Anda di halaman 1dari 6

CATHETAN

1. BASA KUDU ANA UNGGAH UNGGUH BASA KANTHI CARA, ANA


PARAGANE WONG TUWA (BISA WONG TUWA/ IBU BAPAK
GURU/OM/BULIK/BUDHE/ENGKONG/MBAK/MAS)
2. CARA NULIS SERAPAN (WERNA KUNING DIKETIK MIRING),
3. CARANE NULIS ATER-ATER, PANAMBANG , (WERNA IJO, DIGANTI
TULISANE)
4. NULIS JENENG NGANGGO AKSARA GEDHE ( WERNA UNGU)
5. TULISAN BLOCK WERNA BIRU DIBUWANG
6. AMANAT APA?
7. Silahkan direvisi , ditambahi paraga diwasa supaya ana unggah-ungguh basa
nalika omong=ngomong
8. Kalo kalimat e bold trs miring itu dibahasa jawa in trs sg tak highlight merah
dikramain.

Naskah Bahasa Jawa


Tema : Cara Belajarku Luwih Maju
Narator dan Bu Guru: Margaretha Selly D.S 9B/20
Tokoh :
1. Ardhita Pramesti 9B/02
2. Jesslyn Clarissa Teja 9B/18
` 3. Kevin Setiawan 9B/19
4. Olivia Ayu Setiadi 9B/24
5. Theodora Patricia Suseno 9B/27
6. Viola Herfina Putri 9B/30
7. Yosafat Adventio D. 9B/32

Dialog :
Narator : Kaya sing diperintahke bu guru dikon gawe kelompok
belajar, Ing dinten Jumuwah jam 15.00 kelompoke Vio, Ardhita, Patricia,
Tio sarta Kevin, nganakake meeting zoom kanggo sinau Basa Jawa.

(meeting zoom)

Tio : Wilujeng siyang kanca-kanca.

Kabeh : Ya, siyang.

Tio : Saiki ayo padha rembugan kapan meh ajar bareng?


Vio : Kapan padha isa?

Jesslyn : Aku saben dina isa.

Ayu : Aku bisane gur dina Selasa, Kamis, lan Jumat.

Patricia : Aku Selasa karo Rabu ora isa.

Ardhita : Dina Jumat sapa sing ora isa?

Narator : Sasampunipun menika sedaya anggota kendel boten


wonten ingkang omong.

Patricia : Ya wis, dina Jumat wae ya

Kabeh : Yaa.

Kevin : Alah wegah, nggo apa sinau bareng, mendhing dolanan


game online wae luwih seru.

Narator : Sedayanipun ningali dhateng Kevin, nanging boten dipun


rewes amargia kevin biasanipun kados mekaten.

(ing chatan Ardhita, Ayu, Vio, Patricia, lan Jesslyn)

Ayu : He! Deloken kuwi lho, kancamu ta.

Ardhita : Ngawurr dudu kancaku kuwi.

Jesslyn : Heh! Padha ngapa iki? Ngomongke sapa?

Ardhita : Kuwi lho Kevin nganyelke tenan dadi wong, dheweke ki gur
mikirke awake dhewe, ora mikirke kelompoke awak dhewe.

Jesslyn : Oalahh ngono.

Vio : Uwis-uwis, kowe iki aja padha ngomongke wong ing mburi
len.

Patricia : Uwis ayo fokus wae

Tio : Heh! Ngapa kuwi dolanan HP wae, ayo fokus rebugan


dhisik.

Ayu : Oraa, aku ra dolanan HP.

Patricia : Uwis ayo rembugan neh.


Vio : Sesuk Jumat sida ta?

Ayu : Iya sida, sinaune bareng jam pira sidane?

Jesslyn : Bar kelas online rampung wae.

Kevin : Alahh gawe males tenan, mendhing klekaran ing omah ,


apa sinau bareng kaya ngene.

Ayu : Apa ta, yen kowe ra gelem mendhing rasah meluu.

Narator : Kevin rumaos anjrih kaliyan ginemane Ayu.

Ardhita : Terus yen kowe kaya ngono ngapa mlebu kelompok kene?!

Patricia : Sabar, sabar Dit yen sabar disayang Taehyung.

Ardhita : Iyaa, iyaa lha Kevin ki lho marai emosi.

Vio : Sesuk Jumat jam 15:00 ta sidane?

Kabeh : Iya.

Narator : Dinten Jumat pun dugi, piyambake sedaya pun manggihi


ing zoom meeting nanging Kevin telat.

Tio : Piye taa, kanca-kanca ki, iki uwis jam telu lho sida pa ra?

Vio : Sidaa, lha iki lho Kevin kandek mau ditelpon ra diangkat-
angkat.

