Anda di halaman 1dari 4

Anggota Kelompok:

1. Dinda Rosdiana A. T. (11) (Sebagai Dinda dan Ibu Orryza)


2. Novi Dwi F. (23) (Sebagai Novi dan Ibu Dinda)
3. Orryza Putra M. (25) (Sebagai Orryza)
4. Sindy Septianda L. (30) (Sebagai Sindy dan Bu Septi)
5. Titis Novianti W. (33) (Sebagai Titis)

TEKS PENTAS BHS. JAWA


RUJAKAN ING DINA MINGGU
Ing wayah sore, bocah-bocah Karang Taruna pada ngumpul ing omahe Dinda. Bocah-bocah
kuwi mau pada ngomongake rujakan amerga wis jarang ngumpul bareng.
(Ing omahe Dinda)
Orryza : “Heh cah, ayo rujakan!”
Sindy : “Ho’oh, ayo. Awakdewe wis suwe ora ngumpul.”
Bocah-bocah : “Ayo ayo!”
Novi : “Ayo ndang dibagi sapa wae sing bakal nggawa.”
Dinda : “Aku tak tuku gula abang wae.”
Orryza : “Ngono kuwi yo menisan ngulek bumbune yo ora apa-apa kok Din.”
Dinda : “Iyo iyo, ora apa-apa wes. Sapa sing nggawa buahe?”
Orryza : “Aku tak nggawa belimbing. Mengko tak jupukke ing ngarep omah.”
Titis : “Oke, aku tak nggawa timun karo nanas.”
Orryza : “Yowes, sesok minggu yo. Jam 10 nglumpuk ing kene maneh.”
Bocah-bocah : “Oke.”
Sindy : “Yowes. Aku tak mulih disik, yo.”
Dinda : “Oke. Ati-ati, yo.”

(Ing warung)
Dinda : “Tumbas!”
Bu Septi : “Tumbas apa, Nduk?”
Dinda : “Gendhis abrit setunggal kilo pinten nggih, Bu?”
Bu Septi : “Sepuluh ewu, nduk. Tumbas pira?”
Dinda : “Setengah kilo mawon, Bu. Kaleh kacang seprapat.”
Bu Septi : “Arepe rujakan to, Nduk?”
Dinda : “Nggih, Bu, kaleh rencang-rencang Karang Taruna.”
Bu Septi : “Oalah. Totale 16 ewu, Nduk.”
Dinda : “Niki artanipun. Maturnuwun, Bu.”

Sawise saka omahe Dinda, Orryza matur marang ibuke yen butuh belimbing kanggo rujakan.

Orryza : “Assalammualaikum.”
Ibu Orryza : “Waalaikumsalam.”
Orryza : “Bu, blimbingipun napa tasih wonten?”
Ibu Orryza : “Isih enek, Le. Pengen mangan blimbing to?”
Orryza : “Nggih bu, kula kalih rencang-rencang badhe rujakan ing griyanipun Dinda.
Niki kula keduman ngasta blimbing.”
Ibu Orryza : “Oalah, karo sapa wae, Le?”
Orryza : “Rencang-rencang Karang Taruna, Bu.”
Ibu Orryza : “Yowes, ngko tak jupukne blimbinge. Ojo pedes-pedes lho ya. Lek wis
kepedesen ora usah dilanjutke, marai lara weteng.”
Orryza : “Nggih, Bu.”

(Sesuke ing omahe Dinda)


Bocah-bocah : “Assalammualaikum, Din!”
Dinda : “Waalaikumsalam, melbu wae cahh.”
Dinda : “Piye-piye? Wes digowo kabeh bahan-bahane gae rujakan?”
Orryza : “Wes, Din. iki belimbinge. Wes tak onceki barang.”
Titis : “Aku yo wes nggowo timun karo nanas.”
Sindy : “Krupuk e yo wes tak gowo.”
Novi : “Ki bengkoang e, bumbune piye Din?”
Dinda : “Aman, wes digawekke ibukku.”
Titis : “Yowes, ayo digabungne. Za, ojo akeh-akeh lho yo, pedes.”
Orryza : “Iyo-iyo.”
Akhire cah-cah rujakan karo cerita-cerita. Nanging ing tengah-tengah omong-omongan kuwi
mau, Novi pamitan amerga ditelpon ibuke.
Novi : “Heh cah, sepurane, aku gaiso suwi-suwi. Iki enek dulure ibuku sing
mampr ing omah. Aku dikongkon mulih karo ibuku.”
Dinda : “Healah, yowes muleh o disek, Nop.”
Titis : “Titip salam kanggo dulurmu yo.”
Novi : “Hooh, disik yo cah. Assalammualaikum.”
Bocah-bocah : “Iyo, Nop. Waalaikumsalam.”

Sawise Novi muleh, ora suwi Orryza sambat wetenge lara.

Orryza : “Aduh, wetengku kok krasa lara to.”


Sindy : “Salahe kakean mangan sambel.”
Oryza : “Ora sajane wong mek sitik.”
Sindy : “Opo wong awakmu ket mau mangani sambel. Buahe sairis, bumbune sasendok!”
Orryza : “Lha enak kok. Aduh wetengku lara nemen. Din nunut nek jeding yo.”
(langsung mlayu)

Bocah-bocah padha ngguyu kemekel nyawang Orryza mlayu amerga lara weteng. Ibune
Dinda metu marani bocah-bocah kuwi mau.

Ibu Dinda : “Enek opo kuwi mau, kok Orryza mlayu-mlayu menyang jeding?”
Titis : “Niku Bu, tirose gerah padharan.”
Ibu Dinda : “Bumbune kepedesen to?”
Sindy : “Mboten bu, nggih namung larene niku mboten kuwat pedes nanging
meksa.”
(Orryza mbalik saka jeding)
Ibu Dinda : “Apa isih lara wetenge, Le?”
Orryza : “Nggih, Bu.”
Ibu Dinda : “Yowes, sek tak jupukke obat yo.” (melbu menyang njero omah)
Sindy : “Sokor, wiwit mau wis dielengke tapi ngeyel.”
Dinda : “Lha yo. Wis ngerti awake ora kuat pedes, panggah ae.”
Ibu Dinda : “Wis-wis. Iki diombe sek obate.”
Orryza : “Maturnuwun, Bu.”
Ibu Dinda : “Sesuk neh yen wis ngerti ora kut pedes, ora usah diteruske yo Le.”
Sindy : “Lha nggih.”
Titis : “Wes, ayo diringkesi sek.”
Bocah-bocah : “Ayo-ayo”

Anda mungkin juga menyukai