Anda di halaman 1dari 14

UNIT KEGIATAN BELAJAR MANDIRI

(UKBM 3.5/4.5/2/05.05)

1. Identitas
a. Nama Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
b. Semester : 2-05-05
c. Kompetensi Dasar :

3.5 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis


penggunaan bahasa dalam teks sastra dan nonsastra
secara lisan dan tulis.
4.5 Membandingkan penggunaan bahasa dalam teks sastra
dan non sastra secara lisan dan tulis.

d. Materi Pokok : Basa Rinengga


e. Alokasi Waktu : (3 X 90 menit)
f. Tujuan Pembelajaran :

Melalui diskusi, tanya jawab, penugasan, presentasi, dan analisis, peserta


didik dapat menulis paragraf yang memuat basa rinengga, sehingga
peserta didik dapat menghayati dan mengamalkan ajaran agama yang
dianutnya, mengembangkan sikap jujur, peduli, dan bertanggung jawab,
serta dapat mengembangkan kemampuan berpikir kritis,
berkomunikasi, berkolaborasi, berkreasi (4C).

g. Materi Pembelajaran
Lihat dan baca pada Buku Teks Pelajaran (BTP) : Wiyata Basa kanggo SMA/SMK/MA
kelas X. 2013. Surabaya: Duta. Halaman 52-63

2. Peta Konsep

©2017- SMA Rujukan- SMA Negeri 1 Probolinggo (BJ)


1
3. Kegiatan Pembelajaran
a. Pendahuluan
Sadurunge sinau materi kang sepisan iki, coba wacanen lan gatekna wacan ing ngisor
iki!

Pengetan Dinten Kamardikan


Assalamu’alaikum Wr.Wb
Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak saha Ibu Guru dalasan karyawan SMA Negeri… ingkang
satuhu kinurmatan, saha kanca-kanca ingkang kula tresnani. Saderengipun mangga sesarengan ngaturaken syukur
Alhamdulillah wonten ngarsanipun dalem Allah SWT, dene kula panjenengan sami taksih pinaringan rahmat saha
hidayahipun, katitik kula panjenengan sakaliyan taksih saged kempal wonten ing papan mriki, saperlu hangrawuhi
adicara pengetan dinten Kamardikan Negara Kesatuan Republik Indonesia. Wonten ing mriki, kula minangka sesulih
siswa kelas X badhe ngaturaken satunggaling tema Kamardikan Republik Indonesia.
Kita sedaya mangertos, bilih atusan warsa kita dipunjajah dening bangsa Walanda. Rakyat dipundamel ajrih
saha mampi kasangsaran amargi kajajah. Kanthi landhasan tekad saha raos handarbeni dhumateng bangsa saha nagari
ingkang kiyat, rakyat Indonesia ngupaya supados saged mardika. Kawontenan menika saged kaleksanan rikala dinten
Jumat tanggal 17 Agustus 1945. Pramila, rakyat Indonesia mengeti saben 17 Agustus minangka dinten Kamardikan
bangsa kita, kangge pepeling saha mengerti Kamardikan Republik Indonesia ugi pengurbanipun para pahlawan ingkang
sampun gugur kangge kamardikaning bangsa kita.
Awit saking menika kula panjenengan sami kedah tansah nagturaken raos syukur awit kanugrahan kasebat.
Raos syukur menika antawisipun kawujudaken kanthi cara tirakatan wonten ing malem tanggal 17 Agustus wonten ing
pawiyatan kita menika. Pramila saking menika, kula saha panjenengan sedaya tansah ngaturaken raos syukur ugi
nyuwun kaliyan Gusti Allah SWT supados bangsa kita manika dados bangsa ingkang langkung sae.
Kula kinten kirang wicaksana menawi kathah anggen kula matur. Pramila cekap semanten kemawon atur
kula, mbok bilih wonten klenta-klentuning atur, kula tansah nyuwun agunging pangaksami.
Wassalammuallaikum Wr.Wb

Pitakon:
1. Apa irah-irahan tanggap wacana ing dhuwur?
2. Sapa sing nindakake tanggap wacana ing dhuwur?
3. Sapa wae sing rawuh ing adicara kasebut?
4. Apang kang diandharake sajroning tanggap wacana ing dhuwur?
5. Apa pangajab kang diandharake sajroning tanggap wacana ing dhuwur?

