Anda di halaman 1dari 17

Tanggap Wacana utawa Pidhato yaiku ngandharake gagasan marang wong liya ( para rawuh/ tmau/

undhangan ) sarana micara sing wis kasususn kanthi tata urutan lan paugeran sing becik ing adicara
tartamtu.

Bab- bab sing kudu digatekake sadurunge nindakake tanggap wacana ( pidato )

1. Swara lan lagu pocapan cetha, supaya bisa dimangerteni wong akeh ( vokal lantang ).

2. Nggatekake tata rakite ukara kang becik, supaya karepe bisa dimangerteni ( menggunakan kalimat
yang berstruktur )

3. Mangerteni sapa wae para rawuh/tamu sing rawuh lan swasanane, saengga bisa ngetrapake tata
trapsila sing becik ( analisa pendengar dan situasi ).

4. Ngunakake unggah-ungguh basa sing becik ( santun berbahasa yang baik )

5. Anggone micara ora ngambra-ngambra singkat, padhet, lan nduweni bobot isi ( tidak berbicara di luar
konteks tema pidato )

B. Perangan Naskah Tanggap Wacana ( Bagian-bagian Naskah Pidato )

Sadurunge nindakake tanggap wacana ( pidato ), kudu mangerteni perangane naskah pidhato
( bagian-bagian naskah pidhato ).

Wondene cengkorongan ( kerangka ) naskah sing bakal diandharake, kudu ngemot perangane naskah
pidhato, yaiku :

1. Salam Pembuka

Salam Pembuka yaiku salam pakurmatan sing sepisan marang para tamu utawa sing kepareng rawuh.

2. Panyapa ( sapaan )

Panyapa yaiku nyebut sapa wae sing rawuh ing adicara pasamuwan kasebut kanggo paring
pakurmatan.

3. Purwaka

Purwaka yaiku atur panuwun marang para rawuh/ tamu sing kepareng rawuh, sarta atur pamuji
syukur marang Gusti Allah.

4. Surasa Basa ( isi )


Surasa basa yaiku sakabehe bab sing diandharake marang para rawuh/ tamu.

5. Wigatine ( kesimpulan )

Wigatine yaiku ringkesan isi kang wigati utawa intine sing diandharake.

6. Pangarep-arep ( Harapan )

Pangarep-arep yaiku pangajab ( harapan ) sing diandharake marang para rawuh/ tamu lan sing
midhangetake.

7. Wusana ( penutup )

Wusana yaiku atur panuwun sarta nyuwun pangapura manawa ana kekurangan utawa kaluputan
anggone ngandharake pidhato.

8. Salam Penutup

Salam Penutup yaiku salam kang pungkasan marang para rawuh/ tamu.

C. Jinise Tanggap Wacana ( Jenis-jenis Pidato )

Jinise pidhato manut kapreluane ana 4, yaiku :

1. Atur Panatacara

Atur panatacara yaiu tanggap wacana kang ditindakake dening panatacara utawa pambiwara sing
mengku ( memandu ) ing sawijining acara resmi utawa adicara upacara tradhisional kayata khitanan,
panggih manten, lsp

2. Atur Pambagya

Atur Pambagya yaiku tanggap wacana kang ditindakake nalika mahargya ( menyambut ) rawuhe para
tamu/ undhangan ing adicara resmi, resmi utawa upacara-upacara tradhisional liyane.

3. Sesorah

Sesorah yaiku tanggap wacana kang ditindahake kanthi tujuan nyampekake sawijining informasi
utawa maksud tartamtu sing kudu dimangerteni wong akeh.

4. Khotbah
Khotbah yaiku tanggap wacana kang ditindakake kanthi tujuan paring pitutur ( nasehat ), wawasan,
utawa pamedhar sabda, ing adicara resmi, upacara adat utawa acara-acara tartamtu.

2.Pranata acara

Paugeraning pranatacara adicara lan pamedhar sabda

Pranatacara ingkang asring disebat Master Of Ceremony ( MC ), pambiwara, pranata adicara, pranata
titilaksana, pambyawara, utawi pranata laksitaning adicara, inttih punika paraga ingkang tinanggenah
nata cara utawi acara, ingkang bakunipun, ayahanipun inggih punika nglantaraken cak-cakanipun acara
utawi adicara wonten ing pepanggihan, pasamuan upacara ingkang sampun rinantam.

