:Terimakasih bu…teman-teman perkenalkan nama saya nurhasanah berkat saya biasa dipanggil sanah,saya murid pindahan dari smp
suka maju
:sanah kamu duduk di sebelah widya ya….
lajaran ke 4 dan 5)
Kecemplung Kalen
Dinten Rebo sekolahan mbubaraken para siswa saderengipun adzan Dzuhur amargi guru-gurunipun badhe ngawontenaken rapat. Sedaya
siswa sami bungah, samanten ugi Diana. Saking bungahipun, Diana mlampah sinambi mesam-mesem piyambak.
Saking tebih, Dinda kaliyan Anggi, kancanipun Diana ingkang sanes kelas, mangertosi Diana.
Anggi : Dinda, kae Diana ta?
Dinda : Sing endi? Sing cilik mlaku dewe kae ta?
Anggi : Iyo. Ayo padha diparani wae. Aku kepengen weruh kenapa kok ngguya-ngguyu dewe.
Dinda : Ayo.
Dinda kaliyan Anggi lajeng marani Diana.
Dinda : Wee, enek uwong edan anyaran!
Diana : Sapa, Nggi? Sapa?
Anggi : Lha iya kowe iku, Di. Awit mau disawang-sawang kok ngguya-ngguyu dhewe. Ana apa ta?
Diana : Kepo!
Dinda : Astagfirullah, ditakoni malah wangsulane sadis. Ya uwis Din, ayo mulih dhisik wae. Ben Diana mulih dhewe, ben dicolong wewe
yo uwis ben.
Anggi : Ayo!
Diana : Ehhhh, aja! Aku gur guyon, ya. Ayo tak critani sinambi mlaku mulih.
Anggi, Diana, kaliyan Dinda mlampah wangsul dhateng griyanipun piyambak-piyambak kanthi sesarengan. Diana crita kaliyan Anggi saha
Dinda panyebab piyambakipun mesam-mesem wau. Kajawi amargi bubaran sekolah ingkang mboten kados adatipun, Diana ugi diparingi arta 100
ewu saking Bapak Guru Basa Jawa amargi bijinipun ulangan Basa Jawa 100.
Anggi : Kowe? Oleh 100? Tenanne?
Diana : Tenan. Gur aku dhewe, lho.
Dinda : Kowe nelak sapa?
Diana : Sapa ya? Saking akehe aku wis lali je sapa wae.
Dinda : Wuu, gene telakan! Kaya aku lho, ora nelak. Haha, ning ya tetep remidi.
Anggi : Lha wong aku sing nelak gek remidi biasa wae, kok. Kowe padha lebay dasare.
Dinda, Diana : Wuuuu.
Lare tiga menika mlampah wonten ing sakpinggiripun margi kanthi jejer tiga. Ing wekdal menika, kathah mobil mlampah santer saking
wingking lare-lare menika.
Diana : Mobil jaman saiki padha banter-banter ya? Olehe mlaku loro-loro wae, ya. Mundhak ana sing kesrempet mengko.
Anggi : Kepiye arep loro-loro nek bocahe gur telu?
Diana : Ya salah siji mlaku dewe ning ngarep.
Dinda : Ora usah. Dalane cukup ya. Awakdewe gur cilik-cilik kok. Cukup ya.
Diana : Ya uwis nek ngono karepmu. Ning aku ora tanggung lho nek mengko enek sing kesrempet?
Anggi : Ora enek sing kesrempet angger kowe njajakke aku karo Dinda saka dhuwitmu 100 mau.
Dinda : Nah, bener!
Diana : Enak wae. Aku sing oleh biji 100, kok kowe penak gur gari ngrasakke.
Anggi : (nyikut Diana) Medit saiki.
Lare-lare menika lajeng sami sikut. Padahal saking sakwingkingipun wonten mobil ingkang mlampah banter sanget. Nalika liwat, toya
wonten ing margi muncrat saengga ngagetaken Anggi. Anggi nubruk Dinda, Dinda nubruk Diana. Jejeripun Diana menika kalen. Diana lajeng
kecemplung.
Diana : Haaa, kecemplung kalen! Tulungiiiiii
Dinda, Anggi : Hahahaha!
Diana : Tulungi!!