Kanggo bisa ngrampungake pitakon kasebut, coba wacanen lan gatekna petunjuk
kagiyatan ing ngisor iki!

b. Kegiatan Inti
1) Petunjuk Umum UKB
a) Baca dan pahami materi pada Buku Teks Pelajaran.Lihat dan baca pada Buku
Teks Pelajaran (BTP): Wiyata Basa kanggo SMA/SMK/MA kelas X. 2013.
Surabaya: Duta. Halaman 52-63
b) Setelah memahami isi materi dalam bacaan berlatihlah untuk berfikir tingkat
tinggi melalui tugas-tugas yang terdapat pada UKB ini baik bekerja sendiri
maupun bersama teman sebangku atau teman lainnya.

©2017- SMA Rujukan- SMA Negeri 1 Probolinggo (BJ)


2
c) Kerjakan UKB ini dibuku kerja atau langsung mengisikan pada bagian yang
telah disediakan.
d) Kalian dapat belajar bertahap dan berlanjut melalui kegiatan ayo berlatih,
apabila kalian yakin sudah paham dan mampu menyelesaikan
permasalahan-permasalahan dalam kegiatan belajar materi basa rinengga,
kalian boleh sendiri atau mengajak teman lain yang sudah siap untuk
mengikuti tes formatif agar kalian dapat belajar ke UKB berikutnya.
2) Kegiatan Belajar
Ayo……ikuti kegiatan belajar berikut dengan penuh kesabaran dan
konsentrasi!!!
Kagiyatan Mbangun Konteks lan Pemodelan
Pasinaon 1
Basa Rinengga

Ing kagiyatan iki, para siswa nyinaoni bab basa ing teks sastra utawa non sastra,
mligine babagan basa rinengga. Sadurunge, kanggo nggampangake anggonne nyinaoni
bab iki, Ayo bebarengan diwaca uraian materi lan tuladha ing ngisor iki!

Basa Rinengga
Basa Rinengga yaiku basa kang diowahi supaya luwih endah sajrone karya
sastra. Basa rinengga gabungan saka tembung basa lan rinengga. Rinengga tegese
dipacaki utawa dipaesi amrih endah saha ngresepake. Basa rinengga asring
diprangguling geguritan, sesorah, tanggap wacana, panyandra manten, saloka, lan
saroja.

Carane ngrengga basa, yaiku:


1. Sarana diandharake utawa diserat mawa ukara liya ingkang tetembungane
ngemu surasa luwih bregas.
2. Diganti tetembungane sawetawis, utama diganti tembung kawi.

Karakteristik teks sastra utawa teks non sastra


No. Teks sastra Teks Non Sastra
1 Karangan non ilmiah utawa asil Karangan dikembangake adhedhasar
karya paugeran panggunaane basa
2 Ora kaiket dening dening paugeran Aturan-aturan panulisane
3 Ngemu makna konotatif, ekspresif, Makna salugune
sugestif

Jinise Basa Rinengga


1. Tembung Entar (Kata Kiasan)
Tembung entar yaiku tembung loro utawa luwih sing digabung dadi siji lan tegese dadi beda
saka asal usule. Tembung entar tegese ora kaya teges salugune (kata kiasan) .
Tuladha:
❖ Dasar bocah pinter lan meneng, mula saiki dadi bau tengene Pak Rohmad.
Bau tengene tegese wong kang dipercaya.
❖ Dadi wong iku sing dawa ususe ngadhepi pacobaning urip ing donya iki.
Dawa ususe tegese sabar.

2. Tembung Saroja (Padan Kata)


Tembung saroja yaiku tembung loro kang padha utawa meh padha tegese dienggo bebarengan
©2017-kanggo mbangetake
SMA Rujukan- surasane.
SMA Negeri 1 Probolinggo (BJ)
Tuladha: 3
❖ Muga-muga sliramu tansah pinaringan bagas waras.
Tembung bagas padha tegese karo tembung waras, yaiku sehat utawa sehat temenan.
❖ Cilik gedhe, enom tuwa, padha jejel riyel ngebaki dalan.
Basa Rinengga

2. Tembung Saroja (Padan Kata)


Tembung saroja yaiku tembung loro kang padha utawa meh padha tegese dienggo bebarengan
kanggo mbangetake surasane.
Tuladha:
❖ Muga-muga sliramu tansah pinaringan bagas waras.
Tembung bagas padha tegese karo tembung waras, yaiku sehat utawa sehat temenan.
❖ Cilik gedhe, enom tuwa, padha jejel riyel ngebaki dalan.
Tembung jejel padha tegese karo tembung riyel, yaiku ngesuk utawa suk-sukan.

