Anda di halaman 1dari 10

MAKALAH KESENIAN PERTUNJUKAN

“WAYANG KULIT”

OLEH:

SARDYA FARNANDA NATAGARA (29)

SMAN 1 TRENGGALEK
TAHUN PELAJARAN 2018/2019
ATUR PAMBUKA

Puji syukur kita panjataken marang ngarsanipun gusti Allah YME ingkang sampun
nglimpahaken
tresna lan kasihipun, sahingga kita saget ngrampungaken tugas damel makalah niki .
kesupen rasa matur suwun datheng :
Guru bahasa jawa SMA Negeri 1 TRENGGALEK ingkang sampun
menehi pengarahan kalian bimbingan datheng kita sedaya.
Kula nyuwun pangapunten anggene damel makalah niki kurang sempurna lan tasih kathah
klentunipun ingkang mboten kula mangertosi.
Kirane sedaya kesaean ingkang sampun maringi datheng kita angsal balesan saking
gusti Allah YME. Harapan kula mugi-mugi makalah niki wonten paedahe kagem sedaya
ingkang maca.
TRENGGALEK, 3 MARET 2018
DAFTAR ISI
ATUR PAMBUKA ............................................................ i
DAFTAR ISI ............................................................ ii
BAB I. Purwaka
1.1 Lelandhasaning Masalah ........................................................... 1
1.2 Undharaning Masalah ............................................................ 2
1.3 Tujuan ............................................................ 3
1.4 Paedah ............................................................ 4
BAB II. Andharan
2.1 Pangertosan Wayang ............................................................. 5
2.2 Mula bukane Wayang ......................................................... ... 6
2.3 Unsur Wayang .............................................................. 7
BAB III. Penutup
3.1 Dudutan .............................................................. 8
3.2 Saran .............................................................. 9
DAFTAR PUSTAKA ............................................................. 10
BAB I
PURWAKA
1.1 Lelandhasaning Masalah
Warisan budaya saking para leluhur punika kathah ingkang saged dipun
sinau dening kawula muda. budaya adilihur punika ugi saged paring pambiyantu para
muda ingkang ngangsu kawruh ngembangaken kabudayan. satunggaling budaya luhur
ingkang taksih sae inggih menika wayang. wayang iku pagelaran nganggo bonéka kang
umumé katon éndah ing wewayangané lan dilakokake dening dhalang kanthi iringan
gamelan. Bonéka kasebut bisa kang awujud 2 dhimensi utawa awujud 3 dhimensi.
Umume, kang wujud 2 dhimensi, kagawé saka kulit (walulang), kang biyasane kulit sapi,
utawa wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawé saka kayu kang direnggani
penganggo saka kain kang manéka warna adhedhasar karakter wayang kasebut.
Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawe wayang saka suket, lan kerdhus,
ananging wayang jinis ngene iki ora pati akčh ditemoni.

1.2 Undharaning Masalah


Ana 3 perkara sing diaturakeing makalah menika:
1. apa kang di arani wayang kulit iku?
2. Kapriye mula bukane pagelaran wayang kulit?
3. Apa wae unsur kang ana ing pagelaran wayang

1.3 Tujuan
Wonten 3 perkawis ingkang dopunaturaken wonten makalah menika :
1. Menapa ingkang dipuntegesi wayang?
2. Kados pundi sejarahipun wayang?
3. Kados pundi sebutanipun wayang menika?
1. Bagaimanakah sejarah wayang kulit?
2. Perlengkapan apasajakah yang diperlukan dalam pertunjukan wayang kulit?
3. Siapa saja tokoh-tokoh dalam wayang kulit?
1.4 Paedah
Paedah saka makalah iki yaiku:
1. Kanggo Masyarakat
minangka papan sinau ngenani budaya wayang, lan bisa luwih mangerteni klira-klirune
pangerten budaya wayang.
2. Kanggo Panulis
minangka papan informasi ngenani budaya Jawa sing bisa didadekake cekelan kanggo
panaliti sabanjure sing ana gegayutane karo panaliten iki.
BAB II
ANDHARAN

2.1 Pangertosan Wayang


Wayang dumadi saka tembung wod “yang/yang” oleh ater-ater wa-, tegese rong seng iso gawe
bejo lan celakane manungsa. Wayang yaiku wewayangan utawa gegambaran watak lan jiwane
manungsa wayang mujudake titisan manugsa, wayang iku pagelaran kang gawe saka boneka
sing umumme kanthon apik ing pewayangan dilakokake deneng dalang kanthi iringan gamelan.
Boneka wayang iku bisa mujudake 2 dhimensi utawa 3 dhimensi. Seng wujud 2 dhimensi di
gawe saka kulit (walulang), seng kerep di gawe kulit sapi/wedhus, dhene sing 3 dhimensi
lumrah di gawe saka kayu. Nanging ing sawatara tlatah uga ana sing di gawe saka suket lan
kardus. Wayang jenis suket lan kardus ing jaman saiki wis jarang ditemoni maneh bedho karo
jaman mbiyen. Crito wayang sing dilakokake di jupuk saka crita Mahabarata lan Ramayana sing
uga kasebut wayang purwa. Sajroning pagelaran wayang di tancepake ing dhebog (wit
gedhang) sing dilakoake dalang sedino sewengi wayang di gelar.

