Anda di halaman 1dari 20

TERAMPIL MICARA BASA JAWI

KELAS INGGIL
DOSEN PENGAMPU : DRS. SUKARDI, S.PD., M.PD.
DENING KELOMPOK 6 :
AMELIA NISA PRATIWI (1401417058)
IDA ELISA (1401417190)
WIRID DHONA (1401417243)
TASYA LABELLA RIZQI (1401417419)
Tema 1 Pengalaman
Nyariyosaken pengalaman ingkang sampun dipunlampahi
Murid nyariyosaken pengalaman ingkang sampun dipunlampahi ngagem ukaranipun piyambak
ing ngajeng kelas, tuladhanipun nyariyosaken pengalaman babagan Liburan Wonten ing
Dalemipun Simbah, Menang Lomba Nembang, Kejebur Kali, Ban Motorku Gembos, lsp.
Maragaaken pacelathon
Murid dipunutus meragaaken pacelathon ingkang sampun dipunwaos ngagem ukaranipun
murid piyambak. Murid meragaaken pacelathon kasebut kaliyan kanca sebangkune.
Tuladha pacelathon ingkang saged dipunpragaaken, inggih punika:
Wacanan pacelathon ing ngisor kanthi patitis, banjur tindakna karo kancamu sabangku nganggo
ukaramu dhewe! Tindak ing ngarep kelas!
Andri : “Bas,aku mau bengi ngimpi kowe. Kowe dadi pocong. Hi...medeni, Bas”

Basri : “Pocong gundhulmu kuwi. Wong mau bengi aku turu angler kok”

Andri : “Tenan kok, Bas. Ning mung neng impenku”

Basri : “Lho kok isa? Critane piye?”

Andri : “Critane aku ki diutus ibu tumbas lilin neng warunge Pak Amat”

Basri : “Terus?”

Andri : “Baline aku liwat ngisor wit tanjung kae lho”

Basri : “Terus?”

Andri : “Ujug-ujug ana pocong mencolot-colot ngoyak aku. Aku mlayu”

Basri : “Terus?”

Andri : “Aku mlayu ketemu kowe”

Basri : “Terus kowe tak critaniyen aku dioyak pocong. Poconge nganggo mori putih, mencolot-colot ngoyak aku”

Basri : “Terus?”

Andri : “Terus kowe ki malih dadi pocong mau. Hi...............”

Basri : “Terus?”

Andri : “Terus-terus gundhulmu.wong dicritani kok..........”

Basri : “Lho lha iya. Dirungoke tenanan kok nesu?”


Tema 2 Pendidikan
Nyariosaken Isine Carios
Murid dipunutus nyariyosaken isi carios ingkang sampun dipunwaos kala wingi ngagem
ukaranipun murid piyambak ing ngajeng kelas.
Yanti lan Bondan
Yanti putrane pak Kartika. Pak Kartika kuwi pegawai bank. Uripe sarwa kecukupan. Kebutuhan sekolahe sarwa cukup kepara malah luwih-luwih.
Kanggo ningkatake prestasine Yanti melu les lan kursus.
Prasasat kabeh mata pelajaran dikursusake. Wiwit saka Bahasa Indonesia, Matematika, IPS lan Bahasa Inggris. Anggone les ana sing sarana ngundang
guru menyang omahe, ana sing melu les ing njaba. Ora maido menawa prestasine ya nyenengke.
Bondan putrane Pak Barna. Pak Barna pegaweyan tukang kayu. Bondan lan keluargane urip pas-pasan. Nanging sanajan kalebu bocah sekeng, nanging
prestasine Bondan ora kalah karo kanca-kancane. Bondan kalebu bintang kelas. Wiwit kelas siji Bondan mesthi entuk rangking. Yen ora ringking 1 ya
rangking 2. Dheweke saingan karo Yanti.
Sakjane Bondan ya kepingen les lan kursus. Nanging ora ana biayane. Aja maneh kanggo melu les utawa kursus, kanggo mbayar sekolah wae Bondan
sok-sok telat. Nanging Bondan pancen bocah lantip tenan. Kanggo nutup kekurangane dheweke sregep sinau lan maca dhewe.
Ing sekolahan Bondan ora tau rame utawa gegojekan. Dheweke tansah nggatekake piwulange guru. Yen ana sing durung ngerti dheweke gage-gage
nyuwun pirsa marang bu guru dina iki. Bengi sakdurunge turu, Bondan sinau lan maca pelajaran kanggo sesuk esuk.
Yen ana wektu luwang, Bondan dolan menyang omahe Yanti saperlu maca utawa nyelah buku. Yanti ya ora kabotan nyilihi utawa sinau bareng karo
Bondan. Sanajan saingan berat, nanging bocah loro kuwi raketbanget anggone kekancan. Bapak lan ibune Yanti ya ora kabotan putrane kekancan karo anak
tukang kayu.
“ya wajar ta dhik, yen kowe juara 1. Wong kowe melu les lan kursus. Jare saingan, ya ora ‘fair’ ta yen kowe ora gelem nyilihi buku. Bondan ora melu
les utawa kursus. Nyatane dheweke pinter. Mula angger dheweke seneng maca silihana buku-bukumu. Sinau bareng. Saingan kuwi ora mung prestasine.
Kekancan kudu tetep apik”ngono ngendhikane Pak Kartika
 
