Anda di halaman 1dari 16

Unit Kegiatan Belajar (UKB)

1. Identitas
Mata Pelajaran : Bahasa Daerah XI (Wajib)
Kelas / Semester : XI/ 4
Kompetensi Dasar :

3.5Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis puisi tradisional atau modern


sesuai dengan karakteristik.
4.5Membaca, mencipta, dan mempublikasikan puisi tradisional atau modern.

Indikator Pencapaian Kompetensi :

Indikator pencapaian kompetensi


3.5.1Menjelaskan jenis tembang macapat/ mamaca macopat.
3.5.2Menentukan ciri-ciri tembang macapat/ mamaca macopat.
3.5.3Menafsirkan isi tembang macapat/ mamaca macopat.
4.5.1Merencanakan pembuatan tembang macapat/ mamaca macapat.
4.5.2Mempublikasikan tembang macapat/ mamaca macopat hasil karya sendiri.
4.5.3Melagukan tembang macapat/mamaca macopat karya sendiri di depan kelas.
4.5.4Menceritakan isi tembang macapat/mamaca macopat karya sendiri

Materi Pokok : Macapat


Alokasi : 8 pertemuan
Tujuan Pembelajaran :

Melalui diskusi, tanya jawab, penugasan, presentasi dan analisis, peserta didik dapat
mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis puisi tradisional atau modern sesuai
dengan karakteristik dan membaca, mencipta, dan mempublikasikan puisi tradisional
atau modern, sehingga peserta didik dapat menghayati dan mengamalkan ajaran
agama yang dianutnya, mengembangkan sikap jujur, peduli, dan bertanggungjawab,
serta dapat mengembangankan kemampuan berpikir kritis, berkomunikasi,
berkolaborasi, berkreasi (4C).
Materi

Para siswa wis ngerampungake pasinaon sadurunge lan nduweni


mupangat kang becik. Ing babagan iki para siswa bakal sinau ngenani Pitutur
Luhur ing Tembang Macapat. Tembang macapat mono mujudake karya sastra
Jawa kang adiluhung. Tumekaning saiki tembang macapat isih ngrembaka
lestari. Akeh sing padha kasmaran marang tembang macapat.
Peta Konsep

PITUTUR LUHUR ING TEMBANG MACAPAT

Para pujangga ing jaman biyen, menawa kepengin maringi piwulang marang siswane lan
marang masyarakat kang awujud tulisan sarana diripta mawa tembang. Kanthi nggunakake
tembung-tembung lan lelewaning basa kang endah, pranyata tembang asli reriptane para
pujangga jaman biyen nduweni bobot sing adiluhung, kebak piwulang, lan pitutur luhur. Geneya
jaman saiki akeh bocah-bocah sing ora seneng nembang tur ora bisa nembang? Apa kowe uga
kalebu bocah sing ora seneng tembang lan ora bisa nembang?
Sadurunge, kanggo ngrewangi para siswa lan ngrembakake kompetensi, coba sinaoni
peta konsep ing ngisor iki kanthi patitis.

11 macem macapat
jinise tembang
(MasPuKiSiDurGam
macapat
Mi)

Guru gatra
Ngidenifikasi,
ngerteni, lan
nganalisis
macapat ciri-ciri tembang
Guru Wilangan
macapat

PITUTUR LUHUR njlentrehake isi


Guru Lagu
ING TEMBANG tembang macapat
MACAPAT

ngrakit tembang
macapat

Maca, ngripta, lan


publikasi
publikasi
tembang macapat
macapat

nyritakake isi
tembang macapat
karya mandiri
a. Pambuka
Saiki kowe wis ngerteni ancase nyinaoni babagan iki. Ayo bebarengan diwiwiti pasinaon
ngidentifikasi tembang macapat!

