Anda di halaman 1dari 5

WACAN BOCAH

PUTRI RETNOWATI LAN CEMPE PUTIH


dening:Venny Indria E.

Jaman biyen, atusan taun kepungkur, ana kraton cilik sing aran Kraton
Cempala. Kraton iki sanajan cilik nanging makmur. Rakyate padha sregep. Para tani
sregep macul lan ngopeni tetuwuhan ing sawah, para bakul padha jujur lan sregep
anggone ngluru rejeki. Rajane uga ambeg adhil para marta. Pinter, wasis, cukat, lan
trengginas ngadhepi maneka warna masalah kang dumadi ing negarane.
Nuju sawijining dina, Kraton Cempala arep direbut dening Kraton Pulasara.
Raja Cempala bingung, apa maneh nalika nampa kabar saka telik sandhine yen para
prajurit Pulasara wis tekan tapel watesing kutha. Putri Retnowati, sing ora liya
putrane Raja Cempala kang umure isih 10 taun kuwi sajake uga ngerti apa kang lagi
dadi penggalihane ramane.
“Rama, menapa para prajurit Pulasara sampun dumugi tapel watesing negri
Cempala?”, pitakone Retnowati marang ramane.
“Iya putriku. Muga-muga para prajurit Cempala bisa nandhingi kadigdayane
para prajurit Pulasara”, wangsulane Raja Cempala.
“Nanging menawi dipuntingali saking cacahing prajurit, temtu kemawon
Cempala kawon Rama”, celathune Retnowati.
“Iya, Retnowati. Kuwi sing ndadekake Rama bingung. Apamaneh Raja
Pulasara kuwi kawentar kejeme, sewenang-wenang marang rakyate. Malah Raja
Pulasara ora wigah-wigih mateni rakyate sing ora gelem mbayar pajek. Rama ora
bakal lila yen rakyate dhewe diprentah dening raja sing wengis kaya Raja Pulasara”,
mangkono wangsulane Raja Cempala.
Ora let suwe Patih Cempala sowan marang rajane.
“Raja Cempala ingkang minulya, prajurit Cempala sampun siyaga wonten
tapel watesing negara. Sumadya ngadhepi para prajurit Palasara”, mangkono laporane
Patih Sembada marang Raja Cempala.
“Pira kira-kira cacahe prajurit Palasara?”, pitakone Raja Cempala.

1
WACAN BOCAH

“Kinten-kinten 5000 prajurit. Dene prajurit Cempala namung 2000. Ingkang


500 njagi karaton, dene ingkang badhe ngadhepi prajurit Palasara namung 1500”,
mangkono wangusulane Ki Patih.
Ora let suwe Patih Sembada banjur ninggalake dhampare Raja Cempala.
Dheweke banjur mimpin para prajurit Cempala, ngadhang prajurit Palasara ing
saknjabaning tapel wates kraton. Prajurit Cempala sanajan cacahe luwih sethithik
katimbang prajurti Palasara, nanging kanthi semangat bela negara, prajurit Cempala
kanthi gagah prakosa ngadhepi prajurit Pulasara. Telung dina perang antarane
Cempala lan Pulasara dumadi. Prajurit Pulasara sing cacahe luwih akeh menang. Para
prajurit banjur mlebu tapel watesing kraton.
Para prajurit Pulasara kang teka saka wewengkon kang adoh banget saka
Cempala kuwi dipandhegani dhewe dening Raja Pulasara. Raja Pulasara
sakwadyabalane wiwit mlebu ing wewengkon kraton Cempala. Mangkene celathune
Raja Pulasara.
“Mung negara cilik wae, arep wani karo negara Pulasara. Ha ha ha. Mati
kabeh prajurite. Ha ha ha!”. Mangkono guyune Raja Pulasara lakak-lakak.
“Lajeng kados pundi Kanjeng Gusti. Menapa samenika kita kedah mlebet
dhateng beteng kraton Cempala?”
“Ora perlu, Patihku. Tembok beteng iki pengkuh banget. Apamaneh lawange
digawe saka wesi. Mesthi butuh tenaga ewon kanggo njebol temboke. Luwih becik
saiki beteng iki dikupeng wae. Sawah lan kebonane rakyat Cempala kabeh ana ing
saknjabaning beteng. Sedhela maneh mesthi rakyat Cempala bakal kaliren, amarga
ora ana panganan sing bisa dipangan. Lan suwening-suwe mesthi rakyat lan Raja
Cempala bakal ngaku kalah lan metu saka beteng kanthi ngibarake gendera putih.
Yen ora gelem metu, kareben modar kabeh ana njeron beteng”, mangkono kandhane
Raja Pulasara.
Wis rong sasi Kraton Cempala dikupeng dening para prajurit Pulasara. Rakyat
Cempala wis padha kaliren. Kabeh panganan kang ana wis dipangan, kewan wis
dibeleh, wit-witan kang ana saknjeroning tembok beteng kabeh wis pridhis.