 
Praktek Sesorah
Murid dipunutus maos teks sesorah babagan Pendidikan, tuladhanipun babagan Dinten
Pendidikan, Perpisahan Sekolah, lsp. Lajeng murid praktek sesorah punika wonten ngajeng kelas
mboten maos teks.
SESORAH BAHASA JAWA PERPISAHAN KELAS 6 SD
Assalamu'alaikum wr. wb
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah ugi Bapak - Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi lan rencang - rencang kelas 6
ingkang kula tresnani.
Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung ingkang sampun maringaken sedoyo
nikmat lan kewarasan dateng kito sedoyo dumugi sakmeniko kito sedaya saged kempal wonten ing adicara perpisahan sak
manika.
Kula, wakil saking rencang - rencang kelas 6 ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak / Ibu Guru
ingkang sampun mbulawantah kulo lan sak konco-konco dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun enem warsa.
Mboten keraos kolo lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing
adicara menika, kulo kiyambak tuhu rencang - rencang nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak / Ibu guru amargi
wonten ing enem warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan
ingkang dipun sengojo lan mboten disengojo. Mugi - mugi Bapak / Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo kelepatan kulo lan
rencang - rencang.
Satuhunipun kulo lan sak konco awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika amargi sedoyo ingkang wonten dateng mriki
sampun kados sederek lan kaluargo. Namung amargi kulo lan rencang - rencang kedah nglanjutaken ngangsu kawruh wonten
ing pawiyatan ingkang luwih inggil, kulo lan rencang - rencang kedah saget dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika.
Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun agenging pangapunten.
Wasslamu'alaikum wr. Wb
Tema 3 Kesehatan
Nyariyosaken Isine Carios
Murid dipunutus nyariyosaken malih carios ingkang sampun dipunwaos kala wingi ngagem
ukaranipun murid piyambak.
Buku Hariane Leuwi Laler
 

