Anda di halaman 1dari 15

( ING ALAM JIN )

Dimaluka : “ Aku kepengen tobat, kepengen duwe bojo. “

Jin 1 : “ Panjenengan pengen mundut garwo? “

Dimaluka : “ Iyoo.. hahaha. “

Jin 1 : “ Mundut garwo, setuju? “

Dimaluka : ” Oh yo setuju! “

Jin 1 : “ Lamper.... “

Dimaluka & semua jin : “ Hahahaha... “ ( joged munyer-munyer)

Dimaluka : “ Aku pengen rumbini. “

Jin 2 : “ sinten? “

Dimaluka : “ rumbini... “

Semua jin : “ rumbini rumbini. “

Dimaluka : “ Hahaha heh delengen sepisan koyo opo ayune putri banyumas. Takjupukno mangkok aji,
delengen. “

Jin 1 : “ Gusti prabu mundut kembang. “

( sabanjure deweke weruh rumbini ing jrone mangkok bebarengan. Ayu banget. Rumbini katon ing
ayang-ayang mangkok aji iku kanti joged katon ayune )

Jin 2 : “ Pancen ayu rumbini. “

Dimaluka : “Ora keno digambarne maneh. “

Jin 1 : “Ayune gusti uleng ulengan. “

Dimaluka : “ Rungokno kabeh. aku ra bakal diterimo, pawujudku koyo ngene. Aku ate semedi in
mandaleko. “

Jin 2 : “ he minggir... “ ( nduding konco-koncone dikongkon minggir. Dimaluka ngilang. )

Dimaluka : “ Bakal kelakon. “( Dimaluka metu kanti rupo kang endah )

Jin 1 : “ Ha? Bakal kelakon opo? “ ( bingung )

Semua jin : “ looo... “ ( nggumun weruh gantine rupo dimaluka. )

Dimaluka : “ Hahahahaha..... he mbereng lan kabeh poro jin, ndak kiro wes pantes ngentuk aking putri
banyumas? Jalaran aku wes membo warna dadi satriya sing bagus rupa. delok en baguse rupaku. Mulo sg tak
jaluk... “

Jin 1 : “ Kados pundi gusti? “

Dimaluka : “ Koe kabeh nderekno marang jumangkahku. “

Jin 1 : “ Woe sampun kuwatos, para dagang ingkang bade ndereake lampahipun panjenengan. “
Dimaluka : “ Ombonggyeh ono kelengangan waktu monggo saiki ugo derekno nggonku mboyong
Rumbini. “

Semua jin : “ sakniki? Dino niki gusti? “

Jin 2 : “ Budaal! “

( Ing kadipaten banyumas. )

Kanjeng sinuwun : “ Asaladi. “

asaladi : “ Sabdo dalem kanjeng sinuwun. “

Kanjeng sinuwun : “ Putriku seng ayu-ayu.”

Asadi : “ Maesto ageng marang panjenengan. “ ( kanjeng sinuwun lenggah ing singgah sana )

Kanjeng sinuwun : “ Asaladi. “

Asaladi : “ Sabdo dalem kanjeng sinuwun. “

Kanjung sinuwun : “ Ugo ing tanah kaum talamuo, wis ono sing golek kayu bandane. Ing solehan wujud
absahan nyelewang pie ha? “

Asaladi : “ Keparengo kulo atur sawetawism menawi icaling rembak kulo ngingi babagan sangkeman
nyuwun agunging saka agunging panjenengan nglithik kanthi gelar ing kadipaten banyumas. Ketelo gemah
arepah loh jinawi sedoyo purun dateng tansah nuku tresno njunjung asma pujiningan ndalem kanjeng
sinuwun. “

Kanjeng sinuwun : “ Hahahahaha.... toh lantaranmu pancen nggarakno bungah e atiku. Taelan mosok ndang
balek mboyong tilani. “

Asaladi : “ Kejali saking menika, katahing para mitra darma, mantri, bupati, sagening para kadang
wonten alun-alun sami ngesanggrah ngeratihaaken bali piyambakipun kepingin amboyonging dumateng inten
putri. Ingken putra pun kusuma ning ayu dewi rumbini. “

Kanjeng sinuwun : “ Akehing wong wakil lanang nom-noman, sopo yo sing gelem karo putriku lan kawin karo
rumbini?

Asaladi : “ Kasunggihan? “

Kanjeng sinuwun : “ Asaladi, eretno lanang nom-noman supaya adeb sakdurunge kawin karo putriku.”