2.2 Mula bukane Wayang


Miturut para ahli budaya uga panemune penyelidikan para ahli arkeologi sing ana ing Indonesia,
kesenian budaya wayang kuwi saktemene bentuk asline wis ono biyen-biyen, rikolo isih jaman
kuna, yaiku jaman sakdurunge ana agama Hindu Budha. Ing jaman semana sing diarani budaya
wayang wis diduweni karo dening bangsa Indonesia dewe. Dadi wayang kuwi iya kabudayan
asline bangsa. Wektu kuwi, budaya wayang isih cedak hubungane karo muja-mujine kapercayan
animisme sing isih pada dianut para leluhuring bangsa Indonesia. Miturut kapercayan
Animisme roh nenek moyang utawa leluhur bisa dienggo nyenyuwun petunjuk bantuan kanggo
kamulyan uga biso disuwuni kanggo pengayom kasusahaning lan kacilakane menungsa. Kosok
baline ruh kuwi mau iya uga dipercaya sing bisa ndadekake gangguan utawa kacilakane
menungsa. Mula rikala semana, yen ana karep kanggo nyenyuwun bantuane roh para leluhur,
banjur dianakna kaya dening upacara ritual selametan, sing jarene bisa ngundang, nimbali para
rohing leluhur sing wis pada seda kanggo disuwuni keselametan lan kamulyane menungsa.
Upacara ritual mau dianakna dibarengi nganggo cara gawe pagelaran wayang
2.3 Unsure wayang
Unsur-unsur pagelaran wayang ana 2 yaiku:
1. Unsur Benda
Yaiku ubarampe kang arupa benda tertentu kang digunakake ing pagelaran wayang. Unsur kang di
maksud yaiku:
a. Wayang kulit
Wayang kulit jawa digawe saka kulit kewan. Umume di gawe saka kulit sapi nanging
uga ana kang di gawe saka kulit wedhus
b. Gamelan
Gamelan yaiku seperangkat alat musik perkusi lan petik sarta gesek sing ngiringi
pagelaran wayang . macame gamelan ing antarane yaiku:
 Gong

Gong yaiku salah sawijining alat musik kang digawe saka perunggu lan kalebu
gamelan pencu. Gong dimainake dening di gepuk. Fungsine gong yaiku digawe
pratandha akhire gatra lan uga kanggo pratandha diawali lan diakhiri gendhing.
 Saron

Saron utawa kang kasebut uga ricik, yaiku gamelan kang kalebu keluarga balungan.
Ing gamelan biasane nduweni 4 saron lan kabeh nduweni versi pelog lan slendro. Saron
ngasilake nada siji oktaf luwih dhuwur saka demung. Tabuh saron biasane digawe saka
kayu dening bentuk koyo palu.
 Demung

Demung yaiku salah sawijining instrument gamelan kang kalebu keluarga balungan.
Ing gamelan nduweni 2 demung. Demung ngasilake nada oktaf rendah ing keluarga
balungan.tabuh demung digawe saka kayu dening bentuke koyo palu luwih gedhe lan
luwih abot saka tabuh saron.
 Kempul

Kempul bentuk e uga mirip gong nanging ukurane luwih cilik. Kempul
fungsine minangka pratandha aksen-aksen kang penting ing kalimat lagu gendhing.
Kempul dimainake dening nada kang padha mirip nada balungan.
 Kenong

Kenong yaiku salah sawijining alat musik kang nyusun gamelan jawa. Kenong
biasane dimainake dening dithuthuk. Fungsine kenong yaiku minangka penentu
bates-bates gatra, negesne irama. Kenong dithuthuk nggawe thuthuk kayu sing
dibuntel kain. Jumlahe beda-beda nanging biasane 10 besik.
 Slenthem

Slenthem yaiku salah sawijining instrument gamelan kang kalebu saka lembar
logam tipis kang diuntai nggawe tali lang di rentangno ing ndhuwur tabung-tabung
lan ngasilake dengungan rendah utawa gema sing diikuti nada saron, ricik, lan
balungan yen ditabuh.
 Bonang

