Anda di halaman 1dari 16

BAB IV

KEGIATAN SEHARI-HARI

Indikator

Setelah mempelajari materi ini, diharapkan siswa mampu :

1. Mendengarkan pesan dari orang lain.


2. Memahami pesan dari orang lain dalam bahasa ngoko alus.
3. Menyebutkan nama-nama benda disekitarnya.
4. Menyebutkan kegunaan benda disekitarnya.
5. Membaca teks pendek.
6. Menjawab pertanyaan tentang isi bacaan.
7. Memahami cara menulis dengan huruf sambung.
8. Menulis kalimat sederhana dengan huruf tegak sambung.

Ajining Pendhidhikan Kapribadhen.

1. Rasa ingin tahu


2. toleransi
3. Kreatif
4. Mandiri
5. Komunikatif
6. Tanggung jawab
7. Suka membaca

Pambuka

Saben uwong saben dinane duweni kagiyatan.

Ana sing nyambut gawe,ana sing sekolah, lan liyane.

Saben kegiyatan iku becike ditindakake kanthi temenan.

Kanthi ngono mau bakal nuwuhake hasil sing dikarepake.

Kanggo bocah sekolah perlu digawe jadwal kagiyatan.

Supaya lancar kabeh anggone nindakake kagiyatan.

Kegiyatan iku kudu sing mupangati.

Mangerteni Kagiatan Piwulang 1

Pengorganisasian Kelas

1. Guru mengkondisikan kelas sebelum memulai materi pelajaran.


2. Menyiapkan media pembelajaran yang relevan dengan materi.
3. Guru memilih metode pembelajaran yang sesuai dengan situasi peserta didik.
4. Guru menyampaikan materi secara klasikal.

Standar Kompetensi

1. Mampu mendengarkan dan memahami berbagai wacana lisan sederhana


(dongeng) dalam ragam tertentu.
2. Mampu mengungkapkan gagasan dan perasaan secara lisan tentang nama dan
fungsi anggota tubuh serta benda-benda disekitar sesuai dengan unggah-
ungguh.
3. Mampu membaca dengan lafal dan intonasi yang benar serta memahami isi
teks.
4. Mampu menulis kalimat sederhana (2-3 kata) dengan huruf lepas, sambung dan
dikte.

Kompetensi Dasar

1.2 Mendengarkan dongeng binatang.

2.2 Menyampaikan rasa suka dan tidak suka terhadap sesuatu atau kegiatan
dengan menggunakan ragam bahsa tertentu.

3.2 Menyanyikan tembang dolanan.

4.2 Menulis kalimat yang didektekan.

Piranti Pasinaon

1. Buku teks

2. modul

3. simulasi

Sarana Pasinaon

1. Ceramah
2. Tanya jawab
3. Penugasan
4. Demonstrasi

Angkah Pandaya Kapribadhen

1. Murid ngrungokake pesen kanthi becik.


2. Murid bisa nyebutake nama lan fungsi anggota tubuh serta benda-benda yang
ada disekitarnya.
3. Murid kulina ngrungokake ngendikane buguru.
4. Murid bisa membaca teks pendek.
5. Murid bisa menulis kalimat sederhana
Pilar Kebangsaan

A. Nyemak
Ngrungokake dongeng kewan

Kancil gUmedhe
Wayahe isih esuk
Akeh kewan metu ana pinggir alas
Malah keong barang yo lungguh ing pinggiran kali
Nalika kuwi kancil liwat pinggir kali
Adhuh aja medak aku lho cil
Kandhane keong amarga dheweke
meh wae kepidak sikile kancil
ooo dadi iki ana bangsa kewan ta
walah walah kewan kok mung cilik sacuplik
lha nek mlaku banjur pirang taun lagi bisa
tekan panggonan sing mbok tuju
keong menehi wangsulan
cil mbok kowe ora ngina marang aku
lha yen wani yo ayo balapan mlayu karo aku
kancil cengengesan nanging panass atine
kancil lan keong banjur balapan mlayu
anggone padha balapan saka lor nganthi kidul saurute kali
kancil mlayu prengosan
keong sakancane wis padha jejer
saurute kali saka lor nganthi kidul
yen kancil celuk celuk keong
kowe tekan ngendi
kuk aku neng ngarepmu
keong semaur ana ing ngarepe kancil
kancil saya banter playune
nanging keong sing ana garis finis bengok banter
cil aku wis tekan garis finis
kowe kalah
aja nesu ya
aja ngenyek kewan liya maneh
kancil kisinan banjur mlebu alas

