Anda di halaman 1dari 8

TEMA : Kebudayaan

JUDUL : Lelakon Tresna

DURASI :

PEMERAN : 9 orang

PENOKOHAN :

1.) Faza : Ajeng


2.) Yuana : Sari
3.) Salma : mak romlah
4.) Refey : Gumilang cokroatmojo
5.) Difa : Damar
6.) Anggi : putri
7.) Aidha : Isma
8.) Rahma : Ayu
9.) Marsha : Rani

Mak romlah : “byoh byoh byoh.. nduwe anak loro wes gerang kabeh podo urung enek seng rabi,opo

Ape dadi perawan tuek to iki.”

Sari : “yo kosek to mak,sabar. Wong yo rung enek jodhone.”

Mak Romlah : “sabar,sabar. Koe karo mbakmu i pancene oraiso dijagakne. Opo maneh mbakmu kui,
panggah ngurusi tari ae,penghasilane yo ora sepiro.”

Ajeng : “mak,aku kui nglatih tari ora gur pengen ngolehne duit. Tapi,aku yo nguei ilmuku
marang arek-arek supoyo arek-arek tur ora lali karo kebudayaan e dewe.

Mak Romlah : “yo lek ngunu carane pie ndang gelis sugeh.”

Ajeng : “sakjane aku yo wes nduwe calon mak”

Mak Romlah : “tenan e?tapi,sugeh opo ora?.”

Sari : “hus,mak sampeyan iki ngomong opo to. Durung ketemu kok wes ngunu. Syukur lek
jodone mbak ajeng kui wong beneh. Yoweslah aku tak budal neng pasar sek,selak awan engko .
Assalamualaikum”

Mak romlah,Ajeng : “waalaikumsalam.”

Mak romlah : “eleng yo jeng,golek jodho seng sugeh,ben adewe sekeluarga urep e ora gur ngene
terus.”

Tok..tok..tok..

Damar : “Assalamualaikum…”

Ajeng,mak romlah : “waalaikumsalam.”


Mak Romlah : “kono jeng inguk en sopo.”

Ajeng : “eh mas Damar.”

Damar : “iyo dek,oh iyo iki titik gawe mak.”

Ajeng : “opo to mas Damar iki kok repot-repot. Suwun yo mas,ayo mlebu.”

Damar : “iyo dek”

Ajeng : “Mak,kenalno iki mas damar.”

Mak Romlah : “loh jeng,aku ra rumongso nyeluk tukang servis,sopo iki?”

Ajeng : “hus mak,iki ngunu uduk tukang servis. Iki mas Damar,calonku. Oiyo mak,iki teko mas
Damar”

Damar : “Mak,tepangaken kulo Damar.”

Mak Romlah : “sek,sek,sek…. Rene jeng.”

Ajeng : “enek opo to mak.”

Mak Romlah : “jeng, awakmu kui guyon to?wong mbledagus koyo ngunu ape dadi mantuku?

Ajeng : “hus mak,oraoleh muni ngunu. Mas damar kui wong apik mak,pengertian lan gati karo
aku.”

Mak Romlah : “ora ora ora,raiso jeng. Delok en to jeng pacaane wes buluk,terus rene mek nggowo
gedhang,opo ape dipangani gedhang terus sok lek rabi.”

Ajeng : “Mak,niate mas Damar rene kui apik.wes, saiki sampeyan lungguh disek njagongi mas
Damar. Aku tak nggawekne wedang sek.”

Ajeng : “Mas,tak gawekne wedang sek yo.”

Damar : “yoalah dek,ndadak repot-repot.”

Ajeng : “halah,ora mas.”

Mak Romlah : “kok yo ndadak muni repot-repot barang,sanune,awakmu rene kui mek njaluk wedang
to?”

Damar : “saestu mboten mak,kulo mriki badhe silaturahmi kalih nyuwun ijin badhe nglamar putrine
panjenengan,Ajeng.”

Mak Romlah : “byoh byoh byoh,kok neko-neko. Awakmu nduwe opo wani nglamar anakku.”

Damar : “Ngapunten mak,kulo mboten gadhah napa-napa,namung banda awak.”

Mak Romlah : “bang bayik,ngunu ape nglamar anakku. Ora iso,pokok lek maharmu ora gede,orasah
ngrabi anakku.”

Damar : “tapi mak,kulo pun tresno kalih putrine panjenengan.”

Mak Romlah : “la opo anakku lek rabi karo awakmu ape mok pangani tresno tok. Wes ngene, saiki
awakmu balik o selak digoleki makmu,orausah rene maneh.”

