: Bapak, ibu, maksudte di tembak kuwi koyok nyatake cinta ngono lho, ngajak pacaran, dudu di
tembak nganggo pistol emange mbak Ayu meh di eksekusi mati.
Ayu: Lha bener kuwi sing di omongke Siti.
Siti: Ati-ati lho mbak,mas Rudy kae play boy.
Ayu: Cah cilik, sok tau kowe ki gung ngerti opo-opo, wes ra sah komentar.
Siti: Yowes lah.. Pak, bu, Siti badhe mangkat sekolah sek ya.
Bu Sumringah lan Pak Sukur: Iyo.

(Esuk iki koyo biasane Siti, Tejo, Kokoh, karo 2 bule budal sekolah)
Bu Merry: Selamat pagi anak-anak!
Kabeh murid: Selamat pagi Bu guru.
Bu Merry: Dino iki bu guru seneng banget lho.
Kabeh murid: owhhhh...
Bu Merry: Ibu seneng amarga, desa Bechik Ketoro Kethitik ameh ulang tahun ke 2023, dadi anak-
anak engko kudu tampil neng acara iku. Awak dewe ameh nampilke budaya jawa kita dewe, yaiku sek
dewe nari, nembang, wayang lan main gamelan. Tak pilih sek... Siti karo Angel kowe cah loro nari
tradisional jawa, cah lanang kabeh main gamelan, kecuali Tejo kowe ndalang, lan Kokoh kowe nyanyi
lagu resepsi.
Kokoh: Kok nyanyi lagu resepsi, iki acara ulang tahun opo kawinan.
Angel: Kula mboten saget nari.
Agness: Aku yo mboten saget mainke gamelan.
Bu Merry: Aku ndek mau po ngomong lagu resepsi, maksudku lagu suwe ora jamu. Wes kabeh rasah
protes engko tak ajari.
(Sabanjure iku Bu Merry ngajari anak-anak siji per siji)

Bu Merry: Wes wektune muleh, ojo lali latihan neng omah lho, soale pentase lusa.
Kabeh murid: Nggeh bu.
(Kabeh podo mbicarake acara latihan engko)
Tejo: Piye nek engko latihane neng omahe Siti wae.
Kabeh: Setuju.

(Kabeh podo muleh neng omahe dewe-dewe, terus budal neng omae Siti)
Konco-koncone Siti: Assalamualaikum...
Pak Sukur: Enek tamu bu?
Bu Sumringah: Iyo, tak bukak seh yo pak.... Waalaikumsalam, iki kabeh rene opo nggoleki Siti?
Tejo: Nggeh bu, Siti enten?
Bu Sumringah: Enek, tak celuk sek ya, Sit....
Siti: Nggeh bu.
Bu Sumringah: Iki lho digoleki koncomu.
(Akhire kabeh latihan bareng-bareng)

(Di lain panggon ono suatu kedadean tragis)


Rudy: Assalamualaikum.
Ayu: Waalaikumsalam, eh romeo ono opo?
Rudy: Ngene aku meh ngajak jalan-jalan.
Ayu: yo, tak siap-siap sek ya...
(Cling-cling...)
Ayu: Ayuk mas Rudy.
Rudy: Ayuk!
(Rudy lan Ayu goncengan numpak becak neng taman)
Rudy: Ayu, taman iki indah banget ya, sejuk, koyok perasaanku nek lagi ketemu kowe.
Ayu: Ahh... mas Rudy gombal.
Rudy: Tapi koyoke iki terakhir kali aku delok raimu.
Ayu: Mas Rudy iki ngomong opo tho, koyok sesuk meh mati wae.
Rudy: Maaf ya yu, koyoke hubungan awak dewe gak iso dilanjutke, soale aku ameh di jodohke karo
ibuku.
Ayu: Mas Rudy gak guyon?... Mas Rudy jahat, jare ndek ingi ngomong cinta karo aku. Tapi awak dewe
lagi pacaran sedino, mas Rudy meh ngajak putus, aku iki kurang opo tho mas... mesti karo wong seng
di jodohke ibumu jek ayu aku banget.
Rudy: Iyo, masalahe aku ra nuruti permintaan ibuku, ibuku ameh bunuh diri.
Ayu: Ngantek ngunu kuwi.
Rudy: Yowes ya Yu, Selamat tinggal.
Ayu: Mas Rudyy....
(Akhire Ayu muleh karo perasaan sedih lan nyanyi...)

