Anda di halaman 1dari 10

Tugas Kelompok Bahasa Cirebon

“Drama Bahasa Cirebon”

Nama Anggota :
 Alifia Tasya Rizkiani (03)
 Farhan Primanata (15)
 Faydita Laila Qodrish (16)
 Riyan Dwi Julianto (40)

Kelas : 9C

SMPN 2 CIREBON
“Sederekan”
Adegan 1
Suasana rame sesampune ngedamel soal kang kari dinten niki.
UAS sampun pragat. Lare-lare seneng saged ngerjanang soale
angsal sae. Ta,mpi kecuali Rais sareng rencang-rencange.
Kabehane seneng sesampune lepas teng buku sing nyibukaken
kiyambeke akhir pekan seniki. Sesampune bel muni kiyambek
kesusu melajeng teng kelas.
Selma : Sae’e kepripun sesampune selese tugas-tugas akhir
sekolah niki?
Nurul : Kula sareng rencang-rencang perean mawon nggih?
Pripun sareng serencang sejene?
Erina : Bade perean teng pundi, rul? Kula milet mawon.
Nurul : Kepripun, sampeyan boten bosen teng griya mawon?
Selma : Kepripun upami rencang-rencang kesah teng dusun
mawon?
Ifa : Nah! Niku ide sing sae! Kula setuju liburan teng dusun
Intan : Setuju!
Una : Sae pisan! Tapi sampeyan milet kan, is?
Rais : Nggih kula milet. Sampeyan milet boten, gar?
Enggar : Milet laah..
Sesampune sepakat, rencang-rencang wangsul teng griyae
masing-masing.

