Anda di halaman 1dari 3

NDELOK WAYANG

Nama Anggota:
1. Anindita Navitul Khasanah (05)
2. Fatimah Nursyifa’ Setiyono (15)
3. Rafli Ardiansyah (24)
4. Syavira Widya Cahyaningati (31)
5. Triviah Wulan Ramadani (32)
PERAN: ANINDITA : TATA
FATIMAH: SYIFA
RAFLI: KIPLI
SYAVIRA: VIRA
TRIVIAH: LEPI

ing dino sabtu aku lan koncoku ngadakne kerja kelompok garap tugas bahasa indonesia ing
sekolahan, terus ning tengah-tengah garap tugas kipli ngajak cah-cah delok wayang ning ponorogo
ngko bengi

Kipli : Cah.. ngko bengi enek pagelaran wayang.

Lepi : Neng ndi?

Vivi : Neng Alun – Alun.

Syifa lan Tata: Yo aku melu.

Lepi: Ngko mangkat bareng ya?

Kipli: Yo ngko mangkat bareng bareng

Vivi: Aku dijemput yo tulung

Kipli: Giah (karo gligisan)

Lepi: Iyo santai wae mengko tak susul

Vivi: Avv matur suwun sayang

Kipli: Ewww, ngumpul e nendi ki?

Lepi: Ning omah e Tata ae mengko budaal bareng

Tata: Aku mengko telfonen wae ya nek wes teko


Syifa: Ta kowe bareng aku ae ya

Tata: Yo gampang

Pas wayah bengi jemput Vivi

Lepi: assalamu’alaikum Vivi (karo ngetok lawang peng 3)

Vivi: Waalaaikumsalam melbu o Lep, piye iki langsung budal ning gone Tata ae ya

Lepi: Ayo gas ae

Ora suwi Kipli teko ning gone Vivi

Kipli: woi bareng to budal e

Vivi: Ayo iki aku arep mangkat

Akhire cah telu kuwi mau teko gone Tata

Levi: assalamu’alaikum (Lepi ngetoki lawang e Tata tapi ra enek jawaban)

Akhire lepi nelfon tata

Lepi: Halo we nendi kok ra ning omah aku wes ning mah mu ki

Tata: loh nyapo kok ning gone mah ku ki? Enek acara opo

Lepi: piye awakmu lali to arep nonton wayang,

Tata: ooo, yo nonton wayang ya lali aku

Lepi : piye to koe ki kok lali, awakdewe wes ngenteni suwi

Tata: sepurane aku sek ning gone Syifa ki

Kipli: loh kepiye to awak dewe wes ngenteni suwi barang

Vivi: layo ndang muleh o

Tata: giah ngapain delok wayang elek mending drakoran

Kipli: La syifa pie wong e sido melu ga

Tata: La iki wong e lagi ning anding ku, wong e yo wegah delok wayang jare tontonan mbah tuek

Kipli sing kepancing emosi ngunggahne suara sitik

Kipli: lapo we omng ngono wi, wayang i ciri khas e wong indonesia. Kudu ne awak dewe ki
ngelestarekne ora malah ngelok-ngelokne sing elek ngono wi

Vivi: wes-wes sabar iki ngko lak malah dadi tukaran (vivi nenangne kipli sing kegowo emosi)

Tata: karepku to kok kowe sing nesu-nesu arep seneng ora wi kan urusanku kok kowe sing kakean
omong

Kipli: iyo ngerti karepmu tapi ojo ngasi nelokne sing elek-elek

Lepi: layo bener kuwi ojo ngasi ngelek-ngelek budaya dewe tapi budaya luar dibanggak-banggakne
Syifa: wes ta opo sing diomong cah-cah bener, wes ojo padu awak dewe tenah salah kurang
tanggung jawab gek malah ngelek-ngelek budaya ne dewe. Wes saiki ayo podo ngumpul mah ku ae
ben ndang iso budal

Vivi: nah ngono lo koyok syifa ta, awak dewe kudu luweh iso ngehargai budaya ne dewe ketimbang
budaya luar

Tata: iyowes sepurane aku salah cah wes ayo gek ndang budal

Kipli: iyo sepurane yo aku mau rodok ngegas

Lepi: westo iki podo baikan ayo langsung budal ae

Cah lima kuwi langsung kompak budal ning panggonan wayang

pesan moral e yaiku awakdewe kudu ngehargai perbedaan kabudayaan seng ana. tapi ojo pernah
ninggalkake budayane dewe, amarga awakdewe kudu ngelestarikake budaya supaya ora punah.

Anda mungkin juga menyukai