Gladhi piwulang
Wangsulana pitakonan ana ing ngisar iki adhedasar wacan ing ndhuwur !
1. Apajudul wacan ing ndhuwur iku ?
Wangsulan : ...kancil gumedhe
2. Wayah apa kewan padha metu saka alas?
Wangsulan : ...esuk
3. Kewan apa sing kepidak sikile kancil ?
Wangsulan : ...keong
4. Kewan apa wae kang ana ing wacan iku ?
Wangsulan : ...kancil lan keong
5. Kepiye watake kancil ?
Wangsulan : ...nakal

Tugas 1.2
Tulisna watake saka kancil lan keong adhedasar wacan ing dhuwur !

B. Micara
Nglairake rasa seneng lan ora seneng

Saben wong iku duweni.

kagiyatan kang beda-beda.

Ana sing disenengi.

lan uga ana sing ora disenengi.

kagiyatan kang disenengi iku.

Luwih-luwih bocah wadon.

Kudu seneng ngrewangi ibune.

Masak utawa tandang gawe liyane.

Kabeh krasa cepet nandang gawene.

nanging kagiyatan kang ora disenengi.

iku krasa suwe nandang gawene.

Semaken wacan ana ing ngisar iki !

Pagaweanku

Saben esuk weni tangi jam lima.


Aku banjur ngrewangi bapak lan ibu.
Ibu masak ing pawon.
Bapak ngresiki jogan omah.
Aku ngrewangi bapak lan ibu.
Sarampunge nyambut gawe.
Aku adus lan salin klambi sekolah.
Bapak lan ibu uga siram.
Aku lan sakaluwarga sarapan bareng.
Sarampunge sarapan aku budhal sekolah.
Bapak lan ibu tindak kantor.
Tuladha nglairake rasa seneng
1. Aku seneng ngrewangi masak ibuku.
2. Aku seneng resik-resik omah.
3. aku seneng sinau.
4. Aku seneng mangan rujakk
5. Aku seneng nandur kembang.

Tuladha nglairake rasa ora seneng

1. Aku ora seneng jajan.


2. Aku ora seneng nonton TV
3. Aku ora seneng kekancan karo bocah nakal
4. Aku ora seneng dolan.
5. Aku ora senenh udan-udan.

Gladhi piwulang

1. Weni tangi jam pira ?


Wangsulan : ...jam lima
2. Ibu masak ana ing ngendi ?
wangsulan : ...pawon
3. Bapak ngresiki apa ?
Angsulan : ...jogan omah
4. Bapak lan ibu tindak ana ngendi ?
Wangsulan : ...kantor
5. Sarampunge ngrewangi ibune weni banjur ngapa ?
Wangsulan : ...adus

Tugas 2.2

Tulisen apa wae sing dadi pagaweyanmu ing ngomah ing wektu esuk !

C. Maca

Kidang Talun

GAMBAR KIDANG

Kidang talun mangan kacang talun


Mil ketemil mil ketemil
Si kidang mangan lembayung
Tikus pithi duwe anak siji
Cicit cuwit cicit cuwit
Si tikus mangan pari
Gajah belah saka tanah sebrang
Si gajah kcemplung blumbang

Sluku sluku bathok

Sluku sluku bathok


Bathoke ela elo
Si rama menyang sala
Oleh olehe payung mutha
Mak jenthit lolo lobah
Wong mati ora obah
Yen obah medeni bocah
Yen urip sregep ngibadah

Gladhi Piwulang
1. Kidang talun mangan ... talun.
Wangsulan : ...kacang
2. Si kidang mangan apa ?
Wangsulan : ...lembayung
3. Tikus ... duwe anak siji .
Wangsulan : ...pithi
4. Si gajah ... blumbang
Wangsulan : ...kecemplung
5. Si tikus ... pari
Wangsulan : ...mangan

Tugas 3.2

Majua ana ing ngrep kelas banjur nyanyikna tembang jamuran ana ing ndhuwur iku !