Damar : “tapi mak..”


Mak Romlah : “ wes kono kono”

Ajeng : “Loh mas iki lo wedhange.pie to mak”

Mak Romlah : “wes kono ombenen dewe,wonge selak ngarit.”

Ajeng : “pie to jane mak e iki.”

(suara telpon)

Mak Romlah : “beh soponeh iki,HALO!. Iyo aku,sopo iki?woalah yu Darmi juragan kambil kui
to?,enten nopo yu?Anak e sampeyan nggolek jodo? ”

Mak Romlah : “dadi ngene yu,aku nduwe anak prawan seng uayu,bocae yo nggolek jodho,yo
menowo cocok.”

Mak Romlah : “wo ape rene yu?hooh hooh tak enteni,yowes yu suwun ya.”

Mak Romlah : “beh iso sugeh tenan iki aku lek Ajeng rabi karo anak e yu Darmi.”

Ayu : “Assalamualaikum,mbak Ajeng…”

Mak Romlah : “Waalaikumsalam.”

Putri : “mak,mbak Ajeng e teng pundi nggih?niki kulo kalih rencang-rencang bade latihan nari.”

Mak Romlah : “neng njero bocahe. Oh iyo,ra sui iki,Ajeng wes ra bakal nglatih nari maneh.”

Isma : “loh,enten napa mak kok ngoten.”

Mak Romlah : “yo soale Ajeng bakal dadi bojone wong sugeh. Yowes mlebuo tak celukne Ajeng sek.”

Rani : “lek mbak Ajeng wes ra dadi pelatih nari terus pie nasib e adewe cah.”

Ayu : “adewe kudu ngomong karo mbak Ajeng.”

Ajeng : “rek…wes teko”

Putri : “eh iyo mbak.”

Ajeng : “yowes,ayo gek ndang dilekasi.”

Isma : “ayo cah atur posisi.”

(Nari)

Ajeng : ji,ro,lu,pat,mo,nem,tu,pan

Ajeng : “ayo,mendak e, Putri awak e kurang lemes. Ayu ojo sampek lali gerakan e lo. Isma
ekspresine. Rani fokus.”

Ayu : “Alhamdulillah wes mari,mbak Ajeng aku lan cah-cah ape takon…”
Ajeng : “takon opo yu?”

Putri : “dadi ngene mbak,mau….”

Gumilang : “Assalamualaikum…”

KABEH : “Waalaikumsalam”

Ajeng : “HEH! Awakmu sopo?teko-teko ngrangkul,ra sopan!”

Rani : “bener Ora sopan! Opo sanune awakmu kui seng senengane ngipnotis?hayo ngaku!”

Gumilang : “wo bocah iki lambene lek nguawor,kenalno aku Gumilang Cokroatmojo wong lanang
paling ganteng sak bagelenan kene. Wes ganteng,glowing,sugeh yo pora? ”

Rani : “hiii,aku di demek jamet.”

Ajeng : “jane awakmu kui sopo to?”

Gumilang : “aku iki tamune mak Romlah. Iki bener omahe mak Romlah to?”

Ajeng : “hooh bener kene omahe,nyapo awakmu nggolek i makku?”

Mak Romlah : “he tole bagus wes teko,kene-kene le mlebu ngomah,byoh lek bagus koyok Tehyung.”

Rani : “loh mbak kui mau Tehyung personil e TBS kui?”

Isma : “HEH NGAWOR!tehyung asli kui ngganteng e pitung drajat,ora koyo jamet kui mau.”

Ajeng : “Aku yo ora eruh kui sopo.Yowes cah, latihan e cukup semene disek ae yo dino iki,disambung
sesuk neh.”

Putri : “iyo mbak,yowes aku karo cah-cah balek disek yo,assalamualaikum,ayo cah!.”

Ajeng : “waalaikumsalam.”

Gumilang : “niki mak,kulo betakaken oleh-oleh saking Srengat.”

Mak Romlah : “wo iyo le,suwun ya le. Pehh iki mesti barang larang-larang.WAH EMAS,HP!”

Gumilang : “tenang,niki tasik awalan mak,lek kulo sios dadi bojone anake sampeyan,bakal ora soro
uripe sampeyan sak keluarga.”

Mak Romlah : “hooh le,pasti!oiyo le,awakmu arep ngombe opo?ben digaekne Ajeng.”

