Anda di halaman 1dari 10

MAKALAH BAHASA JAWA "WAYANG KULIT"

KATA PENGANTAR

Assalamualaikum wr.wb

Puji syukur penulis sampaikan kehadirat Allah SWT yang mana telah
memberikan ridho-Nya serta taufik-hidayah dan kecerdasan kepada penulis
sehingga makalah yang berjudul Kesenian Jawa “Wayang Kulit” ini dapat selesai
dalam rangka memenuhi tugas mata pelajaran Bahasa Jawa. Meskipun banyak
hambatan dan rintangan yang penulis alami saatpengerjaan makalah ini, namun
atas kuasa Allah SWT penulis mampu menyelesaikannya dengan tepat waktu.

Dalam penyusunan makalah ini, penulis banyak mengalami kekurangan yang


mana dari segi bahasa dan tulisan. Hal itu disebabkan kurangnya ilmu,
pengalaman serta kemampuan penulis. Namun penulis tetap berusaha semaksimal
mungkin untuk menyelesaikan makalah ini. Untuk itu penulis mengharapkan
kritik dan saran demi perbaikan makalah yang akan datang.

Penulis juga mengucapkan banyak terima kasih kepada Bpk. Wahyu Bayu Aji
mata pelajaran bahasa jawa yang telah memberi dukungan dan arahan. Ucapan
terima kasih juga kepada teman-teman saya dan informasi yang telah memberi
konstribusi nyata untuk pengerjaan makalah ini.

Semoga makalah ini dapat bermanfaat khususnya bagi penulis dan pada umumnya
bagi segenap pembaca.

Wassalamualaikum wr.wb

Geyer, 27 April 2022

penulis
BAB I

PURWAKA

1.1 Lelandhasaning Masalah

Warisan budaya saka para leluhur menika akeh sing bisa di sinauni karopara
kawula muda. budaya adiluhur punika uga bisa menehi pambiyantu para muda
sing ngangsu kawruh ngembangaken kabudayan. Salah sijine budaya luhur sing
isih ana sampek saiki yaiku wayang. wayang iku pagelaran nganggo bonéka kang
umumé katon éndah ing wewayangané lan dilakokaké déning dhalang kanthi
iringan gamelan. Bonéka kasebut bisa kang awujud 2 dhimensi utawa awujud 3
dhimensi. Umumé, kang wujud 2 dhimensi, kagawé saka kulit (walulang), kang
biyasané kulit sapi, utawa wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawé
saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang manéka warna adhedhasar
karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawé
wayang saka suket, lan kerdhus, nang wayang jinis ngéné iki ora pati akeh
ditemoni.

1.2 Undharaning Masalah

Ana 3 perkara sing diaturakeing makalah menika:

1. apa kang di arani wayang kulit iku?


2. Kapriye mula bukane pagelaran wayang kulit?
3. Apa wae unsur kang ana ing pagelaran wayang

1.3 Paedah Paneliten

Paedah saka makalah iki yaiku:

1. Kanggo Masyarakat
minangka papan sinau ngenani budaya wayang, lan bisa luwih mangerteni klira-
klirune pangerten budaya wayang.

2. Kanggo Panulis

minangka papan informasi ngenani budaya Jawa sing bisa didadekake cekelan
kanggo panaliti sabanjure sing ana gegayutane karo panaliten iki.
BAB II

ANDHARAN

2.1 Pangertosan Wayang

Wayang dumadi saka tembung wod “yang/yang” oleh ater-ater wa-, tegese rong
seng iso gawe bejo lan celakane manungsa. Wayang yaiku wewayangan utawa
gegambaran watak lan jiwane manungsa wayang mujudake titisan manugsa,
wayang iku pagelaran kang gawe saka boneka sing umumme kanthon apik ing
pewayangan dilakokake deneng dalang kanthi iringan gamelan. Boneka wayang
iku bisa mujudake 2 dhimensi utawa 3 dhimensi. Seng wujud 2 dhimensi di gawe
saka kulit (walulang), seng kerep di gawe kulit sapi/wedhus, dhene sing 3
dhimensi lumrah di gawe saka kayu. Nanging ing sawatara tlatah uga ana sing di
gawe saka suket lan kardus. Wayang jenis suket lan kardus ing jaman saiki wis
jarang ditemoni maneh bedho karo jaman mbiyen. Crito wayang sing dilakokake
di jupuk saka crita Mahabarata lan Ramayana sing uga kasebut wayang purwa.
Sajroning pagelaran wayang di tancepake ing dhebog (wit gedhang) sing
dilakoake dalang sedino sewengi wayang di gelar.

