Anda di halaman 1dari 3

NDELOK WAYANG

Nama Anggota:
1. Anindita Navitul Khasanah /05 (TATA)
2. Fatimah Nursyifa’ Setiyono /15(SYIFA)
3. Rafli Ardiansyah /24(KIPLI)
4. Syavira Widya Cahyaningati /31(VIVI)
5. Triviah Wulan Ramadani /32(LEPI)

Ing dino sabtu aku lan koncoku ngadakne kerja kelompok garap tugas
bahasa indonesia ing sekolahan, terus ning tengah-tengah garap tugas kipli
ngajak cah-cah delok wayang ning ponorogo ngko bengi
Kipli : Cah.. ngko bengi enek pagelaran wayang.
Lepi: Neng ndi?
Vivi : Neng Alun – Alun.
Kipli :Pie podo melu ora ki?
Syifa lan Tata: Insyaalllah aku melu.
Syifa: Ngko mangkat bareng ya?
Kipli lan Lepi: Yo ngko mangkat bareng bareng
Vivi: Aku dijemput yo tulung
Kipli: Giah (karo gligisan)
Lepi: Iyo santai wae mengko tak susul
Vivi: Avv matur suwun sayang
Kipli: Ewww, ngumpul e nendi ki?
Lepi: Ning omah e Tata ae mengko budal bareng
Tata: Aku mengko telfonen wae ya nek wes podo teko
Syifa:Ta we iso marani aku ra? Aku bareng koe
Tata: Iyo syif ngko tak parani
Syifa: Suwun yaa sayy
Tata : Iyo gampang
Pas wayah bengi jemput Vivi
Lepi: assalamu’alaikum Vivi (karo ngetok lawang peng 3)
Vivi: Waalaaikumsalam melbu o Lep, piye iki langsung budal ning gone Tata ae ya
Lepi: Ayo gas ae, la Kipli mau tak wa arep jalok budal bareng
Vivi: Yowes ngenteni Kipli

Ora suwi bar dirasani Kipli teko ning gone Vivi


Kipli: Woi bareng to budal e
Lepi: Iyo ki mau ngenteni kowe suwi neram
Vivi: Layo, wes ayo ndang budal mesakne Tata ngenteni suwi-suwi
Akhire cah telu mau budal lan teko kuwi gone Tata, Lepi langsung ngetuk pintu lan ngucap
salam
Lepi: Assalamu’alaikum Tata

wes bola-bali diceluki ga enek jawaban garai cah telu kuwi emosi banjur
langsung nelfon Tata
Lepi: Halo we nendi kok ra ning omah aku wes ning mah mu ki
Tata: Loh nyapo kok ning gone mah ku ki? Enek acara opo
Lepi: Piye awakmu lali to arep nonton wayang,
Tata: Ooo, yo nonton wayang ya lali aku
Lepi : Piye to koe ki kok lali, awakdewe wes ngenteni suwi
Tata:Lali aku iki sek neng omahe syifa delok drakor
Kipli: Loh piye to kok lali, awak dewe wes ngenteni suwi barang
Tata :Yo sepurane aku lali,efek seru delok drakor ki
Vivi: Wes ayo diparani neng omahe syifa ae ben cepet
Lepi : Ayo no tiwas kesuen

Lepi lalu menutup telepon lan pergi ke omahe Syifa karo Kipli lan Vivi
Kipli: Tok-tok......... Assalamualaikum
Syifa :Waalaikumsalam lohhh enek opo kok podo rene ki?
Kipli :Leh we lali meh delok wayang?
Syifa :Eh iyoo lali .Maaf yoo
Vivi: La Tata ki neng ndi kok ra metu?
Syifa :Sek asik delok drakor deke
Lepi:Leh pie ki sidane delok wayang ra deke?
Tata: Giah ngapain delok wayang elek mending drakoran.Wayang tontonane wong tua ora
cocok nggo awakdewe.

Kipli sing kepancing emosi ngunggahne suara sitik


Kipli: lapo we omng ngono wi, wayang i ciri khas e wong indonesia. Kudu ne awak dewe ki
ngelestarekne ora malah ngelok-ngelokne sing elek ngono wi
Vivi: wes-wes sabar iki ngko lak malah dadi tukaran (vivi nenangne kipli sing kegowo
emosi)
Tata: karepku to kok kowe sing nesu-nesu arep seneng ora wi kan urusanku duduk
urusanmu,kok kaean omong
Kipli: iyo ngerti karepmu tapi ojo ngasi nelokne sing elek-elek
Lepi: layo bener kuwi ojo ngasi ngelek-ngelek budaya dewe tapi budaya luar dibanggak-
banggakne.
Syifa: wes ta opo sing diomong cah-cah bener, wes ojo padu awak dewe tenah salah kurang
tanggung jawab gek malah ngelek-ngelek budaya ne dewe. Wes saiki ayo podo ngumpul mah
ku ae ben ndang iso budal.
Vivi: nah ngono lo koyok syifa ta, awak dewe kudu luweh iso ngehargai budaya ne dewe
ketimbang budaya luar
Tata: Iyowes sepurane aku salah ya cah wes ayo no gek ndang budal delok wayang selak bar
wayange
Kipli: iyo sepurane yo aku mau rodok ngegas lan kasar
Lepi: Westo iki podo baikan ,gek ayo langsung budal ae
Syifa:Yooo budall

Cah lima kuwi langsung kompak budal ning panggonan wayang

AMANAT: pesan moral e yaiku awakdewe kudu ngehargai perbedaan


kabudayaan seng ana. tapi ojo pernah ninggalkake budayane dewe, amarga
awakdewe kudu ngelestarikake budaya supaya ora punah.

AKAR MASALAH: enek cah lima sahabatan arep delok budaya indonesia
yaiku wayang tapi enek cah loro sing malah ra gelem melu terus ngelek-ngelek
budaya ne dewe

Anda mungkin juga menyukai