Anda di halaman 1dari 1

ADIPATI ONJE

Kacarita, ing salah sawijining desa aran Desa Onje madheg padhepokan. Padhepokan mau kapimpin
dening Ki Tepus kang nduweni sifat arif, bijaksana lan gagah pideksa. Panjenengane kagungan garwa kang
banget ditresnani. Nanging garwane kuwi ora bisa ngancani maneh amarga seda. Lara kang banget abot
nyebabake panjenengane seda. Ki Tepus banget sedhih ditinggal garwane. Mula panjenengane tapa ing Bukut
Tukung. Saking suwene anggone tapa, salirane Ki Tepus kagubet dening suket. Mula panjenengane diarani Ki
Tepus Rumput. Ing tapane, Ki Tepus olih wangsit kang isine supaya menyang Krajaan pajang.
Sawise kuwi, Ki Tepus kondur menyang padhepokane saperlu awerh kabar marang murid-muride
menawa Ki Tepus bakal menyang Krajaan pajang. Apamaneh Eyang Khantaraga uga dhawuh supaya Ki Tepus
menyang kerajaan Pajang.
Nalika jaman semana madeg salah sawijining krajan kang aran krajan Pajang. Rajane nama Sultan
Hadiwijaya lan jejuluk Sultan Pajang. Daerah kekuasaane amba banget.
Sawijining dina, Sang Raja kelangan jimate kanga rupa ali-ali (jenenge socaludira). Kanggo nemokake
jimate kuwi, panjenengane nganakake sayembara. Isi sayembarane yaiku “sapa wonge kang bisa nemokake
socaludira bakal oleh putri triman, kuwi menawa kang nemokake wong lanang. Dene menawa kang nemokake
socaludira wong wadon bakal didadekake garwane raja”.
Dina candhake, Ki Tepus mangkat ijen menyang Krajan Pajang. Satekane ing Krajan Pajang Ki Tepus
langsung marani papan kang rame banget. Nyatane ing papan kana lagi dianakake sayembara. Ki Tepus
Rumput melu sayembara. Ora nunggu suwe panjenengane oleh giliran. Nalika melu sayembara, Ki Tepus tapa,
golek wangsit. Nyatane wangsit teka ing dina katelu panjenengane tapa.Socaludiara kang lagi digoleki kuwi
jebul mlebu sumur jemblung. Sanadyan katone aeng, nanging nyatane Ki Tepus Rumput bisa njupuk ali-ali
mau saka sumur jemblung kanthi slamet. Banjur socaludira kaaturaken marang Sultan Pajang.
Manut isine sayembara, Ki Tepus Rumput oleh putri triman. Putri kang ayu rupane kuwi aran Dewi
Kencana Wungu, putri Adipati Menoreh.
Sawise Dewi Kencana Wungu kaparingaken marang Ki Tepus Rumput, Sang Raja banjur dhawuh
supaya Ki Tepus Rumput njaga putri trimane kuwi lan aja dicampuri dhisik nganti tekan anak kang lagi
dikandhut lair. Amarga wetu samana dewi Kencana wungu lagi ngandhut patang sasi.
Ngendikane"Ingsun ora wani-wani sapa kang anemokaken manira paringi bojo ingsun bocah desa
putrane Dipati menoreh iya rawatana ananging iya wus meteng olih kapat tengah iya iku poma aja kowe
tumpangi."
Lan mengko sawise bayine lair, Ki Tepus Rumput kudu lapor marang Sultan Pajang.
Saliyane oleh putri triman, Ki Tepus uga diangkat dadi Adipati ing Onje lan jejuluk Kyai Ageng Ore-
ore. Piyambake uga oleh tanah perdikan kang ambane 200 grumbul. Ki Tepus Rumput lan Dewi Kencana
Wungu bali menyang dukuh Teruka ing Desa Onje.
Limang sasi candhake, kyai Ageng Ore-ore balik maneh menyang krajan saperlu laporan marang Sultan
Pajang nek menawa putrane wis lair, lanang. Dening Raja banjur dijenengi Raden Ore-ore.
Sultan Pajang dhawuh marang Ki Tepus Rumput supaya ngrumat Raden Ore-ore. Mbesuk menawa
Raden Ore-ore wis bisa nglayamake tombak supaya digawa menyang Krajan Pajang.
Ngendikane "besuk menawi wus kelar angebat watang, iki gawanen melebu."
Nalika Raden Ore-ore wis dianggep diwasa, banjur digawa menyang Krajan Pajang. Ing kana banjur
didhawuhi supaya ngganteni Kyai Ageng Ore-ore dadi Adipati ing Onje. Amarga Kyai Ageng Ore-ore wis
sepuh. Sawise dadi Adipati, Raden Ore-ore jejuluk Adipati Anyakrapati. Sang Adipati kagungan garwa loro
yaiku Rara Pakuwati(putri Adipati Cipaku) lan Dewi Medang(putri Adipati Kanda Daha saka Pasirluhur).
Ing sawijining dina, garwa-garwane Adipati Anyakrapati padha tukaran. Mirsani prastawa kuwi, sang
Adipati ora misahake malah mundhut pedang. Kekarone banjur dipateni.
Rara Pakuwati lan Dewi Medang dikubur ing Gandhok Kiwa. Para abdine kang ngerti prastawa ing
Kadipaten Onje diprentah supaya aja ngabarake prastawa kasebut marang wong liya apa maneh marang Adipati
Cipaku. Adipati Anyakrapati banjur paring pepali marang anak putune supaya aja nganti duwe bojo luwih saka
siji.
Ngendikane "Suk mben aja na kang duwe bojo luwih saka siji."
Sanadyan prastawa kasebut ditutup-tutupi, nanging ora suwe Adipati Cipaku midhanget kabar menawa
putrine dipateni dening Adipati Onje sing ora liya garwane dhewe. Sang Adipati Cipaku paring pepali marang
anak putune supaya aja nganti besanan karo keturunane wong Onje.
Ngendikane "Anak putu aja na kang mantu wong Onje."
Nganti tekan saiki, pepali-pepali kasebut isih dijaga dening wong-wong Onje apa dene Cipaku. Amarga
padha percaya menawa “sapa wonge kang nerak pepli bakal kene sukerta”.

Anda mungkin juga menyukai