Dursasana : Yayi Dursala ... Wis rada sawetara anggone dhewe nunggu rawuhe Paman
Sengkuni ....Nganti gringgingen sikilku
Dursala : Leres , Kangmas Dursasana. Kula nggih radi pegel-pegel niki. Gumun kula, nek
sami rapat kok dangu men, jane napa to sing dirembug ???
Dursanana : Wah, aku ya ora ngerti, Dhi. Lha wong aku ora melu rapat. Hahahaha
Dursala : Kadingaren Kangmas mboten ndherek rapat, napa mboten pikantuk ulem???
Dursasana : Jane ya entuk, nanging pancen sangaja aku ora melu. Rada jeleh .... rapat sing
dirembug mung kuwi-kuwi wae .... Monoton...
Dursala : Lha mila .... kahanan dados stagnan .... mboten onten owah-owaahan. Hiyahahaha.
Dursasana : Husss ... aja seru-seru.... mundha kepireng Kaka Prabu Duryudana.
Dursala : Mboten mungkin Kaka Prabu mireng, lha wong lenggah teng dhampar kok mireng?
Dursasana : Lho.... ora kudu mireng dhewe... bisa uga ana sing nglapurake.
Dursala : Lha niku, Kangmas. Ngastina niku kathah tiyang sing senenge pados rai. Nggolek
pangalembana, nglapur-nglapurake kanca.
Dursasana : Kayata ....
Dursala : Hayah .... Kangmas kura-kura dalam perahu ... Pura-pura tidak tahu .
Dursasana : Hahahaha .... Kuntul di tengah sawah .... Anda betul , tidak salah .
Dursala : Kangmas, daripada kelamaan menunggu, apa sebaiknya kita karaoke saja?
Dursasana : Wah, mathuk Yayi. Wis suwe aku ya ora ngolor-olor kabel.
Dursala : Jangan lupa AP kangmas hahahaha
Dursasana : AP ....Ayam Panggang ???
Dursala : Ahhh kalau itu saya sudah biasa .... bosen
Dursasana : Arak Putih maksudmu Yayi????
Dursala : Itu juga sudah biasa, Kangmas.
Dursasana : Lha apa maksudnya AP?
Dursala : AP....Awewek Penggoda
Dursasana : Dasar AP lohhh !!
Dursala : Apa itu Kangmas??
Dursasana : Ancurrrr Parahhh. Hahaha
Dursala : Tapi Kangmas juga suka to ???
Dursasana : Huzzz.... jangan buka rahasia dong ....
Ngko sik le... Dursasana ... Dursala ....mau aku krungu karaoke ... nganggo AP
barangan. Mbok aku diajak ...
Dursasana : Wah... ampun Paman... Niki mung kangge kawula muda, Man.
Dursala : Kalih ngelingi , Man. Paman niku yen tindak mpun mboten jejeg... napa kepangin
sangsaya ndhoyong, Man. Hahahaaha
Sengkuni : Malah sangsaya ora karu-karuwan...
Dursanana : Eeee eee eee, Man.... Man Sengkuni kula nyuwun warti.... Man Sengkuna, kula
nyuwun
warto...... Man sengkunar, kula nyuwun kabar..... Man Sengkunir , napa sampeyan
kenthir?? hahahahha
Sengkuni : Eeeeee .... Dursanana bocah edan !
Narator : Para Korawa dan Patih Sengkuni pun segera berangkat untuk mencari keberadaan Para
Pandhawa. Sementara itu, di sebuah hutan Gung Liwang-Liwung beberapa jin setan
sedang berpatroli. Bagaimana perilakunya ? Kita saksikan di TKP
Kala Mangap : He eee bojleng-bojleng iblis laknat jeg-jegan. Adhiku, Dhi ... Wong bagus ...
Kala Ngablah : Mas... Mase.... Sampeyan ki nek ngomong sing genah...... Rupa kaya ngene kok
diarani
bagus. Bo ong luuu
Kala Mangap : Hahhh hahahahaaaa... Bagus-baguse bangsa jin ki ya kaya awake dhewe iki ....Marga
liyane ana sing ora jangkep.... mung sirah thok... ana sing gembung thok... ana sing
growong gegere ...
Kala Ngablah : Ho oh ya.... nanging bangsane manungsa ya akeh sing ngemperi awake dhewe ...
Kala Mangap : Apa hiya ????