Dinda : Mengko dhisik, aku golek uwong liya dhisik sing luwih kuwat. Nek gur aku karo Anggi mundhak melu mlebu kalen kabeh.
Dinda lajeng pados tiyang sanes. Dhewekipun tepang kaliyan tiyang saking sabin ingkang badhe kondur. Asmanipun Pak Mitro kaliyan Bu
Mitro. Pak kaliyan Bu Mitro menika tiyang sepuhipun Diana, ananging Dinda mboten mangertosi.
Dinda : Pak, kanca kula kecemplung kalen. Saged nulungi mboten, Pak?
Bu Mitro : Sapa sing kecemplung?
Dinda : Kanca kula, Bu.
Pak Mitro: Kalen ngendi?
Dinda : Kalen lor, Pak.
Ibu Mitro : Ya uwis, Pak, ayo ditulungi!
Dinda lajeng eling menawi Diana mboten saged nglangi. Dinda nggeret astanipun Pak Mitro.
Pak Mitro: Weeee, karo uwong tuwa kok digeret-geret! Ora, aku isa mlaku dhewe.
Dinda : Selak keblebeg, Pak! (mlayu)
Bu Mitro : Bocah jaman saiki ora duwe tatanan tenan. Mosok ning kalen arep keblebeg.
Dinda kaliyan Pak Mitro lajeng marani Diana ingkang kecemplung kalen.
Pak Mitro: Diana! Kowe ngapa, nok, kok kungkum?
Diana : Eh, Bapak! Anu... kecemplung, Pak!
Dinda kaliyan Anggi padha bingung.
Anggi : Di, iki bapakmu?
Diana : Iya, gek sing mburi kui ibuku.
Dinda : (bisik) Kok kowe ora ngomong nek kui wong tuwamu?
Diana dipuntulungi minggah. Diana lajeng crita kaliyan tiyang sepuhipun panyebab piyambakipun saged kecemplung wonten ing kalen.
Pak Mitro : Bocah jaman saiki pancen ora duwe tata krama. Mbok kira iki dalane simbahmu apa? Ing dalan iku mlakune loro-loro. Gek
minggir. Ora gojegan wae.
Dinda, Anggi : Inggih, Pak.
Bu Mitro : Karo uwong tuwa iku sing ngajeni. Uwong tuwa kok digeret-geret, kan ya ora bener. Bocah enom ya kudu isa basa
alus. Aja kaya werkudara sing ora isa basa! Basa lan tata krama ki penting kanggo uripmu tekan tuwa sesuk.
Dinda : Inggih, Bu, Pak. Kula nyuwun pangapunten.
Bu Mitro : Ya uwis, sesuk ora dibaleni maneh ya.
Pandu : (panik) Cah…piye iki aku durung garap PR !
Pandu : PR e Bu Putri,sing kongkon ganti aksara jawa dadi aksara latin kae lho…
Desi : (mlebu kelas) Assalamu’alaikum…(ndelehke tas karo lungguh) kok dha ribut..ana apa
ta..??
Desi : Ana PR ta ? aku kok ora ngerti,apa aku sing lali ya..??
Pandu : Uwiss..aja dha ribut wae,piye yen niru lina wae..mesthi dheweke uwis garap.
Lina : Uwis..
Bu Putri : Enjang menika kita gladhen babagan geguritan.Wonten ingkang mangertos geguritan
mboten..??
Bu Putri : Geguritan inggih menika karangan awujud lelagon ingkang mawa purwakanthi
swara,utawi pungkasaning gatra runtut,migunakaken basa kang endah,lumrahipun dipunwiwiti ngagem
tembung “sun gegurit”.
Lina : Geguritan ingkang mboten ngginakaken tembung “sun gegurit” menika kados pundi
bu..??
Bu Putri : Geguritan ingkang mboten ngginakaken tembung “sun gegurit” menika dipunwastani
geguritan gagrag anyar (modern) .
Bu Putri : Boten,ananging ndamel geguritan menika ingkang sae migunakaken tembung ingkang
endah.
Bu Putri : Macapat menika puisi tradhisional,terikat kaliyan aturan kadasta guru lagu,guru
wilangan lan guru gatra.Lajeng geguritan menika puisi jawa modern,boten terikat kaliyan aturan.
(maca geguritan)
Desi : Aku iki ora ngerti tembung sing endah kuwi sing piye.