Tembang macapat iku tetembang klasik jawa kang mula bukane jaman para wali. Mulane
isi lan cerita kang ana ing sakjroning tembang-tembang macapat akeh kang isine budi luhur,
akhlak, lan kabudayaan agung. Tembang macapat kabehe ana sawelas. Ing tembang macapat,
ana istilah guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Apa kowe weruh apa iku sing diarani guru
gatra, guru wilangan, lan guru lagu? Mengko, ayo bebarengan ngrembug babagan kuwi kabeh!
Sajrone nyinau tembang macapat, kaajab para siswa ngandelake rasa syukure marang
Gusti Kang Maha Suci. Kanthi ridhane Gusti, wong Jawa kaparingan sastra tembang macapat
kang kebak pitutur luhur. Lelelandhesan sipat jujur, tresna budaya, disiplin, lan tanggung jawab
para siswa diajab bisa nemokake pitutur luhur mau lan ngecakake piwulang becike ing
pasrawungan . para siswa uga diangkah bisa ngripta tembang macapat, nerangake kaendahan
basa, nyritakake surasana tembang karyane uga nembangake kanthi titilaras lan trapsila kang
becik.

b. Kagiyatan Inti
1. Pituduh Pasinaon iki:
1) Sadurunge miwiti nyinaoni UKB, para siswa amrih kudu ngaturake dunga supaya
diwenehi mupangat kang maksimal.
2) UKB iki disinaoni kanggo mangerteni jinise tembang macapat, ciri-ciri tembang
macapat, njlentrehake isi tembang macapat, ngrakit tembang macapat, publikasi
tembang macapat, lan nyritakake isi tembang macapat karya mandiri.
3) Sajrone nyonaoni saben kagiatan pasinaon, para siswa kudu nggarap gladhen/ tugas
sing wis disediakake kanggo ngerteni sapira siswa wis nguasai isi sing kinandhut ing
njerone kagiatan kasebut.
4) Nalika para siswa maca UKB iki, para siswa bakal dinilai ngenani pamahaman sajrone
ngidenifikasi, ngerteni, lan nganalisis macapat, sing kaperang dadi jinise tembang
macapat, ciri-ciri tembang macapat, njlentrehake isi tembang macapat; uga maca,
ngripta, lan publikasi macapat, sing kaperang dadi ngrakit tembang macapat, publikasi
tembang macapat, lan nyritakake isi tembang macapat karya mandiri.
5) Semaken lan gatekna tembang Pucung ing ngisor iki!
Ngupadi Piwulang
1. Sekar pucung tambane ati kang bingung,
ngupadi piwulang
wewarah ingkang sejati,
weh pepadhang ambirat ribeding nala.
2. Nadyan ngidung ora mung anggere mbengung,
nggereng nggero sora,
surasane datan isi,
sisip sempir kepara dadi sulaya
3. Lamun ngidung udinen swara kang melung,
wicarane cetha,
ngemu surasa kang edi,
wulang wuruk mrih luhuring budi tama

Kapethik saka: Sekar Sari Kidung Rahayu (kaca:17)

Menawa ngerti isine tembang pucung ing dhuwur, pranyata tembang iku ngemu pitutur
lan wewarah kang becik. Kanggo ngerteni isi sawijine tembang, luwih dhisik kudu bisa ngerti
tegese tembung-tembung kang utama (tembung-tembung baku).
Ing ngisor iki tegese tembung-tembung baku jroning tembang pucung ing ndhuwur.
ngupadi = nggoleki; ngudi weh pepadhang = aweh tuntunan
piwulang = wewarah kabecikan mbengung = nyuwara ngung-ngung
wewarah = piwulang; pitutur sisip sambire = kurang-kurang begjane
ambirat = ngresiki; ngilangi budi-tama = tumindhak kang becik
ribeting = ruweting sulaya = geseh; ora cocog; padudon
nala = ati; pangrasaning ati udinen = golekana; budi dayanen
ngidung = nembang; ura-ura melung = mbengkeluk; melot
sora = seru; banter lamun = yen; menawa
surasane = tegese sisip = luput; salah
datan = ora kepara = malah
edi = endah

Tembang utawa sekar yaiku rumpakan basa kanthi paugeran tartamtu kang pangucape
kudu nggunakake kagunan swara. Mulane ing tembang macapat ana perangan rasaning swara
(titilaras) lan rasaning basa (sastra).