Kala Ngablah : Ora ngandel.... ayo dibukak kuluke ....
Kala mangap : Ming tetep ana bedane, Dhi ...
Kala Ngablah : Bedane apa, Kang???
Kala Mangap : Yen manungsa ngene iki amarga pinter.... nek awake dhewe... amarga akeh mikir
butuhe Hahahahaaaaa
Kala Ngablah : padha-padha mikire ... mung beda sing dipikirake, ya Kang.
Kala Mangap : He eeee eee eee Adhiku , Dhi... Kala Ngablah ....Wis pirang tahun awake dhewe
njaga
keamanan ing alas kene?
Kala Ngablah : Nek sak elingku ... aku lagi (...) taun... Manut SK sing tak tampa lho , Kang.
Kala Mangap : Wah, undha-undhi karo aku, nek ngono.
Kala Ngablah : Hooh... Ming beda nasibe ...
Kala Mangap : Kok Bisa, Dhi.
Kala Ngablah : Lha kowe golongane wis dhuwur.... aku isih durung mundhak-mundak.
Kala Mangap : Ngono kuwi gumantung karo labuh labete.... loyalitase... dedikasine lan ubete.
Kala Ngablah : Lho kok nganggo ubete barangan ???
Kala Mangap : Haiya kudu gelem ubet... tlusap-tlusup.... dlosar-dlosor ....
Kala Ngablah : Aku ya wis kerep ndlosor.... nanging tetep ajeg wae .... mung bathi klumuh je ...
Kala Mangap : Ngko rak ya tetep digatekake.... manut wawancara mahasiswa marang aku ...
Kala ngablah : O walahhhh Kang, kang .... mbok aja nggedebus to ....endi ana mahasiswa
mewancarai dhemit kaya awake dhewe.... juk kuliahe nangndi ???
Kala Mangap : Minggu kepungkur aku diwawancarai mahasiswa saka UPIL.
Kala Ngablah : Ki apa maneehhh, Kang ???? UPIL ki perguruan tinggi apa? Kok njijiki.
Kala mangap : UPIL kuwi singkatan saka Universitas Pengembangan Ilmu Lelembut
Kala Ngablah : Kampusnya di mana, Kang?
4
Kala Mangap :
Nang Kampung Kijing Miring, Kecamatan Pocong ngisor
Kala Ngablah :
Lha rektore jenenge sapa?
Kala Mangap :
Rektore jenenge ; Profesor DR. Gendruwo Samin
Kala Ngablah :
Dosene jenenge Luna Mayit.... samplak sisan !!!.
Kala Mangap :
Padha-padha dhemit ki ora entuk nesu, ya Dhi...
Kala Ngablah :
Lha sampeyan ya aeng-aeng kok.
Kala Mangap :
Ngko sik Dhi.... Kepriye anggonmu njaga alas sisih wetan lan kulon kana?
Kala Ngablah :
Aman, Kang..... pokoke ora ana sisi-sija manungsa sing wani mlebu alas kene.
Aku ya wis nggawa alat sensor barangan.
Kala Mangap : weeee eee eee .... kok ampuh men kowe ???
Kala Ngablah : Arepa golongane endhek , nanging aku ora gaptek kok Kang. Ora sombong lho
kang ...
Ngajukake penambahan alat ora dituruti... aku tuku dhewe kok. Padhak kan.
Kala Mangap : Aku njilih entuk ora ???
Kala Ngablah : Golongane dhuwur kok njilihan.... ngisin-isini ...
Kala Mangap : Malah ngambra-ambra... sing penting aman ya, Dhi.
Kala Ngablah : Amannn
Kala Mangap : Ngene, Dhi.... anggone dhewe njaga alas rina wengi ki rak ya kesel banget... mula iki
mumpung ana gamelan... ayo padha tetembangan karo jejogedan.
Kala Ngablah : Wah ... cocok, Kang... ayo bungah-bungah ngilangake rasa lungkrah.
JEJOGEDAN
Janaka : Kanjeng Ibu... prayogi kendel rumiyin. Menika sampun dangu anggenipun
mlampah.
Nakula : Leres Kanjeng Ibu. Kendel rumiyin.
Sadewa : Inggih, Bu, kula sayah, Bu.
Werkudara : Haaa bener kandhane adhi-adhiku. Leren dhisik, Kunthi Ibuku.