Ayu: “Cinta satu hari oh indahnya cinta satu hari buatku melayang walau satu hari akhir slalu ku
kenang dalam hidupku...”( dibaleni terus sampe neng omah)
Bu Sumringah: Wiki kenopo nduk nanyi karo nangis koyo wong stress.
Ayu: Ibu, bapak, Ayu nyuwun ngapura ya pak, nu.
Pak Sukur: Sak durunge kowe nyuwun ngapura karo bapak karo ibu. Wis awak dewe maafke, iyo tho
bu?
Bu Sumringah: Iyo bener pak, lha wiki iki kenopo tho?
Pak Sukur: Opo bar kesambet wit beringin?
Ayu: Sekata-kata wae bapak iki, Ayu bar diputuske karo mas Rudy pak, huhuhu.... (nangis)
Bu Sumringah: Lha kok iso?
Pak Sukur: Kowe wae lagek jadian mosok wes putus?
Ayu: Iyo pak, tenan soale mas Rudy ameh dijodohke karo mboke.
Bu Sumringah: Yo seng sabar ya nduk, wes ndang ados kono ngko tak jak neng kali.
Ayu: Neng kali ngopo bu?
Bu Sumringah: Umbah-umbah.
Ayu: Oalah...
Ibu: Haa mbok kiro opo?
Ayu: Yowes...

(Kukuruyukkk, esuk-esuk, Siti lan konco-koncone podo gladi resik kanggo pentas sesok esuke)
Kokoh: Aku gak sabar ameh sesok.
Tejo: Pokoke awak dewe selaku anak Indonesia wajib nglestarike budaya Indonesia, ojo sampe
budaya seng beragam iki di rampas karo bangsa lain, setuju?!
Kabeh: Setuju!

(Akhire dino ulang tahun desa Bechik Ketoro olo Kethitik dateng)
Bu Merry: Assalamualaikum.
Kabeh: Waalaikumsalam.
Bu Merry: Acara dimulai saking pembukaan, nyanyi sugeng ambal waras, pentas anak-anak ngangge
tema budaya, lan diakhiri doa. Mari nyanyi lagu sugeng ambal waras. “Sugeng ambal waras kita
ucapken, sugeng dowo umur kito doaken, sugeng sejahtera waras sentosa, sugeng amba waras lan
seneng ...” Lan saiki wektune kito mirsani anak-anak kang podo pentas, diawali saking nari oleh Siti
putri bapak Sukur lan Angel putri bapak Venus.
Bu Sumringah: Pak kae Siti pak anake awak dewe pentas.
Pak Sukur: Iyo bu, bapak bangga banget.
Bu Sumringah: Semoga budaya iki terus enek nganti cucu-cucu awak dewe engko ya pak.
Pak Sukur: Aminn...
(Pementasane Siti lan Angel berakhir)
Bu Merry: Penampilan tari sampun paripurna, saiki penampilan kang terakhir yaiku lagu saking Kokoh
di iringi gamelan saking Tejo lan konco-koncone.
(Pementasane Kokoh lan konco-koncone berakhir)
Bu Merry: Pentas dino iki selesai lan di akhiri karo doa, seng dipimpin oleh bapak Sukur.
Pak Sukur: Hadirin sedoyo, mari kita panjatkan doa ke Allah SWT berkatnya desa kito panjang umur
nganti umur 2023, semoga desa kito selalu ngekeki ketentraman kangge kito sedoyo, nganti anak
cucu kito mengke. Amin- amin ya robal’ alamin...
(Akhire pentas selesai lan drama kami selesai)

Anda mungkin juga menyukai