Anda di halaman 1dari 13

SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017

MATA PELAJARAN/PAKET KEAHLIAN


BAHASA JAWA

BAB VII
PRANATACARA

OLEH:
DRA. SRI SULISTIANI, M.Pd.
DRA. SUWARNI, M.Pd.
DRS. SUGENG ADIPITOYO, M.Si.
DR. SURANA, M.Hum.

KEMENTERIAN PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN


DIREKTORAT JENDERAL GURU DAN TENAGA
KEPENDIDIKAN 2017
BAB VII PRANATACARA

KISI-KISI DAN BAHAN AJAR

No. Kompeten Standar Kompetensi Guru (SKG) Indikator Materi


si Utama Kompetensi Inti Kompetensi Guru Pencapaian pokok
Guru (KI) Mata Pelajaran Kompetensi
(KD) (IPK)
A B C D E F
Profesional Menguasai materi, Memahami teori Menentukan Purwakanthi
struktur, konsep, dan genre sastra purwakanthi dalam
dan pola pikir Jawa dalam tuturan pranatacara
keilmuan yang pranatacara
mendukung mata
pelajaran yang
diampu.
Profesional Menguasai materi, Memahami Membuat Pranatacara
struktur, konsep, bahasa, sastra, urutan acara
dan pola pikir dan budaya serta dalam upacara
keilmuan yang implementasinya adat
mendukung mata dalam
pelajaran yang pembelajaran
diampu.

Sajrone bebrayan Jawa dibedakake antarane pranatacara lan pamedhar sabda.


Pranatacara kerep uga diarani dening babrayan agung minangka pranatacara
pambyawara, pranata adicara, pranata titilaksana, pranata laksitaning adicara utawi
Master of Ceremony (MC). Regeng, nges, lan orane sawijining adicara iku saperangan
gedhe dadi tanggungjawabe pranatacara. Pranatacara kuwi sawijining paraga(wong)
sing nduweni jejibahan nglantarake titilaksana (lakune) sawijine upacara adat
temanten, kesripahan, resmi/ formal, pepanggihan (pertemuan), pasamuan (pesta),
pangaosan utawa pentas (show) lan sapanunggalane. Kaya dene ing acara upacara
adat temanten Jawa, pranatacara kajibah nglantarake titilaksana (lakune) adicara
ijab, pawiwahan, lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (ijab
kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan lan pahargyan (resepsi)
temanten. Yen ing upacara kasripahan (kematian) juru panitilaksana (pranatacara)
nglantarake upacara mbudhalake layon saka omah menyang pasarean (kuburan).

1
Wondene sing diarani pamedhar sabda yaiku paraga sing kajibah (mengemban
tugas) mbabar sawijining prakara. Ing tata upacara pahargyan temanten,
pamedharsabda mundhi dhawuhe sing duwe gawe. Jejibahan iku kaya dene,
ngaturake pambagyaharja (sesulihe sing duwe gawe mantu), pasrah temanten utawa
nampa pasrahe temanten, kutbah walimah (wasitatama). Yen ing omahe wong
kasripahan (kepaten), pamedhar sabda duwe jejibahan ngaturake panuwun marang
wong sing nglayat (takziyah) sing wis melu bela sungkawa. Dene, sajrone patemon
ilmiah (pertemuan ilmiah) jejibahane pamedhar sabda, kayata ceramah, sesuluh
dines (penyuluh dinas), konferensi, seminar, sarasehan, kuliyah umum, wisuda, lan
liyane.
A. URUT-URUTAN RANTAMAN ADICARA
Sejatine dadi pranatacara kuwi ora angel, awit sapa wae sing ora nandhang
tuna wicara (bisu) mesthi bisa nindakake pakaryan kuwi. Akeh-akehe padha wedi
sebab bingung anggone ngecakake basa luwih-luwih ana sangarepe wong akeh. Mula
ing kene dibutuhake mental kang kuwat lan ngugemi sarat saranane dadi
pranatacara. Sarat saranane yaiku swara, busana, subasita, lan basa.
a. Swara
Anggone wicara kudu digladhi utawa dilatih supaya bisa cetha wetune swara,
pangucap kudu jelas artikulasine (pelafalan), intonasi (penekanan kata) lan ora
kesusu anggone ngucap, supaya apa kang diaturake bisa tinampa kanthi cetha
dening para rawuh.
b. Busana
Ana unen-unen ‘ajining raga saka busana’, mula kudu digatekake bab busana
nalika nindakake pakaryan dadi pranatacara. Anggone nganggo busana kudu
dijumbuhake karo kapreluwan ana ing acara kang bakal ditindakake, upamane yen
ana ing adicara manten kang nganggo adat Jawa ya nggunakake panganggo adat
Jawa, utawa nganggo klambi kang sopan jumbuh karo acarane.
c. Subasita
Subasita utawa tata krama sajroning dadi pranatacara uga kudu digladhi, sebab
tatakrama sing kurang bisa nyuda kawibawane pranatacara. Solah bawa utawa
obah sak obah aja nganti digawe-gawe, sing prasaja utawa lumrah lan ora kaku,
pasuryan uga kudu grapyak sumanak, lan esem tansah sinungging ing lathi.