Asaladi : “ Manis pateng dawuh. “

Asaladi : “ Marang siro-siro iku, kono timbalono sopo sing kepingin lubuk ing kasembadan. “

( ngutus abdi )

( Dimaluka mlebu ing panggonan singgasana kanjeng sinuwun. )

Kanjeng sinuwun : “ Hahhahaha asaladi... “

Asaladi : “ Sabdo dalem.”

Kanjeng sinuwun : “ Opo iki wijining sing bakal ngalahi gawe ngemblewahi? “

Asaladi : “ sakirangen meniko. Nawi tasih katah sangapunten sanjangane ningring rangka. Kulo atur
nuwun niki kanjeng. “
Kanjeng sinuwun : “ Ora usah asaladi. He kisanan. “

Dimaluka : “ Dawuh dalem. “

Kanjeng sinuwun : “ saiki aku takon, saka ndi lan sopo sing dadi asmamu? “

Dimaluka : “ Gusti, kula saking sidowaujamah, asma kulo dimaluka. Wantos praulo kantun yak wonten
ing pendapya agung, nanging mboten kiat ngampah harganipun asmoro. Pramira suwun prabu, anggan kulo
sowan adah pornamar. “ ( nyengir. )

( kanjeng sinuwun ngadek lan mlaku mring asaladi. )

Asaladi : “ hahaha.... amar, eh saestu to, eyih. Nyuwun sewu kanjeng.. hmm enggeh enggeh.. hmmm. “

Kanjeng sinuwun : “ Haahahhaa.... “

Kanjeng sinuwun : “ Rumbini.... “ ( mlaku mring singgasana lan nyopo serta mbelai rumbini. )

Rumbini : “ Kanthi mbalek kagung rama. “

Kanjeng sinuwun : “ Tansah ndadak tak kandani maneh, yen osla dae patih dae sing koyok kae, sing kepingin
ayu anti jeneh selamet. Masalahku biyen. “

Rumbini : “ Kados pundi rama? “

Kanjeng sinuwun : “ Aku nggolekno jodoh dadi wong tua, tapi kabeh sliramu terserahmu rumbini. “

Rumbini : “ Rama.. “

Kanjeng sinuwun : “ hmmm? “ ( nganteni penjelasan rumbini. )

Rumbini : “ kula menika sampun mangnutasih, saumpami kula menika putra panjenengan ndaru,
ungkir leres rama. Saumpami kula yaniku rumbini, saumpami kula matyasa, ing ngapunten darus sewu rama.
Rantos ingkang menika, Kula putra panjenengan rumbini, tasih dereng saget menika di boyong. Kula tasih
kepingin piyambak ing sisih rama. Oleh menika rama, Kulo mboten purun di boyong dimaluka. “

Kanjeng sinuwun : “ kue tenan rumbini? “

Rumbini : “ menika leres rama. “

Kanjeng sinuwun : “ Kue tenang ae rumbini. Alon alon ae. “ ( nenangno rumbini kabeh bakal apik-apik ae )

Asaladi : “ dereng rena penggalihipun. “

Kanjeng sinuwun : “ aluka.. “

Dimaluka : “ dawuh gusti. “

Kanjeng sinuwun : “ mesiling sing wes dijangetaken putraningsun, yen putraningsun rumbini, leres ati ora iso
mok boyong. Apik –apik an wae. Sek akeh arek wedok ing njabo kono. “

Dimaluka : “ hah... sinuwun ora leboh ning ati aku yen aku ora bisa mboyong putramu, dewi rumbini.

Yen aku nglamar ora ketampa, banyumas bakal tak dadekno.” ( nunjuk njur disaut kanjeng sinuwun lan
dimaluka. )

Kanjeng sinuwun & asaladi : “ huh ngalih.....” ( ngusir dimaluka saka panggonan singgasana. )

( Dimaluka kembali ke wilayah asalanya. )


Jin 1 : “ gusti prabu, capene boyongan pundi rumbini, kok wajahe langsung lungset. “

Dimaluka : “ hah.....” ( moreng. )

Jin 1 : “ wonten nopo? He konco onok opo iki...” ( takon marang jin liyane. )

Dimaluka : “ hee para jin kabeh...mulai saiki duduhno darma bektimu marang aku. Mergo lamaranku wes
ditolak, centolono kabeh para prajurit kencana banyumas. “

Semua Jin : “ yooooo woyo. “

Dimaluka : “ Ojo disisakno, banyumas kudu ajur. “

( asaladi lan prajurite teko. Ketemu dimaluka lan para jin. )