2
WACAN BOCAH

“Patihku, piye yen kaya mengkene. Rakyate dhewe kabeh wis padha kaliren.
Yen kaya mengkene aku ora tegel. Apa maneh saben dina aku weruh bocah-bocah
cilik padha sambat ngeleh karo wong tuwane”, ngendikane Raja Cempala.
“Inggih, kula ugi mangertos sanget. Menapa kita kedah medal saking beteng
menika, lan ngaken kawon kaliyan Raja Pulasara?”, pitakone Sang Patih.
“Ora … aku ora bisa. Yen metu saka beteng, padha wae awake dhewe nglalu.
Raja Pulasara mesthi bakal milara rakyatku, saka bocah cilik tekane wong jompo.
Kabeh mesthi kena sasaran wengising Raja Pulasara”, mangkono wangsulane sang
Raja.
“Nyuwun pangapunten Rama, kula gadhah cara supados kraton Cempala
saged uwal saking pangepunging mungsuh”, mangkono kandhane Putri Retnowati.
“Cara sing kepriye Putriku?”
“Mangke Rama badhe pirsa piyambak. Samenika keparenga kula tumut Ki
Patih, badhe pados piranti kangge nundhung mengsah saking bumi Cempala Rama”,
mangkono wangsulane Putri Retnowati. Sanajan isih cilik, Putri Retnowati sawijining
bocah kang pinter. Malah Ramane dhewe kerep njaluk tetimbangane Putri Retnowati
yen pinuju gawe keputusan penting.
“Ya wis kana, ndang mangkata!”, ngendikane Raja Cempala.
“Matur nuwun Rama.
Putri Retnowati lan Patih Sembada enggal-enggal lunga. Ora let suwe
kekarone banjur tumuju kutharaja. Putri Retnowati banjur omong karo Ki Patih
Sembada.
“Ki Patih, aku golekna wedhus, sapi, apa jaran. Cilik ora pa pa, sing penting
kudu ana. Kuwi piranti sing takbutuhake temenan”, mangkono ujare Retnowati.
Ki Patih banjur golek kewan sing isih ana ing negara kono. Pranyata kabeh
kewan wis padha dibeleh. Ki Patih nganti nasak-nasak kabeh panggonan kanggo
golek kewan sing dikarepake Putri Retnowati.
“Piye Ki Patih, wis entuk apa durung?”, pitakone Retnowati.