3. Tembung Garba
Tembung garba yaiku tembung loro kang digabung dadi siji kanthi ngelongi cacahe wanda.
Tuladha:
❖ Narpa + endah = narpendah
❖ Sugih + arta = sugyarta
❖ Malebu + ing =malebweng
4. Wangsalan
Wangsalan yaiku unen-unen kang ngemu teges badhean, kayadene cangkriman utawa tebakan.
Jinis wangsalan ana 4 yaiku :
1) Wangsalan padinan : yaiku wangsalan dianggo nalika guneman saben dina
Tuladha :
❖ Isih enom kok njangan gori (gudheg = mbudheg)
❖ Wah, sajake lagi nglapa muda. (degan = dheg-dhegan)
2) Wangsalan kang rinacik ing ukara
Tuladha :
❖ Balung janur, nyata sira minangka usada. (sada)
❖ Kukus gantung, daksawang atimu bingung. (sawang)
3) Wangsalan kang dumadi rong gatra
Tuladha :
❖ Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra
❖ Uler toya, toya mijil saking netra
4) Wangsalan sinawung ing tembang

5. Paribasan
Paribasan yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartamtu.
Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa
pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges
entar.
Tuladha :
❖ Yitna yuwana, lena kena = sing ngati-ati slamet, sing sembrana tiwas
❖ Kerot tanpa untu = kakehan pangangkah nanging ora duwe
kekuwatan
6. Bebasan
Bebasan yaiku unen-unen kang ajeg panggonane, ngemu surasa pepindhan, kang
dipindhakake kahanane utawa sesipatane wong. Wong uga katut sajrone pepindhan iku
ananging kang luwih ditengenakake kahanane, tindak tanduke.
Tuladha :
❖ Andhang-andhang tetese bun = jagakake barang mung saolehe
❖ Ngubak-ubak banyu bening = gawe rusuh ing papan tentrem

7. Saloka
Saloka yaiku duwe teges magepokan karo sing disemoni, disanepani utawa dipindhakake
Tuladha :
❖ Kemladheyan ngajak sempal = mitra kang ngajak rusak
❖ Bathok bolu isi madu = wong ala rupane nanging pinter

©2017- SMA Rujukan- SMA Negeri 1 Probolinggo (BJ)


4
Basa Rinengga
8. Purwakanthi
Purwakanthi yaiku tetembungan kang runtut swara, wanda utawa tembunge.
Jinis purwakanthi ana telu yaiku:
1. Purwakanthi guru swara, yaiku unen-unen kang runtut swarane.
Tuladha :
❖ Gemi setiti ngati ati
2. Purwakanthi sastra, yaiku unen-unen kang runtut sastrane (konsonan)
Tuladha :
❖ Tata titis tatas titis
3. Purwakanthi lumaksita, yaiku unen-unen kang runtut wanda utawa tembunge.
Tuladha:
❖ Jarwa pinter, pintere satriya ing pringgodani

9. Tembung Kawi
Tembung kawi yaiku tembung lawas kang asale saka basa Jawa kuna. Tembung iki biasane
dianggo tembang, padhalangan, jenenge wong, lan sapanunggale.
Tuladha :
❖ Bagaskara = srengenge
❖ Adi Sucipto = pikiran sing apik lan becik

10. Pepindhan
Pepindhan yaiku unen-unen kang ora ngemu surasa kang sejatine. Lumrahe pepindhan
nganggo tembung: kaya, lir, pindha, kadya, lan liya-liyane kang ngemu karep kaya.
Tuladha :
❖ Ayune kaya Dewi Ratih
❖ Dedege ngringin sungsang

GLADHEN 1!

Sawise maca lan mangerteni uraian materi kasebut, coba garapen pitakon-
pitakon ing ngisor iki!
Ukara-ukara ing ngisor iki ngandung tembung kang nggunakake basa rinengga, coba
golekana tegese tembung kang kacithak miring kang trep!

