Kacarita, sawijining kraton ing tlatah Jawa duk nalika semana, Raja Tapa
Agung arep lengser keprabon amarga yuswane wus sepuh lan wus ora kuwawa maneh
anggone mimpin kratone.
BABAK 1
Raja TA : "Aku rumangsa wis ora kuwawa maneh anggonku dadi Ratu.
Aku wis mumet mikirke akeh konflik.”
Patih 2 : "Paduka menika taksih kiat. Paduka taksih strong. Paduka taksih ROSA!
ROSA!
Raja TA : "Patih, aku ora nduwe anak lanang. Aku mung nduwe anak wadon 2. Ing
antarane Purbararang lan Purbasari, yen miturutmu sapa sing pantes nggenteni
aku, Patih?”
Patih 2 : "Kula mboten ragu malih Gusti, temtu kemawon Putri Purbasari,
piyambakipun tansah pikantuk juara satu ing kelas, piyambakipun ugi pinter
masak, lan mboten remen pacaran.”
Raja TA : "Lha yen anakku Purbararang?"
Patih 2 : "Menawi Putri Purbararang, ngawatiraken sanget, saben dinten naming
online, fesbukan terus saben dinten, remen gonta-ganti cowok"
(Pubasari,Purbararang,Patih 2 masuk)
Purbasari : “Rama, kenging menapa kok kula ingkang dipuntimbali, sanes mbakyu
Purbararang?"
Raja TA : "Amarga miturut panemune Rama lan Patih, kang bisa ngganteni aku
amung kowe, dudu mbakyumu. Ndhuk apa kowe wis siap nampa tahta saka
rama?"
Purbasari : "Inggih rama, kula sampun siap”
Patih 1 : “Upacara penyerahan tahta badhe enggal kawiwitan, Gusti paduka saha
putri kasuwun samadya ing gati”
Purbararang : "Uwis! Mandheg!! Apa iki? Rama, kenging menapa kedah lare menika
ingkang badhe nampi tahta Rama, kok sanes kula mawon Rama. Rama ora
adil, Rama pilih kasih, kedahipun putra mbarep ingkang nggadhahi hak nampi
tahta Rama!”
Raja TA : "Ora ngono ndhuk”
Purbasari : “Inggih Kanjeng Rama, kedahipun panci kakang mbok ingkang nampi tahta
menika, sanes kula. Kakang mbok ingkang langkung pantes”
Raja TA : "Ya merga saka patrapmu iku, mula aku milih kowe ndhuk, anakku.
Purbararang : "Delok wae!! Mesthi bakal tekan titiwancine, bakal ana kutukan ing kraton
kene!!
(Purbararang ngajak tunangane Pangeran Indrajaya nemoni dukun pellet nomer wahid Ni
Ronde kanggo nyingkirake Purbasari)
Purbararang : "Kangmas, aku wis pegel karo Purbasari, aku bakal nggawe etungan
marang dheweke”
P Indrajaya : "Nggawe etungan? Kowe rak kalah pinter tinimbang dheweke?? Masa arep
nggawe etungan, aja maneh ping-pingan, tambah-tambahan wae kowe kalah”
Purbararang : “ kang mas maksudku, aku bakal nggawe Purbasari sengsara.
Bakal nggawe dheweke susah”
P Indrajaya : "Piye carane? Kowe ki mbok aja ngono ta, karo adhine dhewe kok
mentolo?"
Purbararang : "Salahe dhewe, dheweke ngganteni Rama”
P Indrajaya : “Lha terus??"
Purbararang : "mulane aku ngajak sliramu mrene”
P Indrajaya : "Omahe sapa iki?"
Purbararang : "Ni Ronde”
P Indrajaya : "Ooo, arep tuku wedang ronde wae kok adoh adoh mrene. Sing cedhak
dalan anyar kono rak ya ana ta?"
Purbararang : "Huss, aja waton ngomong, iki daleme Ni Ronde, dukun ampuh kang
kondang kaloka kang bisa ngatasi masalah tanpa masalah”
P Indrajaya : "Arep golek nomer buntut pa?"
( NI Ronde melbu karo nggawa laptop)
Ni Ronde : "Sapa sing ngomong ngawur mau?"