Bu Putri : Pados geguritan utawi damel piyambak,lajeng dipunmaos kanthi intonasi lan ekspresi
ingkang sae.Banjur divideo..dipunkempalaken minggu ngajeng.
Ibu Wati anak pengusaha kang gedhe . Ana kadadean kang kudu ditrima marang awake dewe
yaiku diusir marang kaluwargane amarga isin kudhu nanggung kelakuan anake sing gawe gawe ala
jeneng kalwarganekanyata Ibu Wati ngandung anak kang durung kaiket dene pernikahan . Akhire
Ibu Wati mutusake lungo menyang Semarang . Modal duit sing digowo suwe-suwe mulai entek
amarga sifat Bu Wati kang boros . Duit sak piro – piro ludes kanggo urip sugihe . Kanthi ngrasakake
kang arane serete duit . Melbu wulan ke 9 luwih 10 dina anak kang sing ora dikarepake lairbayi
kembar kanthi kahanan kang kurang cukup. Bayi kuwi dikei jeneng yaiku Bowo lan kembarane ora di
asuh karo ibu Wati nanging di asuh marang bidan kang bantuproses kelairan bocah mau kang ora
lain yaiku mbakyune Pak Yono . Nanging ibu wati ora ngerti nek bidane niku mbakyune Pak Yono,
anak kang di asuh pak Yono di paring asma Jimen. Pak yono termasuk pengusaha kang berhasil.
Kang duweni pirang – pirang perusaan lan manggon ing kabupaten Semarang.
17 tahun sakwise, Bowo kang urip aben dina disia-sia marang ibune . Bowo awit cilik wis
gelem rekoso dodol koran kanggo kebutuhan uripe lan sekolahe amarga ibune wis ora gelem biayai
Opo meneh wanci pendaftaran SMA arep dimulai .
Ing wengi seminggu sak durunge wanci pendaftaran dimulai .
: “Bu, kula sampun lulus SMP . kula badhe nerusaken wonten SMA .”
: “ Haaaa , nduwe duit po ra ? “
: “ Ngeeh ,ibu menika pripun? “
: “ Maadang wae rekoso , arep sekolah ? “
“ Emang sekolah duwur-duwur gawe kowe sugih po ? “
“ Wong Mas Tono sing lulusan UGM wae gaweane lontang lantung kok ! ! “
: “ Nggeh pun bu , menika ibu mboten kersa biayani kula badhe ngandalaken koran kula . “
: “ Yo kono nek karepmu ngono ! “
Akhire dina pendaftaran SMA dimulai . Wowo’ ketrimo ana ing SMA unggulan kutha tinggale .
Seminggu wis mlaku . Sekolah dimulai . Wowo’ entuk konco anyar asmanipun Jimin.
Esuk-esuk ing sekolahan .
Jimin : “ Eh Kowe “ . ( nunjuk wowo’ )
Wowo’ : “ Ono opo ? “ ( nyedaki Jimin )
Jimin : “ Tak emat-emat aben esuk kok kringeta to ? “
Wowo’ : “ Hehe ,aku aben dina esuk dadi loper koran .”
Jimin : “ Wah aku salut karo uripmu , penuh perjuangan . “
Wowo’ : “ Yoo , aku nek ora koyo ngono ora iso sekolah .”
Jimin : “ Eh jenengmu sapa ? “ ( ngulurke tangan )
Wowo’ : “ Wowo’ “ ( ngulureke tangan salaman )
Bel mlebu sekolah muni . Pak Guru mlebet wonten kelas .
Guru : “ Sugeng enjang putra – putra . “
Siwa : “ Enjang paaaak .” (serempak )
Guru : “ Piye rasane dadi cah SMA ? “
Mono : “ Ra piye-piye pak . Haaa Bp piye mbiyen pas SMA ? “
Kanggo pengantar pelajaran akhire Pak Guru nyritakake pengalaman pengalaman masa-
masa SMAne . Rampung crita ,banjur Pak Guru ngekei tugas marang siswane yaiku tugas kelompok
kang pasang – pasangan .
: “ Kowe karo aku yo bro . “ ( nepuk geger Wowo’ sing nig sebelahe )
: “ Yo wis gampang .”