2
d. Basa
Basa sing digunakake kudu manut marang tuntunaning basa sing bener. Pamilihing
tembung kang dironce (disusun) dadi ukara kudu bener lan pener, dadi bisa luwes
anggone ngucap lan kepenak yen ta dirungokake para rawuh.
Rama Sudi Yatmana (1989:1) njlentrehake kanthi aran Saptama Pangolahing
Raga minangka syarat pranatacara, yaiku:
(1) Magatra, yaiku bleger wewujudane rupa, adining sastra, lan nyandhang
penganggo kang trep, pantes, lan jangkep. Solah bawa sing luwes lan ora
digawe-gawe.
(2) Malaksana, mlaku-samlaku, sapecak sajangkah ditata runtut, luwes mrabawani,
ora ingah-ingih, lan ora wigah-wigih, sarta ora ngisin-ngisini.
(3) Mawastha, ngadeg jejeg, ora kendho, ora dhoyong.
(4) Maraga: ora grogi, ora wedi, ora gemeter, anteb lan anteng obahe awak, sirah,
gulu, siku, asta lumrahe samadya ora katon ndhangak, tangan kudu bisa nambahi
cetha pada kang diucapake.
(5) Malaghawa, trampil kepara trengginas, cag-ceg, lancar, gancar, sembada ing
karya. Ora ngleler nanging uga ora katon grusa-grusu.
(6) Matanggap, tanggap ing sakabehe swasana, sarta bisa andayani regenge
swasana. Mula pranatacara uga bisa gawe gumrengsenge swasana prasasat bisa
aweh tetamba tumrap wong kang nandhang susah/ sungkawa.
(7) Mawwat: anteb, manteb ngentasi purwa, madya, lan wasananing karya. Dadi
pranatacara kudu bisa ngendhaleni acara wiwit kawitan, tengahan, lan
pungkasane acara kanthi manteb lan sampurna. Aja nganti ana acara kang
kececer keliwatan uwal saka rantaman.

Kejaba syarat-syarat kasebut, ana uga sangu penyengkuyung kang uga wigati, yaiku:
a. Mental: amrih mentale kandel kudu akeh gladhen, biasa ngadhepi wong akeh
(forum), siap materi.
b. Sekolah, kursus, maca buku bab pranata adicara.
c. Gladhen: pranatacara kudu sregep gladhen micara murih wegig lan besus micara.
d. Pangrengga swara (sound system): MC kudu sesambungan karo pangrengga
swara bab tata papan, urutan gendhing, sasmita gendhing, lsp.
e. Kasamaptaan (sumadhiya ing dhiri sawega ing gati): Pranatacara kudu siap
sawanci-wanci ditimbali dening pawongan kang ngersakake murih ora nguciwani,
samapta ing raga, busana, basa lan wicara.

3
f. Mitra tembayatan (relasi): kayata perias, Wedding Organyzer, catering,
fotografer, lsp
Cengkorongan baku wicara pranatacara, yaiku:
(1) Pambuka:
 Salam pambuka.
 Sapa aruh marang tamu.
 Muji syukur mring Pangeran.
(2) Maosake rantamaning adicara.
(3) Nyuwun agungan supaya para tamu kersa ngestreni adicara saka purwa,
madya, tumeka wasana.
(4) Ngaturake adicara siji mbaka siji kanthi wijang.
(5) Panutup:
 Nyuwun pangapura yen ana cewed lan luput anggone ngacarani (kalebu
nyuwunake pangapura sing hamengku gati/ panitya).
 Ndherekake ndedonga panutup.
 Salam panutup.

