Anda di halaman 1dari 2

JeniseJENISE

Ukara
UKARA

Ukara andharan, ukara pakon lan ukara pakon


Gatekna katrangan ing ngisor iki !

Ukara andharan
Ukara andharan yaiku ukara kang isine menehi katrangan marang wong sing diajak
guneman (ngomong) utawa wong kang maca.
Ukara andharan dipungkasi nganggo tandha titik.
Tuladhane :
 Bapak dhahar sekul pecel.
 Ibu ngunjuk teh anget.
 Kula tumbas jajan.

Ukara Pitakon
Ukara pitakon yaiku ukara kang isine njaluk katrangan marang wong sing diajak guneman
utawa wong sing maca.
Ukara pitakon dipungkasi kanthi tandha pitakon (?)
Titikane ukara pitakon nganggo tembung pitakon lan tandha pitakon.

Tembung pitakon (kata tanya)


1. Sapa = sinten, fungsine kanggo nakokne wong/jeneng
2. Apa = punapa, fungsine kanggo nakokne barang/benda
3. Pira = pinten, fungsine kanggo nakokne jumlah/rega
4. Ing ngendi = wonten pundi, fungsine kanggo nakokne
papan/tempat

Tuladhane :
 Sinten sing dhahar sekul ?
 Ibu ngunjuk punapa ?
 Tumbas jajan pinten ?

Ukara Pakon
Ukara pakon yaiku ukara kang isine ngongkon (mrentah) marang wong sing diajak guneman
utawa wong kang maca.
Ukara pakon dipungkasi kanthi tandha pakon (!)
Tuladha :
 Sari, pundhutne dhaharan kagem Bapak !
 Unjukan iki aturna Ibu !
 Tumbasna jajan…saiki !
Gladhen 1 : ngidentifikasi titikane ukara

Wenehana tandha centhang ukara ing ngisor iki adhedasar titikane !

no Tuladha ukara Ukara Ukara Ukara


andharan pitakon pakon
1 Eyang ngunjuk kopi.
2 Sinten sing ngunjuk kopi?
3 Mangga … dipununjuk kopine!
4 Kula tumbas pit anyar.
5 Pira regane pitmu?
6 Kancamu silihana pitmu!
7 Ibu isih sare.
8 Bapak mundhut buku.
9 Bapak mundhut punapa?
10 Buku iki aturna Bapak yo!

Gladhen 2 : ngowahi ukara andharan dadi ukara pitakon lan ukara pakon !

Gatekna tuladha iki!

no Ukara andharan Ukara pitakon Ukara pakon


Aku tumbas layangan. Sinten sing tumbas layangan ? Tumbasna layangan !

Garapen kaya tuladhane !

no Ukara andharan Ukara pitakon Ukara pakon


1. Rini nulis karangan.
2. Bapak ngunjuk kopi.
3. Adi gawe layangan.
4. Hana nyapu jogan.
5. Dinda nyilih pit kancane.

Anda mungkin juga menyukai