Anda di halaman 1dari 13

DIALOG DRAMA BAHASA JAWA

“PINTER OPO KUDU NILAI 100?”

Ana sawijineng dina, Raden Raharja Adiwamgsa utowo seng biasane di


celuk “ADEN” ono ulangan akhir semester. Sak wise ulangan karo gurune
mesti di cocokne. Nanging siji masalah e Aden, biji ulangan e ora tau apik lan
ora sesuai karo seg dikepingnno karo pak Arya lan bu Citra.

Aden : samean entok nilai piro Er?


Erza : allhamdullah, seperti biasa, entok apik
Aden : delok en lah nilai ku, pancet ae
Erza : samean gak sinau ta?
Aden : yo sinau, tapi yo ancen terae koyok ngene, kate piye maneh
Erza : yo mene maneh seng luwih tenanan lek sinau
Aden : paling teko omah yo di amok awak iki
Erza : ojo ngunu lah, wong tuo ngandani iku yo gae kebaikan mu,pokok di
rungokno, bener di gae, gak bener yo ojo di gae, simpel kan
Aden : enggeh cintaaaaaa
Aden : moleh bareng aku ayo
Erza : wegah, lha kon sopo ku
Aden : calon ayang mu, erzaaaa i’am coming

Aden ugo balik nang omah, bu Citra (ibue Aden) lagi tenguk tenguk ono
ruang tamu karo vidio call pak Arya (bapak e Aden) sing lagi ngurusi
perusahaane ono london

Bu citra : (lungguh ing ruang tamu) kok yo jan gabut aku iki, arek arek arisan
podo nduwe kegiatan dewe dewe, hmmmm opo aku telfon mas arya ae ya.
Lho tapi engkok lek sibuk piye. (meneng sediluk). Halah lek wes dadi prioritas
gak kiro di abaino hm ( disambi mbenakno jilbab)
Bu citra : kok sek kurang ayu yo (ngoco nguasno rupane nganti teliti). Oh iyo
dorong lipstikan (nggae lipstik)
Bu citra : lhaaa lek ngene lak ayu a. Dijamin tambah cinta mas Arya

*obrolan ing telfon


Bu citra : ( nelfon pak Arya) hallo assalamu’alaikum imam ku, isek napo
gantengku?
Pak Arya : waa’alaikumsalam mami, sek ngopi iki lo mi
Bu citra : owalah sek ngopi to, papi wes maem?
Pak arya : sampun mami. kok sepi mi? Aden karo ajeng nandi?
Bu citra : dorong moleh kabeh pi.
Pak arya : sekolahe aden karo ajeng piye mi? Lancar kabeh?
Bu citra : ajeng yo pasti lancar lancar ae tah pi, lek aden yo koyo nguno iku.
Pak arya : lak yo wes mbok les no to mi?
Bu citra : yo uwes lah pi, wes ono semingguan. Iki mau hari terakhir ulangan
akhir semester,biasane dicocokne karo gurune, didelok ae ntok piro
(abane sepedah motore aden mandek ing garasi)
Bu citra : lah iko pi bocah e teko
Aden : assalamu`alaikum (salim karo bu citra,)
Bu citra : waa’alaikumsalam
Pak arya : sopo mi? Aden a?
Bu citra : iyo pi, opo’o? Ate ngomong karo aden a?
Pak arya : iyo mi, kek no aden tak omong omongan sediluk
Bu citra : den diceluk papi iki lo, rinio diluk
Aden : enggeh mi, sekedap
Bu citra : nyoh,papi pingin ngomong ( ngekene hp nang aden)
Aden : assalaikmu’alaikum pi, wonten nopo?
Pak arya : sekolahe karo les e piye le? Lancar?
Aden : enggeh pi lancar
Pak arya : pelajarane opo ae le?
Aden : IPA kaleh matematika pi
Pak arya : lho ulangan a? Kok mek loro
Aden : enggeh pi, ulangan akhir semester, niki wau hari terakhir
Pak arya : entok piro le
Aden : seket pi
Bu citra : opo den? seket? Koe iki jane anak e sopo se
Aden : yo anak mu, takon ae
Bu citra : lho koe anak ku ta?
Aden : la batin mu aku iki anak e sopo lek duduk anakmu, anak e sapi a
Pak arya : wes wes malah rame ae iki
Pak arya : mami!!!!, maksude opo gak ngakoni anak e
Bu citra : ehehe enggak kok pi, mek guyon. Yawes ya pi, tak tutup selamat
ngopiiii muach.
Bu citra : koen iki yo ws di les no, kok yo gak pinter pinter, jan nemen lek mu
goblok.
Aden : podo ae karo awakmu
Bu citra : ooooo ancen arek biadab, jare sopo ngunu iku
Aden : yo eroh lah, awak iki pinter nggolek inpo
Bu citra : oooo acen anak sapi
Aden sing wis pegel karo ibune mlaku menyang pawon karo ngdumel.