Tuladhane rantaman adicara adat:


a. Rantaman Adicara Kesripahan
(1) Ingkang sepisan, pambuka
(2) Ingkang kaping kalih, atur panuwun kulawarga
(3) Ingkang kaping tiga, atur bela sungkawa saking para takziah
(4) Ingkang kaping sekawan donga angkating layon
(5) Ingkang kaping gangsal panutup

b. Rantaman Adicara Penganten Prasaja (Sederhana/climen)


(1) Pambuka
(2) Atur Pambagyaharja
(3) Pasrah saha panampi calon penganten kakung
(4) Ijab qobul
(5) Sumene/ sigeg ( gantine tembung : istirahat)
(6) Pengaosan utawi wasitatama
(7) Panutup
Minangka kanggo ancer-ancer yen kanggo gawe ngrengrengan teks
pranatacara kudu weruh pokok-pokok teks prantacara mau, yaiku:
(1) Salam pambuka. Salam pambuka kanthi tembung, “Asalamualaikum
Warahmatullah wabarokatuh” (tumrap wong Islam), utawa tembung “nuwun
kawula nuwun” lan kang saemper.

4
(2) Puji syukur konjuk marang Gusti ingkang Maha Kuwasa sarta ngaturake sholawat
salam konjuk marang kanjeng Nabi Muhammad” (tumrap wong Islam), lan kang
saemper.
(3) Sapa aruh. Sapa aruh utawa aruh-aruh marang kabeh para tamu undhangan.
Anggone sapa aruh mau diwiwiti saka wong sing paling tuwa nganti marang sing
enom, saka sing pangkate luwih dhuwur nganti sing endhek.
(4) Ancasing gati. Ancasing gati yaiku apa kang dadi tujuan saka adicara kang
ditindakake ing wektu iku paraga pranatacara kudu weruh kanthi gamblang.
Ngenani adicara apa sing diangit dening pranatacara kudu klop karo panyuwune
sing duwe gawe, sarta kudu klop karo swasanane sarta cundhuk karo tatanan
adat kang ana ing bebrayan (masyarakat) kono.
(5) Panutup. Ing perangan panutup iki pranatacara ngaturake panuwun marang para
rawuh mungguh acara kang dirantam, sarta ngajak ngenut lakuning pahagyan
kanthi kepenak. Salam panutup

Tuladha (1)
Pranata adicara pengantin (trah-atmosukartan-solo.blogspot.com/.../mc-
pranatacara-pranata-ad... diakses tanggal 6 Juli 2016):

Nuwun, kulanuwun. Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para


pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepayoning kautamen, ingkang
pantes pinundhi-pundhi saha kinabekten. Punapa dene panjenenganipun para tamu
kakung sumawana putri ingkang dhahat kalingga murdaning akrami.
Nyuwun panagapunten, dene kula cumanthaka sowan mangarsa, hanggempil
kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan. Kula piniji
hanjejeri minangka pangendaliwara keparenga hambuka wiwaraning suka
wenganing wicara dwaraning kandha, saperlu mratitisaken murih rancaking
titilaksana adicara pawiwahan prasaja ing ratri kalenggahan punika.
Sumangga kula ndherekaken sesarengan manungkul puja-puji-santi wonten
ngarsaning Gusti Ingkang Maha Suci, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan
nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung. Katitik
rahayu sagung dumadi tansah kajiwa kasalira dhumateng panjenengan sadaya
dalasan kawula, saengga kita saged hanglonggaraken penggalih hamenakaken wanci
sarta kaperluan, rawuh kempal manunggal ing pawiwahan punika, saperlu
hanjenengi sarta paring berkah pangestu dhumateng Bapa …. (Doso DH)….
sakulawangsa anggenipun hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar cepaka
mulya, hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.