Bonang yaiku gamelan jawa kang nduweni instrument melodi terkemuka ing
dengung gamelan sunda. Bonang biasane diselehake horizontal ing rancak. Bonang
bisa digawe saka perunggu sing palsu , dilas lan dipalu wesi.
 Gender

Gender yaiku alat musik thuthuk wesi kang dadi bagian saka perangkat gamelan
jawa lan bali. Gender nduweni 10 sampek 14 bilah kuningan lan dikethuk karo thuthuk
kayu sing nduwe bentuk bunder utawa kayu dibuntel kain.
 Kendhang

Kendhang yaiku instrumen gamelan jawa tengah sing nduweni fungsi ngatur irama.
Kendhang diunekake gawe tangan . jenise kendhang ana papat yaiku:
1. Kendhang cilik kasebut ketipung
2 Kendhang sendhengan kasebut ciblon
3. Kendhang gedhe kasebut kendhang kalih.
Dimainake ing gendhing kang karaktere alus kayata ketawang, gendhing kethuk
kalih lan landrang irama dadi.
4. Kendhang kosek
Kendhang kosek yaiku kendhang khas digawe wayangan
c. Kelir
Kelir yaiku layar lebar kang digunakake ing pagelaran wayang kulit
d. Debog
Debog yaiku wit gedang kang digunakake kanggo nancepake wayang
e. Blenceng
Blenceng yaiku lampu minyak kang khusus digunakake ing pagelaran wayang kulit
f. Kotak wayang
Kotak wayang yaiku panggonan kanggo nyimpen wayang uga kanggo ‘keprak’ dalang
liyane iku uga kanggo panggonan nyantolake ‘kepyak’. Ukurane yaiku 1,5 meter peng 2,5
meter.
2. Unsur Manungsa
Yaiku wong kang duwe peran penting gawe kelancarane lan keberhasilan pagelaran wayang. Unsur
kang di maksud ing antarane:
a. Dalang
Dalang yaiku sutradara, pemain, artis sarta tokoh sentral ing pagelaran wayang. Tanpa
dalang pagelaran wayang iku ora bakal ana.
b. Penyimping
Penyimping yaiku wong kang bantu dalang nyiapake wayang kang jajar utawa disimping
ing debog. Gawenane penyimping ora mung jajar wayang, ananging uga nyiapake
keperluane dalang kayata nyiapake wayang kang digunakake manut urutane adegane,
nempatake kotak wayang sarta keprak lan kepyak, nyiapake cempala, masang lan
ngurupake blencong, lan sapitunggalane.
c. Panjak
Panjak yaiku wong kang nduweni tugas mainake gamelan.
d. Sinden
Sinden yaiku wong sing nyanyi ing pagelaran wayang

BAB III
PANUTUP
3.1 Dudutan
wayang iki ora mung sumebar ing Jawa wae, nanging uga ing tlatah liya ing Nusantara.
wayang iku pagelaran nganggo boneka kang umume katon endah ing wewayangane lan
dilakokake dening dhalang kanthi iringan gamelan. Boneka kasebut bisa kang awujud 2 dhimensi
utawa awujud 3 dhimensi. Umume, kang wujud 2 dhimensi, kagawe saka kulit (walulang), kang
biyasane kulit sapi, utawa wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawe saka kayu kang
direnggani penganggo saka kain kang maneka warna adhedhasar karakter wayang kasebut.
Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawe wayang saka suket, lan kerdhus, ananging
wayang jinis ngene iki ora pati akeh ditemoke ing Indonesia.
Jinising wayang inggih menika: wayang Golek, wayang Thengkul Bojonegoro, wayang
Krucil, wayang Purwa, wayang Beber, wayang Uwong, wayang Gedog, wayang Sasak, wayang
Calonarang, wayang WahyWayang Menak, wayang Klitik, wayang Suluh, wayang Papak
wayang Madya, wayang Parwa, wayang Sadat, wayang Kancil.

3.2 Saran
1. wayang iku budaya jawa asli dadi kudu di lestarikake lan aja di lalekne.
2. kita dadi kaum muda kudu iso jaga kebudayaan jawa , kayata budaya wayang.
3. kita dadi penerus bangsa kudu nunjukake budaya wayang ing tingkat internasional.
PUSTAKA

http://www.Indonesiakeren45.blogspot.co.id/2015/02/alat-musik-gamelan-jawa-yang-harus-
kamu.html?m=1

http://www.wayanggokil.blogspot.co.id/2012/03/kelengkapan-dalam-pagelaran-wayang.html?m=1

http://www.yogyes.com/id/yogyakarta-tourism-object/arts-and-culture/wayang-kulit-show/

http://id.m.wikipedia.org/wiki/wayang_kulit

http://www.sonobudoyo.com/id/web/pertunjukan/pagelaran-wayang

Anda mungkin juga menyukai