Anda di halaman 1dari 8

BAHASA JAWA KELAS XII

LEMBAR KERJA PESERTA DIDIK

(LKPD)

Nama Siswa :

NIS :

Kelas :

Kompetensi Keahlian :

SMK NEGERI 1 SAMBIREJO

KABUPATEN SRAGEN
DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN
PROPINSI JAWA ENGAH
2021
Mapel Bahasa Jawa

KD 4. TEKS EKSPOSISI GAMELAN

A. Tujuan Pembelajaran
1. peserta didik mampu menjawab pertanyaan berkaitan isi teks eksposisi tentang gamelan dengan
benar
2. peserta didik dapat menemukan nilai-nilai yang terkandung di dalam teks eksposisi tentang gamelan
dengan tepat
B. Materi
Teks eksposisi yaiku teks kang surasane kanthi ancas menehi katrangan kang cekak, akurat lan
padet. Titikan (ciri-ciri) teks eksposisi : Jlentrehake informasi ngenani sawijining bab utawa prastawa,
Nggunakake basa baku lan lugas, Asipat netral lan ora mehak sapa-sapa, Mangsuli pitakonan 5W+1H

Jinise teks eksposisi :

1. Teks eksposisi ilustrasi yaiku teks kang nggunakake panggambarana sederhana utawa wujud
kongkret saka sawijine idhe
2. Teks eksposisi pawarta yaiku teks kang menehi informasi saka sawijine prastawa.
3. Teks eksposisi bandingan yaiku teks kang surasane njlentrehake idhe kanthi metode bandingan
4. Teks eksposisi proses yaiku teks kang surasane menehi pituduh utawa tata cara gawe sawijining
bab
5. Teks eksposisi definisi yaiku teks kang surasane menhi pangerten sawijining objek
6. Teks eksposisi pertentangan yaiku teks kang surasane pertentangan antarane sawijining bab /
objek marang bab liyane. Sajroning teks migunakake frasa panggandheng
7. Teks eksposisi analis yaiku teks kang surasane proses misahake sawijine perkara sakagagasan
utama dumadi sub bagean, banjur dirembakaake kanthi runtut.

Struktur Teks Eksposisi

1. Thesis (pranyatan panyaruwe)

Perangan teks kang surasane panyaruwe panganggit. Perangan iki uga kasebut perangan pambuka
2. Argumentasi
Yaiku struktur teks kang ngemot bukti-bukti relevan kang ndhukung thesis. Argumentasi ngandhut
fakta kang ana gegayutane karo pokok bahasan kayata tanggal, latar, narasumber, lan angka-angka
kang sipate kongkret
3. Penegasan ulang
Perangan iki ngemot dhudhutan (simpulan) kang nglimput pambuka, thesis tumeka argumentasi
kang diwedharake pangripta kang migunakake basa kang luwih ringkes.

