Anda di halaman 1dari 3

KISAH ASMARA PANDAWA LIMA

Pandawa limo wis ngancik dewasa kabeh nduwe crito dewe dewe ,opo
maneh masalah asmara . Prabu dewanata Bapak e pandawa lan Dewi kunti ibuk
e ngerasakno kedewasaan Pandawa.Akeh sing brubah nang watak e
Pandawa ,ngelamun ae bendino ambek ngguya ngguyu gak jelas . Dewanata
karo Dewi kunti khawatir wedine anak e stress,lah pas wayahe makan malam
kesempatan iki di gawe mbuka rahasia anak anak e. Dewanata mulai takon .

Dewanata : “Krungu krungune bapak, anak anak e bapak saiki rodok berubah
yo.?”

Arjuna : “Gak rodok maneh pak, luweh luweh tapine”

Dewanata : Lapo kog brubah ngene? lagi Falling in love yo..?

Gara-gara pitakon iku pandawa limo pipine langsung abang mbranag


kabeh

Puntadewa : “Hemmm , piye yo pak hemm iyo e hehehe.”

Bima : “Hehehe”

Arjuna : “lek aku gak pak ,gak mbujuk lek aku yo iyo

Dewanata : “wooo ndlodok kowe serius malah guyon!!”

Arjuna : “Ampunn pakk..!!”

Dewanata : “yo,lanjut Arjuna!!”

Arjuna :” iyo pak”

Bima : “Tapi lo bapak kog bisa ngertos”

Dewanata : “Ojok ngenyek bapak kowe,bapakmu iki jenius”

Arjuna : “Trus lek kene ancen jatuh cinta rapopo toh pak?”

Dewanata : “Yo oleh ae ta lah, wong bapak biyen yo Play boy biyen,
ssssuutttt jok krungu ibukmu yo..!!

Arjuna : “Hah!! Opo..?”


Dewanata : “Opo jun iku lo,, playstation pas jaman SD biyen lo, oke
lanjut ..!”

Bima : “Tapi lo pak mosok di omongno bareng lak yo isin se pak, paling
emak yo ero wah tambah isin lek emak ero waduhh..

Dewanata :”Gak gak bapak gak bakal ngomong emakmu ,iki rahasia oke.?”

Arjuna : “temen lo pak, lek emak ero iki bakal ngomel-ngomel gak karuan
nggarakno wedi pak. Mosok bapak wes kawin sui mbek emak gak
ero lek emak ngomel yo opo.?

Dewanata :”Iyo iyo le, mbasio awakmu jatuh cinta ngene ojok lali ambek
tandang gawe nang omah lo..

Bima :”Aduhh, nggih nggeh pak.. lek masalah iku kene janji gak bakal
gak tandang gawe ,mbasio ambek ngelamun kene garap kog pak, wes
ojok nesu engkog tambah ngganteng.!.

Dewanata :Wes wes cek ndang mari ya, bapak pingin ero sopo ae arek
wedok sing awakmu podo tresnani ,bapak gak gelem lek anak e bapak pacaran
sui sui nggarakno macem macem ,sing serius sopo langsung tak kawin no”

Kabeh ngacungno tangane sing nandakno kabeh serius

Dewanata :”lek ngunu sebutno jenege siji-siji ,bibit ,bebet, bobot e pisan !”.

Puntadewa : “Jenenge Sinta ,omahe gak ero soale arek e misterius ,ayuu poll
pokok e koyok adek kelas ku Nia”

Pas Pandawa ngomong ngunu kabeh dulur e mencicil kaget

Bima : “Lo , aku yo tresno mbek sing jenege Sinta”

Arjuna : “Aku yo iyo e pokk”

Puntadewa : “Aku pisan e pok.”

Arjuna : “Kog isok podo iku lo wah wah”

Bima :”Mbo, aku yo gak ero Jun .”

Dewanata : “Iki ancen wonge podo opo ketepak an jenenge tok sing podo .?
saiki awakmu kabeh ketemu arek e nang ndi ..?
Pandawa :”Nang pinggir kali”

Dewanata :”Huwikkk!! Brarti arek e podo >?”

Pandawa :”Gak mungkin iki”

Seketika bapak e pandawa langsung brobat jantung pas mbari krungu anak e
nyenegi arek sing podo ..Akhire kabeh di kongkon ngadohi arek wedok iku.

Anda mungkin juga menyukai