Aden : wes wes, nduwe ibuk koyok taek, gak pengertian blas. Nilai tok ae sing
di pikir, goblok goblok ngene yo tiru awake
Aden : nandi mbak darmi iki, weteng wes luwe
Aden : mbak darmi,,, where are youuuuu

Aden uga marani mbak darmi sing iseh korah korah ing pawon.

Aden : mbak darmi, how are youu today


Darmi : duh kemingris, wes kene ndang mangan
Aden : iyo tah mbak, wong calon CEO
Darmi : halah ngayal e jan cek duwure!!!
Aden : iyo iyo mbak, hmm jan cek kerenge samean iku, padane koyok mami ae
Darmi : hah napo, mari diamok a mbe nyoya
Aden : lha mosok ulangan entok seket ae diamok
Darmi : piro den? Seket? Yo pantes ae di amok den den
Aden : iku lo mbak biji paling apik wesan
Darmi : la biasane piro den
Aden : kadang yo rong puluh, kadang yo telu limo
Darmi : biuh den telu limo? Lha iku biji opo rego diskonan? Kok koyok daster
telu limoan ae
Aden : wes wes mbak ojo di bahas, tambah budrek aku
Darmi : (menehi sego sak piring nang aden) wes ndang mangan!
Aden : eh eh mbak, samean eling erzadella sing tau tak critakno iko a?
Darmi : seng endi maneh, arek wedok seng mbok critakno iki akeh, ono swidak
jaran
Aden : iku lo mbak seng anak e konglemerat, seng wong tuo ne asal suroboyo
Darmi : oh iyo iyo eling, napo’o den?
Aden : sak iki mbak tambah ayu, tambah manis koyo gulo. Kiro kiro lek tak
ajak pacaran gelem gak yo mbak? (sambi maem sego)
Darmi : biyoh den den, bijimu koyok rego diskonan ate ngejak gendaan anak e
wong sugih, opo yo gelem karo awakmu
Aden : samean iki mbak mbak, jan ngueceee. Ngene ngene sopo seng gak gelem
mbek aku
Darmi : hem gayamu
Aden : oh iyo mbak, nandi cintamu mbak
Darmi : duh cinta opose, wes gak cinta cintaan, wes tuek
Aden : yaalah mbak, bojone samean iku lo, mas makmur nandi
Darmi : oalah omong to, laiko seh nyapu nyapu ndek taman mburi
Aden : hemmm yowes
Gak let suwe, ajeng adine aden teko saking sekolahan lan ngoowo nilai
sing memuaskan, karo bu citra di pamerake menyang aden seng iseh mangan
ndek dapur.

Bu citra : hemmm dek ajeng matematika entok nilai seratus. (ambek ngilirik i
aden)
Ajeng : heeem enggeh tah angsal seratus
Bu citra : gak koyok seket, ahahahaha
Ajeng & citra : limapuluh, limapuluh

Aden : wes mbak wes wareg aku, wes samean pakakno petek kono
Darmi : lho den kan ngga nduwe petek, duwe ne sapi
Aden : malah sapi, wes mboh kunu, ate nyusul mas makmur aku, budrek ndek
kene

Bu citra : oooo ancene anak rudi


Ajeng : lho rudi sinten mi
Bu citra : eh iyo salah anak e arya
Darmi : nggeh yugoe njenengan pisan nyonya, wong pak arya mboten saget
manak
Bu citra : opo se mbak melok ae samean iku
Ajeng : tirose bade jalan jalan mall, sios nopo mboten
Bu citra : loh iyo a sayang
Ajeng : kan angsal seratus
Bu citra : ayo sayangg
Darmi : (suara alon) heeem ancen mbok ra nggenah, sitok di jarno sitok di
sayang, gak jelas. Telungatus, telungatus.

