Anda di halaman 1dari 1

JINISING UKARA

I. ukara tanduk yaiku ukara kang jejere (subjek) nindakake pegawean. 


tuladha :
1) Dwi lan Maya nggarap PR Basa Jawa.
2) Ibu mundhut roti.
3) Putri njiwit Ulil.

II. ukara andharan yaiku ukara sing isine kang ngabarake utawa ukara kang nyritakake
bab/kedadean. Cirine ukara andharan yaiku dipungkasi kanthi waca titik (mandeg), mula
macane kanthi intonasi/ nganggo swara kang rata (datar) lan ora ana penekanan babar pisan .
tuladha :
1) Mau bengi ana kebakaran ning omahe pak bejo.
2) bapak tindak dhateng kantor.
3) si mbah gerah waja.

III. ukara pitakon yaiku ukara kang isine nakokake bab tertentu. Cirine ukara pitakon yaiku
dipungkasi tandha waca piatakon, mula pamacane kanthi intonasi takon.
tuladha :
1) Omahmu ing ngendi?
2) Saiki wis jam pira?
3) Paramasastra kuwi apa ta tegese?

IV. ukara pakon yaiku ukara kang isine mrentah wong liya nindakake pakaryan tartampu manut
apa sing dikarepake sing ngongkon. Cirine ukara pakon yaiku dipungkasi tandha waca seru,
mula pamacane kanthi intonasi seru lan rada diteken.
tuladha :
1) Ngaliha!
2) Sinau sing sregep!
3) Ndang ombenen!

V. ukara paguwuh yaiku ukara kang nggambarake rasa ora percaya, emosi sing kuat rasa
gumun. Cirine ukara panguwuh yaiku diwiwiti kanthi tembung panguwuh Tembung
panguwuh yaiku : Wow, wadhuh, Hi, Hore, wah,dll.
tuladha :
1) Horee.. aku oleh biji satus !
2) wow, apike montore !
3) wadhuh , aku ora iso melu!

VI. ukara sambawa yaiku ukara kang isine awujud pangarep-arep, saumpama, utawa sanadyan.
Ukara iki rancake migunakake tembung-tembung kang kawuwuhan panambang -a utawa -
ana.
tuladha :
1) Panasa, ya klambiku ben garing.
2) Udana sing deres ben tandhuranku subur.
3) Mrenea wiwit biyen kowe ora katon kapiran.

VII. ukara pamenging (melarang)


tuladha :
1) Kowe ora kena dolan yen durung sinau!
2) Aja rame-rame simbah nembe sare!
3) Aja mangan ana ing ngarep kelas!

Anda mungkin juga menyukai