1. Dadi bocah aja gedhe endhase.


2. Siti entheng tangane, ngerti penggawean ing omah padha dicandhak.
3. Amarga sombong, Pak Adi dadi kembang lambe ing desane.
4. Wong becik iku ora amung wong kang apik praupane, nanging uga apik budi
pakartine.
5. Nalika kagiyatan bersih desa, para warga guyup rukun bebarengan kerja bhakti.
6. Toni tibo jungkir walik nalika sepedahe nabrak pager omahe Pak Untung.
7. Para tamu undhangan klambine sarwendah.
8. Novi dhemenyar amarga ditukokake klambi karo Bapake.
9. Wiwit cilik uripku tansah katula-tula katali.
10. Aja cilik ati, sing sapa salah mesthi bakale seleh.

©2017- SMA Rujukan- SMA Negeri 1 Probolinggo (BJ)


5
GLADHEN 2!

Wangsalan, paribasan, bebasan, lan saloka ing ngisor iki tegesana!


1. Balung pakel, gendeya sisaning kalong, tegese….
2. Marga tirta, tirta kang mijil saking salira, tegese…
3. Ngreka wreksa, wreksa langking sisa geni, tegese….
4. Aji godhong garing, tegese…
5. Nabok nyilih tangan, tegese….
6. Gajah ngidak rapah, tegese….
7. Emban cindhe, emban siladan, tegese….
8. Welas tanpa alis, tegese….
9. Siniram banyu sewindu, tegese….
10. Kekudhung walulang macan, tegese….

GLADHEN 3 !
Tindakna diskusi kelompok lan diskusi kelas ngenani karakteristik saka teks
sastra lan nonsastra, karakteristik saka jenis basa rinengga, golekana 10 tuladha
kang kalebu basa rinengga banjur golekana maknane utawa tegese !

©2017- SMA Rujukan- SMA Negeri 1 Probolinggo (BJ)


6
Kagiyatan Maca lan Mangerteni Teks Panyandran
Belajar 2

Ing kagiyatan iki, para siswa kaajab bisa mangerteni hakikate teks panyandran.
Kanggo nggampangake anggon nyinaoni bab iki, ayo bebarengan diwaca uraian materi
lan tuladha ing ngisor iki!

CATHETAN

Nyandra tegese nggambar utawa amarna kaendahan utawa kahanan sarana


pepindhan dadi sing luwih digatekake yaiku gegambaraning kaendahan utawa
kahanan wong nyandra iku ora mesthi nganggo basa rinengga, tegese nganggo basa
kang lumrah.

Candrane Manungsa
Tuladha:
irunge ngudhup mlati
drijine mucuk eri
lembehane mblarak sempal
idepe tumengeng tawang
untune miji timun

Mungguh kang lumrah dicandra yaiku:


✓ Anggane manungsa lan bab kang gegayutan karo manungsa.
✓ Anggane danawa lan bab kang gegayutan karo danawa.
✓ Kahananing alam.

Maca panyandran kudu nggatekake wirasa, wiraga, lan wirama. Apa kang
dimaksud wirasa, wiraga, lan wirama?
Wirasa yaiku tingkatan penghayatan dan penjiwaan, seperti tegas,
lembut, gembira, dan sedih yang mengekspresikan melalui gerakan dan
mimik wajah sehingga melahirkan keindahan.
Wiraga yaiku dasar keterampilan gerak tubuh.
Wirama yaiku suatu pola untuk mencapai gerakan yang harmonis. Di
dalamnya terdapat pengaturan dinamika seperti aksen dan tempo.

©2017- SMA Rujukan- SMA Negeri 1 Probolinggo (BJ)


7
Panyandra Sungkeman

Penganten kakung wus jengkar saking dhampar, anganthi


ingkang garwa lumarap angabyantara mring para pinundhi. Esthining
panggalih muhung sumedya sumungkem anguswa pepadaning ingkang
eyang miwah ingkang rama ibu. Sigra tumungkul amarikelu yayah
konjem ing bantala wadanane penganten sarimbit, tangkeping asta
sumembah ing jengku kanan, sinartan aninging cipta rumasuk ing
sanibari, anyenyadhang rumenthahing pangastawa saking ingkang eyang
sarimbit, miwah rama ibu, mrih esthining driya denira mangun brayan
hinaywan dening Gusti Ingkang Mahawelas tuwin Mahaasih. Lir sinendhal
mayang jroning galih dupi ingkang rama ibu inguswa pepadanira dening
ingkang putra. Sumedhoting wardaya tan bangkit sinyutan, sakala
ingelus-elus pamindhangane penganten putri winiwir-wiwir remane,
kebak ing rasa asih sutresna.

