Anda di halaman 1dari 3

Warisan

Nama : Eka Fitria Wahyu Ningsih

TTL : Tuban, 27 Desember 2000

Alamat : desa margorejo kec. Parengan kab. Tuban

Kelas : XII MIA 3

No. Absen : 08

Mbok rondo kang jenenge mbok yaerah iku nduweni anak 4 yaiku munawaroh,
sunaarti, juminten lan asih. Asih iku anak buncit saka bapak kang bedo saka anak-anak e
kimau. Kaluwarga iku urip tentrem ing desa Cokromenggalan Ponorogo. Senajan asih iku
bedha bapak kaliyan munawaroh, sunaarti, lan juminten ananging anak-anakipun mbok
yaerah iku akur banget. Ananging sak wis e mbok yaerah kapundut anak-anake iku padha
ibut gara-gara warisan lan karukunan lan harmonise kaluwarga iku ilang gara-gara warisan.

‘’lumayan ya mbak’’ omonge juminten ‘’wis ora lumayan maneh, tapi iki wis cukup
gawe tuku butohanku sak ben dino ‘’ wangsule sunarti. Tapi masalahe asih oleh bagian
luwih gedhe tinimbang kene. Masak iyo kene kebagian dhuwit 20 juta,saka sawah kang
disade tapi asih oleh dhuwit ya oleh omah. Kudune kan kene ya oleh bagian saka omah iki,
kan bapake asih iku ya wis dadi bapake kene bereng ’’ omonge munawaroh. ‘’wis-wis ora
usah padha ibut, iki kabeh wis dadi keputusan e si mbok kene kudu iso nrimo apa ae
keputusan e’’wangsule sunarti. Ananing ning njero atine munawaroh isih nggerundel ,
munawaroh isih ora trimo yen asih oleh bagian luwih gedhe saka awake, senajan munawaroh
ngerti yen omah iki kuwi omahe bapake asih.
Sawise mbok yaerah kapundut uripe anak-anake dadi gak karuan. Padha tukaran gara-
gara warisan. Lan asih sing dadi penyebab saka masalah iki amarga asih sing oleh warisan
saka omah iki.

‘’eh asih ancene kowe sing ngrumat si mbok selagi si mbokk lara. Ananging kenopo kowe
oleh warisan omah , aku lan adhik-adhikku ora oleh bagian saka omah iki’’ pitakone
munawaroh “aku ya gak ngerti to mbak nyapo si mbok menehi aku warisan luwiih gedhe
tinimbang mbak yu- mbak yu’’ asih. ‘’ alah-alah mesti kowe ngomong nek si mbok supaya
omah iki diwarisno nk kowe ae, tanpa aku lan adik-adikku kebagian saka omah iki, ‘’
omonge munawaroh. ‘’ ora mbak aku gak ngerti opo-opo tentang warisan iki mbak’’
wangsule asih. Banjur munawaroh metu saka kamare asih lan nutup lawang sak banter-
bantere.

Asih nangis diiringi udan kang deres lan beldhek kang gebyar-gebyar. Asih sedheh, dheweke
ya ora ngerti kenopo mbak yune ora kebagian saka omah iki . ‘’mbookk, kenopo si mbok
mire mbok, kenopo si mbok maringi aku warisan kang luwih gedhe mbok? Gara-gara warisan
iki mbak yu padha gak seneng karo aku’’ omonge asih. Bengi iku asih ora iso turu, dheweke
mikir piye carane mbak yune ora gelo karo asih.