Dimaluka & semua jin : “ hahahahahaha... asaladi. “

Asaladi : “ keparat. Sangkuman saduku injeh. Metune teko dunyo para jin, laa dak, orah omahmu koyok
buto jin. Iblis koe. “

Dimaluka : “ he patih banyumas. “

Asaladi : “ opo koe? “

Dimaluka : “ Lekno omonganku. Wis mok padakno, sopo sakjane aku? “

Asaladi : “ Ora ije, ora ruh. “

( dimaluka mawujud dadi wajah asline yaiku leak saka golongan jin. )

Asaladi : “ He la tenan to. Pancen iblis koe iku. Yen koe ora sumingkir teko kerajaan banyumas. Hayo
serang! “

( Asaladi dan prajuritnya perang musuh dimaluka lan para jin. )

( rumbini dan para kadange metu. )

( Ing tamansari kerajaan. )

Rumbini : “ Adhi-adhiku kabeh.. “

Adhi kabeh : “ Wonten nopo kang mbok... “

Rumbini : Rama mau wes nimbali to, awakdewe dikon ropyan-ropyan ing taman sari. Sak renging wes
pada ing tamansari, kanggo renging suasana, ayo gek podo ropyan-ropyan kabeh. “

Adhi 1 : “ Hm kudune panjenengan. “ ( nduding isin-isin rumbini. )

Rumbini : “ He kok njur aku? “

Adhi 2 : “ Kan panjenengan seng tuwa kang mbok. “

Rumbini : “ Ooh seng tuwa kon ngekei conto? “

Adhi 2 : “ Enggeh. “

Rumbini : “ Nanging kabeh kudu iso nyonto lo. “

Adhi 1 : “ Ho o.. kang mbok. “

Rumbini : “ Saiki, kang mbok e seng nari samian seng nyanyi yo dhi. “
Adhi 3 : “ Ho o kang mbok. “

Rumbini : “ Tenanan lo. “

Adhi ragil : “ Ho o kang mbok. enggeh. “

Rumbini : “ Iki seng ragil ojo njur ngapusi aku. “ (madep ing adhi ragil. )

Adhi ragil : “ nggeh pokoe lek njenengan melu ngeten-ngeten kulo yo melu ngeten-ngeten. “ ( njoged-
njoged centil. )

Rumbini : “ Apane sg ngono-ngono kui? “

Adhi ragil : “ Nggeh niku,.... “ ( nduding mburine rumbini. )

Rumbini : “ Hihi.. yowes njur saiki aku sg njoget samian kabe sg nyanyi yo. “

Adhi kabeh : “ Enggeh kang ,mbok. “

*(nyanyi dan menari)

Mbok rumbini : adhi-adhiku kabeh.

Adhi- adhine : nggih kang mbok

Mbok rumbini : nyanyine sampek semene wae yo

Adhi-adhine : enggeh, ana opo to mbok ?

Mbok rumbini : ”Atiku rasane loro lan gak penak banget

( jin buto ngrasuki rogo Mbok Rubini, sakala Rumbini semapot. Nangig sawise iling, rumbini ora iso
ngendalekne awakke kaya wong edan.)

Mbok rumbini : “hahaha” ( ngguyu )

Adhi adhine : “Mbok Rumbini? Ono opo to ki? “ ( bingung )

Mbok rumbini : “Minggir aku arepe macak”

( Ramane Rumbini teko lan bingung marang kahanane putrane)

Adhi-adhine : “Ramaaa.....rama “

Rama : “Ana opo kenduk?”

Adhine rumbini : “ Katawisan Rama ? “

Rama : “Katawisan opo ?”

Adhine rumbini : “Menika lo Rama kang mbok rumbini.”

Rama : “Ono opo iki kok nganti ana kedadean kaya ngene iki?”

Adhine : “sekecaaken kulo wau dolanan kalih mbok rumbini lan liyane rama.”

Rama : “Pasopati piye iki? rumbini-rumbini , iling kendhu. Pasopati mundak ngisin ngisinake ndek
kadipaten banyumas.”
( Ing tengah alas )

Manuswaro : “Jagad . rumongso nggonku kedosan marang parang suwari yo kathah , dino kalendi kowe
tak tinggal paraswari.”

Paraswari : “Dor! Kangmas Manuswara ki piye to? Neng ngarep smean konco karo aku , bakal golek kayu
bakar neng tengahe alas. Samian ngapusi to kang mas.”