D. Nulis
Nulis ukara sing Didhekte
Latihan nulis iku dilatih wiwit cilik
Nulis kudu bener
Menawa guru dhekte kudu digatekake
Supaya ora salah anggone nulis
Nulis kudu sabar
Supaya tulisan dadi rapi
Tuladha
1. Wayah esuk resik-resik

Wayah esuk resik-resik

2. Ngrewangi bapak lan ibu

Ngrewangi bapak lan ibu

3. Umi ngumbahi klambi

Umi ngumbahi klambi

4. Sarno menyang sawah

Sarno menyang sawah

5. Aku mangkat sekolah

Aku mangkat sekolah


Gladhen piwulang
1. Dani tuku sepatu

2. Sikile danu tatu

3. Mariyem tuku bayem

4. Kecap rasane asin

5. Sukaca tuku kacamata

Tugas 4.2
Salinen ukara ana ing ngisar iki kaya tuladha ing ndhuwur !
1. Ayo padha sinau
2. Heru ajar nulis
3. Bukune ana lemari
4. Joko tuku buku
5. Sinau basa jawa
Kawruh Kabudayan Jawa

Arane Isi

No Isi Arane
1 Asem Klungsu
2 Duren Pongge
3 Kluweh Bethem
4 Nangka Beton
5 Pelem Pelok
6 Kapuk Klentheng
7 Krambil Kenthos
8 Semangka Kwaci
9 Sawo Kecik
10 Kates Trempos
11 Mlinjo Klathak

Dudutan

1. Saben crita iku beda-beda. Ana kewan kang apik lan ala..
2. Saben wong iku kasenengan lan sing ora disenengi.
3. Bisa nemban dolanan.
4. Nulis aksara sambung iku ora susah yen sering latihan.

Refleksi

1. Apa kowe wis ngerti babagan kang wis mbok sinau?


2. Pa kowe wis bisa ngetrepake apa sing kok sinau marang uripmu ing saben
dinane?
3. Apa kowe nemokake babagan sing gawe atimu seneng gegayutan karo sing
kok sinau mau?
4. Kepriye rasane atimu sawise sinau babagan iki lan apa paedahe?

Pangetrapan Pendhidhikan Kapribaden

Wenehana tandha centhang (ѵ) ing kolom aplikasi ngisar iki adhedasar
kahananmu sanyatane!

Ketercapaian
No Nilai kepribadian kang arep digayuh
Wis dilakoni Durung
dilakoni
1 Ngupaya lan kulina takon ngenani
babagan sing durung dingerteni (rasa
pengen ngerti)
2 Pasrawungan kang nyenengake
(kekancan/komunikatif)

3 Ngrampungake dhewe gladhen lan


wulangan tanpa nirun kanca (mandiri)

4 Nindakake solah tingkah tanpa digawe-


gawe (jujur)

5 Nglonggarake wektu kanggo maca


sadhengah buku ( seneng maca)

AJANG GLADHEN

Pengorganisasian Kelas

1. Peserta didik Guru membantu peserta didik yang mengalami kesulitan dalam
memahami soal.
2. Guru mengawasi kejujuran peserta didik dalam mengerjakan.
3. Soal dapat dikerjakan sebagai pekerjaan rumah.
4. mengerjakan soal secara mandiri.

I. Semaken crita an ing ngisar iki !

Resik resik omah

Dina minggu prei ora mlebu sekolah


Sanadyan prei imam lan iman ora dolan
Bapak lan ibbune nimbali
Bocah loro iku mau padha didangu
arep dolan opo ora
imam mangsuli mboten
gandheng prei ibune ngajak resik resik omah
imam lan iman ngestokake dhawuhe wongtuwane
pancen resik resik iku dadi kewajiban
kanthi resik resik dadi waras

pekarangan lan jogan padha diresiki


sampahe diklumpukake lan diwadahi
banjur dibuwang ana ing pawuhan
kaca lan jendela padha dielapi
meja padha disulaki
supaya ilang bleduge
sawang sawang sing ana ndhuwur
padha diresiki nganggo sapu sawang
ruang tamu dipel nganggo pewangi
supaya omah waton resik lan wangi
kanthi resik iku awak waras lan ora gampang lara.