Bu citra lan dek ajeng mangkat jalan jalan nang mall. Dene aden marani
mas makmur sing iseh nyapu nyapu ono taman mburi lan nggowo rambutan.
Aden mangan rambutan karo ndelok mas makmur sing lagi nyapu.

Makmur : jane lek aku mbien gak mbolosan, gak kiro aku tukang kebun koyo
ngene ikii
Aden : nyapu iku sing resik mas, gak resik mbak darmi brewok engkok
Makmur : iyo iyo den, brewok yo garek dicukur to, ono ono ae samean iki
Aden : (mangan rambutan karo di buak sembarangan)
Makmur : yongalahhh den, la lek ngene lak yo gak resik resik lek nyapu
Aden : yoh sing sabar mas mas, jenenge yo wong kerjo ahahah
Makmur : huft....... yo ngeneiki den, mangkane samean sekolah seng
nggenah,ojo sering mbolosan,pumpung mami papine mampu mbiayai samean,
coba bayangno dadi joko. Mas makmur kerjone koyo ngene, mbak darmi yo
mek ngunu, untung untungan ae joko areke pinter, sek iso di bantu beasiswa.
Aden : (aden meneng, merenungkan sing di omongne mas makmur)
Aden : oh iyo joko iko nandi mas, piye kabar e
Makmur : yo iko ndek omah, apik apik ae
Aden : gak pingin di ajak rene maneh a mas, pingin ketemu joko aku, terakhir
keemu pas sd mas
Makmur : nah iku den masalah e, pingi tak jak rene, tapi aku gak wani
ngomong nang nyonya.
Aden : wes gampang iku, jak en rene ae, wong kurang sedino wes liburan
Makmur : lha lek diamok piye den, wong mbok mu kereng koyo banteng pdi,
upsss
Aden : ahahahah iso ae samean iku, wes gampang ik urusane mbak darmi karo
aku

Menene aden mebu sekolah koyok biasane, iki dino terakhir melbu
sekolah ndek minggu iki, sakteruse wes libur semester. Libur semester nganti
rong minggu. Joko anak e mas makmur lan mbak darmi, teko nang omah e pak
arya koyo seng diomongno mas makmur karo aden wingi sore.

Makmur : buk buk


Darmi : opo se pak, celak celuk ae, kangen a?
Makmur : gak lah, wong mbendino ketemu
Makmur : samean gak kangen joko a buk?
Darmi : yo kangen ae pak, wong yo jenenge anak. Salah moleh nang ndeso
setaun sepisan
Makmur : piye lek digowo rene buk? Pumpung wes libur semester
Darmi : ( darmi keget) biuhh pak ate di gowo rene? Engkok lek nyonya citra
seng aoyuuu dewe sak kebun binatang ngamok. Piye jal?
Makmur : lo kan ono samean sing ngomong nang bu citra
Darmi : ooooo nduwe bojo edan, seneng ndelik ndek kelek e wong wedok.
Makmur : wes lah buk endang, gak gak lek ngamok

*bu citra ngomong teko ruang tamu


Bu citra : mbak darmi, gaekno teh siji mbak

Makmur : lha iko buk, kesemepatan buk, ndang age


Darmi : iyowes demi joko
Darmi : (mbengok ) enggeh bu, sekedap
Mbak darmi uga nggae wedang sing di peseni karo bu citra lan cepak
cepak mental kanggo nrimo ocehane bu citra naliko ora di setujui yen joko ora
oleh di gowo nang oamahe.

(bu citra lungguh ing ruang tamu lan ngenteni wedange)


Darmi : niki bu benterane
Bu citra : heem suwon mbak
(darmi iseh ngadek ing ngarepe bu citra)
Bu citra : ono opo mbak? Kok sek ndek kene?
Darmi : ngeten lo bu, kulo bade nyuwun ijin
Bu citra : hemm ijin opo mbak (sambi ate ngombe wedang)
Darmi : bade mbeto joko ten mriki bu,
Bu citra : (keselek teh)
Darmi : loh alhamdullilah keselek
Bu citra : (nguasno darmi karo mendelik)
Darmi : oh nggeh nggeh bu, kulo pendetaken tuyo
(saking gupuhe darmi, darmi njupuk banyu ndek aquarium)
Darmi : monggo buk di unjuk
(bu citra ngombe banyune lan darmi mijeti gulune)
Bu citra : kok amis yo mbak banyune
Darmi : lho enggeh ta buk, kan niku tuyo ten aquarium
Bu citra : lho gendeng a kon, lek mati piye engkok
Darmi : mati yo garek di kubur bu bu, kok susah susah samean iku
Darmi : mboten nopo-nopo bu, vitamin niku
Darmi : terus yok nopo bu sing niku wau
Bu citra : (rai judes) yo engkok tak omongno karo mas arya
Darmi : matur suwun sanget bu