5
Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata
adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun
inggih:
(1) Eka laksitagati, purwakaning pahargyan inggih sowanipun putra temanten putri
mijil saking tepas wangi manjing ing madyaning sasana rinengga.
(2) Dwi laksitagati, rawuh lan jengkaripun putra temanten kakung tumuju dhateng
madyaning sasana wiwaha.
(3) Tri laksitagati, pasrah-pinampi putra temanten kakung.
(4) Catur laksitagati, dhaup panggihing putra temanten anut satataning adat
widhiwadana ingkang sampun sinengker, tumunten kalajengaken upacara
krobongan
(5) Panca laksitagati, ndherek mangayubagyanipun kadang besan dhateng ingkang
hamengku gati ing sasana wiwaha, tumunten kalajengaken upacara sungkem.
(6) Sad laksitagati, atur pambagyaharja panjenenganipun ingkang hamengku gati
katur sagung para tamu.
(7) Sapta laksitagati, lengseripun temanten sarimbit saking madyaning sasana
wiwaha manjing ing sasana busana, saperlu rucat busana kanarendran santun
busana ksatriyan.
(8) Hasta laksitagati, sowan malihipun temanten sarimbit ngabyantara para tamu
saperlu nyenyadhong pudyastawa murih widadaning bebrayan.
(9) Nawa laksitagati, paripurnaning pahargyan inggih jengkaripun temanten sarimbit
saking madyaning sasana rinengga tumuju dhateng wiwaraning pawiwahan.
Mekaten menggah reroncening tata adicara pawiwahan ing ratri kalenggahan
punika. Salajengipun, keparenga para tamu pinarak wonten ing palenggahan
kanthi mardu-mardikaning penggalih, miwah kawula dherekaken hangrantos
tumapaking tata adicara sinambi nglaras rarasing gending-gendhing Jawi.
Nuwun, nuwun, matur nuwun.

Tuladha (2):
ithinkeducation.blogspot.com/.../bedane-pranatacara-lan-pamedhar
(Sumber: Mujiono. Jati Dhiri Kangge Siswa SMP. Ponorogo: MGMP Basa Jawa.)
Bismillahirrohmanirrohim
Assalamu ‘alaikum Wr. Wb,
Alhamulillaahirabbil’aalamiin. Alhamdulillaahilladzii hadaana lihaadzaa, wamaa
kunnaa linahtadiyaa laulaa anhadanallah. Asyhadu anlaailaaha illallahu
wahdahulaa syariika lahu, wa asyhadu anna Muhammadan ‘abduhuu warasuuluhu
laa nabiyya ba’dah.
Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh ingkang
hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi.
Para pangemban pangembating praja satriyaning negari minangka pandam-
pandoming para kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan.
Para sarjana, para sujana-sujananing budi ingkang sampun wenang hanampi
wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagya mulya, nun inggih brayat ageng baraya
wira wiyata, baraya wira tamtama, para puma karya labet praja ingkang mahambeg
luhuring darma.