Wenehan tandha ping (x) jawaban a, b utawa c kang mbok anggep bener !
1. Judul wacan ing ndhuwur yaiku ...
a. Resik resik sekolah
b. Resik resik kolah
c. Resik resik omah
2. Dina prei sekolah ora ...
a. Mlebu
b. Prei
c. buka
3. Dhawuhe bapak lan ibu kudu ...
a. Disepelekake
b. Ora digagas
c. diestokake
4. Panggonan kang resik iku ndadekake awak ...
a. Lara
b. Sehat
c. lemes
5. Supaya wangi ngresiki jobin nganggo ...
a. Sabun wangi
b. Lengo
c. banyu
6. Sampahe diklumpukake banjur dibuwang ana ing ...
a. Kamar
b. Pawuhan
c. ember
7. Supaya resik omahe kudu di ...
a. Regedi
b. Sapu
c. cet
8. GAMBAR SULAK.piranthi iki kanggo ngresiki ...
a. Kamar
b. Motor
c. meja
9. GAMBAR SAPU.piranti iki jenenge ...
a. Pel
b. Tongkat
c. sapu
10. GAMBAR TEMPAT SAMPAH.piiranti iki kanggo ...
a. Wadah buku
b. Wadah sabun
c. Wadah sampah
11. Supaya lancar anggone nulis kudu ...
a. Latihan
b. Males latihan
c. dilalekkake
12. Tembang iku budaya jawa, mula kudu ...
a. Diilangne
b. Disimpen
c. dilestarikake
13. Wong tuwa iku ora seneng yen anake padha ...
a. Nakal
b. Pinter
c. nurut
14. Aku seneng amarga aku ... kelas
a. Nunggak
b. Mlebu
c. munggah
15. Papan kang reged iku dadi sumbering ...
a. Kasarasan
b. Penyakit
c. kasehatan
16. Seneng-ora-bolos-aku-sekolah.
Tembung tembung ing ndhuwur iku menawa ditata dadi ukara ...
a. Aku seneng bolos sekolah
b. Aku ora seneng bolos sekolah
c. Aku bolos seneng sekolah
17. Sing resik resik omah yaiku imam lan ...
a. Imat
b. Imang
c. b
18. Sluku sluku bathok iku kalebu tembang ...
a. Macapat
b. Dolanan
c. tengahan
19. kecik iku arane ...
a. Kapuk
b. Nangka
c. sawo
20. Kenthos iku aran isi ...
a. Sawo
b. Krambil
c. asem

II. Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, utawa c kang kok anggep
bener !
Wacanen soal ana ing ngisar iki kanggo garap soal nomer .....

III. Ganepana kanthi tembung kang trep !


1. Jobine disapu supaya ...resik
2. Tanduran dirabuk supaya ...subur
3. Tangi turu banjur ngrewangi ...resik resik
4. Yen didhawuhi wong tuwa kudu ...dilaksanakake
5. Sampah iku dibuwang ana ...pawuhan/tempat sampah
6. Sulak iku piranti kanggo ngresiki ...meja
7. Jaranan iku kalebu tembang ...dolanan
8. Kain pel iku piranti kanggo ngresiki ...jobin
9. Nandur kembang iku becike ana ...pot
10. Simbah nandur tomat ana ing ...kebon
IV. Garapen soal-soal ana ing ngisar iki !
1. Simbah dhahar tahu

2. Bapak tindak nitih sepeda

3. Andi mangkat sekolah


4. Jumirah sinau basa jawa

5. Aminah lagi asah asah

Penilaian Hasil Kerja


majua ana ing ngarep kelas tepangna awakmu marang liyane!

Tingkat kemampuan
No Aspek yang dinilai
1 2 3 4
1 Pemahaman
institusi
2 Persiapan
3 Kemandirian
4 Ketekunan
5 Hasil
Jumlah

Kriteria penskoran Kriteria penilaian


4 : baik sekali A : 16 – 20
3 : cukup baik B : 11 – 15
2 : cukup C : 6 – 10
1 : kurang D:1–5
Aplikasi Tindak Lanjut

 Wulangan Pambecik

Gatukna ukara kang jumbuh karo gambare !

1. ....
2. ...
3. ...
4. ...
5. ...

 Wulangan pamomot

Coba sebutna apa wae pesene bapak lan ibu nalika arep nindakake kagiyatan
iki !

No Kagiyatan Pesen
1 Dolanan
2 Mangkat sekolah
3 Pit-pitan
4 Sinau kelompok
5 Renang

 Penilaian Diri
Coba wacanen pitakon ing ngisar iki ! Wenehana tandha centang (ѵ)
ana kolom kanthi tembung iya/ora kahananmu sanyatane !

No Pernyataan Iya Ora


1. Aku mangerteni materi sing diajar/diwulang pak
guru/buguru.
2. Aku bisa ngrungokake lan nindakake piweling
saka wong tuwa lan guru.
3. Aku bisa nyebutake perangane awak lan gunane.
4. Aku bisa ngrampungake latihan lan gladhen
kanthi apik.
5. Aku siap sinau kompetensi teruse.

Pangetrapan pendhidikan kapribaden

Wenehana tandha centang (ѵ) ing kolom aplikasi ngisar iki adhedasar
kahananmu sanyatane !
Nilai kepribadian kang Ketercapaian
No
arep digayuh Wis dilakoni Durung dilakoni
1
2
3
4
5

Anda mungkin juga menyukai