Anda di halaman 1dari 5

KELOMPOK SANDHIWARA RADIO

 Editor : Ghoffar
 Pembuat naskah : Aliyyah
 Narator : Helent
 Prabu : Arga
 Purbasari : Cahya Tria
 Purbararang : Aliyyah Najwa
 Indrajaya : Sheva Julyo
 Penyihir : Rangga Satrio
 Dayang : Nadia Calista
 Ibu ratu : Keisha
 Lengser : Veral
 Lutung : Arda
 Ibu Lutung : Nadia Calista
 Aki : Aril
 Guruminda : Berkah

LUTUNG KASARUNG
Ing sawijining dina ana Raja singadil lan bijaksana. Asmanipun Prabu Tapa Agung. Prabu Tapa Agung
duweni putri yaiku Purbasari lan Purbararang. Prabu Tapa Agung bingung amerga nganti saiki urung
nemokakae pewaris tahta sing nggantekake dheweke. Prabu Tapa Agung ngipi didawuhi ninggalake
istana lan ngekekake tahtane marang Putri Purbasari.

ADEGAN 1

Prabu :“ Dina iki wis tak tetepne sing bakal dadi pewaris tahta kerajaan iki yaiku Putri Purbasari

Purbasari:” Nyuwun pangapunten Prabu,menawi ingkang dados Ratu mboten kakanda Purbararang
kemawon?”

Indrajaya :” Nyuwun pangpunten Prabu, menapa ingkang dipun ucapaken Purbasari niku bener.”

Prabu :” Ora Indrajaya, Purbasari sing luwih pantes. Aku percaya menawa Purbasari iso dadi teladan
kanggo rakyatku ing kerajaan iki. Purbararang apa kowe ora kaboten yen Purbasari dadi Ratu ana
kerajaan iki?”

Purbararang :” Mboten Prabu.”

Prabu :” Lengser umumna ing pelosok negeri,yen Purbasari sakiki dadi Ratu ing kerajaan iki.

Lengser :” sendika dawuh Prabu.”


ADEGAN 2

Indrajaya :” Purbararang apa sing kok lakokake saiki?”

Purbararang :”Aku golek akal piye carane kanggo cilakake Purbasari supaya ora dadi Ratu ing
kerajaan iki.”

Indrajaya :” Kowe ora perlu khawatir maneh Purbararang, aku wis nyediakake boreh,supaya
Purbasari ala rupane.”

Purbararang:” Ide sing apik Indrajaya, aku wis ora gelem digawe sengsara maneh.”

Purbararang lan Indrajaya iso nglakokake rencana cengkele kui.Purbararang lan Indrajaya akhire
marani penyihir gawe njalok ramuan gawe nyilakani purbasari.

Purbararang:”penyihir apa kowe bisa nyihir Purbasari dadi ala?”

Penyihir:”Pasti bisa tuan putri, nanging apa imbalanku?”

Purbararang:”Aku bakalan ngekei kowe emas sing akeh. Sing penting Purbasari dadi ala.”

Penyihir:” Iki ramuan kekno marang Purbasari, campurna ing jero banyu, ben diombe Purbasari.”

ADEGAN 3

Purbararang nggongkon dayang supoyo ngekeki ngunjuk seng diwenehi ramuan tekan penyihir
marang Purbasari.

Dayang 1:”Niki putri mangga diunjuk”.

Purbasari:”Matur nuwun dayang”

Akhire Purbasari ngombe ramuan tekan Purbararang.lan sesuke Purbasari tangi turu lan rupane
berubah dadi ala.

Ibu ratu liwat ngarep kamare purbasari lan ngambu ora enak

Ibu ratu:” Ambu opo iki kok ora enak banget.Dayang……(karo bengok-bengok)”.

Amarga ibu ratu bengok-bengok sak isi kerajaan metu kabeh.

Purbararang:”Wonten nopo ibu ratu,Lho ambu nopo kok mboten enak niki’’.

Ibu ratu:”Ibu ya penasaran ambu opo iki kok ora enak’’.

Purbararang:”Ambune kok koyo tekan kamare purbasari ibunda”.

Akhire kabeh podo melbu kamare purbasari,tibakne purbasari keadaane wes ala rupane lan ambune
ora enak.

Purbararang :” Prabu,kula mboten purun menawi Purbasari taksih wonten kerajaan niki,amargi kula
khawatir penyakitipun nular wonten penghuni kerajaan.
Indrajaya :” inggih Prabu, napa Prabu kersa penduduk kerajaan sengsara. Leres ingkang diaturaken
Putri Purbararang .

Prabu :” Purbasari Prabu ora pengen yen para penduduk sengsara merga ketularan penyakitmu.”
Purbasari :” Mboten napa-napa Prabu kula ikhlas ninggalaken kerajaan.”

Prabu :” Lengser! Gawanen Purbasari menyang alas.”

Lengser :” sendika dawuh Prabu.”

Lengser gawa Purbasari menyang alas lan bali maneh menyang kerajaan.Purbasari orep dewe nak
njero alas lan dikancani kewan-kewan.

