Anda di halaman 1dari 5

NASKAH DRAMA BASA JAWA

Kelompok 2
Paraga:

Fahru : Prabu Tapa agung Adila : Putri Prabusari

M.Alif : Aki lan penyihir Dira : Putri Praburarang

Tutur : Lutung/guruminda Heni : Ibu Ratu

Lutfi : Lengser Elvina: Dayang lan ibu lutung

Diki : Indrajaya

"LUTUNG KASARUNG"

Lutung kasarung. Ing sawijining dina ana Raja sing adil lan bijaksana, asmanipun Prabu Tapa
Agung. Prabu tapa agung nduweni putri yaiku Putri Prabusari lan Putri Praburarang. Prabu tapa
agung bingung amerga nganti saiki urung nemokake pewaris tahta sing nggantekake dheweke.

Prabu tapa agung ngipi didawuhi ninggalake istana lan ngekekake tahtane marang putri
Purbasari.

P. Tapa agung: Dina iki wes tak tetepne sing bakal dadi pewaris tahta kerajaan iki yaiku Putri
Prabusari.

Purbasari: Nyuwun pangapunten Prabu. Menawi ingkang dados Ratu mboten Kakanda
Praburarang kemawon?

Indrajaya: Nyuwun pangapunten Prabu. Sing dipun ucapken purbasari niku bener prabu.

Prabu Tapa Agung: Lengser umumno ing pelosok negeri yen Purbasari sak iki dadi Ratu ing
kerajaan iki.

Lengser: Sendika dawuh prabu

ing alas

Indrajaya : Purbararang apa sing kok lakokake saiki?

Praburarang: Aku golek akal piye carane aku cilakake Purbasari ben dekne ora dadi Ratu ing
kerajaan iki

Indrajaya: oh kowe ra perlu khawatir. Aku wis ana cara ben Purbasari iku dadi ala.
Praburarang: Ide sing bagus Indrajaya. Aku wis emoh digawe sengsara maneh

Praburarang lan Indrajaya iso nglakokake rencana cengkele kui. Akhir e Purbararang lan
Indrajaya marani penyihir gawe njaluk ramuan sing iso nyilakani Prabusari

Praburarang: Penyihir opo kowe bisa nyihir Prabusari dadi ala

Penyihir: Pasti bisa tuan putri, nanging opo imbalanku?

Praburarang: Aku bakalan ngekei kowe emas sing akeh. Asal kowe bisa nggawe Purbasari ala

Penyihir:(memberikan ramuan) niki ana ramuan wenehno marang Purbasari. Campurna ing
njero banyu ngombene. Ben diombe maeng prabusari

Praburarang: Matur nuwun penyihir

Praburarang ngongkon Dayang supaya ngeke'i ngunjuk sing diwenehi ramuan tekan penyihir
marang purbasari.

Dayang : (menehi ngunjuk Purbasari)

Purbasari: (nrima minum saking Dayang)

Dayang: niki putri monggo di unjuk

Purbasari: Matur nuwun Dayang

Akhir e Prabusari ngombe ramuan tekan Praburarang. Lan sesuke prabusari tangi turu lan
rupane berubah dadi ala. Ibu Ratu liwat ngarep kamare Purbasari lan ngambu ora enak.

Ibu Ratu: Ambu opo iki kok ora enak banget. Praburarang......(karo bengok bengok)

Praburarang: Wonten nopo ibu ratu. Ambu nopo iki kok ora enak banget!!

Ibu Ratu: ibu ya ora ngerti iki ambu opo kok ora enak

Praburarang: koyokne ambune tekan kamar e Prabusari Bu

Akhir e kabeh podo mlebu kamare Purbasari, tibakne Purbasari keadaane wis ala rupane lan
ambune or enak

Praburarang: Prabu,kula mboten setuju menawi Purbasari sek wonten kerajaan niki. Kula wedi,
penyakitipun bakalan nulari kerajaan

Indrajaya: nggeh prabu, napa prabu kersa yen penghuni kerajaan sengsara. Leres sing
dipunaturaken putri Praburarang
P.Tapa Agung: Prabusari. Prabu ora pengen yen pra penduduk sengsara amarga ketularan
penyakitmu

Prabusari: enggeh. Mboten napa napa prabu, kula ikhlas ninggalake kerajaan

P.Tapa Agung: Lengser gawanen Purbasari menyang Alas

Lengser: Sendika dawuh Prabu

Lengser gawa Prabusari menyang alas lan bali meneh menyang kerajaan. Purbasari urip dewe
ing alas lan dikancani kewan kewan