Gumilang : “lek aku njaluk lemon tea paling neng kene yo ora enek. Wes ra penting kui,niatku
rene iki pengen ruh calon bojoku.”

Mak Romlah : “wo ngunu.nah,la iki calon bojomu,ajeng jenenge.”

Gumilang : “woalah jebule awakmu to,manteb iki. Kenalno,aku Gumilang Cokroatmojo seng paling
bagus sak bagelenan.”

Ajeng : “Loh mak,maksute opo iki! Mak ojo ngawor to,aku wes nduwe mas Damar,aku yo ra kenal
karo wong iki.”
Gumilang : “loh mosok durung kenal,kan wes kenalan.kenalan neh po pie?.”

Ajeng : “menengo koe!mak aku gah rabi karo wong iki!”

Mak Romlah : "Jeng awakmu kui manuto aku,Iki kui kebudayaan teko leluhur."

Ajeng : "Kebudayaan?Mak jaman Saiki kui wes ora usum perjodohan kui,Ojo sampeyan bandingne
Karo sampeyan ndisek."

Gumilang : “loh pripun niki mak,kok bocae ra gelem aku wes nggawakne barang seng larang lo.”

Mak Romlah : “sek,sek tenang. rene-rene jeng.”

Ajeng : “nyapo to mak!”

Mak Romlah : “jeng,manuto aku. Lek awakmu dadi bojone gumilang uripmu bakal terjamin.”

Ajeng : “mak,aku pokok e wegah dadi bojone wong kui,aku geleme karo mas Damar mak.”

Mak Romlah : “oraiso,orenek Damar damar an. Lan makmu iki ra bakal nguwei restu lek awakmu
karo Damar.”

Gumilang : “niki pripun sios e mak!”

Mak Romlah : “eh iyo le,sepurane. Mau kui ajeng durung kenal,dadi biasalah isin isinan.”

Ajeng : “aku ra bakal gelem Rabi karo koe,mending balik o.”

Mak Romlah : “Heh jeng,ngomong opo awakmu kui! Wes le,awakmu mending mulio disek,masalah
Ajeng ben tak atasane.”

Gumilang : “nggih pun,kulo wangsul riyen. Ojo galak-galak to dek,mundak kesengsem aku engko.”

Ajeng : “Rawaras!”

Mak Romlah : “Jeng,delok en to. Pertama moro ae Gumilang wes ngueki emas karo Hp.

Ajeng : “intine aku wegah mak lek rabi karo Gumilang.benero sugeh,tapi aku ora demen mak!”

Mak Romlah : “westo sui-sui prayo demen to jeng”

Ajeng : hiks…hiks…hiks….

Sari : “loh mbak,sampeyan nyapo kok nangis?enek opo mbak”

Ajeng : “mak kui lo sar,mak mekso aku kon rabi karo Gumilang anak e yu Darmi. Aku wegah Sar.”

Sari : “Ya Allah mbak! Anak e yu Darmi seng jamet kui?”

Ajeng : “Hooh Sar”

Sari : “Semenjak bapak ora tau ngirimi duit,mak dadi koyo ngene. Ngongkon adewe ndang rabi karo
wong seng sugeh,sing uduk pilihane adewe.

Ajeng : “Terus pie iki sar lek aku tenan dirabekne karo Anak e yu Darmi?”

Sari : “Wes mbak seng sabar. Njajal engko tak omong karo mak mbak.”
Ajeng : “suwun yo Sar.”

Sari : “iyo mbak,Wes mbak Ayo neng mburi,gek masak.”

Mbenjing Enjing….

Mak Romlah : “Ora sue iki aku bakal dadi wong sugeh,bakal dadi wong seng dipandang ning desa iki.
Byoh….ra sabare…”

Sari : “ Mak,sampeyan iki opo ora mesakne karo mbak Ajeng to. Mbak Ajeng kui wes nduwe calon
dewe lo mak.”

Mak Romlah : “Justru aku iki nyelametne uripe mbak mu Sar. Ben uripe mbakmu kui ora soro.”

Sari : “Rabi karo wong sugeh I yo durung tentu bahagia mak!”

Mak Romlah : “halah,koe iki ngerti opo. Wes aku ape adang sek.”

Sari : “Beh pie yo carane mbujuk mak.”

Rani : “Assalamualaikum….mbak Ajeng…”

Sari : “Waalaikumsalam,eh cah wes teko. Kene-kene mlebuo disek. Ajeng sek adus,entenono kene
sek ya.”

Ayu : “eh mbak Sar,aku karo cah-cah arep takon. Opo bener mbak Ajeng wes ape mandek dadi
pelatih nari?.”