ADEGAN 4

Purbasari:”Ngeneki aku urip dewe nak njero alas ora nduwe sopo-sopo mung dikancani kewan-
kewan,ngenesmen uripku”.(guneman dewe).

Mara-mara ing wektu bengi purbasari dewean ng njobo gubuk lan krungu suworo nyleneh teko
njero wit witan,mara-mara ono wujud aneh koyo ketek metu tekan wit-witan,purbasari dadi wedi.

Purbasari:”sopo kowe(karo wedi).

Lutung:”hay…jenengku lutung,kula pingin dados rencang njenengan.”

Purbasari:”Kowe iku menungso apa kewan.”

Lutung:”Kula asline manungso tapi awujud ketek.”

Purbasari:”Oalah….aku gelem dadi kancamu.”

Lutung lan Purbasari dadi kanca akrab njalani urip bebarengan nang alas lan katon roso tresno
marang karone. Ing salah sawijining dino Lutung semedi ing guo lan mara-mara muncul telaga.

ADEGAN 5

Lutung ngajak Putri Purbasari menyang ibuke Lutung gawe ngobati penyakite Purbasari.

Lutung:”Ibuke niki Putri Purbasari.’’

Ibu Lutung:”oh ya le ayu tenan putri Purbasari iki, nanging kenek apa kok ala rupane?

Lutung: “Ngeten bu ceritane, Putri Purbasari niki asline ayu rupane nanging amargi diracuni kaleh
mbakyune rupane dadi ala..Kula nggawa Putri mriki kangge nambani penyakit e, apa ibu saget
nambani?

Ibu Lutung:”Owalah nak, ibu ngerti piye cara nambani penyakit e Putri Purbasari, gawaen Putri
Purbasari nang telaga lan kongkonen nyemplung ing telaga. Sakmari iku penyakit e Putri Purbasari
iso waras.”
Langsung Lutung ngajak Putri Purbasari nang telaga.

Lutung :” Tuan Putri, pasuryan panjenengan monggo dipun resikaken ing telaga niku.”

Sawetara wektu seteruse……

Purbasari : “wajahku, matur suwun Gusti, matur suwun Lutung. “

Lutung :” Putri Purbasari panjenengan sampun sami kalih menika.”

Purbasari : “Iya Lutung.”

Kedadean ing jero alas iku akhire dirungu dening Putri Purbararang

Purbararang : “Aki, kedadean apa sing ana ing alas?”

Aki :” Makaten Putri wono niku sampun dados taman lan wonten jamban salaka ingkan asri banget.”

Purbararang : “Lengser…..Lengser mreneo!”

Lengser : “Hamba dhateng Gusti Ratu.”

Purbararang : “Lengser menyango alas ngomongo ning Purbasari yen arep tak ajak lomba adu
keayuan yen aku luwih ayu Purbasari arep dihukum pancung.”

Lengser:”Sendika dawuh putri.”

Lengser budhal menyang alas dhateng putri Purbasari.

Lengser :” Tuan Putri Purbararang nantang putri adu keayuan yen putri Purbararang menang Putri
Purbasari dihukum pancung.”

Purbasari : “Yen aku kudu mati enom aku lilo. Nanging sing nyebabake aku sedih yaiku saking tegane
mbak yu Purbararang deweke pegel buanget ning aku.”

Esuke Putri Purbararang lan para warga mlebu menyang alas nyakseake lomba. Para warga setuju
yen Putri Purbasari sing paling ayu. Nanging Purbararang tetep ora pengen kalah karo Purbasari.

Purbararang : “Purbasari ayo tanding rambut. Sapa rambut e paling dawa kuwi sing menang.”

Lengser : “Ingkang menang tetep Putri Purbasari.”

Purbararang : “isik ana siji ngkas yaiku adu mbandingne calon garwa. Aku Indrajaya wes pasti
menang aku merga Indrajaya gagah lan ganteng. Calon garwa mu sapa?”

Indrajaya : “Sapa maneh nek ora Lutung gedhe kuwi.”

Purbasari :” Pancen kudune calon garwaku iku Lutung.”

Lutung Kasarung malih dadi jaka sing gagah lan ngganteng.

Guruminda : “Ratumu saktemene yaiku Purbasari wis ngomong yen aku kudune sing dadi calon
garwane. Dadi calon garwane aku kudu nglindungi lan mbantu deweke. Tahtane wis direbut
Purbararang.”

Akhire Purbararang lan Indrajaya sujud marang Guruminda lan Purbasari.

Indrajaya :” Ampuuuunn…….”
Purbararang : “Nyuwun pangapura Purbasari adikku.”(Purbasari ngedekne Purbararang sing lagi
sujud).

Purbasari : “Kakanda ora apa-apa yen tetep dadi Ratu nanging supaya dadi pimpinan sing apik.”

Purbararang : “Kowe pancen apikan adikku Purbasari. Kudune sing pantes dadi Ratu yaiku kowe.”

Indrajaya : “Nyuwun pangapurane Purbasari.”

Purbasari : “Wis ora apa-apa.”

Lan akhire sakabehe seneng lan tentrem.

Anda mungkin juga menyukai