Tan kawawa anandhang duhkitaning galih, waspa mijil


amarawayan. Tumetesing waspa tumiba pangkone ingkang rama ibu,
cinandra kdya mitiara rinonce.
Sumber : http://dianpravita.com

GLADHEN 4 !
Gawea paragraph kang migunakake basa rinengga, kanthi rembugan karo kanca
sakelompok. Manawa wis rampung banjur wacanen ing ngarep kelas!

©2017- SMA Rujukan- SMA Negeri 1 Probolinggo (BJ)


8
Rubrik Penilian Praktik Maca Teks Panyandran

Membaca Teks Panyandran


No. Nama wirama wirasa wiraga Bahasa
1 2 3 4 1 2 3 4 1 2 3 4 1 2 3 4

Pedoman Penskoran
Skor maksimal macateks panyandran yaiku 16, dene skor minimal yaiku 4. Sawise
rampung, jumlahna kabeh skor, banjur diitung nilai akhir (NA) nganggo rumus ing ngisor iki!

©2017- SMA Rujukan- SMA Negeri 1 Probolinggo (BJ)


9
Panyandra Sungkeman

I. Pilihen wangsulan sing bener kanthi menehi tandha silang (X)

1. Basa kang dipaesi supaya katon endah, bregas, lan ngresepake diarani…..
A. Basa gancaran C. Basa rinengga
B. Basa lumrah D. Basa caturan

2. Ukarang ing ngisor iki kang kalebu basa rinengga, yaiku….


A. Anggenipun rawuh sampun sawetawis
B. Wektune mung sadhela banget
C. Isine laying aku wis ngerti sakabehe
D. Kekarone kinanti manjing ing sasana rinengga

3. Bebasan ing ngisor iki kang duwe teges gawe rusuh ing papan tentrem, yaiku..
A. Nututi layangan pedhot C. Ngubak-ubak banyu bening
B. Nabok nyilih tangan D. Adol lenga kari busike

4. Paribasan ing ngisor iki kang duwe teges kakehan pangangkah nanging ora duwe
kekuwatan, yaiku….
A. Welas tanpa asih C. Jalukan ora wewehan
B. Kerot tanpa untu D. Keplok ora tombok

5. Paribasan busuk ketekuk, pinter keblinger duweni teges, yaiku…


A. Ngrasakake seneng ora gelem C. Gelem njaluk emoh menehi
wragat D. Bodho lan pinter cilaka kabeh
B. Kakehan omong nanging
mrantasi

6. Saloka kang unine gajah ngidak rampah duwe teges…


A. Wong nerak wewalere dhewe C. Kalah perbawa wewalere dhewe
B. Wong ala rupane nanging pinter D. Wong kang katuju kekarepane

7. Saloka kang unine tekek mati ulane duweni teges, yaiku…


A. Mitra kang ngajak rusak C. Wong nerak wewalere dhewe
B. Wong cilaka merga rembuge D. Wong kang katuju kekarepane
dhewe

8. Candrane mangsa kapapat, tuk padha buntet mula yen gawe sumur ing mangsa iki
bisane metu banyune kudu jero banget, yaiku….
A. Pancuran mas sumawur ing jagad C. Waspa kumembeng jroning kalbu
B. Sotya murca saking embanan D. Anjrah jroning kayun

9. Tirta sah saking sasana candrane mangsa…


A. Mangsa kaloro, akeh lemah padha mlethek utawa nela
B. Mangsa kaenem, akeh wong-wong kang enak mirasa
C. Mangsa kasanga, akeh garengpung muni, gangsir ngenthir, jangkrik ngerik
D. Mangsa karolas, ora ana wong kringetan jalaran ing mangsa iki mangsa
bedhidhing, hawane adhem banget

©2017- SMA Rujukan- SMA Negeri 1 Probolinggo (BJ)


10
10. Basa lumrahe saka ing madyaning ratri wus manjer kawuryan, yaiku….
A. Ing tengah wengi lintang manjer ing langit
B. Ing tengah wengi rembulan manjer ing langit
C. Ing tengah awan srengenge manjer ing langit
D. Ing wektu esuk lintang panjer enjing ing sisih wetan

II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor kang patitis !