Jesslyn : Ya wis, tunggu wae 5 menit neh, mengko yen ditelpon


meneh tetep ora diangkat tinggal wae.

Vio : Ya.

(10 menit)

Vio : Iki piye ta, awake dhewe uwis nunggu 10 menit lho, ning
Kevin tetep ora teka.

Narator : Boten dangu sabubar dipun rembag, Kevin ketingal, tanpa


raos pekewuh amargi telat

Kevin : Halooooo kanca-kancaa aku uwis teka


Vio : Heh, Kevin, kowe wis ditunggu ora ketok-ketok, bareng
ngetok, telat.

Kevin : Ya sing gedhe pangapuramu aku telat, mau bar mangan.

Narator : Sinau bareng ing zoom sampun dipunwiwiti.

Kevin : Yaolohh, uwis ya , boseni banget sinau kaya ngene kii.

Jesslyn : Apane sing mboseni?

Kevin : Sinaune ki lho, piye sihh

Patricia : Kok kono ngegas banget sih!

Ayu : Hoo i ngganggu banget.

Kevin : Ya wis ta, sak-sak kuu.

Vio : Lha terus piye?

Ardhita : La karepmu piye ? Iki ya baku kanggo kowe!

(Sak banjure kuwi tio meneng meneng nge chat bu guru kanggo
ngandani kelakuanne kevin.)

Tio : Rahayu sonten bu, kula tio saking kelas 9b

Bu Guru : Iya ana apa nak?

Tio : Gini bu siyos wonten kevin ing kelompok kula,


piyambakipun mengeluh terus uga lumuh-lumuhan katur sinau
kelompok. Kula uga rencang-rencang bingung kedah menapa murih
kevin purun sinau.

Bu Guru : Yaampun, piye iki coba iki tak tegur e muga muga dee isa
sadar lan berubah nak tio,matur nuwun uwis cerita.

Tio : Nggih bu,matur nuwun

(Bali ning pembicaraan kevin lan konco-konco)

Kevin : Aku iki ora seneng sinau, sinau kuwi mboseni ora online,
ora offline ki padha-padha mboseni. Mung buka-buka buku thok,
bukune ya ngono-ngono thok, nggawe bosen. Gurune ya padha
ae ra enak ngajare.
Patricia : Lha terus meh piye neh?

Kevin : Kosek aku di chat bu guru.

Jesslyn : Lha koe ngopo to kok nganti di chat

Kevin : Mboh.

(Chat kevin karo bu guru)

Bu Guru : Sugeng sonten kevin

Kevin : Sugeng sonten bu,wonten menapa nggih?

Bu Guru : Aku krungu saka salah sawijining kancamu, kowe males


sinau.Jujur karo ibu.

Kevin : Waduh, Saestunipun dalem males belajar bu,nyuwun


pangapunten bu.

Bu Guru : Kandhani, apa cara sinau sampeyan kanthi nyata?

Kevin : Kula bosen bu saben dinten mbuka buku kemawon


,mboten wonten ingkang kula pahami.Online ugi buka materi
saking guru guru kaliyan kula mboten saged paham. Mboten seru
pengajaranipun wonten kemawon.

Bu Guru : Jaman saiki sinau kuwi ora gur saka buku thok, iki ki jaman
modern, kabeh-kabeh kebak teknologi. Awake dhewe ya
kudu melu perkembangan teknologi.

Kevin : Niku pripun sih?

Bu Guru : Misale HP mu iki bisa diisi game pelajaran nek ora nonton
youtube kuwi lho akeh materi-materi sinau. Seru banget
cobanen dhisik, akeh animasine lucu-lucu banget. Malah yen
neng internet kuwi luwih akeh wawasane, dadi awake dhewe
isa takon apa wae ing kono.

Kevin :Oh saged mekaten to, Hehehe mboten ngertos kula, yawis
dalem cobi nipun.

Bu Guru : Iya nak,dicoba ya? Moga moga nasehat iki ida mbantu.

Kevin : Nggih bu,matur nuwun.


(Balek ning zoom)

Vio : Piye vin? Bu e ngomong apa?

Kevin : Dikandani aku gen ora males belajar,aku dikandhani


carane sinau kanthi cara sing nyenengake, kaya ndownload
game pelajaran, nonton YouTube ngrembug pelajaran
supaya ora bosen,

Ardhita : Iya bener banget kuwi, mengko lak kowe uwis ra bosen neh
yen sinau.

Kevin : Mulane ngko arep tak coba ,sopo ngerti ana manfaat e
,terus aku ora jadi males belajar.

Kabeh : Nahhh okeee

Narator : Sabubaripun kedadosan kanthi semangat lan tuntunan


saka kanca-kancan, sapunika Kevin lajeng sregep sinau.

TAMAT

Anda mungkin juga menyukai