Ing sisih liane, makmur nelfon joko, ngongkon ndang ndang budal nang
panggone kerjo.

Makmur : opo joko tak kongkon rene saiki yo,tak telpon ae wes
Makmur: assalamu’akum lee, samean ndek endi sak iki?ndang o rene le, ono
urjen le, ndang rene yo, cepetan

Darmi : pak pak,lakok jare bu citra sek kate dizino nang pak arya
Makmur : lho alah buk buk, lha arek e wes tak kongkon mrene hare
Darmi : oalah samean iki piye seh, kok jan cek cengohe dadi uwong
Makmur : la kate yok opo buk, wes kadung
Darmi : engkok lek di amok yok opo
Makmur : wes opo jare samean
Darmi : dohh alah, getun aku mbien gelem dirabi awakmu

Sawise iku joko teko nang nggen kerjo e bapak lan ibune utowo omah e
aden. Joko teko liwat samping omah karo gupuh wedi lek ono opo opo.

Joko : assalamu’alaikum2
Joko : pak, buk
Darmi : waalaikum salam, yongg anakku seng paling ngganteng dewe sak
kabupaten
Joko : wonten nopo buk kok urgent, lak sedoyo sehat walafiat to?mboten nopo
nopo?
Darmi : oalah ora le, saking bapak mu ae nggupuhi, wes kene ndang melbu,
wes mangan opo dorong le.
Joko : sampun buk
Makmur : wes teko le
Joko : lha perasaane wes teko opo dorong
Makmur : wes gedhe yo le, wes joko
Joko : la pancen nami kulo joko pak

Aden seng maune leyeh leyeh ndek kamar, metu polae krungu suoro
gemeberah ndek pawon mburi

Aden : ono opo se mbak kok rame koyo pasar


(aden kaget ono joko ndek ngarep e)
Aden : lohhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhh jokooooooooooo
Joko : adennnn
(rangkulan wong loro)
Aden : piye kabare jok, sek joko pora
Joko : matamuuu iku, perasaanmu aku gak joko ngunu a
Aden : ahahahahahhaahah
Aden : gaek no wedang mbek camilan mbak
Darmi : oke siap den, ayo pak

Joko diajak jagongan nang ngarep karo aden. Ndek nagrep tibak e bu citra
yo lungguh ono ngarep. Bu citra kaget weroh joko mbejudul teko pawon

Bu citra : lhoo lha koe mbejedul teko endi


Joko : kulo medal saking lawang wingkeng bu
Bu citra : owalah alah, dorong tak telfono mas arya wes teko ae (wajah nesu)
Bu citra : iku lo den, mbok koyok joko. Wes ganteng pinter maneh, gak oyok
koe, ngganteng ora, goblok seng iyo. Piye kate mbanggakne nang konco konco
e mami.
Aden : enggeh mami
Aden : ayo jok metu, budrek aku ngene iki
Bu citra : mblakrak tok, mbok yo sinau sinau ngunu, piye dadi pinter lek ngunu
tok penggaweane
Aden : wes gak usah dirungokno jok, ayo metu
Joko : lho den den, gak oleh ngunu den
Aden : wes loshhh
Bu citra : ooooo anak rudi

Aden lan joko ugo metu teko omah, pas ndek dalan, aden mandek nang
tukang bakso, mangan lan curhat karo joko

Aden : jok, mangan bakso ayo


Joko : gak nggowo duek den
Aden : wes opo jare aku, wes ayo endang
Aden : mas pesen loro
Andhika : campur opo piye
Aden : iyowes, sak rombong rombonge gapopo

Aden lan joko ngenteni bakso disiapke, lan crito crito, banjur bakso seng
dipesen teko.

