Anda di halaman 1dari 4

BENALU KELOMPOK

Tema: Tugas Kelompok

Peran/Tokoh:

1. Ketua Kelompok :Aziz


2. Moderator :Maysinta
3. Guru Mapel :Dinasti
4. Guru BK :Fathir
5. Bendahara :Meisya
6. Penjaga printing :Hany (mbak lutfi)
7. Murid-Murid : Leo, Andre, Madek, Syarif, Erina

Ing sawijining dina Bu Guru maringi lare-lare tugas kliping, sak kelas dibagi ana telung
kelompok. Sakben kelompok diwenehi tema sing beda-beda.

Guru : Bocah-bocah! Dina iki nggawea telung kelompok. Kelompok siji nggawe
kliping tentang bencana alam, kelompok loro tentang perkebunan,
kelompok telu tentang otomotif.

Bocah-bocah : Enggeh buk.

Andre : (angkat tangan) Dikumpul aken dinten nopo buk?

Guru : Dikumpulno dina senin minggu ngarep!

Dina pertama kerja kelompok, kanca-kanca nggarap ing omahe Madek, ana bocah sing
ora teka. Senajan wis ditelpon tetep ora ana kabar.

Aziz : (nelpon kanca-kanca). Halo rek awakmu ning endi kabeh? Aku wis ndek
omahe madek.

Syarif : Aku sek ndek dalan karo arek-arek.

15 menit mengko kanca-kanca teka.

Erina : Nang kene wis suwe a jis?

Aziz : Ora sepiro suwe, ana 30 menitan ning kene. Wis jangkep a arek-arek iki?

Madek : Ana sing durung teka.


Aziz : Sapa sing durug teko?

Andre : Ya sapa mane nek gak lakon biasane.

Aziz : Se cobak tilfunen arek e!

Syarif : Sabaro paling arek,e sek nang dalan.

Sakwise 15 menit Leo ket ngabari lek arek e kaet tangi.

Syarif : (nelpon Leo). Halo onok endi awak e?

Leo : Iki aku ana omah, sepurane ya aku kaet tangi turu.

Syarif : Ayo ndang rene dienteni arek-arek.

Leo : Wah koyok e aku gak isok teko.

Syarif : Owalah yaw is mene teko o.

Leo : Iyo tak usahakno. (nutup telpon)

Ing dina selanjute Leo pancet gak onok kabar.

Meisya : Piye rek iki sido urunan piro? Ndang tak print e kliping e.

Madek : 10 ewu a?

Erina : Ojok 10 ewu be’e arek-arek onok sing kabotan, mending 5 ewu ae utawa
2 ewu.

Madek : Iyo wis 2 ewu ae.

Aziz : Leo iki yok opo urunan e? arek e ora teko mane, sopo sing gelem
nalangi?

Erina : Ojok aku rek duekku gak onok.

Andre : Wis aku ae sing nalangi, mene tak uruse nang sekolahan.

Meisya : (narik i duek). Ayo rek uwek urunan e ndang lumpukno.

Sakwis e nariki duek urunan, Meisya budal ing warnet kate ngeprint.

Meisya : Mbak ngeprint. (karo ngekekno flashdisk)


Mbak Lutfi : Jeneng file e opo?

Meisya : Seputar Otomotif

Mbak Lutfi : Iki print-print ane wis mari, total e kabeh 14 ewu.

Meisya : Niki mbak yotrone. (karo ngekekno duek)

Pas wayahe sekolah, Bu Guru melbu menyang kelas banjur ngajar lan nagih tugas
kliping,e.

Guru : Piye rek, tugase wis rampung apa durung?

Bocah-bocah : Sampun bu!

Erina : (mlaku menyang ngarep ngekekno tugas) niki bu tugase kelompok telu.

Guru : Iki melu nggarap kabeh ta?

Erina : Mboten bu, enten setunggal sing mboten tumut.

Guru : Sopo nduk seng ora elok?

Erina : Leo bu.

Guru : Yo wis nduk mbalik o.

Erina : (mlaku ing bangku)

Guru : Leo opo’o kowe kok ora melu nggarap?

Leo : Kulo manton sakit tigang dinten bu.

Erina : Mboten bu, Leo pas kerja kelompok ditelpon kale rencang-rencang
terose keturon.

Leo :mboten bu, kulo lo mantun sakit.

Andre : Halah alesan, awakmu ditelpon syarif ngomonge tas tangi turu.

Syarif : Pret a mbejok duso lo.

Madek : Wes lah jujur o ae

Andre : Koen iku di enak i malah ngapusi, wis gak melok nggarap, urunan tak
talangi tapi malah sak enakmu dewe.
Leo : Maksudmu opo? Gak enak ta? Nek gak ikhlas ngomong o. (mbetek
klambine Andre)

Andre :Opo maksudmu, gelot ae kene

Syarif : Gelut o wis geluto

Andre karo Leo gelut , akhire arek 2 di gowo nang ruang Guru BK karo Bu Guru.

Guru : Wis-wis mandek o ojok gelut, ayo melok Ibu nang ruang BK . (nggeret
Andre karo Leo)

Sakwise totok nang ruang BK, Andre karo Leo ditakoni lan dituturi kale Guru BK.

Guru BK : Ana apa iki bu lare-lare?

Guru : Arek 2 iki mari gelut pak.

Bu Guru njelasno ing Guru BK menehi kedadean ing kelas lan di kongkon nuturi bocahe.

Guru BK : Kowe iku wis gerang kari luluse ojok nggawe perkoro ae. Leo iku yo
ngunu sekolah ojok males-males, engkok akhire yo awakmu dewe sing
nyesel.

Andre & Leo : Nggeh pak, kulo nyuwun sepuro.

Akhire Leo karo Andre damai lan tugase wis rampung kabeh.

Pesan Moral:

Yen diwenehi tugas iku kudu tanggung jawab marang tugase. Opo mane iki tugas
kelompok sing kudu digarap bareng karo kanca-kanca. Lan yen onok masalah iku kudune
dimarekno secara kekeluargaan.

TAMAT

 SEKIAN TERIMA KASIH 

Anda mungkin juga menyukai