Halo para sedulur, kenalke ya. Aku Leuwi. Macane Lewi. Omahku ing kaleng susu bekas.
Kampungku ing tempat sampah. Aku laler ijo. Awakku lemu bunder. Wernane ijo mengkilat. Aku
kalebu jenise serangga. Aku ndhuwe suwiwi loro. Dadi aku bisa mabur menyang endi wae. Ning
panggonan sing paling tak senengi nggon bathang lan sampah sing reged mbethethek. Pokoke sing
ambune bacin.
Sikilku ana wulune akeh, dhiwut-dhiwut. Nanging kowe mesthi ora weruh sebab wuluku ki alus
banget. Yen kowe kepengen weruh wuluku, kowe kudu nggunakake ‘kaca pembesar’ utawa
mikroskop. Ning ora sah repot, photoku wis di pajang ing dhuwur kae lho. Nggantheng ta wujudku?
Jane aku ora seneng ndhuwe wulu sikil sing sakmene akehe. Soale yen aku mencok ing ngendhi
wae, wuluku iki mesthi nyorot regedan lan cairan. Dadi ya repot. Mulane kowe rak sering weruh aku
nggosok-nggosokake sikilku ta? Kae aku lagi ngresiki regedan saka sikilku.
Dina iki aku lagi seneng mulane aku gelem crita marang kowe kabeh. Ning ora bisa suwe sebab
aku gek ndang arep golek pangan maneh. Ngene wae ya, kowe tak silihi buku harianku. Wacanen
dhewe. Kabeh kegiyatanku tak cathet ing buku harian. Pokoke komplit lho.
Nanggepi Isine Carios
Arahan kagem guru:
Siswa dibagi kelompok. Sakelompok anggotane 4-5 siswa.
Kelompok maju ing ngarep kelas. Kelompok liyane nakoni. Siswa diajari dhiskusi!
Tuladha:
Kowe wis ngerti critane Leuwi Laler. Pitakon-pitakon ing ngisor iki rembugan karo kancamu! Banjur
rembugen bareng ing ngarep kelas. Saben kelompok menehi pendhapat kelompok liyane nanggapi.
Tamatna polah tingkahe Laler. Banjur critakna papan panggonan sing kaya apa sing paling disenengi?
Laler bisa mencok ing ngendi wae. Coba sebutna panggonan-panggonan sing kerep diencoki laler?
Wetengmu luwe banget. Kowe kepingin jajan. Akeh bakul jajanan nanging jajanane dirubung laler. Apa
kang kotindakake
Saiki kowe wis ngerti asale regedan lan bibit penyakit sing digawa laler. Kepiye caramu nyimpen
panganan supaya ora diencoki laler?
Papan panggonan sing reged kuwi dadi sarang utawa omahe bibit penyakit. Yen pekarangan omahmmu
reged apa sing kotindakake?
Tema 4 Pertanian
Nyariyosaken Isine Carios
Murid dipunutus nyariyosaken malih carios ingkang sampun dipunwaos kala wingi ngagem
ukaranipun murid piyambak.
Wawancara
Murid dipunutus praktek wawancara dhumateng tokoh ingkang kagungan wawasan pertanian.
Wawancara kasebat dipunpraktekaken kalihan kelompok.
Tema 5 Ekonomi
Nyariyosaken Gambar
Murid dipunutus nyariyosaken gambar ingkang dipunparingi guru ngagem ukaranipun murid
piyambak
Tuladha gambar kegiyatan ekonomi:
Maragaaken pacelathon
Murid dipunutus meragaaken pacelathon ingkang sampun dipunwaos ngagem ukaranipun murid piyambak. Murid meragaaken
pacelathon kasebut kaliyan kanca sebangkune. Tuladha:
MENYANG BANK
Bu Guru : “ Rin, sesuk kowe nderek ibu isa apa ora ?”
Rina wati : “ Dhateng pundi, Bu ?”
Bu Guru : “ Yen bisa sesuk kowe arep dak jak menyang bank .”
Rina wati : “ Bank, Bu ? Wah kula ajrihi .”
Bu Guru : “ Wedi ana apa ? Neng kana papane rame .”
Rina wati : “ Lha Inggih punika ingkang kula anjrihi .”
Bu guru : “ Wis kelas papat kok weruh wong akeh wedi , ora perlu wedi ! Ana ibu ngono kok.”
Rina wati : “ Ngaten lho Bu, kula punika dereng nate dhateng bank. Mangke pripun ngaten lho Bu !”
Bu Guru : “ Lho, nang kana iku wis ana pituduhe. Utawa ngene, mengko nek neng kana ora mudheng bisa takon petugas / satpam .”
Rina wati : O, saget nyuwun priksa nggeh, Bu ?”
Bu Guru : “ Isa ta ya. Wong ana ibu kok bingung .”
Rinawati: “ Inggih sampun, kula saget.”
Bu Guru : “ Nah ngono, Ibu seneng.”
Tema 6 Gotong royong
Nyariyosaken Isine Carios
Murid dipunutus nyariyosaken malih carios ingkang sampun dipunwaos kala wingi ngagem
ukaranipun murid piyambak. Tuladha carios ingkang saged dipunginakaken ing tema
gotongroyong inggih punika bersih desa, Jum’at resik, kreteg anyar, lsp.
Nyariyosaken Isi Geguritan
Murid dipunutus nyariyosaken isi geguritan ingkang sampun dipunwaos guru ngagem
ukaranipun murid piyambak ing ngajeng kelas.
Gotong Royong 

Diten libur wunten ing dusun

Satunggalin pakempalan kang tansah rukun

Ingkang dipun rembag perkawis dusun

Bersih lingkungan program kasusun

Gotong royong maju bareng

Nyingkirake lingkungan pepeteng

Supaya tangsah seneng

Hasile indah kadeleng

Kanggo sehate wargo

Gotong royong monggo dijogo

Supaya desa tetep tumoto

Masyarakat urip kanthi rejo


Tema 7 Wayang
Nyariyosaken Isi Pacelathon
Murid dipunutus nyariyosaken malih isi pacelathon ingkang sampun dipunwaos kala wingi
ngagem ukaranipun murid piyambak.
Maragaaken pacelathon
Murid dipunutus meragaaken pacelathon ingkang sampun dipunwaos ngagem ukaranipun
murid piyambak. Murid meragaaken pacelathon kasebut kaliyan kanca sebangkune.
Tema 8 Pembangunan
Nyariyosaken Gambar
Murid dipunutus nyariyosaken gambar ingkang dipunparingi guru ngagem ukaranipun murid
piyambak
Njlentrehaken teks palapuran asil observasi kegiyatan pembangunan
Murid dipunutus njlentrehaken teks palapuran asil observasi kegiyatan pembangunan ingkang
sampun kaleksanan kalihan kelompok.
Dudutan
Ketrampilan micara menika salah satunggaling bagian saking ketrampilan basa jawi. Ketrampilan
mboten pocot saking kauripan manungsa. Ketrampilan micara punika penting sanget kangge
panguripan ing saben dinten. Ing praktek pasinaunan ing saben kelas. Salah sawijining cara guru
kagem ningkataken ketrampilan micara murid SD inggih menika kagem cara biasaaken micara
wonten ing ngajengipun tiyang lan ngangge pembelajaran ingkang inovatif. Wonten
pembelajaran inovatif menika, saged kagem ningkataken ketrampilan micara., saget ugi mendet
tema-tema kinten-kinten murid menika saget mahami cara ingkang nyata ing kauripan
manungsa.

Anda mungkin juga menyukai