Manuswaro : “Kowe ngerti maksudte?”

Swari : “ngerti , samian arep golek penggawean neng Buto Rojo. milu to kang mas”

Manuswaro : “...Kang mas oleh pejuh penjanging urip pingen muliyakne kowe.”

Swari : “ Emoh aku melu, aku yo kepingen eroh Buto Rojo lo kang mas”

Manuswaro : “Buto Rojo ki adoh, Buto Rojo ki adoh, kowe jek bocah timur”

Swari : “Emoh, yen ora melu aku emoh”

Manuswaro : “Ojo wani, wani kowe! “

Swari : “Emoh aku melu, aku melu yo kang mas”

Manuswaro : “Yen kowe tetep teguh marang kekarepanmu, kowe ora wedi lara? kowe ora wedi mati?
Kowe ora wedi mati !” ( nggepuki Swari)

Swari : “Aku melu, aku melu kang “ (nyenyuwun)

Manuswaro : “Mumpung ana ing papan kene, salah sijine antarane kowe karo aku ana seng mati, luwih
becik kowe bali. Mesakke Rama, mesake Rama!”

Swari : “Banjur bene dusone kula luput ing sampean ?”

Manuswaro : “Kowe ora luput. Swari!

Swari : “ La samian tego nyepelekne aku, aku kancamu yo kang. Aku melu..emoh aku melu.“

Manuswaro : “Tak tegakake panggonku midono karo kowe, swari !!! mamben kekarepanku, ora ngerti
watakku, marang sworo? Tak tegakke ! tak coklek sukumu. SWARI... !!!!”

Swari : “ Kang mas.... kang mas... kang melu kang...”

( Swari terus nyeluki Manuswara sing ninggalake ing alas, sabanjure tanpa dinyono ana macan saka
walik kayu lan nyakar-nyakar Swari)

Swari : “Kang melu tooo..... Kakang Mas Anuswara tego sampean ngenekne aku yo.
Kakang Mas Anuswara aku medi kang”

( ing gubug ing desa )


Bodes : “halaaaah haallaaaah”

Benyet : “olahraya”

Bodes : “kesel.. kesel awake aku iki”

Benyet : “he apik kabare?”

Bodes : “yo podo seger waras, bendino yo petuk kowe, wes weruh”
Benyet : “yo ne aku iki krungu kabar lo”

Bodes : “kabar opo?”

Benyet : “jarene bojone samean iki babaran”

Bodes : “oo iyo ndue anak, nglairno”

Benyet : “oo nglairno”

Bodes : “iyoo”

Benyet : “yo rupo arek?”

Bodes : “ora, tekek, yo rupo arek”

Benyet : “ yo tak kiro arek, yo menehe arek metu jenggote lak”

Bodes : “ora, ning aneh”

Benyet : “aneh e opo?”

Bodes : “isuk mau jam 6 nglaerno, saiki bobot meneh”

Benyet : “jam 6 nglaerno, saiki bobot meneh, iki bojene sampean ki opo to” ( kaget banjur
mastekno )

Bodes : “la kempes niku nopo”

Benyet : “oh ke enk susulan”

Bodes : “oo ngono”

Benyet : “la terus pie kabare smpean?” ( nakokno kabar )

Bodes : “ndue anak pirang pirang, la terus aku njluk tulung ng konco, yo nggonku golek pangan ki
mergo hubungan”

Benyet : “laiyo untuk gesekan”

Bodes : “laiyo mbok menowo amu ndue pegawean dijak aku” ( nyinyuwun )

Benyet : “smean ki gurung ndue pegaean, nganggur. Anak akeh, makani keluarga, nggoleki nafkah,
gurung megawe ojo kuatir jenenge konco yen konco susah, melok susah”

Bodes : “yo iku sg tak arep-arep, konco koyo iku”

Benyet : “tapi ngene lo, iki kerjoane golongane kasar, kerja berat ning bayarane ki lancar”

Bodes : “ning halal”

Benyet : “seratus persen halal”

Bodes : “yo gelem aku”

Benyet : “iki kuli bangunan”

Bodes : “lah gak opo opo”


Benyet : “tenan? Seng lowongane ki enek pengadaan kapur”

Bodes : “oo ngono, iyo wes gak opo opo sng penting entok duik”

Benyet : “ning ngene ono sarate, bosku iku ki uduk wong kene, uduk wong jowo, wong teko luar jowo”

Bodes : “teko wong luar jowo”

Benyet : “omong jowo ki ora paham, kudune yo nganggo bahasa, Bahasa Indonesia paham?”