: “ Lha meh garap kapan ? Ning ndi ? “
: “ Aku manut wae sing penting o jo wayah wengi . “
: “ Ning omahmu piye? “
: “Mmmm..piye yooo ? “ ( muka bingung )
“ Asline rapopo Min , tapiek engko ora nyaman piye ? “
: “Nyaman –nyamaan . Santai wae nek karo aku Wo’ . Maksute ning omahmu ben aku ngerti alamat
omahmu .” ( ngrangkul pundakke Wowo’ )
: “ Yo wis , pakem ya ning omahku . Oh yo dinone Minggu sore wae Min jam 5 piye , iso ra ? “
: “ Iso banget wi Wo’ “
: ‘ Siiip “
Srengenge wis ketok nandakake wayah bocah - bocah podo mangkat sekolah . Ana ing
sekolah akeh kegiatan kang dilakoni bocah – bocah kanthi ora kroso bel bali sekolah muni . Wowo’
lan Jimin bali mlaku bareng . Ing mburine ono Tutik lan Mono kang ngglendengi Wowo’ lan Jimin .
: “ Mon mon , kae hlo Mon . ( nyikut Mono )
“ Wowo’ karo jimin klop banget yo podho – podho plolore hahaha . ‘
: “ Biasa to paling gek adaptasi . “
: “ Aku kok penasara yo karo yo Wowo’ ono sing bedo wae . “
: “ Aaaa, ada butiran cinta ya ? “
“ Tak omongke po ? “ ( guyonan )
: “ Ah kowe ki ra lucu Mon , masak aku karo Wowo’ ?? “ ( ngacungi awake dewe )
: “ Ati –ati benci bisa jadi cinta “
“ Wislah gas ndang bali. “
Minggu sore Jimin moro ning omahe Wowo’ .
: “ Assalamu’alaikum , Woo’ ? “ ( ngetuk pintu )
: “ Sopo yo , ganggu wong turu wae ! “
: “ Ngapunten bu, niku kanca kula . “
: “ Kowe mesti meh dolan to ? “
: “ Mboten bu mboten . Kula badhe garap tugas .” ( mlaku arep buka pintu )
: “ Yo wis kono cepet bukakke lawange , selak brisik ! “
: “ Nggeh bu . “
Wowo’ alon – alon metu, buka pintu .
: “ Wo’, aku ganggu yo ? “
: “ Ora kok Min , ibuku gek kesel wae .”
: “ Tenan ki ? “
: “ Iyo tenan kok . “ ( ngrangkul pundak Jimin ngajakmlebu )
: “ Yo wis yo lek ndang garap , terus rampung .”
: “ Ok Ok . “
Akhire garapane rampung. Dina Senene tugase diwaca ana ing ngarep kelas .
Guru : “ Para siswa piye tugase , wis padha rampung durung ? “
“ Sap sig arep maju ndisik ? “
Wowo’ : “ Kula pak .” ( ngancungke telunjuk )
Tutik : “ Kemlinthi , cilik – cilik kewaneen .”
Bowo : “ Eghmm , tapi kan ganteng “
Mono : “Ah sombong koyo ganteng wae ‘
Guru : “ Wis –wis ojo do ribut . Ayo Wo’ cepet maju . “
Rampung presentasi Jimin marani Tutik lan Mono kang uwis nyletuk sing ora – ora marang
Wowo’ .
: “ Tik , tik kowe ki kok isone nyengeti uwong . “ ( gedek – gedek)
: “ Aku uwonge emang ngene kok , Daripada kowe sok jagoan. “
: “ Yo ra ngono , dhewe kan konco masak iyo podhapadhu eleke uwong sing durung tentu benere ? “
: “Karepmulah ! “
Ora kroso wektu nunjukake jam mulih , murid- murid ribut siap –siap bali . Bocah – bocah
banjur wis podho bali . Ora koyo bocah liyane Wowo’ bali sekolah ora langsung menyang omah
nalika nyambut gawe dadi tukang semir ana ing plataran mesjid agung kutha kuwi . Gawean kuwi
dilakono amarga kabutuhan kang durung kacukupan .Ana ing mesjid agung Wowo’ ketemu
pengusaha jang asmane BPak Yono kang orang lain bapake Jimin .