Purbararang : "Nyuwun sewu, niki calon bojo kula mboten nggadhahi maksud nyepelekke
Simbah”
Ni Ronde : "Ngati-ati kowe bocah enom! Jaga omonganmu! Mulutmu harimaumu!”
P Indrajaya : "Nyuwun pangapunten Mbah Rondo, eh Mbah Ronde"
Purbararang : "Kula mriki badhe anu Mbah..”
Ni ronde : "Aku wis ngerti”
Purbararang : "Wah, elok tenan Mbah Laku durung ngomong apa-apa kok wis ngerti..Wah
elok tenan!!!
Ronde : "Ya jelas, kowe mrene ko mesthi arep anu. Masalahe, anu kuwi apa?"
Purbararung : "Ngaten Mbah…” (Purbararang nyritakake masalah marang Ni Ronde)
Ni Ronde : "Ooooo gampaang" (Ni Ronde mbukak Laptope)
P Indrajaya : "Apa kuwi Mbah?
Ni Ronde : "Katrok, barang kaya ngene wae ra ngerti. Dadi bocah enom mbok aja
gaptek sing tuwa was ngerti kok”
Purbararang : "Napa saged Mbah?”
Ni Ronde : “Jaman maju ngene iki dunia perdukunan aja nganti ketinggalan jaman,
Malah kanthi laptop iki, mantraku bisa luwih update"
Purbararang : "Mpun terserah Mban mawon, pripun enake”
(Ni Ronde katon nguthak-athik laptope lan mak boooom……..)
(semua keluar)
BABAK3
(Purbasari masuk)
(Nalika PURBASARI tangi turu)
Purbasari : "Aaaaaahh…..adhuuuuh" (Wajahe Purbasari bentol-bentol ra karuan,
ndadekake geger ing lingkungan kraton. Raja katon wira-wiri nonton
kedadeyan aneh kang disandhang putrane wadon. Kabeh punggawa kraton
diklumpukake)
(patih 1 2,raja masuk kaget)
Patih 2 : "Putri Purbasari, kenangapa kowe? Kok rupamu malih kaya
ngono?
Raja TA : “Nduk kenapa rupamu terus piye iki Patih”
Patih 1 : "Nyuwun Paduka, kula nggih mboten mangertos Menapa ingkang
njalari Ndara Putri kados makaten”
(purbararang,indrajaya masuk)
Purbararang : "Manawi mboten enggal ditindak lanjuti, menika saged ndadosaken aib
wonten kraton menika lan saged ndadosaken kraton menika dados lengser.
Amargi kraton dipimpin dening wong kang rupana elek. APA KATA
DUNIA??”
Raja TA : "Piye Patih?"
Patih 1 : "Mbok menawi panci kedah makaten Paduka"
Raja TA : “Lha terus Purbasarii piye?”
P Indrajaya : "Menawi Putri Purbasan taksih tetep wonten ing Kraton mriki,isa-isa
keluwarga kraton lan para kawula bakar ketularan virus mematikan kang
durung ana antivirus pun manika"
Raja TA : “Kok sadis men ta nduk, Purbasari tak ungsekke wao na pemukiman
penduduk”
Purbasari : “Rama….” (nangis sesenggukan ngratapi nasibe)
Patih 1 : "Ndara Putri nyuwun pangapunten kula mboten saged mbantu kathah,
naming menika ingkang saged kula tindakaken kangge mbantu Ndara Putri”
Purbasari : "Sedaya niki sampun cukup Patih. Maturmuwun nggih Patih”
Patih 2 : "Ndara Putri, kula nyuwun ijin badhe wangsul dhateng kraton,, amargi
sampun dioyak deadline”
Purbasari : “O nggih mangga Patih, ingkang ngatos-atos nggih”
(patih keluar. utung persiapan masuk setelah narator)
Patih ninggalake Purbasari dhewekan, maune Purbasari rumangsa kasepen. Nanging
suwening suwe Dheweke rumangsa krasan urip ing alas. Ing alas Purbasari nduweni
kanca akeh nanging dudu manungsa, kancane bangsa kewan, ing kraton, Purbararang
dadi panguwasa kang kumalungkung. Raja TA saya sepuh lan lara-laranen maikirake
nasibe putrine, Purbasari ing panggonan liya, penere ing kayangan. Ana sawning Dewa
kang isih enom, nggantheng jenenge Guru Minda. Dewa iku nindakake kaluputan ing
kayangan lan diukum mudhun ing bumi dening Dewa Senior. Nanging wujude Guru
Mindha ora awujud manungsa, nanging kanthi wujud Lutung, kang sebanjure
diundang Si Utung.
