Supar : “Alah yung…. koyo ngene rekasane nggolek duwit. Direwangi kerjo mangkat esuk mulih sore!,
ning hasile ra sepiro. Jane kepingin sukses koyo wong liyo, tapi ora popo iki wis dalane. Gusti Allah wes
ngek.i dalan koyo ngene, tetep tak syukuri Alkhamdulillah. Lha opo aku nggolek gawean liyo yo? Opo
aku ning pasar mbecak. Yen ning pabrik, aku lulusan kandang wedhus. Matematika wae siji tambah siji
sama dengan telu. Lha wedhus sing tak ingu kae siji lanang siji wedhok tak klumpukne let rong ndino
dadi telu. Mboh ngopo kae hahahaha. ”
Bar kuwi Deni Cotho teko lungguh ning sampinge Supar ngajak jagongan Supar.
Deni Cotho : “Aku bosen kii ning ngomah, ameh kerjo ditku wes akeh, nek kerjo sikilku ndredeg. Piye yo?
Aku kii masalahe ndak kuat dengan pekerjaan pekerjaan berat.”
Supar : “Ojo ngono Tho. tak omongi Tho, ngene lho… kerjo kuwi pancen rekoso, ning luwih rekoso
meneh, wong sing ra gelem kerjo. Ojo mbok siak siakne masa mudamu dengan berfoya foya. Masio
bondomu sak gunung, yen kowe rak gelem kerjo… bondomu sing thok banggakne kuwi bakalan entek.”
Deni Cotho : “sik sik, ngene lho Su…Par… Masa mudamu ngopo kok mbok ra manfaatke kanggo seneng
seneng. Ono wayahe awakdewe rokoso lan ono wayahe kanggo seneng seneng dewe.”
Supar : “yen seneng seneng terus kapan sing arep rekosone. Semua itu butuh proses dari zero to hero.
Bara : “wah gabut iki. raono pemasukan kanggo tuku kopi. Ameh panen sawah, sawahe uwong , nek
ngedhol lapangan nggone pemerintah. Ameh nyopet syarate ra terpenuhi kabeh. Lha syaratte
pengangguran miskin lan lemah iman. Nek itungane pengangguran, iyo bener aku nganggur, nek miskin
yo… ra pethek o lah. Yo gur duwitte entek nggo tuku kopi. Nek lemah iman yo ora cah…. Aku we ngaji
wes IQRO 3. Jaman ndisik SD kelas 3. Lha wes mlaku mlaku wae lah.”
Bar kuwi Bara mlaku mlaku Weruh Supar karo Cotho ning pinggir sawah, diparani. Gek digethak.
Bara :” woiyyy…”
Bara : “Po dho ra reto kwe, deso sawah lemah air udara semua itu berubah sejak Negara api menyerang.
Ra reti sing nyerang? Pakdheku. Kowe raoleh ngarit ning kene meneh. (Bara nunjuk Deni Cotho lan
ngomong “kowe lungowo ko kene ABG labil dolan kok ning sawah.”
Deni Cotho : “wegah aku, kene kiii wong bebas kok. Mboh kui ning sawah hotel apartemen ngisor
jembatan selokan kuwi sak karepku.”
Bara : “wha kowe wani karo aku? (bar kui Bara njorokke Cotho ameh dismackdown tapi dipisah Supar.)
Bar iku Supar ngandani cotho gen ngalah Supar : “wes wes ngalah wae.”
Bara ngomong lan nunjuk bagor sing digowo Cotho : “ nggowo opo kuwi?
Deni Cotho njawab lan di duduhake isi bagore : “Gilo isine lapop lha ngopo?
Bara : “ Leptop kok diadahke bagor, diadahke tas ngono kuwi. Gorene nggo aku.”
Bar iku Supar ngandhani Cotho ojo ngasi dikekne leptop e “ojo ojo dikekne, kui hakmu. Hargai
pemberian orang tuamu, rawatten lan jogonen.”
Cotho langusng ngomong karo Bara : “iyo mas takkekne leptopku, tapi enek syaratte mergo leptop iki
sekti. Nek ora dikeki syarat enggo ngganggoni sing nyekel leptope.”
Deni Cotho : “mergo ongko telu las kuwi onglko sial, dadi gen ngilangke kesialanne.”
Bara Njawab : yowes nek ngono.”( Bara merem karo ngitung ping telu las.”
Karung nggone Supar Diselehke ning ngareppe Bara. Terus cotho karo Supar mlayu.)
Bara rampung ngitung lek mbukak moto terus ngomong : “ wah dho ning ngendhi iki? Wes rapopo
penting leptope ning kene.” (bar iku Bara mbukak bagore mou jebule isine suket.
Bersambung….
Supar ngarit ning pinggir sawah, karo gremeng
gremeng dewek.an
Supar : “Alah yung…. koyo ngene rekasane
nggolek duwit. Direwangi kerjo mangkat esuk
mulih sore!, ning hasile ra sepiro. Jane kepingin
sukses koyo wong liyo, tapi ora popo iki wis
dalane. Gusti Allah wes ngek.i dalan koyo ngene,
tetep tak syukuri Alkhamdulillah. Lha opo aku
nggolek gawean liyo yo? Opo aku ning pasar
mbecak. Yen ning pabrik, aku lulusan kandang
wedhus. Matematika wae siji tambah siji sama
dengan telu. Lha wedhus sing tak ingu kae siji
lanang siji wedhok tak klumpukne let rong ndino
dadi telu. Mboh ngopo kae hahahaha. ”