Pranatacara nyepeng peranan ingkang ageng, dados punjering kawigatosan, amargi regeng, rancak,
nges lan mbotenipun satunggaling adicara saperangan ageng dados tanggel jawabipun pranatacara.
Saksinteno kemawon para paraga ingkang magepokan kaliyan lampahing adicara utawi pawiwahan
mboten saged tumindak piyambak-piyambak menawi dereng wonten atur saking pranatacara.

Sakjatosipun, pakaryan pranatacara mekaten sanes satunggaling pakaryan ingkang awrat / angel, awit
saksintena mawon priyantun ingkang mboten nandhang tuna wicara utawi ingkang kedaling lesan
mboten cetho, tamtu saged ninda’aken pakaryan pranatacara kasebat. Ananging ingkang kathah sami
ajrih dhumateng tuna dungkaping basa.

Ananging babagan punika mboten ndadosaken pepalang, amargi basa mekaten kathah sanget
pacopanipun, pramila setunggal lan sanesipun priyantun saged ngginakaken basa ingkang pundi
kemawon, jer leres pikajengipun cak-cakanipun, saha gampil kasuraos dening saksintena ingkang sami
midhangetaken.

Amrih jejibahan saged kasil kanthi sae, pranatacara saha pamedhar sabda kedah saged ngrengkuh
sarat sarana ingkang baku, inggih punika :

· Swara

Kedaling lathi kedah kagladhi, supados saged langkung cetha medaling suwanten, pranatacara saha
pamedhar sabda kedah saged mapanaken utawi ngginakaken swanten ingkang awrat, cekapan, utawi
inggil trep kaliyan swanten iringaning gendhing ( menawi wonten ).

Pangolahing swanten kedah wajar, cetha, tegas mboten ketawis sanget menawi kaolah ( dipun
damel-damel ). Ing babagan swanten meniko, pranatacara saha pamedhar sabda kedah wigatos dhateng
swaraning aksara swara ( ucapan ), langkung-langkung beda-beda mingsad-mingsudipun ing tembung
lingga saha tembung andhahan.

Wirama ( lagu ) ugi kedah kagladhi kanthi saestu supados sekeca kamirengaken, kados pundhi
rindhik rikatipun, mandhap minggahipun, sampun ngantos kasesa, ananging ugi sampun ngantos
nglentrek sanget. Gladhi olah swara punika kedah pikantuk kawigatosan ingkang mirungga, amargi
punika dados satunggaling sarat baku kagem pranatacara saha pamedhar sabda.
· Busana ( Ageman )

Ajining raga gumantung busana, mila babagan busana punika ugi kedah pun gladhi saengga jejibahan
pranatacara saha pamedhar sabda saged kalaksanakaken kanthi sae.Anggenipun ngadi busana kedah
kajumbuhna kaliyan kaperluan wonten ing upacar punapa ingkang badhe dipun ayahi.

Jejering pranatacar saha pamedhar sabda saged katingal ngrengreng menawi karengga swanten, raga
lan busana ingkang pantes.Pangudining busana saged ngetrepaken kaliyan rupi utawin wernining
busana kaliyan kulit, sareng make up, saengga katingal pantes kaliyan papan panggenan, mboten nyolok
tuwin samadya kemawon.

Wonten ing babagan mangagem busana ( ageman ) punika, saestu sae sabda pangandikan kanjeng
suhunan Pakowboewana IV ingkang sampun panjenenganipun kanjeng susuhunan sabdaaken
dhumateng para sentana saha karabat keratin kasunanan Surakarta Hadiningrat, inggih punika :

“ Nyandhang menganggo iku dadiya sarana hamemangun manungsa njaba njero, marmane pantesen
panganggonira, trapna traping panganggon, chundukna marang kahananing badanira, wujud lan
wernane jumbuhna kalawan dedeg piadeg miwah pakulitan..”

( Menggunakan Pakian itu harus jadi sarana membangun pribadi seseorang lahir dan bathin, jadi harus
sesuaikanlah pakianmu, serasikan dengan keadaan, sesuaikan dengan bentuk badan waran pakaian,
pilihlah yang sesuai dengan postur tubuh serta warna kulit )

Pramila babagan busana punika kedah pun gladhi ingkang sasae-saenipun dening pranatacara saha
pamedhar sabda, amrih sae kasilipun tumrap sadayanipun, langkung sae ugi kagem para pranatacara
saha pamedhar sabda ing sak derengipun ngayahi jejibahan dados pranatacara saha pamedhar sabda,
busana punika saenipun kedah dipun rembag kaliyan panitya, amrih hasil ingkang dipun kajadaken sae
wontenipun.