6
Para alim, para ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning
Ilahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu luhuring budi.
Panjenenganipun para satya wredha, carana madya, para tamu kakung sumawana
putri ingkang pantes nampi pakurmatan satuhu pantes lamunta sinudarsana.
Mradapa awit saking keparengipun Bp A sekalian garwa, kula ingkang
kapitedhan sinaraya hambuka wiwaraning suka pinangka jejering pambiwara,
keparenga hangaturaken urut reroncening tata upacara ingkang sampun rinakit,
rinancang dening para kulawangsa ingkang tartamtu kewala kaeneraken wonten ing
pawiwahan prasaja ing dinten kalenggahan punika. Nun inggih panjenenganipun Bp
A netebi darmaning asepuh hangrakit sekar cepaka mulya, miwaha siwi mahargya
suta. Kanthi raos panalangsa ingkang hamengku karsa nyuwun wonten ngarsanipun
Gusti ingkang apeparing gesang, miwah nyuwun donga pangestunipun para
lenggah. Mugi kaleksananing sedya ing dinten kalenggahan punika purwa madya
wasana tansah pinaringan rahayu wilujeng nir ing sambekala.
Para rawuh saha para lenggah, sampun dumugi wahyaning mangsa kala binukaning
tata upacara. Nun inggih Bapa A sekaliyan garwa, ing ri kalenggahan menika
ngawontenaken pahargyan prasaja, kinarya mawantu-wantu nyuwun pandonga
saha pangestu para rawuh kakung sumawana putri anggenipun Bapa A sekaliyan
hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra
mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.
Caos uninga katur dhumateng para lenggah, bilih titi laksana ijab qabul putra
pinanganten, nun inggih Rara Ayu ………………. Putra putrinipun Bapa A, ingkang
kadhaupaken kaliyan Bagus …………… putra kakungipun Bapa B ingkang lenggah
wonten ing …….. (alamat tempat tinggal Bapa B), sampun kaleksanan kanthi
wilujeng nir ing rubeda, duk nalika dinten ……. wanci tabuh….. mapan ing ………………
(KUA atau rumah).
Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara
ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih :
(1) Binuka kanthi sowaning putra temanten sarimbit saking sasana busana,
kepareng marak sowan lenggah wonten ing sasana rinengga, ingkang badhe
kaleksanaaken kanthi tata upacara adat ingkang lumampah ing kukuban
Pedukuhan Sanga, Karang ing mriki.
(2) Purnaning tata upacara sowanipun pinanganten, badhe kasambet Waosan
Kalamullah ingkang sampun kaserat ing Pustaka Suci Al-Qur’anul Karim.
(3) Atur pambagya yuwana saking ingkang hamengku karsa tumunten badhe
kaleksanan minangka titi laksana adicara ingkang angka tiga.
(4) Ndungkap titi laksana tataran angka sekawan, lir gumanti pasrah saha
panampining putra temanten dening para tetuwangga ingkang piniji.
(5) Kasambet adicara ingkang angka gangsal, nun inggih Sabdatama, ingkang
samangke badhe kasuwunaken wursita aji saking panjenenganipun Bapa “H”
mligi kaparingaken dhateng putra penganten.
(6) Wondene minangka pratandha paripurnaning pahargyan prasaja ing
mangke hambok bilih badhe kapungkasi saksampunipun wonten pratandha
saking kulawarga minangka paran para.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang tansah kinurmatan, makaten menggah
urut reroncening tata upacara pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika. Mila
awit saking punika mugi wontena suka lilaning panggalih kasuwun para rawuh

7
tansah lelenggahan kanthi mardu mardikaning panggalih sarwi paring puja hastawa
puji hastuti saengga paripurnaning pahargyan prasaja ing dinten kalenggahan
punika.
Para rawuh saha para lenggah, jumbuh kaliyan urut reroncening tata upacara
ingkang ugi karana sampun paripurna risang pinanganten sarimbit anggenya
hangadi salira mulas wadana, keparenging sedya sri atmaja temanten kekalih badhe
hamarak sowan wonten ngarsa panjenengan sadaya lenggah wonten ing sasana
rinengga. Wondene jengkaring temanten sarimbit saking sasana busana kakanthi
panjenenganipun Ibu X ingkang sampun samekta ing gati, murih rahayuning sedya
kasumanggakaken dhumateng para - para ingkang piniji.
Jengkaring temanten sarimbit saking sasana busana binarung ungeling gendhing
ingkang jumbuh kaliyan suasana sowaning pinanganten. Nuwun sumangga.
===========
Para tamu kakung sumawana putri ingkang minulya, paripurna lampahing tata
upacara sowaning risang penanganten, katitik putra kekalih sampun lenggah jajar
kanthi kawistara suka rena kaampingi kekalih Bapa saha Ibunipun ing sasana
rinengga. Suwasana menika mracihnani bilih laksitaning adicara sampun tinarbuka.
Anamung murih lampahing adicara ing titi wanci menika wiwit purwa, madya
dumugi wasananing pepanggihan tansah winantu ing karaharjan nir ing sambekala,
iba saenipun ing ri kalenggahan punika kita tansah ndhedhepe wonten Ngarsanipun
Gusti Allah SWT kanthi sareng-sareng ngunjukaken pandonga. Ingkeng menika,
sumangga kita ndedonga kanthi nenuwun lan nyenyuwun wonten ngarsanipun
Gusti Allah SWT karana maos lafal Basmallah, kula dherekaken.
….Bismillaahirrahmaanirrahiim.
Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih waosan Kalamullah,
ingkang badhe kasarirani dening sedherek … Anamung keparenga sakderengipun,
kasuwun dhumateng sagung para lenggah mugi kepareng hamidhangetaken saha
ngraosaken dumugi lebeting manah suraosing Kalam Illahi minangka pandam saha
pandoming tumrap ummat manungsa, kanthi kesdu munggel pangandikan
sawetawis. Sakdereng lan saksampunipun kaaturaken agunging panuwun. Para
lenggah kakung sumawana putri, adicara ingkang angka kalih nun inggih Waosan
Kalam Illahi kasumanggakaken dhumateng sedherek................Sumangga.
===========
Paripurna waosan Kalam Ilahi, ingkang saestu ndadosaken tentreming manah kula
lan panjenengan sedaya, saengga hanambah ayom lan ayeming suwasana
pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika.
Para rawuh ingkang tansah sinuba ing pakurmatan, tumapak titi laksana adicara
ingkang angka tiga, atur pambagyaharja saking panjenenganipun Bapa A sekaliyan
ingkang hamengku gati. Anamung, awit keparengipun Bapa A sekaliyan, atur
pambagyaharja kasuwunaken dhateng sulih sariranipun, nun inggih Bapa “D”.
Dhumateng Bapa “D” kula sumanggakaken, saha mugi kepareng Bapa A sekalian
kasuwun lengser sawetawis saking palenggahan, saperlu jumeneng hanjajari Bapa
“D”. Sumangga.
===========
Sampun cetha lan trawaca atur pambagyaharja saking Bapa A sekaliyan ingkang
lumantar Bapa “D”. Ingkang menika, minangkani kepareng saha panuwunipun Bapa
A sekaliyan, titi laksitaning adicara badhe kasigeg sawetawis. Tumunten para putra