Kunthi : Iya ... iya ngger anak-anakku. Ibu uga ngrasakake kesel banget. Ngaso dhisik
ya ngger.
Koor : Inggih kanjeng Ibu.
Janaka : Kanjeng Ibu... Kula mangertos, menawi Kanjeng Ibu kathah penggalihan.
Nanging kula suwun Kanjeng Ibu ampun ngantos nandhang kingkin.
Sadewa : Kingkin niku napa to Kangmas Janaka?
Nakula : Kingkin kuwi bocah ayu saka Getasan... Anake Lek Jarwo.
5
Kunthi : Dak suwun , kowe menyanga puncaking Gunung Girilaya. Aja mbok tegakake
kangmasmu ya, ngger!
Werkudara : Haaa .... dhawuhmu tak estokke. Ora mengko, apa maneh sesuk.... saiki uga
aku pamit
Kunthi : Ya, ya Ngger Werkudara...diprayitna ngati-ati .
Werkudara : Sangoni apa ora?
6
Arimbi : Penonton.... Perkenalkan .... Aku adalah seorang putri tercantik di dunia
perdemitan.
Namaku Arimbi... Aku anak dari Prabu Arimbaka Raja Pringgondani .
Penonton ... ngomong-ngomong by do way semelese semelekethe .....critanya
saya baru kasmaran gitu loh....
Malam jumat kliwon yang lalu.... saya bermimpi bertemu dengan seorang lelaki
yang sungguh gagah perkasa....Badannya kekar.... tinggi.... berotot dan bertulang
besi. Namanya Werkudara.
Kini aku mengembara.... mengarungi samodra.... kudaki-daki gunung yang tinggi...
Kuturun-turun lembah yang dalam.... Kemelewati padang rumput hijau
membantang.... demi bertemu dengan pujaan hatiku.
Penonton.... Adakah yang pernah mendengar nama Werkudara???
Atau... bahkan pernah berjumpa dengannya ..... Jangan-jangan ngumpet di situ
ya.... ( MENCARI WERKUDARA KE PENONTON sambil berteriak-teriak
menyebut nama Werkudara )
Kangmas Werkudara ..... Kangmas Werkudara ....
Kosik-kosik..... iki kok kaya ana gandane manungsa..... Wah ...cetha iki gandane
manungsa..... Yen manungsa sing lewat kene ora kaya pawakane Kangmas
Werkudara.... bakal tak pangan ....Nanging yen sing lewat Kangmas Werkudara...
Tegese pancen beja kemayangan. ...... Becik tak ngumpet dhisik.
WERKUDARA DATANG
Werkudara : Haaaa.....Jebul adoh temen puncaking Gunung Girilaya.... Iki isih ana alas sing aku
durung ngerti jenenge .
Arepa adoh paribasane, tetep tak doleki panggoane Puntadewa kakangku
anggone semedi
7
Wahhhh.... iki kaya ana hawa sing nganeh-anehi.... Aku kdu waspada.
Arimbi : Cilubbbbbb baaaaa
Werkudara : Wahhhhh.... gawe kaget .... kurang ajar.....
Arimbi : Kalau melihat ciri-ciiri fisiknya.... ya seperti ini yang muncul dalam mimpiku....
Werkudara : Sapa kowe...??. ngganggu anggonku lumaku.
Arimbi : Raden... Raden.... Aku mbok tak takon.... Sapa jenengmu... lan saka ngendi
pinangkamu ???
Werkudara : Ora sudi mangsuli dhemit sing rupane elek kaya ngono!
Arimbi : Ditakoni ora mangsuli ... malah ngina rupaku elek....
Werkudara : Kowe bangsane jin, setan, wewe, lan sundel bolong.... gawene mung nggodha
manungsa.... sumingkira!!!
Arimbi : Pancen aku iki bangsane raseksa.... nanging.... najan raseksa ... aku ... Cantik to??
Werkudara : Cantik dari Hollen .... Ngilo kana ....
Arimbi : Mengko dhisik to... Ayo ngakua sapa jenengmu ?
Werkudara : Haaa.... ora perlu ngerti sapa jenengku...
Arimbi : Mesti.... Kowe sing jenenge Werkudara.
Werkudara : Kok ngerti?
Arimbi : Lhaa rak tenan to .... iki Kangmas Werkudara sing ana impenku...
Werkudara : Nek aku pancen Werkudara.... kowe arep ngapa?