· Subasita ( Trapsila )

Trapsila ( tata krami ) kedah pun gladhi ingkang sae, amargi trapsila ingkang kirang, sagd ngirangi
kawibawanipun pranatacara saha pamedhar sabda.Solah bawa sampun ngantos kadamel-damel
( katingal dening ing asanes utawi mboten ) langkung sae bilih solah bawanipun prasaja kemawon,
anteng, manteb ananging mboten kaken ( kaku ).

Ewah-ewahanipun pasuryan ugi kedah kaudi ingkang sadaya wau sageda nggambaraken isining
penggalih, ingkang lajeng jumbuh kaliyan swasana, sapertos, bilih wonten ing pawiwahan saha
pahargyan, pasuryan binger sumringah lan ramah awit prastawa menika ngemu suraos suka, kabagyan,
saha kabingahan.

Wondene wonten ing sripah, pasuryan kedah mboten katingal binger sumringah, amargi punika
tamtu mboten jumbuh kaliyan swasana saha raos manah kulawarga ingkang nembe nandang duka
sungkawa.
· Basa lan sastra

Basa lan sastra ngawujudaken kabetahan ingkang baku tumrapipun priyantun ingkang nembe
ngayahi tugas dados pranatacara saha pamedhar sabda. Basa ingkang kaginakaken kedah miturut
tuntutaning sastra ingkang leres, pamilihing tembung ingkang lajeng dipun ronce dados ukara kedah
trep, luwes, sae, wusana sekeca kapireng ing asanes.Kanthi pangertosan ingkang sae babagan basa
tuwin sastra, pranatacara saha pamedhar sabda saged ndapuk mocap, tembung , ukara saha wacana
kanthi leres tuwin laras.

Laras : tegesipun pranatacara saha pamedhar sabda saged ngrantam saha mbabar titilaksana trep
kaliyan kawontenan saha swasana.

Leres : tegesipun pranatacara saha pamedhar sabda saged ngginakaken basa ingkang trep kaliyan
parasastranipun.

Ingkang menika pranatacara saha pamedhar sabda saged lumebet ing pawiyatan utawi saged maos
piyambak buku-buku ingkang ngemot kawruh paramasastra kasebat.

· Ancer – ancer pakaryan

DRAMA

Drama mujudake seni pertunjukan sing nampilake lakon (paraga) ing pentas (panggung).

Jenis-jenise drama :

1. Drama Tragedi

Drama tragedi yaiku drama kang isine kadadeyan sing nrenyuhake ati (sedhih).

2. Drama Komedi

Drama komedi yaiku drama kang medharake lakon sing lucu.

Unsur-unsur drama :

1. Unsur Intrinsik

Sing kalebu unsur intrinsik yaiku :

a. Naskah/ Skenario

Teks sing ngemot kedadeyan sing bakal dimainake dening para paraga.
b. Paraga

Wong sing bakal meragakake drama.

c. Sutradara

Salah sijining pawongan kang ngendalekake pentas drama.

2. Unsur Ekstrinsik

Sing kalebu unsur ekstrinsik, yaiku :

a. Busana/ kostum lan rias

b. Panggung/ papan pentas

c. Gamelan

3. Unsur Teateral

Paraga kudu nguwasani papan pentas/ panggung.

4. Unsur Budaya

Budaya sing ana ing masyarakat sakiwa tengene pentas

5. Unsur Kaendahan (estetika)

Unsur sing ana gegayutane karo rasa kaendahan, kreativitas, lsp.

Sing kudu ditindakake dening paraga sadurunge meragakake drama, yaiku :

1. Maca naskah drama kanthi mangerteni isine

2. Ngerteni watake paraga jumbuh karo naskah kang arep diperagakake

3. Nyiapake papan panggonan (setting)

4. Milih lan nemtokake paraga

5. Akting (carane paraga berekspresi)

6. Bloking : tata posisi paraga ing panggung

7. Tata artistik : tata rias, tata musik, tata busana, lan pengaturane lampu
Pamilahe pacelathon ing pentas drama yaiku :