8
badhe sowan hangaturaken boja krami katur dhumateng sagung para lenggah. Awit
saking menika, kasuwun dhumateng para tamu kakung sumawana putri ingkang
sampun kaaturan unjukan sarta lampiran, kasuwun tumunten hanyekecakaken
ngunjuk saha ndhahar kanthi merdu merdikaning penggalih.
Para lenggah ingkang tansah kinurmatan, kangge ngregengaken suwasana sarta
pinangka sarana panglaras para lenggah anggenipun ngunjuk sarta dhahar, badhe
kaaturaken pasugatan hiburan saking kulawarga ageng Paguyuban Rebana Kembang
Setaman saking Pedukuhan Sanga, Karang. Wondene lampahing wekdal sumene
sawetawis kaaturaken dhumateng Bapa Wiji Naryana saha Bapa Sudarsa minangka
pangesuhing Paguyuban Rebana Kembang Setaman.
Dhumateng para lenggah, kaaturaken sugeng midhangetaken, sugeng nglaras
sinambi imbal wacana. Sumangga.
===========
Sagung para lenggah kakung sumawana putri ingkang tansah sinuba ing
pakurmatan. Nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, keparenga wekdal
sumene kula suwun kinarya hanglajengaken lampahing adicara.
Tumapak ing titilaksana adicara ingkang angka sekawan, kasuwun paringipun
tanggap sabda saking panjenenganipun Bapa B sekaliyan ingkang badhe
dipunsalirani dening panjenenganipun Bapa “C” minangka talanging pangandika
Bapa B sekaliyan. Dhumateng panjenenganipun Bapa “C” kula sumanggaaken, saha
kasuwun keparenga Bapa B sekaliyan garwa angampingi jumenengipun Bapa “C”
sadangunipun paring tanggap sabda. Sumangga.
===========
Saestu wijang wijiling pangandika panjenenganipun Bapa “C” minangka talanging
basa Bapa B sekaliyan, gya tinampi panjenenganipun Bp “E” minangka sulih sarira
panjenenganipun Bp A sekaliyan. Ing wasana wekdal kasumanggakaken.
===========
Para pinisepuh saha para lenggah ingkang kinurmatan. Ndungkap adicara ingkang
angka gangsal, paringipun wursitawara ingkang mirunggan kaparingaken dhateng
putra pinanganten sarimbit lumeberipun dhumateng para lenggah. Sabdatama saha
wursita aji kasuwunaken dhumateng panjenenganipun Bapa “H”. Wusana, wekdal
sacekapipun kula aturaken. Sumangga.
===========
Awit namining sedaya kulawarga, ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapa
“H” ingkang sampun paring sabdatama dhumateng risang pinanganten sarimbit. Ing
pangajab, sadaya pangandika sageta tinuladha dening putra pinanganten, saengga
putra kekalih anggennya gesang bebrayan tansaha manggih bagya mulya samenika
dumugi saklami-laminipun. Aamiin.