Arimbi : Adhuh Kangmas.... Kangmas Werkudara.... Tebih kula kesah saking praja
Pringgondani, namung badhe kepengin suwita dhateng panjenengan, Kangmas.
Arimbi : Wadhuh Kangmas, Werkudara.... Kula tetep badhe madosi paduka kangmas...
Narasi : Singkat Cerita, Dewi Arimbi mengejar Raden Werkudara. Tanpa disangka dan di
duga.... Dewi Arimbi sampai di tempat persembunyian para Pandawa.
Kunthi : Ditepungake ... jenengku Dewi Kunthi Nalibrata.. Aku sejatine ana kene ora
dhewekan. Nanging bebarengan anak-anakku.
Arimbi : Lha putra paduka menika wonten pundi?
Kunthi : Lagi padha golek kayu lan woh-wohan , sarta ana sing lagi buru kewan.
Jenengmu sapa bocah ayu?
Arimbi : Dhuh Kusuma Dewi. Paduka ampun ngina dhateng kula. Kula menika raseksi,
temtu kemawon arupa awon.
Kuthi : Rupa ala kuwi dudu paugeran utama. Nanging sing baku bebuden dan
pakarti kang luhur
Arimbi : Dhuh Kusuma Dewi .... estu paduka menika mustikaning para putri. Kepareng kula
anepangaken..nami kula Arimbi, saking Kraton Pringgondani.
Kunthi : Arimbi...
Arimbi : Kasinggihan, Gusti
Kunthi : Geneya kowe ndheprok tetangisan ana papan kene?
Arimbi : Blaka waleh menapa... Kula nembe madosi calon garwa kula, ingkang asma Raden
Werkudara.
Kunthi : Jagad dewa bathara.... Kok kowe tepung karo anakku Werkudara?
Arimbi : Dhuh Kusuma Dewi... Menapa leres Paduka menika ibunipun Raden Werkudara?
Kunthi : Iya cah ayu
Arimbi : Dhuh Kusuma Dewi. Mugi welasana dhateng jasad kula. Kula kesah saking praja
Pringgondani, namung kepengin sanget nuhoni napa ingkang dados wisiking
Dewa, menawi kula pinesthi dados garwanipun Raden Werkudara.
Nanging saksampunipun pinanggih kaliyan Raden Werkudara, kula tinampik
sacara alus.
Kunthi : Arimbi.... marga aku wis ngerti tulusing atimu. Kowe bakal tak biyantu.
Kene-kene tak paringi aji silih warna. Mengkokowe mesthi bakal dadi ayu.
Narator : Dengan kesaktian yang dimiliki Dewi Kunthi.... Maka berubahlah wujud Arimbi
Menjadi putri yang sangat cantik.
Arimbi Ayu : Tenanan ora yaw? Aku penasaran .... Coba aku bercermin....
Waow .... Amazon ... eh ... amazing.
Penonton.... bagaimana penampilanku? Maju-maju cantik.... mundur-mundur
Cantik.
Dhuh Ibu .... thank you nggih....
Kunthi : We lah.... ajiane ana sing kleru.... mau tak sisipke 3 M
Arimbi : Apa tuh 3 M Ibu?
Kunthi : 3 M kuwi .... Manis Manja Menthel
Arimbi : Biarkan aja, Bu..... Yang penting Mas Werkudara mau dengan saya.
Janaka : (Nembang) Dhuh wong ayu.... pepujaning ati .... Kaya ngene rasane nandhang
asmara.... apa ta mung aku dhewe...
Arimbi : Wih.... iki ana satriya bagus rupane .... Kenalan dhong...
Janaka : Wong ayu.... ditepungake.... jenengku Raden Janaka.. Namamu siapa???
Arimbi : Namakyu Arimbi.... Ike dari Emerik
Janaka : Sudah punya pacar belum???
Nakula : Wah.... yen wis ngene awake dhewe ngalamat...
Sadewa : Hiya Kangmas.... bener.... Janaka ki ora nguman-umani.
Janaka : Kembar..... sumingkira kana sing adoh. Aja ngganggu anggonku sesandhingan
karo calon garwaku .
Nakula : Wahhh.... gagal maning-gagal maning...
Sadewa : Wis... payah... payah.... bojo pirang-pirang isih kurang
(SEMENTARA WERKURADA DAN JANAKA BERBISIK-BISIK, NAKULA DAN SADEWA MERAYU ARIMBI )