•jinis lan tata paugerane


Rasaning basa (sastrane) •kawruh basane
•surasa, pitutur luhure
•titilaras
Rasaning swara •pedhotan
•trapsilane

2. Kagiyatan Pasinaon
Ayo, melu kagiatan pasinaon iki kanthi patitis!

Kagiatan Pasinaon 1
Ngidenifikasi, ngerteni, lan nganalisis macapat
Sawise nyinaoni babagan iki, kowe kabeh dikarepake bisa:
1. njlentrehake jinise tembang macapat
2. njlentrehake ciri-ciri tembang macapat
3. njlentrehake isi tembang macapat

Jinis lan Paugeran Tembang Macapat

n
Tembang macapat iku nduwei paugeran kaya ing ngisor iki.

Tembang
• ) macapat

• Ciri
Guru Guru Guru
Is gatra wilangan lagu

Guru gatra yaiku cacahe gatra tembang (Susantina, 2010:3). Miturut Saputra (2001:57)
yen guru gatra iku gumantung marang jinise pola sajak utawa metrum. Saben-saben tembang
macapat nduweni paugeran-paugeran kang beda salah sijine yaiku guru gatra. Tuladha :

Gambuh
Sekar gambuh ping catur
kang cinatur polah kang kalantur
tanpa tutur katula-tula katali cacahe 5 gatra
kadaluwarsa katutuh
kapatuh pan dadi awon

Tembung wilangan ana gegayutane karo angka.. Yen kaloro tembung kasebut
digathukake, bisa ditegesi pathokan utawa paugeran kang awujud cacah utawa etungan. Guru
wilangan gumantung saka kalungguhan utawa panggonane larik sajrone pada ing sawijining
pola sajak.

Tuladha :
Gambuh
Sekar gambuh ping catur - 7
kang cinatur polah kang kalantur - 10
tanpa tutur katula-tula katali - 12
kadaluwarsa katutuh - 8
kapatuh pan dadi awon - 8

Guru lagu minangka salah sawijining paugeran saka tembang macapat. Tembang macapat
kang cacahe ana 11 tembang, kabehe nduweni paugeran kang beda-beda. Salah sijine yaiku
paugeran kang awujud guru lagu.
Sakehing panemu ngenani guru lagu kasebut kabehe nduweni teges kang padha. Guru
lagu yaiku salah sawijining paugeran tembang macapat minangka dhong-dhinging swara ing
pungkasane gatrane tembang.
Tuladha :
Gambuh
Sekar gambuh ping catur - u
kang cinatur polah kang kalantur - u
tanpa tutur katula-tula katali - i
kadaluwarsa katutuh - u
kapatuh pan dadi awon - o

Tembang pucung pada 1 ing dhuwur yen digoleki guru gatra, guru wilangan, lan guru
lagune kaya ing ngisor iki.
Guru Gatra, Guru
Gatra Cakepan Wilangan, lan
Guru Lagune
1 Sekar pucung tambane ati kang bingung, 12u
2 Ngupadi piwulang 6a
3 Wewarah ingkang sejati, 8i
4 Weh pepadhang ambirat ribeding nala. 12a

Gladhen 1.1
1) Karya sastra wonten aturan kang ngiket karangan menika. Menapa kemawon paugeran
tembang macapat ? coba jlentrehake!
2) Golekana guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune tembang pucung ing pada 2 lan 3 ing
dhuwur!
3) Apa guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune padha persis karo pada 1? Yen ngono apa
dudutan kang bisa kojupuk?

