Anda di halaman 1dari 15

MORFOLOGI BASA JAWA

Wujuding Tembung Basa Jawa

Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum


Latar
Belakang
Widyatembung minangka salah sawijining perangan paramasastra kang wajib disinaoni
dening para mahasiswa program pendidikan basa Jawa lan calon guru bahasa Jawa. Sapa wae
kang kepingin nyinaoni bab tata basa Jawa prelu mangerteni bab tata pangrakiting tembung
luwih dhisik, wiwit saka bentuk/wujud tembung, owah-owahaning tembung, pangrimbage
tembung, sarta owah-owahan jinis lan maknane tembung iku sawise dirimbag.
Modul paramasastra Jawa widyatembung iki kasusun kangge njangkepi materi pasinaon
para peserta didik, mligini ing program profesi guru mata pelajaran basa Jawa. Modul iki
ngrembag babagan: (1) Wujuding tembung, (2) Proses Morfologis (Proses Pandhapuking
Tembung), sarta (3) Jinising Tembung. Sawise nyinaoni bab widyatembung para peserta didik
kaajab saged luwih wasis bab teori paramasastra sarta sageda nganalisis lan ngembangake
tuladha-tuladha liyane, saengga bisa nyengkuyung kompetensi kaprigelan basa Jawanipun
dalah kaprigelan anggenipun ngembangaken materi pasinaon basa Jawa.
Tujuan Pembelajaran
Capaian Pembelajaran Mata Kegiatan Pembelajaran:
Mahasiswa mampu berkomunikasi dan menyampaikan ide
dalam bahasa Jawa secara terampil baik lisan maupun tulis
dengan menggunakan kosakata dan tata bahasa yang sesuai
dalam konteks resmi dan tidak resmi berdasarkan kaidah bahasa
dan unggah-ungguh bahasa yang tepat setara tingkat C.
Pokok Materi Pembahasan

Tegese Widya

Widya Tembung
Tembung

Wujud Tembung

Padhapukin
Tembung

Jinising Tembung
Pangertosan Widyatembung
Paramasastra mujudaken peranganing ngelmu basa kang
wigatos dipunmangertosi tumrap tiyang kang sinau basa. Tiyang
ingkang marsudi basa kedah nguwaosi bab ngelmu tataning
tembung, tataning ukara, saha tegesipun. Salah satunggaling
perangan paramasastra kang ngrembug lan nyinau bab tembung
yaiku widyatembung utawa tata tembung. Dene ing salebeting
studi linguistik, widyatembung uga kasebut morfologi.
Pangertosan Widyatembung
Widyatembung kadhapuk saka tembung ‘widya’ lan ‘tembung’. Widya
asale saka basa Jawa Kuna kang ateges ‘ilmu’. Tembung nduweni teges
rerangkening swara kang kawedhar saka tutuk kang nduweni teges, lan
dimangerteni surasane. Dene widyatembung ngemu teges ‘ilmu bab
tembung’.
Adhedhasar panjlentrehan iku, bisa kajupuk dududan dene
widyatembung iku ngrembug bab tembung, dumadine tembung, sarta
owahe sawijining tembung dadi tembung liya karana kawuwuhan imbuhan
(afiksasi), karangkep (pengulangan), lan kagabung/kacambor
(pemajemukan).
Wujuding Tembung Basa Jawa
Tembung ing Basa Jawa
kapethak dadi 4, yaiku :
Lingga