(Si Utung gelayutan mrana-mrene. Nganti ing sawijining dina dheweke weruh sawijining
Putri kang ora pati ayu, lagi adus ing kali. Nalika Purbasari adus, selendhange dicolong Si
Utung.)
Purbasari : "Adhuh sapa ya sing njupuk selendhangku. Iwak, masa ya bisa. Tuluuuung,
tuluuuuung. Sapa sing nyolong selendhangku? Ngaku wae lah. Gek ya sapa
sing gelem urip na alas iki saliyane ake. Sayembara sayembara sapa sing
mbalekake selandhangku yen wadon takdaekake sedulur, yen lanang
takdadekake bojoku”
Purbasari : “Lho! Sapa kowe, kok nggawa selendhangku, kowe…..kowe lutung ya..”
(Purbasari mundur-mundur sajak keweden)
Si Utung : “E, Putri…Aja wedi, aku wis jinak kok. Kenalke wae, aku Si Utung….”
Purbasari : “Lho, kowe bisa caturan kaya manungsa??”
Si Utung : “Iya, aku bisa dadi kancamu neng ngalas kene”
Si Utung : “Mesakake temen bocah kuwi, dheweke kuwi mesthi ayu yen kulite ora
bentol-bentol kaya ngono. Kok kayane ana sing ora wajar ya, aku kudu nulungi”
Patih 1 : “Ndara Putri…..?? Ndara Putri smapun mantn nggih. Ndara Putri ketinggal
ayu sanget dinten niki”
Purbasari : “Iya Patih. Langsung mawon wonten urusan napa Patih tindak mriki? Rama
sehat ta Patih? Napa kawontenan Kraton imggih sae-sae kamawon Patih?”
Patih 2 : "Wiwit ndara Putri diusir saking kraton, panjenenganipun terus asring gerah.
Kawontenan kraton inggih kacau balau”
Purbasari : “Terus kados pundi Patih?"
Patih 1 : “Paduka kagungan pamgajab. Ndara Putri saged kondur malih dhateng
kraton”
Purbasari : “Menapa kula taksih saged dipun tampi Patih, langkung-lankung kakang
mbok Purbararang.”
(Krungu keputusane Purbasari, Si Utung sejatine rumangsa gela, amarga bakal pisah karo
Purbasari)
BLARRRR!!!!
(Dumadakan ana swara bledheg. Putri Purbasari njerit.. Kabeh padha nyawang Si Utung.
Bledheg iku nyamber pas ing awake Si Utung kang langsung dikebaki asap. Putri Purbasari
kaget lan bingung, dheweke isih teteplingak-linguk nggoleki Si Utung).
Purbasari : "U…. Utung Utung na ndi??” (putri nangis sesenggukan)
Si Utung : "Aku na kene Putri, iki aku… si Utung!” (karo nuding ing awake)
Purbasari : "Aa… apa? Ora mungkin,” (Putri sansaya bingung)
Purbararang : "He Kisanak, aja sembrana kowe. Lunga saka papan kene. Aku enggal arep
ngukum pancung Purbasari amargo dheweke wis kalah ing perlombaan iki!!”
(bocah gagah kuwi isih tetep ing panggonane dsinambi njaga Purbasari saka Purbararang)
Si Utung : “Ya wis, aku bakal ngungkape awakku! Jenengku Guru MIndha. Aku iki
sawijingin dewa kang lagi nandhang ukuman lan didhawuhi mudhun ing
bumi. nanging aku dikutuk lutung. Kutukan iku bakal ilang menawa ana
sawijining wanita kang kanthi ikhlas nampa dheweke dadi pasanganku”
Si Utung : "Coba saiki pilihen, sapa kang luwih bagus lan gagah, Pangeran Indrajaya
apa aku?”
Para kawula : "Guru Mindha…..!!!Guru Mindha….!!!”
Sawise disahhke dadi ratu, Purbasari banjur nikah karo Guru Mindha lan mimpin
kerajaan kanthi becik lan wicaksana.