Adegan 2
Dinten niki penerimaan rapot munggahan kelas. Sekabeh murid
nonggoni hasil rapot. Sesampune pragat lare-lare kumpul teng
griyae Enggar.
Intan : Kok Rais boten dugi-dugi ya? Sampun lami nonggonane
Ifa : Iya,.. teng pundi ya si Rais? Coba di telepon
Selma : (nelpon Rais) Duuuh boten aktif
Una : Wonten napa sareng Rais ya?
Nurul : Kepripun upami kula teng griyae mawon?
Enggar : Eh, niki kula angsal sms saking Rais
Ifa : Mriki kula kang bacaken (ngrebut hp Enggar)
“Maaf rencang-rencang kula boten saged dugi teng griyae
Enggar”
Una : Pripun sih Rais?
Nurul : Mengkin wonten napa-napa sareng Rais? Kita dugi
mawon teng griyae mawon yu..
Adegan 3
Lare-lare sampun dugi teng griyae Rais. Dereng sempet
melajeng, Rais sampun kedah teng teras griyae sareng murung.
Enggar : Lah, sampeyan punapa, is?
Rais : Boten napa-napa (senyum terpaksa)
Selma : Rais, upami wonten masalah dongen sareng kita-kita,
wonten punapa?
Rais : Kula boten lulus mata pelajaran Biology, kula mboten
saged ngerjai soal-soale, sampeyan saget bantu mboten?
(nunjukaken kesedihan)
Ifa : Kita-kita pasti bantu, is. Mengkin kita saged belajar
bareng-bareng
Intan : Nggih, is. Mengkin mawon nggih, boten saniki, saniki
sampun sonten
Enggar : Sampeyan aja ngomong mboten saged, pasti
saged, is! (sembari nepuk pundak rais)
Una : Sampun, aja sedih malih ya, is..
Adegan 4
Sekiki maninge, sampun mlebet dinten kesetunggal perean.
Lare-lare bantu Rais belajar Biology teng griyae Rais.
Rais : (Cengar-cengir)
Selma : Wonten napa, is? Cengar-cengir kiyambek mengkoten?
(sambil gemuyu)
Rais : Boten napa-napa, kula seneng gadah rencang kaya kalian
Nurul : Kula sampun nganggep Rais kaya sederek kula mawon,
is..
Ifa : Kita sampun lami sederekan, jadi susah seneng bareng-
bareng
Intan : Nah.. leres tuh, fa..
Selma : Sederekan ge perlu pengorbanan
Nurul : Boten cinta mawon sing butuh pengorbanan, nggih Sel
(sambil gemuyu)
Una : Hei... sampeyan-sampeyan siweg punapa? Sing mau
ngobrol mawon. Deleng tuh si Enggar ngedamel soale
kiyambekan.
Enggar : Kula mah tiyang paling rajin (senyum
ngebanggaaken diri)
Una : huuuuu.. kula ge rajin
Intan : Sampun.. sampun.. ayo kita muali maning belajare!
Mengkin kedaluan
Ifa : Nggih, teras kula saged bantu napa, is?
Rais : Kula gadah buku soal-soal Biology, kalian mengkin bantu
kula ngedamel soal-soale
Ifa : Iyaa.. pasti, Is
Enggar : Ya sampun, ayo kita damel bareng-bareng
Suasanae hening ning tempat kiyambeke, kabehane siweg
serius ngedamel soal-soal biology, jam sampun nunjuken pukul
13.00 WIB, sampun cekap nganggo mereka belajar bareng.
Adegan 5
Dinten Senen Rais kesah teng sekolah kanggo ngedamel tugas
remedial biology teng Bu guru. Rencang-rencang sejene
nonggoni Rais teng griyae Enggar.
Sesampune pragat ngedamel tugas biology, Rais kesah teng
griyae Enggar
Rais : Rencang-rencaang...... kula berhasil (sambil loncat-
loncat seneng)
Erina : Alhamdulillah, syukurlah, Is!
Selma : Selamat ya, Is!
Enggar : Leres boten, upami Rais saged usaha pasti
berhasil!
Rais : Nggih.. kesuwun ya
Enggar : Iya sami-sami, Is, kita milet seneng..
Selma : Eh, kepripun upami kita ngerayaaken mawon sareng
liburan teng dusun?
Nurul : Yeeeeee.... pasti seru pisan ya upami kita saged liburan
teng dusun bebarengan..
Rais : Nggih.. angsal kula setuju mawon
Enggar : Keprupun upami kita kesah teng pegunungan
mawon?
Una : Ide bagus, nggar!
Nurul : Emangnya kita bade punapa teng pegunungan? Mending
kita teng Waterboom..
Intan : Nggih.. kula lebih seneng dolanan banyu teng niku
Ifa : Teng waterboom krihin teran mengkin kita jalan-jalan
teng dusun
Selma : Leres, Fa. Asiiik... dados kita saged teng dusun kih?
Nurul : Ya nggih lah... emangnya sampeyan bade teng pundi,
Sel? (nanya menyelidik)
