Anda di halaman 1dari 5

Modul Basa Jawa

“Artikel Basa Jawa”

Kelas XII Semester Gasal


SMK Negeri 2
Surakarta
Paramasastra
Paramasastra klebu kawruh babagan panulisan lan tatane tetembungan ing basa
Jawa. Paramasastra mujudake tembung camboran sing dumadi saka 2 (rong), yaiku tembung
parama lan tembung sastra. Loro-lorone tembung kasebut kasilih saka basa Sansekerta.
Tembung parama iku tegese sing dhuwur dhewe, kamangka sastra iku tegese ngelmu, kitab
suci, buku, kawruh, utawa sembarang tulisan utawa aksara.
1. Pangertene Paramasastra
Paramasastra yaiku paugeran bab panulis lan tatananing tetembungan ing basa Jawa.
Lumrahe, paramasastra uga diarani tata basa Jawa. Ing paramasastra, satuan basa sing disinau
dipecah dadi 5 (lima), yaiku aksara, wanda, tembung, frase, lan ukara. Ing materi bab iki ora
nyinau saka aksara tekan ukara nanging cukup mung babagan ukara sing awujud ukara lamba
lan ukara camboran.
2. Jejer, Wasesa, Lesan, Geganep, lan Panerang
Jejer, wasesa, lesan, geganep, lan panerang mujudake polane ukara ing basa Jawa. Jejer
bisa disimbolake nganggo aksara J; wasesa bisa disimbolake nganggo aksara W; lesan bisa
disimbolake nganggo aksara L; geganep bisa disimbolake nganggo aksara Gg; lan panerang
bisa disimbolake nganggo aksara P. Limang pola ukara kasebut bisa diandharake ing ngisor
iki.
a. Jejer (subjek)
1) Pangertene Jejer
Tembung jejer ing kene panulise nganggo pepet. Jejer yaiku wong sing nindakake
pakaryan. Saliyane iku, jejer bisa diarani pelaku. Jejer mujudake wangulan kanggo
pitakon sapa utawa apa. Lumrahe, jejer manggon ing ngarep ukara. Ananging uga ana
jejer ing tengah utawa pungkasaning ukara. Jejer ora bisa didhisiki tembung ancer-
ancer.
2) Ciri-Cirine Jejer
Titikane tembung kang dadi jejer, yaiku (1) jejer arupa tembung aran; (2) jejer
bisa nggunakake tembung iki, iku, lan kae; (3) jejer minangka jawaban pitakon apa lan
apa; (4) jejer bisa diwuwuhi pewates sing; lan (5) jejer bisa arupa jening tembung
sakliyane tembung aran.
3) Jinise jejer
Jinise jejer bisa kaperang dadi 5, yaiku:
a) jejer sing awujud tembung aran. Tuladhane, ukara sing jejere saka tembung aran,
yaiku:
(1) Bapak tindak Masjid At-Taqwa.
(2) Regane sarung murah.
b) Jejer sing awujud tembung kriya. Tuladhane, ukara sing jejere saka tembung kriya,
yaiku:
(1) Mangan yaiku sarana kanggo nambah tenaga.
(2) Ngguyu yaiku salah siji wujud ibadah.
c) Jejer sing awujud tembung kaanan. Tuladhane, ukara sing jejere saka tembung
kaanan, yaiku:
(1) Rukun gawe sakabehane sentosa.
(2) Resik mujudake salah siji wujud iman.
d) Jejer sing awujud tembung wilangan. Tuladhane, ukara sing jejere saka tembung
wilangan, yaiku:
(1) Loro yaiku cacahe rakaat salat Subuh.
(2) Limang wektu klebu kewajibane wong Islam.
e) Jejer sing awujud tembung sesulih purusa. Tuladhane, ukara sing jejere saka
tembung sesuluh purusa, yaiku:
(1) Dheweke ageg sinau maca iqra.
(2) Kowe lagi apa?
b. Wasesa (predikat)
1) Pangertene Wasesa
Wasesa yaiku pakaryan sing ditindakake jejer. Gunane predikat yaiku gawe
nggoleki wangsulan pitakon lagi apa utawa kepriye. Wasesa utawa predikat yaiku
perangan kang dadi intine ukara. Miturut pranataning ukara, wasesa ana sawise jejer.
Wujud wasesa lumrahe arupa tembung kriya (kata kerja). Tuladhane wasesa yaiku
nyapu, mangan, maca, nulis, dolanan, lan sak piturute.
2) Ciri-Cirine Wasesa
Ciri-cirine wawesa bisa diandharake yaiku (1) wasesa minangka jawaban saka
pitakonan ngapa, kepriye/piye, se-pira, neng endi, apa, dadi apa; (2) wasesa bisa diwiwiti
tembung yaiku; (3) wasesa bisa diwuwuhi tembung ora, dudu, aja; lan (4) wasesa bisa
diwuwuhi aspek (lagi, arep) lan modalitas (kudu, durung).
3) Jinise Wasesa
Jinise wasesa bisa kaperang dadi 5, yaiku:
a) Wasesa sing awujud tembung kriya. Tuladhane:
(1) Kangmasku mbelih wedhus.
(2) Aku salat.
b) Wasesa sing awujud tembung kaanan. Tuladhane:
(1) Siswa kae apik watake.
(2) Dinda sregep mangkat salawatan.
c) Wasesa sing awujud tembung aran. Tuladhane:
(1) Simbahe Suga guru.
(2) Bapake Agus ustad.
d) Wasesa sing awujud tembung wilangan. Tuladhane:
(1) Kopyahku papat.
(2) Tabunganku rongpuluh yuta.
e) Wasesa awujud tembung ancer-ancer
(1) Pak Bei ing Mekah.
(2) Sukri ing njaba.
c. Lesan (objek)
1) Pangertene Lesan
Lesan yaiku perangan sing dituju utawa obyek sing dikenani pakaryan. Lesan iku
ana yen ukarane wujud ukara tanduk. Ukara tanggap ora duwe lesan. Lumrahe, lesan iku
tembung aran utawa tembung sesulih purusa. Tuladhane lesan yaiku sarung, sajadah,
buku, mesjid, lan imam.
2) Ciri-Cirine Lesan
Ciri-cirine lesan yaiku (1) lesan dumunung ana sak wurine sing arupa tembung
kriya tanduk; (2) lesan bisa dadi jejer ana ing ukara tanggap; lan (3) lesan ora didhisiki
tembung ancer-ancer.
d. Geganep (pelengkap)
Geganep yaiku perangan ukara sing gunane kanggo ngganepi wasesa arupa kriya
supaya ukarane dadi ganep utawa jangkap. Geganep dumunung ana tengene wasesa sifate
tegar utawa sisih tengene lesan lan ora bisa ing ngarepe lesan.
e. Panerang (keterangan)
Ukara yen ana tembung panerange, kamangka dadi luwih cetha maksude. Panerang
ing basa Jawa kaperang dadi 7, yaiku:
1) Panerang Wayah
Tuladhane: esuk, sore, lsp.
2) Panerang Cacah
Tuladha: lima, sethithik, akeh
3) Panerang papan utawa panggonan
Tuladha: ing dhuwur meja, ing lapangan
4) Panerang Ukur
Tuladha: dawa, gedhe
5) Panerang Sabab
Tuladha: amarga laram jalarangan lunga
6) Panerang Ancas
Tuladha: supaya resik, supaya padhang
7) Panerang Kahanan
Tuladha: reged, kasar, lurus, resik.

Anda mungkin juga menyukai