Bodes : “iyo wes tau sekolah”

Benyet : “lk ngono gampang. Sarate, mlebu sret pak kesini saya mau minta kapur, ngono tok diterimo”
(nyontohno gayane ketemu juragan)

Bodes : “yo kui sarate golek gawe?”

Benyet : “sarate iku tok, ditrimo, entok duik”

Bodes : “yo ngono konco ngekei barang seng gampang”

Benyet : “iyo gampang, neng sarate kudu di cobak sek, nko neng kono ben ora ngisin ngisini”

Bodes : “ng kono?”

Benyet : “kowe ng kono, bose ng kene”

Bodes : “Pak, saya kesini mau mau minta kapur Pak... lapindo teko”(kaget amargo disawur kapur)

Dagelan : Dari sabang sampai merauke(nyanyi)”heh”(kaget)

bodes : “opo opo?”

Dagelan : “raimu kok iso remek ki nyapo we?”

Bodes : “remek remek ndasmu gundul”

Dagelan : “kok iso ndas gundul ndas gundul”

bodes : “wong megawe pateng golek duik neru kancane”

Dagelan : “oo awakmu ki megae to?”

bodes : “megawe sampek koyo ngene”

Dagelan : “megae kok rai iso remek ki megae opo?”

bodes : “rai remek rai remek ndasmu, bayarane gede, kowe gak butuh duik?”

Dagelan : “sopo?”

bodes : “kowe”

Dagelan : “lha pie to, lha awakmu kui jenenge menungso ki yo butuh duik, butuh mangan”

bodes : “oo ngono, gelem melok aku?”

Dagelan : “yo gelem timbangane aku kelontang lantung ae”


bodes : “bayarane ki sakminggu rong juta”

Dagelan : “ha? Ngrampok opo pie kui”

bodes : “ogak, kuli bangunan”

Dagelan : “yo timbangane aku nganggur mbok aku dijak”

bodes : “yo ngene ya, iku enek sarate, jare bose ki teko luar jawa gak biso ngomong jowo ogak iso
ngomong banyuwangen”

Dagelan : “kudu bahasa Indonesia no, halah sarate kudu biso bahasa indonesia”

bodes : “ngene sarate, pak saya kesini mau minta air, dadi kowe ki tak bagei bagian pengairan, tukang
njukui banyu, gelem?”

Dagelan : “gelem aku iso”

bodes : “lek gelem teko kono mrene, latian disek”

Dagelan : “gampang bayarane seminggu rong juta, iki jelas iki penak megawene... Pak saya kesini mau
minta air”(kaget amargo disembur banyu)

Benyet : “hahahahahahah.... ha halo”

Dagelan : “hoe pie kabare? asem”

Benyet : “ketemu konco ki seng apik”

Dagelan : “konco apik konco apik pie to, kowe salaman ketemu konco jan iso mbanting”

Benyet : “sek sek sek sek” (kelaran)

Dagelan : “nyapo?”

Benyet : “wih... wajahmu berkeringat”

Dagelan : “oh aku mari megae, megae rong juta seminggu”

Benyet : “entok duik?”

Dagelan : “sopo? Wong jenenge megae ki oleh duik”

Benyet : “mbok aku dijak to”

Dagelan : “hah kowe ki opo iso, modelmu kui lo model koyo teletabis”

Benyet : “yo dicoba sek be e aku iso”

Dagelan : “tapi ngene neng gae sarat ki dudu teko ijasah ki ora”

Benyet : “sarate opo?”

Dagelan : “sarate ki kudu iso berbahasa indonesia, masalae ngene wonge kui dudu wong jowo ngene
iki”

Benyet : “luar jawa?”(cekakaan)

Dagelan : “kudu iso bahasa indonesia”


Benyet : “yowes yowes aku melok, saiki ayo”

Dagelan : “nyapo we? Kudune sarate kudu iso bahasa indonesia”

Benyet : “aku iso wes”

Dagelan : “kowe ki didudui carane koe ki lambe ndombleh ngono iso, sarate ki kowe nko teko kene sret
rono, nah nko ng kono enk juragane, bagiane tak bagei njumuk kapur”

Benyet : “kapur? Iyowes”

Dagelan : “teko kene langsung....”