2.2 Mula bukane Wayang

Miturut para ahli budaya uga panemune penyelidikan para ahli arkeologi sing ana
ing Indonesia, kesenian budaya wayang kuwi saktemene bentuk asline wis ono
biyen-biyen, rikolo isih jaman kuna, yaiku jaman sakdurunge ana agama Hindu
Budha. Ing jaman semana sing diarani budaya wayang wis diduweni karo dening
bangsa Indonesia dewe. Dadi wayang kuwi iya kabudayan asline bangsa. Wektu
kuwi, budaya wayang isih cedak hubungane karo muja-mujine kapercayan
animisme sing isih pada dianut para leluhuring bangsa Indonesia. Miturut
kapercayan Animisme roh nenek moyang utawa leluhur bisa dienggo nyenyuwun
petunjuk bantuan kanggo kamulyan uga biso disuwuni kanggo pengayom
kasusahaning lan kacilakane menungsa. Kosok baline ruh kuwi mau iya uga
dipercaya sing bisa ndadekake gangguan utawa kacilakane menungsa. Mula rikala
semana, yen ana karep kanggo nyenyuwun bantuane roh para leluhur, banjur
dianakna kaya dening upacara ritual selametan, sing jarene bisa ngundang,
nimbali para rohing leluhur sing wis pada seda kanggo disuwuni keselametan lan
kamulyane menungsa. Upacara ritual mau dianakna dibarengi nganggo cara gawe
pagelaran wayang.

2.3 Unsure wayang

Unsur-unsur pagelaran wayang ana 2 yaiku:

1. Unsur Benda

Yaiku ubarampe kang arupa benda tertentu kang digunakake ing pagelaran
wayang. Unsur kang di maksud yaiku:

a. Wayang kulit

Wayang kulit jawa digawe saka kulit kewan. Umume di gawe saka kulit sapi
nanging uga ana kang di gawe saka kulit wedhus

b. Gamelan

Gamelan yaiku seperangkat alat musik perkusi lan petik sarta gesek sing ngiringi
pagelaran wayang . macame gamelan ing antarane yaiku:

 Gong

Gong yaiku salah sawijining alat musik kang digawe saka perunggu lan kalebu
gamelan pencu. Gong dimainake dening di gepuk. Fungsine gong yaiku digawe
pratandha akhire gatra lan uga kanggo pratandha diawali lan diakhiri gendhing.

 Saron

Saron utawa kang kasebut uga ricik, yaiku gamelan kang kalebu keluarga
balungan. Ing gamelan biasane nduweni 4 saron lan kabeh nduweni versi pelog
lan slendro. Saron ngasilake nada siji oktaf luwih dhuwur saka demung. Tabuh
saron biasane digawe saka kayu dening bentuk koyo palu.
 Demung

Demung yaiku salah sawijining instrument gamelan kang kalebu keluarga


balungan. Ing gamelan nduweni 2 demung. Demung ngasilake nada oktaf rendah
ing keluarga balungan.tabuh demung digawe saka kayu dening bentuke koyo palu
luwih gedhe lan luwih abot saka tabuh saron.

 Kempul

Kempul bentuk e uga mirip gong nanging ukurane luwih cilik. Kempul fungsine
minangka pratandha aksen-aksen kang penting ing kalimat lagu gendhing.
Kempul dimainake dening nada kang padha mirip nada balungan.

 Kenong

Kenong yaiku salah sawijining alat musik kang nyusun gamelan jawa. Kenong
biasane dimainake dening dithuthuk. Fungsine kenong yaiku minangka penentu
bates-bates gatra, negesne irama. Kenong dithuthuk nggawe thuthuk kayu sing
dibuntel kain. Jumlahe beda-beda nanging biasane 10 besik.

 Slenthem

Slenthem yaiku salah sawijining instrument gamelan kang kalebu saka lembar
logam tipis kang diuntai nggawe tali lang di rentangno ing ndhuwur tabung-
tabung lan ngasilake dengungan rendah utawa gema sing diikuti nada saron, ricik,
lan balungan yen ditabuh.

 Bonang

Bonang yaiku gamelan jawa kang nduweni instrument melodi terkemuka ing
dengung gamelan sunda. Bonang biasane diselehake horizontal ing rancak.
Bonang bisa digawe saka perunggu sing palsu , dilas lan dipalu wesi.
 Gender

Gender yaiku alat musik thuthuk wesi kang dadi bagian saka perangkat gamelan
jawa lan bali. Gender nduweni 10 sampek 14 bilah kuningan lan dikethuk karo
thuthuk kayu sing nduwe bentuk bunder utawa kayu dibuntel kain.