1. Dialog : pacelathon antara rong paraga/ luwih

2. Monolog : pacelathon dhewean

3. Prolog : pacelathon sing ditindakake ana ing wiwitan pentas drama

4. Epilog : pacelathon sing ditindakake ana ing pungkasan pentas drama

PETHIK LAUT

http://hasanbasri08.wordpress.com/2009/10/17/pethik-laut/

Dadi wong Banyuwangi kudu akeh sukure nyang Gusti Pengeran. Kerana Pengeran wis ndadekaken
Banyuwangi sing kurang paran-paran. Sawah gemelar sak weran-weran, subur nguripi tetanduran para
tani. Segara gemelendheng jeru ngingu iwak kang sing entek-entek dikuras para nelayan. Pokoke sing
kira kaeloman sapa bain wong kang urip ring Banyuwangi.

Kanggo wujud sukur nyang Gusti Pengeran iku para nelayan ring Banyuwangi nganakaken upacara adat
kang diarani “Pethik Laut”. Kabeh kampung nelayan umume nganakaken adat iki. Sakat teka pesisir
Pancer, Lampon, Gerajagan, Muncar, Bomo, Blimbingsari, Pakem sampek Bulusan. Pethik laut
dianakaken ring ulan Sura. Tujuane kabeh padha yaiku muji sukur lan njaluk selamet nyang Gusti
Pengeran, supaya asile laut dina mburi tambah akeh lan sing ana balak belai.

Angger panggonan Pethik Laut mau duwe cara dhewek-dhewek nurut adat kang diuri-uri teka leluhure.
Sakliyane pethik laut Blimbingsari, kabeh ana larunge yaiku sesembahan nyang Gusti Pengeran kang
rupa sesaji kang dikelekaken ring segara. Rupa-rupa sesajene beda-beda angger panggonan. Kang
padha, mesthi kanggo ngeramekaken pethik laut iku digelar macem-macem kesenian. Ring Blimbingsari
sing kathik nganggo larung, naming dianakaken istigosahan lan selametan kampung.

Pethik laut kang rame lan gedhe-gedhean iku ring Muncar. Kerana rame seru, penontone ewuan, pethik
laut Muncar dilebokaken nyang calender event Dinas Pariwisata lan Kebudayaan Kabupaten
Banyuwangi. Kadhung rika kober nyang Muncar pas pethik laut, nggolet tontonan paran bain, rika temu.
Aja takon arane uwong. Melaku ring lurung bain sampek kangelan serange akehe uwong. Ndeleng
gedhene acara, ketara kadhung kabeh warga Muncar guyub milu ubeg ngeramekaken upacara adat iku.

Pethik Laut dikawiti ambi tirakatan ring panggonan gitik. Gitik iku perau cilik kang direnggo apik kanggo
panggonan sesaji kang dilarung. Ring langgar-langgar dianakaken pengajian lan semaan. Isuke,
sedurunge gitik diarak keliling, dianakaken selametan. Sakmarine selametan, sarate kudu gandrungan
sulung ring pareke gitik mau. Terus dianakaken ider bumi, yaiku gandrung lan gitike diarak keliling kutha
Muncar. Sekira jam sanga, acara resmine dikawiti. Panggone ring TPI (Tempat Pelelangan Ikan ). Bupati
lan tokoh masarakat milu nyakseni. Ring TPI iku Bupati disuguhi kesenian kang ditata apik ambi panitia.
Serta mari acara resmi, acara kang ditunggu-tunggu yaiku larung sesaji dikawiti. Atusan perau kang bek
penumpang wis nganteni arep milu ngelarung. Perau-perau iku kabeh dipajang apik, ndadekaken
kahanan segara Muncar kaya ana perayaan gedhe. Gitik kang isi sesaji endhase kebo, jajan pasar,
jenang, wowohan, pancing emas, candhu, pitik jago, digotong jakakehan nyang perau. Sakteruse perau
kang nggawa gitik nuju tengah segara. Atusan perau liyane ngiring lan ngetutaken mburine. Ring perau
kang nggawa gitik mau ana gandrung kang terus njuged lan nembang sak suwene ring tengah segara.
Gadug panggonan kang dituju yaiku pas elore Sembulungan, gitik dilarung, diceburaken nyang segara
ambi dibarengi wacaan selawat lan takbir, sakakehe wong kang ring atusan perau kang milu. Mari
ngelarung, kabeh nuju Sembulungan. Ring Sembulungan ewuan wong uga wis nganteni gandrunge. Ring
kana gandrung perlu nyekar nyang kuburane leluhur kelawan njuged ngubengi kuburan. Mari
ngerampungaken ajat ring Sembulungan, kabeh aju balik maning nyang Muncar.