Selma : Ya nggih, kula milet kalian liburan, emang bade teng
pundi? (njawab polos)
Nurul : Nggih..nggih...nggih... (sambil gemuyu)
Erina : Sampun, dados kapan kesahe?
Ifa : Mengkin enjing, kepripun rencang-rencang?
Intan : Waah.. lamun mengkin enjing, kula mboten saged, Fa.
Kula bade kesah sareng mimi. Dinten Rabo mawon kepripun?
Selma & Nurul : Saged!
Erina : Dinten Rabo? Saged mawon..
Rais : Kula mawon saged dinten Rabo, kepripun Fa? Saged
mboten?
Ifa : Nggih, saged.. kapanpun kula mah saged. Sampeyan-
sampeyan saged kan? (nanya teng Enggar sareng Una)
Enggar : Saged, saged..
Una : Nggih saged.
Rais : Nggih sampun, kula bade wangsul seniki
Nurul : Oke upami mekoten, kita wangsul krihin ya nggar
Ifa : Iya nggar, sampun sonten
Enggar : Hati-hati teng jalane, aja klalen dugi malih
mengkin dinten Rebo ya..
Selma : Nggih, kesuwun ya, sampe ketemu malih
Enggar : Nggih sami-sami (sambil senyum teng rencang-
rencange)
Adegan 6
Dinten Rabo, sesampune nyiapnang rasukan lan sejene, mereka
siap-siap kanggo kesah teng Waterboom.
Nurul : Ayoo kita rencang-rencang mlebet..
Una : Mengkin tunggu krihin, Rul. Sing sejene masih ning buri.
Rais : Hey.... tonggoaken kula! Barange abot kih..
Ifa : Aduuh, Rais.. Sampeyan mbakta napa mawon? (sembari
gemuyu)
Nurul : Iya, Is! Tase ageng pisan (melu gemuyu)
Selma : Mbakta rasukan selemar, Is? (melu gemuyu)
Enggar : Duuh, sampun.. sampun.. ayo mlebet!
Mereka mlebet teng waterboom teras kiyambek ganti rasukan.
Erina : Duh rame pisan ya..
Intan : Leres.. mboten kalah sareng ning kota
Ifa : Padahal tempat niki masih anyar, dereng tersohor
Rais : Heh.. kalian siweg punama malih? Ayo dolanaan..
Una : Ya sampun, yoo kita dolanan
Selami teng niku mereka gemuyu lan sumringah. Mboten klelen
kiyambeke foto-foto. Kiyambeke sampun lungse teras
ninggalaken dolanane. Teras mampir teng warung dahar,
sampun rampung mereka nerasaken malih pelampahane. Kangge
nikmati pemandangan teng dusun.
Ifa : Duh pegel ya, sedintenan dolanan mawon teng toya lan
sekiyen ngirup udara seger sareng nikmati pemandangan kaya
niki. (sembari menghela napas)
Nurul : Leres, Fa. Kita foto-foto yu?
Selma : Sae..sae.. kita musti abadikan kanggo kenang-kenangan
Erina : Nah, leres tuh..
Enggar : Ya sok, kalian teng riku kula saged motoaken
kalian
Rais : Mileeet.. (Gabung teng sampinge Nurul)
Enggar : Na, Ntan, milet mboten?
Selma : Mriki, ntan.. aja malu-malu
Nurul : Duh si Una, ayo biasanya ge sampeyan narsis upami
difoto
Una : (dengan terpaksa gabung teng golongan Nurul) Kula
pegel, Rul..
Erina : (narik tangan Intan) Ayolah ntaan..
Enggar : 1, 2, 3 (moto rencang-rencange)
Nurul : Sampun? Deleeeng.. (Ngrebut kamera sing tangan
Enggar)
Eh bagus pisaan, malih yu foto-foto teng rika.. (sembari
mlampah)
Ifa, Selma, Erina, Intan milet teng burie Nurul. Rais, Enggar
sareng Una duduk teng bawah pohon sembari mandengi
rencang-rencang perempuannya.
Enggar : Kula mboten klalen dinten niki
Rais : Sami, nggar. Kita beruntung gadah sahabat kaya
mereka
Una : Mereka sae-sae sareng kita
Rais : Leres, Na. Kita mboten salah dadosaken mereka
sederek kita, mereka emang yang paling sae
Nurul, Ifa,, Selma, Erina sareng Intang gabung teng Rais, Una
sareng Enggar.
Ifa : Hayoo ngomongin punapa mau?
Rais : Mboten ngobrol punapa-punapa, nggih kan nggar?
(sembari senyum teng Enggar)
Enggar : Nggih mboten napa-napa
Nurul : Pasti ngomongin kita-kita ya? (sembari gemuyu)
Selma : hayoo...
Una : Sampeyan sampeyan niku ‘geer’ pisan ya
Erina : ‘geer’ niku lebih sae dibanding minder, Na..
Intan : Sampun.. sampun.. mending saniki kita wangsul mawon,
mengkin kedaluan
Una : Leres, Ntan.. yu wangsul..
Mereka wangsul mawon teng griyae masing-masing.

Anda mungkin juga menyukai