Para tamu kakung sumawana putri ingkang satuhu kinurmatan. Purnaning adicara
sabdatama, tumunten wekdal badhe kasigeg lan kasumenekaken sawetawis, kinarya
kangge paring wekdal dhumateng para putra ingkang badhe hangaturaken
pasugatan saklajengipun katur para lenggah.
Wekdal menika badhe kula aturaken dhumateng Bapa Wiji Naryana saha Bapa
Sudarsa saperlu ngregengaken suwasana kanthi ungeling lelagon saking Paguyuban
Rebana Kembang Setaman.

9
Dhumateng para lenggah, mugi kasekecakna angacarani ngunjuk saha dhahar
sinambi midhangetaken pasugatan lelagon rebana Paguyuban Kembang Setaman.
Sumangga.
===========
Wahyaning mangsakala wus ndungkap paripurnaning adicara, jumbuh kaliyan urut
reroncening adicara: purwa, madya, wasana sampun kalampahan kaleksanakaken
dening para kulawangsa, kanthi wilujeng kalis ing rubeda nir ing sambekala. Ingkang
menika, minangka pratandha paripurnaning adicara, sumangga sareng-sareng kula
dherekaken ngaturaken puja-puji syukur dhateng Gusti Ingkang Murbeng Dumados,
inggih awit sedaya kamirahanipun sampun paring rahmat saengga pahargyan
prasaja menika tansah winantu karaharjan.
Minangka pratandha syukur, sumangga sareng-sareng maos lafal Hamdallah, kula
dherekaken. …. Alhamdulillahirabbil’aalamiin.
Salajengipun kasuwun panjenenganipun Ibu X saha para ingkang piniji, keparenga
hanjengkaraken putra temanten sarimbit saha Bapa ibu kekalihipun tumuju
wiwaraning wisma pawiwahan, saperlu hanguntapaken konduring para tamu saha
nyuwun tambahing berkah pangestu. Kanthi mekaten pratandha pawiwahan prasaja
ing dinten kalenggahan punika sampun paripurna, sinartan sesanti jaya-jaya
wijayanti, mugi rahayuha ingkang samya ginayuh. Jengkaring putra temanten
sarimbit binarung ungeling Ladrang Gleyong laras pelog pathet nem.
Paripurnaning pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika, lumantar
pangendhaliwara sepisan malih panjenenganipun Bapa A sekaliyan ngaturaken
gunging panuwun saha hambok bilih anggenipun hanampi menggah rawuh
panjenengan sami, wonten kuciwaning bojakrami, wonten aruh ingkang kirang
wanuh, wonten lungguh ingkang kirang mungguh, mawantu-wantu ingkang
hamengku gati nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami. Semanten ugi,
kawula minangka pangendaliwara, hambok bilih wonten gunyak-gunyuking wicara
miwah kiranging subasita ingkang singular ing reh tata krama, jenang sela wader
pari sesonderan, apuranta menawi lepat atur kawula.
Wassalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu.

B. WEDHARING PURWAKANTHI SAJRONE RANTAMAN PRANATACARA


Ing alam bebrayan Jawa purwakanthi ora mung tinemu sajroning kasusastran
tulis nanging uga ing sastra lisan, basa lisan, tembang-tembang utawa gendhing
Jawa. Tuladhane kang tinemu ing basa lisan, asring digunakake dening para
pranatacara ing tradhisi-tradhisi Jawa. Upamane ing tradhisi mantu, ing pambagya
harja. Petugas MC bisa milih tetembungan kang ngemu kaendahan, awujud
purwakanthi. Purwakanthi guru swara, guru sastra, lan lumaksita kaangge
bebarengan. Tuladha:
Nuwun para sepuh, tuwin para sesepuh, ingkang dahat pinundhi-pundhi, para
priyagung kakung miwah putri, ingkang satuhu pantes sinudarsana. Para
rawuh ingkang sampun kapareng rawuh, ingkang bagya minulya (Hariwijaya,
2005:178).