Benyet : “hehehehe hu..... selamat malem Pak” (cenngingisan)

Dagelan : “monggo”(kenekan kapure dewe)

Dagelan dan Benyet : “merdeka”

Benyet : “merdeka pak”

Dagelan : “merdeka merdeka ndasmu kui, lakok iso merdeka kilo, urong agustusan kok merdeka tak
kampleng raimu” (ngamuk-ngamuk)

Benyet : “sarate iki mau lo”

Dagelan : “sarate opo?”

Benyet : “ngomonge pie?”

Dagelan : “minta kapur”

Benyet : “minta kapur ngono”

Benyet : “permisi pak, hormat grak”

Dagelan : “we tak kampleng pisan we nko” (kenekan kapure dewe meneh)

Benyet : “kampleng kampleng pie to”

Dagelan : “kampleng kampleng pie... pak saya minta kapur... iso po ra?” (nyentak)

Benyet : “ngono tok? (jegigisan)

Dagelan : “iyo awas we”

Benyet : “selamat malam pak, saya kesini ada perlu pak”

Dagelan : “perlu apa?”

Benyet : “saya kesini mau minta kabur” (Bodes lan Dagelan kenek kapure dewe)

bodes : “ kapok kowe... lakok malah kenek aku ki sopo to yo... oo bodes i.. kowe nyapo nyemprot aku
kowe”
bodes : “lha seng tak semprot iki mau lumrah e benyet og... arek iki mau ndi”

Benyet : “sek sek sek sek.... sabar sabar...”


Dagelan : “kowe ki nyapo.. tak antem ora kenek nyapo kowe”

Benyet : “seng gawe masalah iki mau aku, provokatore ki iki”

bodes : “oalah provokatore ki kowe”

Dagelan : “saiki ngene ora usah ngajak guyon, iki ndorone mau kesusahan”

Benyet : “kesusahan opo?”

Dagelan : “wes ayo saiki timbangane nganggur ayo rawuhi... ranti gawe lha kae”

bodes : “begawan”

(Bapa lan Putrane nyambangi ing gubug ing desa)


bodes : “oo niki wau tanggung jawab kulo” (sumringah)

Dagelan : “mantun seneng seneng”

bodes : “timbangane nganggur”

Werdiningsih : “katimbalan kulo bopo”

Bapa : “jajal neng koyo ngopo to ngger kok ngewangi menggung pendak kolo woso noring
padepokan”

Dagelan : “bopo yen panjenenganpuniko ngertos artonipun putro”

Bapa : “kersa ngendi?”

Dagelan : “kulo pengen nggadahi golekane kang saget nangis lo bopo”

Bapa : “golekan seng biso nangis” (negesake)

Dagelan : “golekan seng iso nangis, lha opo yo enek”

Bapa : “wes tau weruh?”

Dagelan : “nggeh dereng”

Dagelan : “ora kui bopo”

Bapa : “ngger prejiningsih, anak polah bapa kepradah, wes ono pestine, yen karepmu mengkono
ngger, ayo saiki ngayam alas mlaku luwih mnowo ono panggonan kang apik nemu seng diarani golekanak
esemanggis”

Benyet : “yo monggo kulo derekaken”

(Ing tengah alas)

(Swari nyeret awake amargo ora biso mlaku ing tengah alas lan ketemu marang Bapa lan liane)

Swari : “kakang mas anuswara” (nangis-nangis amargo kelaran lan ditinggal kadange)

Werdiningsih : “bapa iku lo golekane kanh nyoto panjenengan” (nyinyuwun marang bapa)

Werdiningsih : “iki seng diarani anuswari”

Bapa : “matur panembah bapa”


Werdiningsih : “kulo langsung dateng panjenengan”

Bapa : “ngger.. sopo jenengmu ngangen nganggo sawetawis”

Swari : “Bapa pilih panjenengan, kulo ndueni asama marangswari”

Bapa : “manganswari? Saka ngendi ngger?”

Swari : “mijil saking pertapan cemorosewu”

Bapa : “saka petrapan cemorosewu, nganti kedadean koyo ngene mau jane ono opo to ngger?”