Rangkep Tembung Andhahan

Camboran
Tembung Lingga
Tembung lingga uga lumrah kasebut kata asal/kata
dasar yaiku tembung kang durung owah saka asale
(Subalidinata, 1994: 1). Durung owah saka asale ateges
isih wutuh durung rinaketan wuwuhan apa-apa.
Tuladha tembung lingga basa
Jawa
Tembung Lingga Tembung Lingga Tembung Tembung
sawanda rong wanda Lingga telung Lingga patang
wanda wanda
Dom,leng, gong, jampi, ati, ili, ilu lestari, Sitoresmi
tuk, sing, yen, gendul, pari, jarik, mustaka, Murakabi
lan resik, Lunga, adus, waspada adangiyah
tuku, nyanyi, nglangi, piranti mutawatir
gawa, amba, jembar, manungsa
patrap sengkuyung
Tembung Lingga
Saliyane tembung lingga, ana tembung kang saemper wujude kaya
tembung lingga ananging luwih tuwa, yaiku tembung wod. Wod tegese oyod,
wujude mung sakecap. Saengga tembung wod (akar kata) yaiku tembung
kang mung sakecap ananging bisa digoleki tegese (sasangka, 2011: 40).
Tuladha:
Lur  alur, ulur, mulur (tegese dawa)
Sup  susup, angslup, tlusup (tegese mlebu)
Sor  asor, ngisor, dlosor (ngemu teges endhek)
Video Babagan Tuladhaning Tembung Lingga
Babagan tuladha tembung lingga kang ana ing sajroning konteks wacana, dakaturi
maspadhakake tuladha cakepan saka lagu langgam Jawa kang irah-irahane Ibu Pertiwi,
panembang Waljinah.

Tuladha: https://www.youtube.com/watch?v=-ormiuihJWk

Saka Cakepaning lagu Ibu Pertiwi ing ndhuwur iku, bisa dipirsani dene meh
kabeh tetembungan kang ana ing lagu kasebut nggunakake tembung lingga,
kajaba tembung ‘sesami’ ing tembung ‘sih sulistya mring sesami’ lan ‘luhuring’
ing ukara ‘kang asih luhuring budi’. Tembung iku kalebu tembung andhahan.
Tembung sesami dumadi saka tembung sami kang karangkep wanda wiwitane
dadi sasami utawa sesami (dwipurwa). Sarta tembung luhuring kang dumadi
saka tembung luhur lan /-ing/.
Tembung Andhahan
Tembung Andhahan yaiku tembung kang wus owah saka asale. Tembung
andhahan kadadean saka tembung lingga oleh ater-ater, seselan, panambang
utawa dirangkep (Subalidinata, 1994: 2). Tembung andhahan dumadi saka
rerangkening morfem bebas lan morfem terikat.

Tuladha tembung andhahan yaiku:


01 Nulis, keli, kelingan, mbeta, nyapu, nyuwil, nyathet, lsp. Tembung
nulis dumadi saka tembung tulis lan kawuwuhan ater-ater
Anuswara /n-/. Babagan proses afiksasi utawa pandhapuking
tembung, bakal karembag mirunggan ana ing subbab sabanjure.
Tembung Rangkep
Tembung rangkep yaiku tembung kang dumadine srana dirangkep.
Rerangkeping tembung iki ana loro, yaiku ana kang dirangkep linggane lan
ana kang dirangkep wandane. Tuladha ne tembung rangkep yaiku :

Tembung kang dirangkep linggane :


01
Mlaku  mlaku-mlaku ‘tanpa owah-owahan swara’
Bali  bola-bali ‘srana owah-owahan swara’

Tembung kang dirangkep wandane :

02 tetenger  tenger ‘kang dirangkep wanda ngarep’


ndhepipis  dhepis ‘kang dirangkep wanda mburine’
Tembung Camboran
Tembung camboran yaiku tembung loro utawa luwih kang
kagandheng/kagabung dadi siji lan tembung mau ana kang tegese dadi anyar.
Tembung camboran kabadum dadi loro yaiku :

Tembung Camboran wutuh, yaiku :


01
Meja tulis  ‘Soko tembung meja lan tulis’
Lemari kaca  ‘Soko tembung lemari lan kaca’

Tembung Camboran wancah :

02 Bangjo  ‘kadhapuk soko tembung abang lan ijo’


Bulik  ‘kadhapuk soko tembung ibu lan cilik’
Ringkesan Materi

Widyatembung yaiku salah sawijining sempalan saka paramasastra kang

nyinaoni bab tembung, dumadine tembung, sarta owah-owahaning sawijining

tembung dadi tembung liya karana kawuwuhan, kacambor utawa kagabung.

Tembung ing basa Jawa adhedhasar wujude bisa kabedakake dadi papat,

yaiku: tembung lingga, tembung andhahan, tembung rangkep lan tembung

camboran.
Terima
Kasih

Anda mungkin juga menyukai