Anda di halaman 1dari 4

DRAMA : TUGAS KELOMPOK GAWE DRAMA

KELOMPOK 1

Nama kelompok:

1. Diana Nafisatuz Zahro (07)

2. Della agustin (06)

3. Adinda nurul nimah (01)

4. Banezta putra fittama (03)

5. Muhammad iqbal (20)

6. Sandy kurniawan (26)

SMP NEGERI 1 KALIORI


TAHUN PELAJARAN 2023/2024
TUGAS KELOMPOK GAWE DRAMA
Tugas kelompok nggawe drama

Paraga:

1.Diana: seng ndue omah : Apikan, pinter

2. Della: kancane : Apikan

3. Adinda: kancane : apikan

4. Iqbal : kancane : pelawak

5. Banez : kancane : pinter

6. Sandy : kancane : menengan

Ing sawijining dina, diana kan kanca kancane diwenei tugas kelompok nggawe drama
nganggo bahasa Jawa. Diana ngewei saran lek arep nggawe tugas mau ning omah e, kancane
pada setuju karo saran e diana, rencanane arep gawe dino minggu.

Ora keroso minggu isuk wes teko, diana nge WA konco koncone supaya ndang gage
moro, amerga wes jam 9 .

Diana : heh ayo ndang do gage moro, wes awan. Iki!

Della : sek lagi umbah umbah

Iqbal : lagi jam piro leh kok e geger ae

Banez : Iyo je, wong iseh isuk kok e nggeger i wong

Diana : iseh isuk jare, wes jam 9 je

Adinda : sabar lagi ameh siap siap

Sandy : sek, diluk lagi sarapan

Diana : yoyo, jam semene lagi sarapan

Della : Iyo Iyo sabar, otw

Diana : cepet ra sah sui-sui

Adinda : oke, aku yo otw iki


Diana : oke

Jam 10 esuk koncone diana wes podo teko siji-siji nek omah e, langsung pada ngumpul
mbahas sek arep di garap.

Diana : iki enak e tema ne tentang opo?

Della : tentang kelompok an ae

Adinda : ojo, tentang tukaran ae

Diana : eeh ngawur ae, ojo leh, tentang tukaran ,

Gak pantes

Iqbal : eh aku roh , tentang nyolong gedang ae

Diana : gak lucu, huuu

Adinda : huuuu

Della : wes" Malah do tukaran

Banez : eh aku roh tentang sopan santun ae py?

Diana : eh Iyo, apik iku ngko di wei ono tukaran e

sitik tentang masalah sopan santun e

Bocah saiki

Della : Iyo na , apik iki terus wei sopan santun

Sek bener iku py

Adinda : ide bagus

Banez : aku ngono lho

Diana : heleh , ndy kw kok meneng ae lapo?

Sandy : untuku loro iki lho

Adinda : makane ojo kakean jahil

( ngguyu bareng-bareng)

Diana : wes- wes malah guyonan ae, ayok ndang


di gawe, ngko mundak ra bar- bar

Adinda : ayok gass

Sak wise do guyonan, diana lan kancane bareng-bareng nggarap ngasek bar, lan sak wise bar
konco - koncone podo pamitan muleh

Della : na, aku pamet yo, rep bali

Diana : Iyo, ati - ati lho del

Adinda : aku muleh sek yo na

Diana : Iyo, ati - ati lho din, awas nyungsep neh

Adinda : hust, meneng

Iqbal : mbalek sek yo

Banes : mbalek yo

Sandy : aku yo mbalek yo

Diana : Iyo, ati - ati

Sakwise pamitan kancane diana pada muleh amerga wis bar lan wis jam 2 awan.

PESAN MORAL : kita kudune ngehargai kabeh pendapat wong lio, lan ora oleh mbully, lan ora
oleh mbedak - mbedakno konco. Nalika kita nindaake kerja kelompok, apik e kita ngolehno
kabeh anggota nggo ngetok no pendapat e lan saran e. Kita ora oleh mbedak mbedakno konco
merga kita iku podo siji karo liane, dadi ora oleh mbedakno konco.

Anda mungkin juga menyukai