1. Andharna apa kang diarani basa rinengga !


2. Golekna tuladha kang kalebu paribasan lan tegese 3 wae !
3. Golekna tuladha kang kalebu bebasan lan tegese 3 wae !
4. Golekna tuladha kang kalebu saloka lan tegese 3 wae !
5. Andharna basa lumrahe saka basa rinengga ing ngisor iki !
Ngamuk punggung sura tan taha, nir baya nirwikara

©2017- SMA Rujukan- SMA Negeri 1 Probolinggo (BJ)


11
c. Penutup
Sawise diskusi, latihan, lan nglaksanakake kagiyatan sajroningpembelajaran,
cobasaikirenungna manehapakang wis dikuasai lan sing durung dikuasai. Andharna apa
kang dadi kesan sawise sinau babagan basa rinengga kanthi menehi tandha centhang
(√) ing tabel ngisor iki!

No. Pernyataan Ya Tdk


1. Saya sudah bisa menguasai materi basa rinengga.
2. Saya sudahbisa mengidentifikasi karakteristik basa rinengga.
3. Saya sudah bisa mengidentifikasi karakteristik bahasa dalam
teks sastra dan non sastra.
4. Saya sudah bisa mengklarifikasi jenis basa rinengga.
5. Saya sudah bisa menganalisis teks basa rinengga.
6. Saya sudah bisa menganalisis teks panyandran.
7. Saya sudah bisa membedakan karakteristik teks sastra dan non
sastra.
8. Saya sudah bisa mendemonstrasikan teks panyandran.
9. Saya sudah bisa teknik membaca teks panyandran.
10. Saya sudah bisamembaca teks panyandran dengan baik sesuai
kaidah.

Jika menjawab “TIDAK” pada salah satu pertanyaan di atas, maka pelajarilah
kembali materi tersebut dalam Buku Teks Pelajaran (BTP) dan pelajari ulang
kegiatan belajar 1, 2, 3 atau 4 yang sekiranya perlu kalian ulang dengan bimbingan
Guru atau teman sejawat. Jangan putus asa untuk mengulang lagi! Apabila kalian
menjawab “YA” pada semua pertanyaan, maka lanjutkan UKB berikutnya.

Dimanaposisimu?
Ukurlah diri kalian dalam menguasai materi Basa Rinengga dalam rentang 0 – 100,
tuliskan kedalam kotak yang tersedia!

Kotak Nilai Paraf Guru

©2017- SMA Rujukan- SMA Negeri 1 Probolinggo (BJ)


12
Supaya bisa dadi ukuran yen wis bisa nguwasani materi basa rinengga, mula
coba garapen pitakon ing ngisor iki kanthi temenan!

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener!

1. Apa kang diarani basa rinengga?


2. Kepriye karakteristike basa rinengga?
3. Sebutna jinis-jinise basa rinengga!
4. Apa bedane basa kang digunakake tumrap teks sastra lan non sastra?
5. Andharna basa lumrahe saka basa rinengga ing ngisor iki!
a. Sluman slumum slamet
b. Becik ketitik ala ketara

Memayu hayuning pribadi,


memayu hayuning kulawarga,
memayu hayuning sesama,
memayu hayuning bawana

©2017- SMA Rujukan- SMA Negeri 1 Probolinggo (BJ)


13
DAFTAR RUJUKAN
Santosa, Rahmad., dkk. 2015.Sastri Basa kanggo SMA/SMA/MA/MAK kelas X. Surabaya:
Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur.

Sukendro, Dhita Puspitasari dan Susanti, Triana Wahyu. 2014.Wiyata Basa kanggo
SMA/SMK/MA kelas X. Surabaya: Duta.

©2017- SMA Rujukan- SMA Negeri 1 Probolinggo (BJ)


14

Anda mungkin juga menyukai