Anda di halaman 1dari 2

Ruwatan ( Basa Jawa ( Jawa Tengah) )

BY A.D.S 11/19/2012 10:24:00 PM

Ruwatan iku saka tembung “ngruwat” sing artine ngopeni. Dene upacara ruwatan iku ndueni teges
ngresiki lan nyuciake menungsa saka kesusahan batin kanthi ngenengake upacara kang biasane nanggap
wayang purwa, kanthi lakon “Murwa Kala”.

Ruwatan iku salah sijining upacara adat Jawa sing tujuane kanggo mbebasake manungsa saka
ancaman bahaya. Inti upacara ruwatan iki sejatine ndonga marang Gusti Allah, nyuwun perlindungan
saka ancaman bahaya, umpamane bencana alam, uga ndonga nyuwun pangampunan dosa-dosa lan
kesalahan-kesalahan sing wis dilakoni, sing isa nyebabake bencana utawa bakal nuwuhake sial. Upacara
ruwatan iku sejatine isa dianggep kanggo tolak bala utawa buang sial.

Upacara Ruwatan iku sejatine saka cerita wayang Purwakala. Ceritane, wektu kuwi Bathara Guru lagi
omong-omongan karo garwane, yaiku Dewi Uma mabur ing dhuwursamudro. Bathara Guru ora bisa
nahan nepsu kepengen dadi siji marang Dewi Uma. Ananging Dewi Uma ora gelem. Akhire wenihe
Bathara Guru tiba ing donya lan malih dadi mahluk sing gedhe, yaiku raksasa. Raksasa iku dijenengi
Bathara Kala. Kala takon marang bapake, menungsa sing koyo piye sing enthuk dadi pakanane. Bathara
Guru jawab, yaiku menungsa sing anak sukerta, yaiku menungsa sing nduwe nasib sial amarga lairane
utawa menungsa sing akeh dosa. Kala mudhun nggoleki menungsa iku. Bathara nembe sadar yen
menungsa koyo kuwi ing donya akeh. Yen dipangani Kala, menungsa bakal enthek. Akhire Bathara Guru
nduweni syarat kanggo anak sukerto menawa ora pengen dipangan Bathara Kala kudu nganakake
Upacara Ruwatan. Lan Bathara Kala bakal bali ning asale menawa disangoni sesaji. Amarga kuwi, kanggo
ngilangake sial wong Jawa nganakake Upacara Ruwatan kanggo ngusir Bathara Kala.

Menungsa kang ngalami sukerta yaiku ontang-anting (anak siji lanang), Ontang-onting (anak siji wadon),
Kembang sepasang (kembar), Sendhang apit pancuran (lanang, wadon, lanang), Uger-uger lawang (anak
loro lanang kabeh), Pendhawa (anak lima lanang kabeh), Kedhana-kedhini (anak loro lanang wadon),
Gondhang kasih (anak loro beda pakulitane, siji ireng siji putih), Dhampit (anak loro lanang wadon kang
laire bareng).

Ana pirang-pirang piranti sing kudhu ana ning upacara ruwatan. Ana piranti kanggo nanggap wayang
kulit purwa lakon “Purwakala”, sesajen kang isine tuwuhan, kembang mayangloro, menyan, kain mori
putih, gawangankelirsindur.Ugaanapanganan kang kudu anayaikusega Golong, sega Wuduk, Sega Kuning,
macem-macem bubur, lan jajanaj-jajanan pasar.

Tata carane Upacara Ruwatan yaiku nanggap wayang purwa nganti lakon “Purwakala”, dhalang mau
bakal mimpin upacara cukuran rambut lan siraman. Sing nyukur wong tuane bocah kang diruwat, banjur
rambut mau bakal dilarung bareng karo sesajen sing disediake.
Ing kapercayan wong Jawa, ana wanti-wanti supaya wong kang lagi mbobot (ngandhung) ora pati
cedhak-cedhaking papan kang lagi ana ruwatan. Amarga daya lan kakuwatan saka Upacara Ruwatan kang
lagi di patrapke bisa marai gugurake calon jabang bayi. Ujare, kakuwatan iki saka dayaning Ilmu Waringin
Sungsang.

Menawadigateake, upacara Ruwatanikuoramung upacara nanggap wayang, nyukur rambut, lan nglarung
sesaje, nanging uga nduweni piwulang. Piwulange yaiku :

1. Upacara Ruwatanikunuduhake rasa pepeling supaya manungsakereb sedekah kanggokeslamatane,

2. Upacara Ruwataniku mesti anakaitanekaro Batara Kala, Kala kuwi artine wektu. Nduweni teges
supaya menungsa bisa ngurmati wektu.

3. Upacara Ruwatan iku kanggo ngresiki dosa-dosa, nduweni teges supaya tansah tumindak sing apik
lan ngadohi tumindak sing ala.

Anda mungkin juga menyukai