Adat pethik laut nduduhaken kadhung menungsa iki gemantung nyang kuwasane Gusti Pengeran. Mula
muji sukur iku seru pentinge kanggo nyurasa peparinge Gusti Allah lan nyemendhekaken ati lan
pengarep-arep nyang kang Maha Kuwasa

Unggah-Ungguh Basa

Basa iku minangka sarana kanggo komunikasi, kanggo nglantarake marang sawijining maksud utawa
kekarepan marang wong sing diajak guneman. Basa uga dadi sarana kanggo nglairake panguneg-uneg
kanthi cara nulis utawa maca. Mula anggone nggunaake basa kudu trep ora kena tumpang suh, kudu
mangerteni marang sapa sing diajak guneman. Mula basa iku duweni unggah-ungguh. Dene unggah-
ungguhing basa iku sabenere akeh banget nanging sing lumrah digunakake iku ana 4 yaiku:

1. Ngoko lugu

2. Ngoko alus

3. Karma lugu

4. Karma alus1. Basa Ngoko Lugu

Wujude: Tembunge ngoko kabeh ora ana kramane.

Panganggone:

a. Menyang sapadha-padha kang wis kulina banget.

b. Menyang sing kaprenah enom.

c. Yen lagi ngunandika.


d. Tumrap bocah sing durung bisa guneman ganep.

Tuladha:

– Kowe mengko sore sida ngampiri aku les?

– Dhik, yen arep ndelok pameran, aku mengko tulung ampirana ya!

2. Basa Ngoko Alus

Wujude: Tetembunge ngoko kacampuran karma inggil.

Panganggone:

a. Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajate.

b. Garwane priyayi marang sing kakung.

c. Priyayi marang priyayi yen wis ngoko-ngokonan.

Tuladha:

– Dhik, sliramu mengko nek kondur arep nitih apa? Apa kersa

takdherekake?

– Aku mau ngundhuh pelem akeh, Panjenengan apa kersa dakaturi?

– Yen kersa mengko dakaturi sejinah.

3. Basa Krama Lugu

Wujude: Tembunge madya (ater-ater lan panambange karma)

Panganggone:
a. Kanggo marang kanca sing wis kulina, padha drajate lan ngajeni.

b. Garwane priyayi marang sing kakung.

c. Priyayi marang sedulure tuwa kang luwih cendhek drajade.

Tuladha:

– Sampeyan niku manawi kesah dhateng kantor napa taksih kiyat mbekta

sepedha motor mas?

– Napa ndika saking desa ngriki mawon to mas?

4. Basa Krama Alus

Wujude: Tetembungan krama (ater-ater lan panambang krama)

lan krama inggil (tumrap wong sing diajak guneman).

Panganggone:

a. Wong enom marang wong tuwa.

b. Batur marang bendarane.

c. Murid marang gurune.

d. Andhahan marang pimpinane.

e. Kanca karo kanca sing durung kulina.

Tuladha:

– Kula badhe matur dhateng ibu, bilih manawi saestu sowan dhateng

eyang, kula badhe tumut.

– Tindak-tandukipun kanca kula ingkang naminipun Edo punika lucu

sanget.

Unggah-Ungguh Basa
Basa iku minangka sarana kanggo komunikasi, kanggo nglantarake marang sawijining maksud utawa
kekarepan marang wong sing diajak guneman. Basa uga dadi sarana kanggo nglairake panguneg-uneg
kanthi cara nulis utawa maca. Mula anggone nggunaake basa kudu trep ora kena tumpang suh, kudu
mangerteni marang sapa sing diajak guneman. Mula basa iku duweni unggah-ungguh. Dene unggah-
ungguhing basa iku sabenere akeh banget nanging sing lumrah digunakake iku ana 4 yaiku:

1. Ngoko lugu

2. Ngoko alus

3. Karma lugu

4. Karma alus1. Basa Ngoko Lugu

Wujude: Tembunge ngoko kabeh ora ana kramane.

Panganggone:

a. Menyang sapadha-padha kang wis kulina banget.

b. Menyang sing kaprenah enom.

c. Yen lagi ngunandika.

d. Tumrap bocah sing durung bisa guneman ganep.

Tuladha:

– Kowe mengko sore sida ngampiri aku les?