Andhika : iki mas baksone


Joko : oh enggeh suwun mas
Aden : jok, jok pingin cerito aku
Joko : napo napo
Aden : aku lo jok, mbek ibuk ku gak di anggap anak, opo polae aku goblok yo.
Lo yo tapi goblok goblok ngene yo tiru wonge. Rasane pingin dugem ngene iki
Joko : matamu dugem dugem, aku iki anak baik baik, ojo mbo racuni
Aden : wes gapopo, nyacak pisan ae
Joko : wes gak gak, wes ndang panganen
Aden : budrek ngene iki, opo turu ndek omahe eyang mami yo jok
Joko : wes ojo aneh aneh, engok malah kenek amok neh, sungkan yoan
Aden : looo lek mbek eyang mami aman,wes ayo. Iki mas duek e, susuke
samean pek wes
Andhika : suwon masss

Aden lan joko budal menyang omah e eyang mami, lan ora pamitan karo
mami ne.
Eyang : (lagi dulinan hp) heem jane lek saman sek onok, awak dewe wes
bahagia menikmati masa tua, ngene iki kangen, tapi gak iso lapo lapo,ya ngene
iki nasib ldr bumi rahmatullah.
(ono suare bel rumah)
Eyang : waduh ono tamu, jan menggangu waktu galau ngene iki
(eyang mbukak lawang lan kaget petuk aden)
Aden : assalamualaikum eyang
Eyang : waalaikum salam, yaalah putu ku seng ngganteng dewe sak kecamatan.
Kene le melbu le, kene kene lungguh kene
Aden : eggeh eyang
Eyang : karo sopo iki mau,mamimu karo ajeng nandi kok gak melok
Aden : wonten ten nggriyo eyang
Eyang : oalah alah, wes mangan opo dorong, magan sek a, tak jupukno yo
Aden : mboten mboten eyang, sampun nedho . kulo kaleh rencang kulo eyang,
tasek ten njawi
Eyang : lho yo kon melbu to, sek tak jupukno wedang
Aden : jok joko, melbuo jok, gak usah isin
Joko : (joko melbu )
Eyang : (metu teko njero karo nggowo wedang lan keget ono joko ndek ngarep
e)
Eyang : loo (nyeluk aden bisik bisik)
Eyang : sopo le kok ngganteng temen
Aden : joko eyang, yugane mbak darmi
Eyang : loh mosok seh, kok ngguanteng koyok lee min ho ngunu le
Aden : tasek nggantengan kulo eyang
Eyang : heem koyok kim jong un
Aden : sinten niku eyang
Eyang : iku looo, presiden korea utara, wes wes ayo di ombe wedange
Joko : niku wau mriki mboten pamitan eyang
Aden : ssstttttt wes la meneng o,rame ae amu iki jok
Eyang : heem napo maneh
Aden : mboten nopo nopo eyang, kulo bade ten wingking riyen eyang
(aden ngaleh lan budal nang jeding)
Eyang : joko joko, aden iku kenek opo se jok
Joko : ngeten lo eyang, tirose aden niku saben ulangan dipun dugani kaleh
mimine,lan di banding bandingake kaleh rayine. Sing marai aden budrek lan
pasrah marang kahanan
Eyang : oalahhh ngunua, yowes jak en aden turu kene wes, cek tenang sek
pikirane
Aden lan joko uga turu ing omah e eyang mami, nginep kunu nganti
seminggu, lan ora ono izin nang bu citra. Nanging eyang uwes ngomong nang
mbak darmi, dadi mbak darmi ora kawatir. Dino iki, aden lan joko moleh, lan
eyang mami melok ngeterne.

