Anda di halaman 1dari 3

Kelompok 7

Nama Anggota :

 Azzahra Lulu Fadillah (07)


 Erina Calya Dewi (16)
 Gris Ananda Kirei D. (21)
 Vera Puspitasari (34)

Ora Waras Mergo Tugas

Babagan 1

Cukrimah : "Nuwunsewu bu..!"

Sri : "Awakmu sopo? Kok njaluk duwit sewu."

Cukrimah : "Kula Cuk…"

Sri : "We lhadalah... bocah iki kenthir tenan. Ditakoni jenenge kok malah misuh!"

Cukrimah : "Sinten sing misuh? Jenenge kula niku pancen Cuk, alias Cukrimah"

Sri : "Oalah... tak kiro misuh. Ana perlu apa?"

Cukrimah : "Nglamar gawean, Bu.. "

Sri : "Sampeyan salah alamat. Ing kene ora ana sing jenenge Gawean. Anane
Gunawan (gundul lan menawan). Gelem ngrabi ta? "

Cukrimah : "Maksud kula nglamar kerjaan,bu... Mboten nglamar Gunawan."

Sri : "Oo... ora ngomong kaet mau. Apa ya gelem lek Gunawan ngrabi awakmu,
wong pacakanmu wae ora genah. "

Bos : "Ana opo iki kat mau cangkeman wae? Suarane nganti krungu saka ruanganku."

Sri : "Niki lo bos, wonten tiyang mboten genah badhe nglamar gawean."

Bos : "Lo arep nglamar gawean? Sing bener wae kowe. Eh sik, iki ambune apa ya?"

Sri : "Kowe ora tau adus ya? "

Cukrimah : "Aku pancen sengaja ora adus, ben ketok alami."


Bos : "Arepe golek gawean, pengalamanmu apa wae?"

Cukrimah : "Kula nate mboten tilem amargi tugase kuatah sanget."

Sri : "Lek iku duduk pengalaman, tapi kuwi deritamu. Tapi ya wis ora apa-apa, jajal
crita o kok iso kayak ngono i piye?"

Bos : "Eh wis jam piro iki? sik sik, aku tak pamit jek akeh penggawean sing durung
mari, tulung urusono bocah iki."

Babagan 2

Karyawan : "Bos, bos panjenangan niku teng pundi mawon ta, kula padosi kok mboten
wonten?."

Bos : "Lo pye to wong iki, aku iki duwuran ning kantor iki, ya mesti wae aku sibuk
mrono mrene, penggaweanku kan akeh."

Karyawan : "Bos bos dadi duwuran kok sombong eram, ning pasar duwuran ae sepuluh ewu
oleh telu."

Bos : "Kuwi duwuran/klambi, aku iki ning kene duwuran utawa bos kantor iki lo, terus
aku ya ora maksut sombong, nanging aku maeng bubar marani rame-rame ning ngisor, tak kira
lek arep tawuran."

Karyawan : "Loh lha sios napa boten tawuran e?"

Bos : "Kan aku ora muni tawuran tenanan."

Karyawan : "Healah kula kinten lek wonten tawuran asli mboten hoax."

Bos : "Heh malah koyah, jane tujuanmu golek i aku i ana apa?"

Karyawan : "Ooo nggih, niki lo wonten berkas ingkang kedah jenengan tanda tangani."

Bos : "Berkas asli apa abal-abal iki, mengko mok gawe pinjol!. "

Karyawan : "Nggih asli to bos, senajan dompete kula barisane namung Pattimura, tapi kula
niki tiyang jujur bos."

Bos : "Ya wis, ayo menyang ruanganku wae."


Babagan 3

Cukrimah : "Dadi ngene lo mbak bro, deritaku iki dimulai pas kelas 12, tak kiro masa SMA
iki masa sing paling indah, kaya jarene wong-wong. Jebul aku ora bahagia ning menderita".

Sri : "Heleh, menderita apa? jenenge urip iki mesti akeh cobaane, yen akeh sawerane
kuwi jenenge dangdutan. "

Cukrimah : "Ya bayangno wae budal jam 7 mulihe jam 4, terus urung neh lek ana tugas
kelompok, wis ndak mampu, lek ora damkar wis gak ngatasi iki."

Sri : "Wis wis.. saiki ning kene ana ne lowongan mung nyikati untune hiu. Gelem
ora?"

Cukrimah : "Weh... lak modar aku!!"

Sri : "Lha jarene jaluk kerjo."

Cukrimah : "Mboten sios nek ngoten. Mosok nggih nyikati untu ne hiu. Dereng sempet
gajian kok wis mati disik. "

Sri : "Lha dari pada nyikati duit e negara?."

Cukrimah : "Bahaya iki."

Nakes : "Ngapunten, badhe tangklet. Jenengan semerap tiyang niki? Loh lha iki
digoleki nganti ko pucuk e dunyo, bak e ngenthung ning kene!."

Sri : "Lo lo.. Panjenengan niku sinten, kok ndhemek-ndhemek Cukrimah?"

Nakes : "Kula niki saking Rumah Sakit Jiwa. Lha tiyang niki pasien kula ingkang
mlipir"

Sri : "Loh tibak e aku kat mau ngomong karo wong ora waras to beh.."

Nakes : "Ngapunten nggih sampun ndamel kisruh."

Sri : "Ya wis ndang gawanen ngaleh kono, jan ora nggenah blass."

>>>TAMAT<<<

Anda mungkin juga menyukai