Cacahe tembang macapat iku ana 11 werna, yaiku Maskumambang, Mijil, Sinom,
Kinanthi, Asmaradana, Gambuh, Dandanggula, Durma, Pangkur, Megatruh, lan Pucung. Saben
tembang macapat kasebut nduweni wateg lan kaiket karo paugeran guru gatra, guru wilangan,
lan guru lagu. Kaandharake ing ngisor iki.
a) Maskumambang
Tuladhane tembang maskumambang:
Klek-klek biyung sira aneng ngendi
Enggal tulungana
Awakku kecemplung warih
Gulagepan wus meh pejah
Maskumambang nggambarake menungsa isih ana ing alam Ruh lan durung lahir, terus
ruh dititisake ana ing gua garbaning ibune awake dhewe. Kumambang artine kemampul,
terapung-apung. Nggambarake menunggo ana ing njero rahim. Watak tembang iki, umume isine
kaya wong kang lagi sambat lara, ketula-tula, lan sengsara.
b) Mijil
Mijil kuwi artine lahir utawa bahasa inggrise mbrojol. Tuladhane tembang mijil, yaiku.
Mijil ing donya siniwi ratri
Kabeh durung katon
Amung anjali soca ing tembé
Lelaku alon siniji-siji
Nunggu mring wartaning
Sesotya satuhu
Tembang ing nduwur nyeritakke “Alhamdulillah awake dhewe lahir ono ing bumi
Pertiwi kang jarene Gemah Ripah Loh Jinawi Tata Tentrem Kerta Raharja Lir Saka Sambikala,
kathah ingkang korupsi, pemimpin ayem rakyate sengsara, lir mulya kebak durjana”.
c) Sinom
Gambaran menungsa nduwe sipat kang isih enom. Kaya dene bocah cilik kang lagi ngerti
ndonya.
d) Kinanthi
Kinanthi iku salah sijine tembang macapat kang umume kanggo nggambarake rasa
seneng, katresnan, lan kawicaksanan. Kinanthi bisa nduwe arti gegandhengan tangan lan bisa
uga jeneng sawijining kembang. Kinanti saka ukara kanthi utawa tuntun kang maknane awake
dhewe butuh tuntunan utawa dalan kang bener supaya cita-cita lang pangarep-arepe awake
dhewe bisa kawujud lan kaleksanan.
e) Asmaradana
Tembang Asmarandana umume kanggo wong sing lagi gandrung. Yen dideleng wantah,
Asmarandana dijupuk seka asmara kang artine tresna, lan dahana kang artine geni. Mula saka
kuwi, Asmarandana isine wuyung lan samubarang kang magepokan karo tresna.
f) Gambuh
Asale saka tembung lingga yaiku jumbuh/ sawiji, dadi siji sing artine komitmen
nyawijikake tresno ana ing kulawarga. Gambuh iki salah sawijining tembang macapat sing
paling gampang, tuladhane tembang gambuh, yaiku:
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur
Polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluwarsa katutur
Katutuh pan dadi awon
Tembang Gambuh pancèn kebak ing pitutur. Pitutur kang nggiring manungsa supaya
éling marang tumindak-tumindaké. Manungsa dielingaké yènta kabèh tingkah polah manungsa
iku ana akibaté. Adigang, adigung, adiguna, bakal nyilakaké urip manungsa sing duwé patrap
kaya mangkono iku
g) Dandanggula
Gambaran urip kang wis mapan, manis, lan mulya. Cukup sandang, papan, lan pangan.
Dhandhanggula isine pengarepan utawa pengajap kang becik. Dhandhang iku pengarep-arep.
Akeh pitutur becik ana ing tembang iki. Tuladhane tembang dandhanggula, kang cinipta dening
Sunan Kalijaga:
Ana kidung rumeksa ing wengi
teguh hayu luputa ing lara
luputa bilahi kabeh
jin setan datan purun
paneluhan tan ana wani
miwah panggawe ala
gunaning wong luput
geni atemahan tirta
maling adoh tan ana ngarah ing mami
guna duduk pan sirna
h) Durma
Durma kuwi nggambarake kahanan kang wis mapan. Sakwise mapan, aja lali nindakake
Darma (Durma asale saka darma/sedhekah utawa derma).
i) Pangkur
Tembung pangkur asale saka tembung mungkur, ngedohi awisanipun gusti ingkang maha
kuwasa. Tuladhane tembang pangkur, yaiku.
Jinejer neng Wedhatama
mrih tan kemba kembenganing pambudi
mangka nadyan tuwa pikun
yen tan mikani rasa
yekti sepi asepa lir sepah samun
samangsane pasamuwan
gonyak-ganyuk nglelingsemi.