– Dhik, yen arep ndelok pameran, aku mengko tulung ampirana ya!

2. Basa Ngoko Alus

Wujude: Tetembunge ngoko kacampuran karma inggil.


Panganggone:

a. Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajate.

b. Garwane priyayi marang sing kakung.

c. Priyayi marang priyayi yen wis ngoko-ngokonan.

Tuladha:

– Dhik, sliramu mengko nek kondur arep nitih apa? Apa kersa

takdherekake?

– Aku mau ngundhuh pelem akeh, Panjenengan apa kersa dakaturi?

– Yen kersa mengko dakaturi sejinah.

3. Basa Krama Lugu

Wujude: Tembunge madya (ater-ater lan panambange karma)

Panganggone:

a. Kanggo marang kanca sing wis kulina, padha drajate lan ngajeni.

b. Garwane priyayi marang sing kakung.

c. Priyayi marang sedulure tuwa kang luwih cendhek drajade.

Tuladha:

– Sampeyan niku manawi kesah dhateng kantor napa taksih kiyat mbekta

sepedha motor mas?

– Napa ndika saking desa ngriki mawon to mas?

4. Basa Krama Alus


Wujude: Tetembungan krama (ater-ater lan panambang krama)

lan krama inggil (tumrap wong sing diajak guneman).

Panganggone:

a. Wong enom marang wong tuwa.

b. Batur marang bendarane.

c. Murid marang gurune.

d. Andhahan marang pimpinane.

e. Kanca karo kanca sing durung kulina.

Tuladha:

– Kula badhe matur dhateng ibu, bilih manawi saestu sowan dhateng

eyang, kula badhe tumut.

– Tindak-tandukipun kanca kula ingkang naminipun Edo punika lucu

sanget.

utawa cerita cekak uga diarani cerpen utawa cerita pendek ing bahasa Indonesia. Cerkak basa Jawa uga
nduweni unsur intrinsik sing ora beda adoh karo cerpen bahasa Indonesia. Ing ngisor iki penjelasane.

A. Pangerten Cerkak utawa cerita cekak

Cerkak utawa cerita cekak yaiku carita kang isine ringkes lan ora mbutuhake wektu suwe anggone maca.

B. Unsur-unsur intrinsik

Unsur-unsur intrinsik cerita cerkak, yaiku :

1. Tema

Tema yaiku ide pokok pikiran cerita.

2. Paraga

Paraga yaiku cara pangripta nggambarake lan mbabar watak para paraga ing cerita cekak.

Paraga kaperang dadi telu, yaiku :

a) Protagonis, yaiku paraga kang nduweni watak becik.


b) Antagonis, yaiku paraga kang nduweni watak ala.

c) Tritagonis, yaiku paraga kang dadi penengah.

3. Prastawa

Prastawa ing cerita cekak kaperang dadi lima, yaiku :

a) Ngenalake tokoh lan masalah.

b) Tumuju marang anane konflik.

c) Klimaks.

d) Anti klimaks.

e) Pungkasan.

4. Latar

Latar ing cerita cekak kaperang dadi 4, yaiku :

a) Latar wektu

b) Latar panggonan

c) Latar swasana

d) Latar sosial-budaya

5. Alur

Alur ing cerita cekak kaperang dadi 3, yaiku :

a) Alur maju

b) Alur mundur

c) Alur campuran

6. Sudut pandang

Sudut pandang ing cerita cekak ana 2, yaiku :

a) Sudut pandang wong kapisan.

Nganggo tembung aku, enyong, kula.

b) Sudut pandang wong katelu.


Nganggo jenenge wong, dheweke, panjenengane.

7. Isi wejangan (amanat)

Isi wejangan utawi amanat yaiku pesen kang kaandhut ing sajroning cerita.

Struktur :

bageyan-bageyan:

1) Pengenalan bab situasi utawa kahanan crita (exposition)

Ing bab iki, pengarang ngenalake para tokoh, nata adegan lan hubungan tokoh-tokohe.

2) Panjlentrehe kedadeyan (complication)

Ing bab iki, kedadeyan wiwitan kang dadi sumbering masalah kanggo para tokohe.

3) Nuju ana ing konflik, (rising action)

Ing bab iki, masalahe tokoh kang dialami saya tambah.