Setitekna tuladha teks eksposisi ing ngisor iki

Perangan Gamelan

Gamelan kanthi jangkep diwujudake saka maneka warna wangunan lan bahan kayata: wangunan
bunderan gedhe lan cilik, kanthi bisul-bisulan (pencon), lempengan gedhe lan cilik,dawai, kayu,
kulit, lan pring. Gamelan prinsipe duweni laras slendro lan pelog. Piranti gamelan kang jangkep
kapantha saka :
1. Bonang Barung
Bonang barung kelebu piranti music berpencu kang kagawe saka perunggu. Piranti iki
dithuthuk kanthi thuthukan kayu awujud batangankang sawijine pucuke digubet kain. Piranti
iki dadi pambuka sajrone dolanan gamelan, kajaba iku boning duweni piguna minangka
pamurba tembang, yaiku kang jejibahan miwiti sarta ngisi lumakune gendhing.
2. Bonang penerus
Wangunan lan cara maineake piranti iki padha karo boning barung, piranti iki minangka pangisi
harmoni boning barung. Boning penerus duweni 1 oktaf nada luwih dhuwur tinimbang boning
barung.
3. Saron
Dodolanake kanthi dithuthuk migunakake piranti saka kayu kang atos. Saron kalebu pengisi
melodi utama sajrone dolanan gamelan. Piranti iki klebu piranti terbilah kanthi bahan dhasar
logam. Bilah-bilah kasebut makili saben nada sajrone tangga nada pentatonic.
4. Demung
Wangunan lan pigunane padha karo saron, nanging demung duweni nada luwih endhek 1
oktaf tinimbang saron
5. Peking
Peking wangunan luwih cilik tinimbang saron, duweni nada 1 oktaf luwih dhuwur tinimbang
saron. Wirama Nabuhe ping pindho / tikel pindho tinimbang saron
6. Kenong
Kenong pigunane minangka wates wates gatra sarta negesake wirama. Kenong kagawe saka
logam wangunane kaya boning nanging luwih gedhe.
7. Kethuk lan kempyang
Piranti iki kalebu piranti music ritmis kang ngewangi kendhang sajrone ngasilake ritme lagu.
Loro piranti iki dipapanake sisihe kenong
8. Gender
Piranti iki dimainake kanthi loro piranti (thuthuk) tabuhan. Pigunane kanggo ngembangake
melodi saka saron. Gender kagawe saka lempengan logam tipis lan sangisore ana resonator
swara awujud pipa-pipa gedhe. Piranti iki jenise ana gender barung lan gender penerus
9. Slenthem
Piranti iki ditabuh kanthi siji panabuh. Pigunane padha karo saron nanging kanthi werna swara
kang beda lan duweni nada 1 oktaf luwih endhek tinimbang saron.
10. Gambang
Gambang kalebu piranti kang dimainake kanthi cepet, duweni piguna kang meh padha karo
gender, nanging gambang kagawe saka kayu/ pring. Saben gambang duweni 19 utawa 20
wilahan / bilah nada, dimainake nganggo 2 tabuh (pemukul/thuthuk) kang dawa gagange,
biasane digawe saka sungu.
11. Kempul, gong suwuk, gong ageng
Kempul sinebut gong cilik, kapantha-pantha saka instrument kang digantung ing gayor
(sanggan palang). Kempul kang luwih cilik duweni nada luwih dhuwur. Gong duweni bentuk
luwih gedhe lan paling gedhe tinimbang kempul. Pigunane kanggo mungkasi gatra. Miturut
fungsi gong dibedakake dadi loro, 1 gong suwukan lan gong ageng. Gong suwukan gunane
kanggo mungkasi gatra kang durung rampung,dene gong ageng kanggo mungaksi lagu/
gendhing.
12. Kendhang
Piranti iki ditabuh nganggo tangan, kendang minangka pemimpin wirama saka gamelan.
Kendhang duwe jejibahan miwiti, nyepetake, nyuwekake lan menehi tandha ing gendhing
kanggo nglanjutake utawa mandheg. Kendhang ditutup kanthi membrane kagawe saka kulit
13. Suling
Suling digawe saka pring, ana loro jinise slendro lan pelog. Suling pelog duwe 5 bolongan, dene
suling slendro duwe 4 bolongan.
14. Siter
Piranti iki dimainake kanthi cara dipetik miginakake jempol kiwa lan tengan, siter digawe saka
dawai. siter biasane duweni 11 utawa 12 dawai kang duweni oktaf nada paling dhuwur
tinimbang piranti gamelan liyane.
15. Rebab
Piranti gamelan kang digesek duweni dawai loro. Rebab digawe saka kayu kang wujude kaya
bentuk ati kang dilapisi membrane kulit tipis minangaka resonator swarane.
C. Soal KD 4
1. Jlentrehna apa kang diarani wacana eksposisi!

...........................................................................................................................

2. Kepriye sifate wacana eksposisi!

3. Sebutna perangan gamelan kang awujud wilahan!

4. Apa bae makna filosofi ing piranti gamelan!

5. Gawea tuladha wacana eksposisi kang ngemot struktur teks eksposisi(Thesis/pranyatan
panyaruwe, Argumentasi, Penegasan ulang) kanthi tema piranti gamelan!

...........................................................................................................................
...........................................................................................................................
...........................................................................................................................

...........................................................................................................................
...........................................................................................................................
...........................................................................................................................
...........................................................................................................................
KD 3. AKSARA SWARA
A. Tujuan Pembelajaran
1. peserta didik dapat menunjukkan tanda baca dalam penulisan aksara jawa.
2. Peserta didik dapat menulis aksara jawa dengan menggunakan tanda baca.
3. Peserta didik dapat membaca aksara jawa dengan penggunaan tanda baca
B. Materi
Aksara swara yaiku aksara kang digunakake kanggo panulisan aksara vocal kang dadi
wanda, mligine kanga sale saka basa manca. Gunane aksara swara kanggo negesake
pocapan. Dene cacahe aksara swara ana lima, yaku:

Nulis Paragraf Migunakake Aksara Swara

Nulis tembung, ukara lan paragraph aksara Jawa kanthi ngetrepake aksara swara, kudu
mangerteni luwih dhisik paugeran panulisane. Paugeran panulisan aksara swara yaiku:
1. Aksara swara ora bisa didadekake dadi aksara pasangan
2. Menawa aksara swara ditemokake sigegan (konsonan) ing pungkasane wanda
sakdurunge, sigegan kuwi kudu dipateni nanggo pangkon
3. Aksara swara bisa diwenehi sandhangan wignyan, layar, lan ceceg.

Tuladha
Oktober =

Arjuna =

Universitas =
C. Soal KD 5
wacanen wacan aksara Jawa ing ngisor iki!
1. Tulisen pokok-pokok isine wacan ing dhuwur!

...........................................................................................................................
...........................................................................................................................
...........................................................................................................................
2. Salinen ing aksra latin wacan ing dhuwur!

3. Wacan ing ngisor iki salinen nganggo aksara Jawa!
Seminar Basa Jawa
Sasi Oktober wingi aku melu seminar basa Jawa. Seminar iku digelar ing Universitas
Ahmad Dahlan Yogyakarta. Ing seminar kasebut aku ketemu kancaku, jenenge Arif
Indrawan. Dheweke saiki sekolah ana ing Sekolah Menengah Kejuruan Elisabet
Yogyakarta. Arif Indrawan iku bocah sing pinter. Dheweke kerep melu lomba-lomba lan
Olimpiade tingkat Nasional.

...........................................................................................................................
...........................................................................................................................
...........................................................................................................................
...........................................................................................................................

Anda mungkin juga menyukai