Sari : “Lek jarene mak ngunu cah,soale mbak Ajeng ape di rabikne karo anak e yu Darmi juragan
kambil.”

Isma : “Loh seng bener mbak,bukane mbak Ajeng kui wes nduwe pacar yo.”

Sari : “Mangkane kui,mbak Ajeng yo wegah lek dijodohne karo anak e Yu Darmi."

Rani : "terus pie mbak Iki."

Mak Romlah : "Loh Podo nyapo Iki Ning kene. Ajeng wes ora nglatih nari neh. Kono-kono balek Ning
omahe dewe-dewe."

Ayu : "Ta-tapi Mak."

Mak Romlah : "wes rausah Rene neh."

Sari : "Mak sampeyan iku Ojo ngunuto. Nglatih nari kui kan kerjoane mbak Ajeng."

Mak Romlah : "ngge opo ndadak nglatih nari barang. Wong wes ape dadi mantune wong sugeh,uripe
penak."

Ajeng : "Loh Mak,Sar bocah-bocah nari Podo durung teko to?."

Sari : " uwis teko mbak mau,tapi.."

Mak Romlah : "wes tak usir."


Ajeng : "Loh Mak ,kok sampeyan usir?"

Tok...tok..tok..

Damar : "Assalamualaikum..."

Mak Romlah,Sari : "waalaikumsalam."

Sari : "tak delok e Mak sopo kae."

Damar : "Sar,Mak Karo mbak Ajeng e enek?."

Sari : "enek mas,kene ayo mlebu."

Ajeng : "Mas Damar..."

Mak Romlah : "Nyaponeh Iki Rene."

Damar : "Ngeten Mak,Kula badhe nglamar putrine panjenengan..Kula sampun gadhah mahar damel
putrine panjenengan."

Mak Romlah : "Mahar opo?gedhang?"

Damar : "Sanes Mak,Niki mahar Kula."

Mak Romlah : "Loh Iki tenan maharmu ngge nglamar Ajeng?"

Ajeng : "Loh mas tibae sampeyan kui...."

Damar : "nggih Mak,iyo jeng. Selama Iki aku nyamar dadi wong Ra nduwe. Niatku pancene nggolek
calon bojo seng tulis lan gelem Nompo aku opo enek e."

Ma Romlah : "ya Allah le...tibae tresnamu marang Ajeng kui tulus tenan. Sepurane Yo le lek selama
Iki Mak nganggep awakmu kui sepele."

Damar : "mboten napa-napa Mak,sampun tugase wong tuwo madosaken jodho ingkang terbaik
marang yogane"

Gumilang : "Assalamualaikum,Mak..."

Mak Romlah : "Waalaikumsalam,loh le..."

Ajeng : "Awakmu kui nduwe unggah - ungguh opo ora to Jane,mlebu omahe uwong langsung
mblunus ae."

Gumilang : "Yo sepurane to dek,mau lawange mbukak dadi langsung mlebu aku."

Ajeng : "Alesan."

Gumilang : "Loh Mak,sinten niki."

Mak Romlah : "eee...anu le..iki..."

Sari : "Calon e mbak Ajeng."


Gumilang : "Lo..Lo...loh...Terkaget kaget aku. Mak, Iki pie toh?."

Mak Romlah : "Ngene le,sepurane Yo Iki salahku. Aku sing Ket awal mekso Ajeng Ben gelem Karo
awakmu. Saiki aku sadar,lek kui ora nggarai Ajeng seneng. Dadi aku manut Ajeng sopo seng bakal
dipilih dadi calon bojone."

Gumilang : "Loh,la terus perjanjian e kae pie Mak?."

Mak Romlah : "sepurane Yo le,aku ora iso meksakne Ajeng."

Ajeng : "Aku milih mas Damar dingge calon bojoku."

Mak Romlah : "yowis lek kui memang pilihanmu Jeng,Mak ngrestui."

Damar : "Saestu Niki Mak? Alhamdulillah."

Mak Romlah : "iyo le..."

Gumilang : "La nasib Kula pripun Mak?"

Mak Romlah : "Ngene-ngene,aku kan nduwe anak loro. Ajeng wes Karo Damar,berarti garek
Sari.Nah,awakmu Karo Sari ae."

Sari : "Loh kok malih aku to Mak,Yo aku Moh no."

Mak Romlah : "Hallah. Wes di lakoni disek."

(Nembang)

(Nari)

Anda mungkin juga menyukai