Aden : assalamualaikum
Bu citra : waalaikum salam, sopo kon napo moleh, kok gak di gowo menisan
gombalane, minggat teko kene. dadi arek gak iso di banggak no.
(tiba tiba eyang mbejedul teko mburi lan moreng moreng)
Eyang : maksudmu ngomong opo koyo ngunu iku nang putuku
Bu citra : eh eyang mami, kaleh sinten njenengan mi
Eyang : yo iki ngterno putuku tercinta
Eyang : mi darmi
Darmi : nggeh sekdap, lohhhh eyang mami, kapan lek dugi eyang
Eyang : iki sek tas teko, oh iyo mbak gaekno teh loro, karo masak no gae putu-
putuku iki
Darmi : oh nggeh eyang sekedap nggeh
Eyang : citra kene lungguh sek aku pingin ngomong mbek awakmu
Bu citra : ohh nggeh eyang wonten nopo
Eyang : gak e koen iki lapo se kok mbedakno putuku ono opo ono bedane a
Bu citra : nggeh mboten ngoten eyang, Ajeng niku lak luweh unggul soko Aden
lha kulo niku supoyo Aden termotivasi
(mbak darmi metu nggowo wedang lan ngopeng pembicaraane)
Eyang : Gundulmu a motivasi, lha awakmu iki kate mnyemangati arek opo kate
mletrekno arek,gak ngunu carane
Bu citra : nggeh bade yoknopo maleh eyang, lha aden e mboten saget
berkembang sesuai harapan,mbenjeng seng nerusake perusahaan sinten
maleh lek sanes aden
Eyang : he tak kandani yo bakat seng didueni arek-arek iku bedo-bedo lha lek
koen ate ngatur-ngantur bakate arek iku lak yo budrek anakmu,seng nglakoni
lo arek-arek duduk awakmu
Bu citra : nggeh eyang
Eyang : nggah nggeh nggah nggeh ra kepanggeh,loh mi darmi smn iku napo
ketmau ndek kono
Darmi : loh niki eyang tasek ngresiki mejo
Eyang : aden mbek joko mau sek mangan a,aku tak melu gabung
Darmi : enggeh eyang tasek nedo ten wingking

Joko : mongo nedo eyang


Eyang : yo le penakno
Eyang : le aden,eyang ngerti smn iki gak minat dalam bidang akademik lha
terus smn minate opo le eyang selalu dukung opo seng samen minati asalkan
bener
Aden : sakbenere kulo niki minat e nyanyi eyang,nanging nggeh kulo ragu
kaleh minat kulo niki
Joko : gapopo den duduhno lek amu iku gak sepele
Aden : nggeh wonten lomba nyanyi tapi pun mbenjeng
Eyang : yo gak popo tah SEMANGATTTTTTTT
Aden : tapi........
Joko lan eyang : semangat....
Darmi : loh wonten nopo iki kok semangat semangat
Aden : aku te manggung mbak
Makmur : lohh sopo manggung
Aden : aku tah
Makmur : wong suarane koyo gembreng ditotok te nyanyi
Aden : lohh eyang aku dibuly ikilo
Eyang : wes wes wes rame ae ayo persiapan gae mene

Aden ugo mempersiapake gae lomba nyanyi sesok nanging bu citra lan
pak arya gak yakin lek anake iso ngembangno bakat nyanyine.menene wong
sak keluarga wes ono neng sekolahan gae nyaksekno aden tampil nyanyi.

Mc : mari kita saksikan peserta yang terakhir inilah raden raharja adiwangsa
(aden nyanyi)
Mc : mohon untuk menunggu juri mengumumkan pemenangnya
Mc : baik akan saya umumkan,juara pertama yang akan dijadikan perwakilan
tingkat provinsi,ialah raden raharja adiwangsa putra dari bapak arya maulana
Semua : salah salah
Mc : ohh iya maaff, pak arya adiwangsa
Joko : wuohhhh selamatt brohh wes menang dadi juara 1
Bu citra : sepurane yo le mami wes salah selama iki,mami gaiso ngerteni seng
samen karepne,mami nyesel mami gelo wes ndidik samen karo cara seng
salah.sepurane mami yo le
Aden : nggeh mi,mboten nopo nopo
Makmur : suaramu penak yo cocok dadi artis
Eyang : yoiyo lah wong putuku
Aden : sak benere aku pingin nembak arek
Joko : loh yo ojok engko mati ndak an
Aden : goblok yo guduk iku ndengg
Darmi : wes age selak tak kekno joko nkok
Aden : emm, za aku oleh a dadi pacarmu
Erza : yokpo yoo, sepurane yo, gak iso nolak aku
(kabeh uwong seneng)
Eyang : wes wes ayo foto sek (foto bersama sak kelurgo)

Akhire bu citra sadar karo kesalsahane, lan wes ora nekan aden sing di
kepinginno bu citra. Aden uga sukses dadi penyanyi lan duweni karya karya
sing luar biasa.

Anda mungkin juga menyukai