: “ Paaak semir paaaak “ ( nawar – nawari )
Pak Yono : “ Le , mrene le . Tulung nggon aku iki desemirke yoo ? “ ( karo ngawe )
“ Le , ora sekolah po ? Yah mene kook nyemir sepatu ? “ ( ngemat jam tangan )
: “ Mboten kula sampun wangsul “
Pak Yono : “ Wah kowe kok rupane mirip anakku . “ ( kening mengkerut )
“ Eh wis ya tak solat ndisik . Le , nek durung solat mbok solato ndisik engko lagi nyemir eneh
“ ( ngelus rambut )
: “ Nggeh pak monggo “
Rampung solat Pak Yono ngancani Wowo’ kang lagi nyemir sepatune . Sak wise rampung di
semir Pak Yono balik menyang kantor .
Pak Yono kondur wonten dhaleme wanci sore .
Pak Yono : “ Jimiiiiin, bapak bali “
: “ Nggeh paaak “ ( mlaku mara bapake )
“ Wah tumben sepatune kinclong ? “ ( nyangking sepatu )
Pak Yono : “ Sopo ndisiik , bapakmu kok . “ ( ngelus rambut )
“ Le iki mau sing nyemir sepatu bocah sak pantaranmu lho . Bocahe kuwi prihatinan . “
: “ Wah nasibe koyo kancaku , tapi nek konco ku kuwi saben esuk dadi loper koan . Pak
nek pareng koncoku dibantu yooo ? “
Pak Yono : “ Sesok yen bapak ning omah , dijak dolan mrene wae “
: “ Ok man ! “
Esuk – esuk ing sekolahan .
: “ Wo’,kapan –kapan ning omahku yo ? “ ( ngadeg jejeran ana lawang )
: “ Ngopo ? “
: “ Heeh mingir – minggir aku meh lewat !”
: “ Monngo ratu , ratu judes .”
: “ Kok nyolot we ? “
: “ Lha piye to ? “
: “ Uwis ta masalah cilik we diributke . Mbendini kok mung ece – ecean “ ( misahke tutik )
: “ Piye towe , kowe ki belani sopo jare koncoku ?”
: “ Ono opo iki cah ? “ ( guru lewat )
: “ Mboten kpk pak , mboten wonten napa – napa. “ ( mesem )
: “ Wis saiki pada bubar wae , podo ngapuran –ngapuranan “
: “ Wo’ dingapura ya , ne slama iki aku mung ngeceni kwe terus “ ( ngulurake tanagan )
: “ Iyo ra popo Tik , ra ece – ecean ki ra asik “
: “ Ya wis kanggo tanda ngapuraku mengko ning kantin cah loro pas ngaso yo ? “
bu muni , siswa-siswa pada lugguh ana bangkune dewe- dewe
: “ Mon Mon tak omongi tentang Wowo’ “
: “ Aaa..mesti sing mau esuk ? ? “
: “ Ora yoo.. Aku mung tammbah penasaran karo Wowo’ “
: “ Penasaran po penasaran ? “
Wektu kanthi alon – alon mlaku , Wowo’ suwe- suwe cedak karo Tutik . Ra dikiro bocah loro
kuwi podo – podo duwe rasa tresna kajaba ora gelem ngomongake langsung anane mung tamat –
tamatan nanging tingkahe ora bisa ngapusi konco – koncone . Suwe –suwe tingkah lakune nek
ngetoki seneng .
Bel bali sekolah kumandang nandakake siswa – siswa wayahe bali sekolah
Jimin : “ Min , ning omahku yo ? “
“ Mumpung bapakku ning omah “
Wowo’ : “ Saiki ? “
Jimin : “ Ora ! sok bodho , yo saiki laah . “
Wowo’ : “ Yo ayo , tapi ra suwe to ? “
Jimin : “Ora kok . “
Jimin lan Wowo’ langsung menyang omahe Jimin . Banjur podo nemoni bapakke Jimin .
: “ Pak...Bapak ? “
Pak Yono : “ Opo Min ? “
: “ Ki hlo ono kancaku sek tak critakke wingi .”
Pak Yono : “ Yo , kon njagong sek “
: “ Nggih pak “
“ Wo’ njagong sik kono “
Pak Yono nyamperi koncone Jimin
no : “ Loh le , kowe kok ning kene ? “ (kaget )