4) Pucuking masalah (turning point)

Klimak crita. Ing baba iki nasib tokohe ditemtokake (kasil orane ngadepi masalah)

5) Rerampungan (ending)

Nasib-nasibe kang dialami para tokohe wis cetha uga bisa diarani rampung.

Ukara camboran ya iku ukara ingkang dumados saking kalih klausa utawi langkung. Manawi ukara lamba
punika jejer lan wasesa namung satunggal, ukara camboran boten kados makaten. Wonten ukara
camboran sakboten-botene wasesanipun kedah langkung saking satunggal, saged kalih utawi tiga.

Ukara camboran punika jinisipun wonten 2 : 1. Camboran sajajar Camboran sajajar ingkang wonten ing
basa Indonesia dipunwastani ''Kalimat Majemuk sederajat'' utawi klausa koordinatif ya iku ukara ingkang
dumados saking kalih klausa utawi langkung. Klausa-klausa kalawau dipungabung dados satunggal
mingunakaken tembung panggandheng utawi tandha koma ing antawis klausa satunggal kalih
sanèsipun. Klausa ingkang wonten ing ukara camboran sajajar sadaya awujud klausa inti. tuladha :

Sarno iku sugih tur ora sombong sisan.

Aku mangan sate déné Parto bakso.


2. Camboran sungsun Ukara camboran sungsun ingkang wonten ing basa Indonesia dipunwastani
''Kalimat Majemuk bertingkat'' utawi klausa subkoordinatif ya iku ukara ingkang dumados saking kalih
klausa utawi langkung, nanging antawis klausa satunggal kaliyan sanèsipun wonten ingkang nguwasani
lan dipunkuwasani. Ingkang nguwasani dipunwastani klausa intiinduk kalimat, déné ingkang
dipunkuwasani dipunwastani klausa pang utawi anak kalimat. Tuladha:

Ibu nembé masak nalika aku lagi nyapu.

Pranatacara

Pranatacara inggih menika salah satunggalipun paraga/pelaku sesorah ingkang pakaryanipun/jejibahane


inggih menika:

Ø Maosaken urut-urutanipun acara ingkang badhe dipunlampahi

Ø Ngatur saha nglantaraken lampahing acara supados gangsar/lancar utawi rancag

Ø Maosaken saha nyamektaaken/menyiapkan apra paraga ingkang kajibahan/ditugasi nindaaken


tanggap wacana/sambutan ing acara ingkang badhe dipunlampahi

Ø Acaranipun upacara adat: temanten, pepanggihan, kesripahan, pajamuan, resmi/formal, pengaosan,


lsp.

Perangan Teks Pranatacara

1. Salam Pembuka

· Ngaturaken uluk salam minangka pambuka tuladhanipun assalamu’alaikum wr.wb, sugeng enjing,
utawi nuwun kawula nuwun.

2. 2. Atur Pamuji

· Ngunjukaken atur raos puji syukur awit sedpnya nikkmat ingkang kaparingaken dening gusti
pangeran ingkang Maha Agung dhateng para rawug saengga saged kempal ngrawuhi acara ..... ing .....

3. 3. SapaAruh/Atur Pangurmat

· Ngaturaken atur pakurmatan dhumateng para tamu, kawiwitan dhumateng para para ingkang
kaanggep langkung dipun kurmati para sepuh, Bapak Kepala Sekolah, Bapak Kepala Desa, lsp.
Dhumateng para priyagung, dwija/guru, sarjana,alim/ulama, dhumateng para rawuh tamu undanga,
para kanca-kanca, para siswa, lsp.

4. 4. Isi/ancasinggati

· Urut-urutanipun acara ingkang badhe dipunlampahi, aran-aran para paraga jangkep/lengkap


kaliyan gelaripun (Drs, S.Pd, M.Pd, H, lsp) ingkang badhe nindakaken tanggap wacana pambagyaharja,
atur papala, utawi ingkang paring sabdatama, lsp.

5. 5. Panutup

· Atur pangapunten awit sedaya kekirangan saha kelepatan nalika ing lantarake lampahing acara
pangajab/harapan utawi ringkesan sasampunipun acara sampun kalampahan.

6. 6. Salam Panutup

· Salam panutup tuladhanipun Wassalamu’alaikum Wr.Wb, sugeng siang, sugeng pepanggihan ing
sanes wekdal, jaya-jaya wijayanti rahayu ingkang sami pinanggih. Katutup kanthi atur panuwun-nuwun

Anda mungkin juga menyukai