3
WACAN BOCAH

“Dereng Putri, kewan sampun telas sedaya, dipuntedha para pendhudhuk


mriki. Samenika kemawon rakyat ingkang sampun diwasa sampun sekawan dinten
boten nedha. Dene lare-lare namung nedha sepisan saben dintenipun. Menika
kemawon namung nedha sekul jagung”, mangono pratelane Ki Sembada.
Sawise telung dina jajah desa milangkori, Ki Patih lan Putri Retnowati sidane
entuk kewan sing isih urip. Ya mung kari siji iki saknegara Cempala. Kuwi wae
mung cempe cilik kuru. Sing duwe cempe uga katone abot banget ngeculake cempene
nalika arep digawa dening Ki Patih. Nanging Putri Retnowati janji, yen cempe mau
bakal diijoli cempe 100 cacahe, yen prajurit Palasara wis oncat saka negara Cempala.
“Ki Patih, saiki ayo golek roti, sega, lan wowohan!”, mangkono kandhane
Retnowati.
“Kangge menapa Sang Putri?”, pitakone Ki Patih.
“Pokoke kuwi uga piranti penting kanggo nundhung lunga para prajurit
Pulasara”, mangkono wangsulane.
Diluru tekan ngendi-ngendi, wis ora ana. Nanging ing tengah kutha isih ana
roti separo. Kuwi wae satemene arep dipangan dening anake sing duwe omah. Banjur
segane nglumpukke saka pari-pari turahan sing ana ing bagore para tani ing
wewengkon Cempala. Retnowati uga oleh anggur enom sakglintir.
Wong sadesa padha ngrubung cempe putihe Retnowati. Ora let suwe
Retnowati banjur makakake roti, sega, lan wowohan kang kathi rekasa diklumpukake
dening para warga. Satemene batine warga padha brontak weruh roti, sega, lan
wowohan kang kari siji-sijine ing negara kono dipakakake cempe. Nanging ora ana
sing suwala. Kabeh amung padha mbatin, katimbang diwenehake cempe, luwih becik
diwenehake anak-anake wae sing wis padha kaliren.
Cempe mau banjur diuculake neng saknjabaning beteng Cempala. Let sedina,
teka telik sandhi, sowan ana ngarepe Raja Campala.
“Raja Cempala ingkang minulya, prajurit Pulasara sampun sami nilaraken
negara Cempala. Sedaya sami mlampah mangulon, wangsul dhateng negaranipun.”,
mangkono laporane Ki Patih marang Raja Cempala.

4
WACAN BOCAH

Polatane Raja Cempala sakala dadi bingar. Katon yen seneng banget.
“Lha kok bisa ngono Patih?”, pitakone Raja Cempala.
“Sedaya amargi kapinteranipun ingkang Putra, pun Putri Retnowati”,
mangkono Ki Patih suka wangsulan.
Patih Sembada banjur crita yen para warga kang omahe cedhak karo tapel
watesing kraton padha cerita yen para prajurit Palasara nyekel cempe cilik kang
diuculake dening para warga Cempala. Ing wetenge cempe cilik mau, ditemokake
sega, roti, lan anggur. Kadadeyan iki dimangerteni dening Raja Palarasa. Raja banjur
celathu mangkene.
“Ora bener yen rakyat Cempala padha kaliren. Lha iki buktine … panganan
enak kayata sega, roti, lan anggur kok trima dipakakake cempe. Mesthi rakyat
Cempala isih duwe tandhon pangan sing akeh banget. Mokal yen padha kaliren, lha
wong sega, roti, lan anggur dipakakake cempe”, mangkono celathune Raja Palasara.
Amarga wis rong sasi setengah, prajurit Palasaara ngepung Cempala, tandhon
pangane Palasara uga saya sethithik. Prajurite uga wis padha kesel. Tandhon pangan
mung cukup kanggo sangu mulih menyang negara Palasara sing pancen adoh saka
Cempala. Sabanjure kabeh prajurit Palasara, dipimpin dening rajane banjur lunga
saka bumi Cempala.
Rakyat Cempala padha surak-surak. Kabeh ngalem kapinterane Putri
Retnowati. Retnowati disubya-subya. Minangka wujud rasa syukur, rakyat Cempala
kabeh pada luwih sengkut anggone nyambut gawe. Cempala saya makmur katimbang
wingi uni. Rakyate padha sayuk rukun, tresna marang pemimpine. Cempala dadi
negara kang kawentar. Sawise Raja Cempala seda, Retnowati ngganteni ramane dadi
ratu. Ratu sing wasis, adil, lan wicaksana.

Sumber: Buku Sonia dan RajaDesember


(karangan M. Sarbini)- Indra Press.

Anda mungkin juga menyukai