Dina saben dina asih disatru karo mbak yune, iki sing nggawe asih sedheh. Asih urip
karo mbak yune nek omah, tapi asih kaya urip dhewe, amarga asih disatru karo mbak yune.
Sampek-sampek pas sarapan sak mejo ae asih kaya-kaya ora kethok. ‘’mbak aja kaya ngene
ta mbak, asih kangen mbak munawaroh, mbak sunarti, kaliyan mbak juminten. Aku ngerti
yen sak nyatane mbak yu kabeh sayang kaliyan asih. Sepurane ya mbak, yen gara-gara asih
mbak yu kabeh dadi kaya ngene, asih bakal nglakuni opo ae supaya mbak e nyepuro aku’’
omonge asih. ‘’ dadi kowe pengen sepuro saka kene?’’ wangsule munawaroh. ‘’iya mbak,
aku kudu piye mbak, supaya mbak yu nyepuro aku?’’asih. ‘’kowe kudu ngresiki omah ki
sampek resik, lan kowe kudu nuruti opo seng tak omongno, yen ora kowe bakal ora tak
sepuro sak lawase’’ omonge munawaroh. Asih ngresiki omah kui kaya-kaaya asih kuwi
pembantu ing omahe dhewe. ‘’mbak-mbak opo kene ora kebangeten merlalukake asih kaya
ngene?’’takone sunarti. ‘’oraa, ben ae asih kaya ngene ben ngrasakno kesele atiku nyang
asih’’ wangsule munawaroh.

Bengi iku, udan dueres lan gentheng omahe asih bocor. Asih dikongkon mbak yune
mbenerno gentheng sing bocor. “ aduuh aduuhh.. piye ki genthenge bocor” sunarti. “ siihh
asiiihhhh… “ celuke munawaroh. “ ana apa mbak?” asih. “kae genthenge bocor, njupukno
ondho lan benerno”. Utuse munawaroh. Asih njupuk ondho lan benerno gentheng kang
bocor. Padahal iku lagi udan deres lan beldhek kang nyambar-nyambar. Munawaroh, sunarti,
lan juminten malah enak-enakan ndelok tv padahal asih udan-udanan nang njobo. “mbak, opo
kene gak ndeleng asih sik ya mbak? Ngko yen ono opo-opo piye? Ngko ya kene seng
disalahno tonggo.” Juminten. “ iyo-ya dhek, ayo ndeleng asih sik” wangsule munawaaroh.
Pas munawaroh,sunarti lan jumnten tekan njobo, asih wis gemletak ana ing ngisor. Akhire
pun asih digawa ing rumah sakit. Munawaroh , sunarti, lan juminten nangis pikiran e ra
karuan. “ kenopo aku setego ki ya Allah karo adhikku” munawaroh. “ hiii…iii.iii. tangise
munawaroh lan adhike adhike”. “oyaya mbak, aku wedi yen asih kenopo-nopo mbak”
wangsule sunarti.

Asih melbu UGD, jarene doktere asih kepleset lan tibo natap watu kang ana ning
ngisor e ondho. Pikirane munawaroh wis ora karu-karuan. Banjur asih sadar lan ngomong
nek mbak yune. “mbak, sepurane ya mbakk”asih. “iyo dhekk, gak popo wis tak sepuro dhek,
sepurane mbak e wis serakah ya dhek. Gara-gara warisan mbak yu dadi wuto karo sing
bener”munawaroh. “ iya mbak, asih ikhlas yen omah iki dadi nggone mbak mnawaroh, mbak
sunarti lan mbk juminten” asih. “ ojo ngomong kaya ngono dhekk”. Banjur asih kritis amarga
kekurangan darah. Akhiripun asih meninggal. Munawaroh, sunarti, lan juminten nangis
kosel-kosel ngrumangsani yen gara-gara awake asih meninggal. Munawaroh wis ora nggubris
opo seng enek nk kono, mboh piye polahe, munwaroh nyesel wis nggawe adikhe dadi kaya
ngene. Gara-gara warisan kaluwarga sing byen harmonis dadi ajur gara-gara ibut warisan.
Sandhang,papan, lan arta ora ono gunane yen tanpa kaluwarga. Maka saka iku, ojo sia-sia
wong kang isih ana ning dunya iki selagi wong iku isih ana ing dunya harta, sandhang, lan
papan ora bakal kagowo mati, kaluwarga sing luwih penting. Ojo wuto amarga harta, harta
ora sing segala-galane ananging kerukunan kaluwarga iku sing segala-galane

Anda mungkin juga menyukai