10
Ing pethikan atur pangandikane pranatacara kasebut ngemu purwakanthi guru
swara, yaiku tembung-tembung kang ngemu swara /u/. Tembung nuwun, sepuh,
sesepuh, pinundhi-pundhi, priyagung, kakung, putri, satuhu, sampun, rawuh lan
minulya. Purwakanthi guru sastra, tinemu tembung-tembung kang nggunakake
konsonan /p/, ing tembung: para, sepuh, sesepuh, pinundhi-pundhi, priyagung, putri
pantes, sampun, lan kapareng. Tembung-tembung kang ngemu konsonan /s/,
tembung-tembung: sepuh, sesepuh, satuhu, pantes sinudarsana, lan sampun.
Konsonan /h/, sepuh, sesepuh dahat, miwah, satuhu, lan rawuh. Uga aksara/ng/, ing
tembung priyagung, kakung, ingkang, lan kapareng. Dene purwakanthi lumaksita,
tinemu ing frasa kanthi mbaleni tembung /para/.
Tuladha liyane, ing pungkasaning atur adicara midadareni lan tebus kembar
mayang. pranatacara minangka pratandha yen adicara wis purna utawa rampung.
Pethikane ing ngisor iki:
Para tamu ingkang sutresna, purwa, madya, wasana tumapaking karya ing
dalu menika sampun kalampahan kanthi rancak kebak ing karaharjan. Kula
minangka sesulih panjenenganipun Bapak Hadi Sasangka sarimbit, menapa
dene sagung kulawarga, ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan ing
ngarsa panjenengan, inggih awit saking sampun kapareng hanjenengi tata
upacara midadareni ing dalu menika.
Para rawuh, Panjenenganipun Bapak Hadi Sasangka, (Suwarno, 1998:70)

Pethikan adicara panutup ing adicara midadareni kasebut, ngemu


purwakanthi guru swara, guru sastra, lan lumaksita. Purwakanthi guru swara kanthi
mbaleni aksara swara /a/ ing tembung purwa madyawasana tumapaking karya ing
dalu punika. Kalampahan kanthi rancak kebak karaharjan. Purwakanthi guru sastra
ing tembung sesulih, sasangka sarimbit, saking sampun kapareng tanpa pepindhan,
panjenengan, hanjenengi para, purwa, tumapak, sampun, kalampahan,
panjenenganipun bapak, menapa panuwun, tanpa pepindhan, kapareng lan upacara.
Tembung tembung kasebut ngemu konsonan /s/, /p/, /k/, lan /ng/ kang dibolan-
baleni. Purwakanthi lumaksita tinemu ing tembung: Bapak Hadi Sasangka,
panjenengan, panjenenganipun, lan hanjenengi.

11
DAFTAR PUSTAKA

Pringgadigda, Suwarna. 1998. Gita Wicara Jawi. Yogyakarta. Penerbit Kanisus.


Sastro Utomo, Sutrisno. 2005. Upacara Daur Hidup Adat Jawa. Semarang. Effhar &
dahara Prize.

Sumber Internet:
(1) http://jihankismi.blogspot.com/2013/12/basa-rinengga-kanggo-pepaes-
sastra.html, diakses tanggal 24 Agustus 2014
(2) http://www.kawuryan.com/?p=335, diakses tanggal 24 Agustus 2014
(3) (trah-atmosukartan-solo.blogspot.com/.../mc-pranatacara-pranata-ad...
diakses tanggal 6 Juli 2016):.
(4) ithinkeducation.blogspot.com/.../bedane-pranatacara-lan-pamedhar
(5) (https://www.google.com/search?q=adicara+siraman+manten&..., diakses
tgl 12 Juli 2016)
(6) (https://www.google.com/search?q=adicara+siraman+manten&biw=1366&bi
h=657&source=... Diakses tgl 14 Juli 2016

12

Anda mungkin juga menyukai