 Kendhang

Kendhang yaiku instrumen gamelan jawa tengah sing nduweni fungsi ngatur
irama. Kendhang diunekake gawe tangan . jenise kendhang ana papat yaiku:

1. Kendhang cilik kasebut ketipung


2. Kendhang sendhengan kasebut ciblon
3. Kendhang gedhe kasebut kendhang kalih.

Dimainake ing gendhing kang karaktere alus kayata ketawang, gendhing kethuk
kalih lan landrang irama dadi.

a. Kendhang kosek

Kendhang kosek yaiku kendhang khas digawe wayangan

b. Kelir

Kelir yaiku layar lebar kang digunakake ing pagelaran wayang kulit

c. Debog

Debog yaiku wit gedang kang digunakake kanggo nancepake wayang

d. Blenceng

Blenceng yaiku lampu minyak kang khusus digunakake ing pagelaran wayang
kulit
e. Kotak wayang

Kotak wayang yaiku panggonan kanggo nyimpen wayang uga kanggo ‘keprak’
dalang liyane iku uga kanggo panggonan nyantolake ‘kepyak’. Ukurane yaiku 1,5
meter peng 2,5 meter.

2. Unsur Manungsa

Manungsa yaiku wong kang duwe peran penting gawe kelancarane lan
keberhasilan pagelaran wayang. Unsur kang di maksud ing antarane:

a. Dalang

Dalang yaiku sutradara, pemain, artis sarta tokoh sentral ing pagelaran wayang.
Tanpa dalang pagelaran wayang iku ora bakal ana.

b. Penyimping

Penyimping yaiku wong kang bantu dalang nyiapake wayang kang jajar utawa
disimping ing debog. Gawenane penyimping ora mung jajar wayang, ananging
uga nyiapake keperluane dalang kayata nyiapake wayang kang digunakake manut
urutane adegane, nempatake kotak wayang sarta keprak lan kepyak, nyiapake
cempala, masang lan ngurupake blencong, lan sapitunggalane.

c. Panjak

Panjak yaiku wong kang nduweni tugas mainake gamelan.

d. Sinden

Sinden yaiku wong sing nyanyi ing pagelaran wayang


BAB III

PANUTUP

3.1 Dudutan

wayang iki ora mung sumebar ing Jawa wae, nanging uga ing tlatah liya ing
Nuswantara. wayang iku pagelaran nganggo boneka kang umume katon endah ing
wewayangane lan dilakokake dening dhalang kanthi iringan gamelan. Boneka
kasebut bisa kang awujud 2 dhimensi utawa awujud 3 dhimensi. Umume, kang
wujud 2 dhimensi, kagawe saka kulit (walulang), kang biyasane kulit sapi, utawa
wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawe saka kayu kang direnggani
penganggo saka kain kang maneka warna adhedhasar karakter wayang kasebut.
Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawe wayang saka suket, lan kerdhus,
ananging wayang jinis ngene iki ora pati akeh ditemoke ing Indonesia.

Jinising wayang inggih menika: wayang Golek, wayang Thengkul Bojonegoro,


wayang Krucil, wayang Purwa, wayang Beber, wayang Uwong, wayang Gedog,
wayang Sasak, wayang Calonarang, wayang WahyWayang Menak, wayang
Klitik, wayang Suluh, wayang Papak wayang Madya, wayang Parwa, wayang
Sadat, wayang Kancil.

3.2 Saran

1. wayang iku budaya jawa asli dadi kudu di lestarikake lan aja di lalekne.
2. kita dadi kaum muda kudu iso jaga kebudayaan jawa, kayata budaya
wayang.
3. kita dadi penerus bangsa kudu nunjukake budaya wayang ing tingkat
internasional.
KAPUSTAKAN

http://www.Indonesiakeren45.blogspot.co.id/2015/02/alat-musik-gamelan-jawa-
yang-harus-kamu.html?m=1

http://www.wayanggokil.blogspot.co.id/2012/03/kelengkapan-dalam-pagelaran-
wayang.html?m=1

http://www.yogyes.com/id/yogyakarta-tourism-object/arts-and-culture/wayang-
kulit-show/

http://id.m.wikipedia.org/wiki/wayang_kulit

http://www.sonobudoyo.com/id/web/pertunjukan/pagelaran-wayang

Anda mungkin juga menyukai