Prabusari: (mbatin) Ngeneki aku urip dewe Ng njero alas ora nduwe sopo sopo mung dikancani
kewan kewan, ngenesmen uripku

Mara ing salah siji wektu, Purbasari dewe'an ing njobo gubuk, lan krungu suara nyeleneh soko
njero wit wiwitan, mara-mara ana wujud aneh koyo kethek metu tekan wit Wotan "Purbasari
dadi wedi"

Purbasari: Kowe sopo (karo wedi)

Lutung: jenengku lutung... kula pengen dadi rencang kaleh njenengan

Purbasari: kowe iku menungsa opo kewan

Lutung: kula niki manungsa nanging awujud kethek

Purbasari: owalah....yowes aku gelem dadi koncoku

Lutung lan prabusari dadi kanca akrab njalani urip bebarengan ing alas lan katon rodo tresno
marang karone. Ing sawijining dina,lutung semedi ing guwo lan moro moro muncul telaga

Lutung ngajak putri Purbasari menyang ibuk e lutung gawe ngobati penyakite Purbasari

Lutung: niki buk Purbasari!!

Ibu lutung: eh ya ke, ayu tenan putri Purbasari iki. nanging kenek apa kok ala rupane?

Lutung: ngeten bu critane, Putri Prabusari niki asli e Ayu nanging diracuni kaleh mbakne....,
kulariki nggawa putri badhe nambani, apa ibu bisa nambani putri Purbasari?

Ibu lutung: Owalah nak, ibu ngerti piye cara nambani putri Purbasari. Gawanen putri Purbasari
nang sumber banyu, sakmari iku putri Purbasari iso waras.

Langsung lutung ngajak putri Purbasari nang telaga


Lutung: mangga tuan putri, njenengan raup teng mriki (Purbasari raup)

Purbasari: Wajahku. Matur suwun Gusti, matur suwun lutung

Lutung: putri Purbasari panjenengan sampun sami kaleh menika

Kadadean ing jero alas iku akhie dirungu dening putri Praburarang

Praburarang: Aki...wontên kedadeyan apa sing ana ing alas?

Aki: makaten putri Prabusari sampun waras ndugi penyakite lan rupane dadi ayu maleh

Praburarang: Lengser...lengser....mreneo (bengok bengok)

Lengser: Hamba dhateng gusti Ratu

Praburarang: Menyang o alas, ngomongo dhateng Purbasari,deweke tak ajak lomba adu
keayuan, yen kalah deweke kudu dipacung

Lengser: Sendika dawuh putri

Praburarang: inggih

Lengser budhal menyang alas dhateng putri Purbasari

Lengser: Tuan putri... Purbararang nantang putri adi keayuan, yèn putri Praburarang menang
putri Purbasari dihukum pacung

Purbasari: Aku lilo yen kudu mati enom, nanging aku sedih...kenapa mbak yu Purbararang benci
banget ning aku

Esuke putri Purbararang lan para warga mlebu menyang alas nyaksekake lomba. Para warga
setuju yen putri Purbasari sing paling ayu, nanging Purbararang tetep ora pengen kalah Karo
Purbasari

Purbararang: isih ana siji engkas manèh, yaiku adu mbandingake garwa,Aku Indrajaya...Wes
mesthi menang aku lah. Indrajaya ganteng lan gagah!! Garwamu sapa?

Indrajaya: Sapa meneh nek ora lutung gedhe kuwi

Purbasari: pancen garwaku lutung

Lutung kasarung malih dadi jaka sing gagah lan nggantheng...(Guruminda) Dadi calone
Purbasari, guruminda kudu nglindungi lan mbantu deweke sing tahtane wis direbut Purbararang

Guruminda: Ratumu sakjane Purbasari, Purbasari wis milih aku sing dadi calon e
Akhir e Purbararang lan Indrajaya sujud marang guruminda lan Purbasari

Praburarang: Nyuwun pangapunten adhikku, ampun...

Purbasari: kakanda ora apa apa yen tetep dadi Ratu, nanging dadio ratu sing apik

Purbararang: nggak, kowé pancen adhikku sing paling apik, kudune kowe sing dadi Ratu ing
kerajaan iki

Lan akhire sakabehe seneng lan tentrem

KATAM

Anda mungkin juga menyukai