Swari : “Bapa sedoyo kala saking kedonyo nipun kadang kulo kang mas anuswara, ing nalikone
ngajeng ndereaken mlampah ingbuto rojo, lantas kulo diceklekno, kulo nyuwun kawasa dateng panjenengan,
mugi panjenengan kerso paring wisodo dateng kulo bapa” (cerito ambi mringis amargo kelaran)

Bapa : “nko disek... iyo iyo ngger sabar disek to”(dieret eret putrine)

Bapa : “anuswari, aku gelem nampani penjalukmu, ning kosokbalen yo ngger, mengko lek wes
penjalukmu jangkep, kowe kudu gelem mengku marang anakku”

Bodes : “nggeh purun mawon”

Swari : “dumateng kulo saget sareseting branipun saroning kados nopo kulo songgah anglampahi”

Bapa : “yen to karepmu ngono ngger tak solahke marang kersene gusti kang moho agung kang
tumahjati yo ngger” (hunus pusaka)

Swari : “aduh aduh”

Benyet : “jajal jajal jajal”

(ora dinyono Swari biso lumaku kaya wingiuni)

Werdiningsih : “kulo twas mboten saroto”

Bapa : “ngger marangswari”

Swari : “dalem bapa”

Bapa : “sawise paloyo remahjati ugi gowonen dawuhe bapa yo ngger”

Swari : “bapa, sepindah kulo ngaturaken pinpan pepepindan rehne sampun ngwehne sodo dateng
kulo bapa”

Bapa : “yen tumengko kui darmane satrio ingkang utomo kukui warga negoro marang batinku yo
ngger, yen to mengkono saiki tujuanmu nang kene opo?”

Swari : “Bapa nyetosipun kulokinten tasih kepingin sanget cecaketan kesahrikitan kadang kulo kang
mas mangaswara, pramilo sami meniko bapa, kinten kalenggahan kulo badhe pandi wonten pundi babagan
kadang kulo kakang mas manuswara”

Bapa : “iki kudu digandeng”

( Ing kadipaten banyumas. )

(Ing Kadipaten Banyumas manuswara ngleboni sayembara musadani Rumbini)


Patih : “sabdo dalem pangestu”

Kanjeng Sinuwun : “yen to tak sawang, swarane dudu pawarso ing kadipaten banyumas iki cetho bocah
kang ing padepokan”

Anuswara : “kaluhuran kanjeng”

Kanjeng Sinuwun : “yen ngono tak dangune dhisek.. he kisanak yo kene siro wani miyak marang aku
kadipaten banyumas... kono ingkang minongko”

Anuswara : “ngapunten dalem sewu jeng sinuwun, keparingo matur lebih ing deduko sowan kulo meniko
sanes kewatos keporo dapur kapipaya yogi, pepak sowan kulo wonten ngarsa dalem, linggah wonten pendawi
agung namung mirengaken kraton banyumas wonten salah setunggiling utawi adeg giri patembung, meniko
kulo ingkang badhe nglep temboyo”

Kanjeng Sinuwun : “hahahaha cetho seng nggeboi patemboyo bocah ing padepokan”

Patih : “tartentu saget paloyo”

Kanjeng Sinuwun : “ning asmamu sopo?”

Anuswara : “kulo ingkang paring asma malangswara”

Kanjeng Sinuwun : “asline kowe kudu mangerteni sarat saranane seloso pon patembayan ingsun, yen to
iso ngusadani bakal tak sandingake marang putranisun”

Anuswara : “sarat saranane punopo?”

Kanjeng Sinuwun : “sarat saranane yen kowe biso musadani putraningsih, kowe bakal taklepake marang
dewi rumbini, sg kepindo yen to ora biso musadaning putraningsih kowe bakal tak hukum gantung ing alun-
alun kae ben ditonton kawulaku”

Anuswara : “sampun dados anteping manah kulo, ugi njalari sedyo kulo teng sinuwun ugi kepanggih,
enten kalenggang meniko kulo sanggah musadsaning dateng putro panjenengan”

Patih : “pun aturi”

(Kanjeng Sinuwun ngutus putrane nimbali Rumbini)

Kanjeng Sinuwun : “putroku koyo ngeneki.. he malangswara nganjuk ing nggonmu nenandang”

Anuswara : “sopah prastyo kulo njeng sinuwun, mangke kulo mboten saget musodoning dateng gerahipun
putro panjenengan dawuh, jiwo rogo kulo taruhane”

Rumbini : “aku aku aku” (mbengok-mbengok)

Kanjeng Sinuwun : “ndok.. cah ayu” (nenangake Rumbini)

Rumbini : “emoh.....” (gulung-gulung)

Patih : “jebul lenggahken ke mawon sinuwun”

Kanjeng Sinuwun : “lenggah-lenggah kene”

Patih : “ora mesakke?”

Anuswara : “nuwun sewu. Sedoyo panjenengan sakseni, bilo mangke kulo mboten saget, jonggo kulo”
(hunus pusakane)
Kanjeng Sinuwun : “aku sing nyakseni”

Anuswara : “gusti kang moho agung, kulo nyuwun palilah panjenengan, nintanono ing pusoko meniko
gusti. Jiahhh” (nyuwun palilah marang gusti)

Kanjeng Sinuwun : “lenggah kene”

Anuswara : “mesti waras”

Anuswara : “kulo.. mesti waras. Kulo dawuh kulo dawuh”

Patih : “kawin”

Anuswara : “lha waras to, waras to”

Kanjeng Sinuwun : “ojo ngono yo nduk, lenggah lenggah kene. Kowe ki putri adipati”

Anuswara : “sepindah maleh. Jiaahhh” (hunus pusakane maneh) (digepuki marang Rumbini)

Kanjeng Sinuwun “tak wehi ingan sepisan engkas, yen ora biso ngesadani, tak hukum gantung kowe, yen
sanggup nambani kudu ditenani”

Anuswara : “jiaah. Waras lho kulo kulo malangswara” (nggyu)

(Anuswara ora biso musadani Rumbini lan bakale dihukum gantung. Bapa, Swari, werdiningsih lan
liane dhateng mring Kadipaten Banyumas)

Kanjeng Sinuwun : “lupute romo ki opo? Nuwun sewu, wonten wigatos nopo”

Bapa : “mrikso tumlatah sing biso musadane putro jenengan kui bakal di pasangake marang putrane
seng jenenge rumbini, opo iyo to?”

Kanjeng Sinuwun : “wonten pitutone yen biso bakal tak pasanganke marang rumbini ning en gak iso
bakal digantung ing tengahe alun-alun”

Bapa : “ngger pupune putrane adipati banyumas yo ngger, mesakke seng lagi gerah” (ngutus Swari)

Kanjeng Sinuwun : “mugo-mugo tansah kinaburan marang gusti kang maha agung”

Swari : “paringi pangestu”(nyuwun pangestu marang bapa)

Kanjeng Sinuwun : “kasembakan panjakanmu yo ngger”

Anuswara : “aku kakangmu anuswari, malangswara” (nimbali Swari)

Kanjeng Sinuwun : “ati ati yo ngger”

Kanjeng Sinuwun : “lungguh seng apik”

Swari : “pusoko priyanggano, ingsun njaluk senjata pitulung marang siro, wehono marah pusadane,
wes kabeh poro lelembut jin”(hunus pusakane)

(jin ing ragane Rumbini metu)

Kanjeng Sinuwun : “kaparingan gedhe panariman isun yo ngger, umpomo ra ono sliramu, anakku dadi
opo”

Swari : “suwun gusti, sedoyo namung saget ngaturaken, nanging kulo badhe madosi dateng kadang
kulo kang mas malangswara”
Kanjeng Sinuwun : “ngupadi kang masmu? Sopo asmane ngger?”

Swari : “ kang mas malangswara”

Kanjeng Sinuwun : “oooo seng ngleboni patembayan mau kae kang mas e si malangswari iki” (kaget)

Patih : “dados malangswara meniko kadange malangswari, yen ngoten mboten kedahipun di
merjayani”

Swari : “paduko sinuwun, nyuwun kerso marang kadang kulo kang mas malangswara” (nyuwun
pangapunten marang sinuwun)

Kanjeng Sinuwun : “ra usah di pidono? Kadekan sandrane kui”

Bapa : “ing ngarep, sopo sing biso musadani bakal dikaupake maran putro dalemipun”

Kanjeng Sinuwun : “lo injih. Nopo ingkang tumut wonten patempoyo, si bocah ingkang asmo
malangswari mboten nintik betariku”

Bapa : “ora ora usah, ing ngarep wis tak kandani wes ono jodoe dewe-dewe, mejar soko padepokan”

Kanjeng Sinuwun : “opo yo ngono ngger?”

Swari : “leres dawuh kanjeng bapa gusti”

Kanjeng Sinuwun : “percoyo aku” (nggepuk pundake Swari)

Kanjeng Sinuwun : “kelakonono metu tenan”

Anuswara : “hahaha”

Kanjeng Sinuwun : “yo sujune ono kadange bebeg seng apik”

Bapa : “nuwun sewu, yeng wes kepareng krono kono mau wes........

(Ing pungkasane Manganswari nduweni garwo kang asmane Werdiningsih lan kadange, Malangswara
ndueni Garwo kang asmane Rumbini...)

Anda mungkin juga menyukai