j) Megatruh
Saka tembung Megat : pisah, Ruh : nyawa / roh. Nggambarake menungsa kang lagi
sakaratul maut. Saka rahim, lahir, dewasa, lan urip mulya, ana ing pungkasaning cerita
menungsa mesthi mati.
k) Pucung
Tembang pucung uga tembang macapat kang gampang ditembangake. Lumrahe
tembang pocung isine cangkriman (tebak-tebakan). Tembang iki nggambarake sak uwise
menungsa mati banjur di-pocong. Kayat ukara ing basa Arab “Innaka Mayyitun Wainnahum
Mayyituuna“, “Sejatine kowe kabeh bakal mati lan wong liyane mati uga”. Ana uga tembang
pocong kang isine pitutur becik, tuladhane:
Ngelmu iku kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
setya budya pangekesing dur angkara

Tembang pucung nduweni watak kang luwes, ateges bisa kanggo kahanan apa wae
amarga luwes.

Gladhen 1.2
Coba jangkepana tabel tembang macapat ing ngisor iki!
No. Jinise Tembang Paugeran Watak
1. Pucung 12u, 6a, 8i, 12a Kendho tanpa greget saut kanggo
ing carita kang sajak mung
sakepenake, tanpa
kamempengan.
2. Maskumambang
3. Gambuh
4. Megatruh
5. Kinanthi
6. Asmaradana
7. Mijil
8. Pangkur
9. Durma
10. Sinom
11. Dhandanggula

Kawruh basa ing tembang macapat iku werna-werna. Gumantung marang pujangga
utawa pangriptane. Kabeh mau kanggo nglairake gagasane. Gatekna bagan ing ngisor iki!
tembung
kawi

sengka- tembung
lan garba

Tembang
sandhi tembung
asma saroja

bali purwa-
swara kanthi

Tembang Pangkur Gancarane


Eman-eman para muda Eman-eman Manawa wong nom
Lamun tanpa sastra kagunan sepi nganti wuta ing sastra lan sepi ing kagunan.
Nadyan darbe rupa bagus Sanajan darbe rupa bagus
Tur sugih busanarta tur sugih rajabrana pisan,
Nanging lamun tanpa sastra rai samun Manawa wuta ing sastra, raine mesti kujem.
Sekar tepus saupama Pepindane kaja kembang tepus, yaiku :
Amrengangah nora wangi. warnane mrengangah endah, nanging gandane
ora wangi.

 Tembung kawi, yaiku tetembungan kang cak-cakane winates ana ing basa endah
 Tembung garba yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji kanthi nyuda
cacahing wandane, lumrahe tinemu ing tembang, minangka kanggo njumbuhake
guru wilangan.
 Tembung saroja yaiku tembung loro kang padha utawa meh padha tegese banjut
digawe bebarengan.
 Purwakanthi yaiku runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung kang kapisan
nggandheng wanda utawa tembung ing saburine.
 Bali swara, yaiku ukara kang diwalik papan panggonane kanggo nuhoni guru
lagu.
 Sengkalan kuwi cara nulis taun sing disandhi nganggo ukara.
 Sandi asma ya iku tetenger kang ora ngegla kang pancen disingidake, digawé
wadi, disandi
Tembang pangkur ing dhuwur nggunakake tembung kawi, lamun, darbe, sekar, nora.
Tembung kawi kasebut digunakake ora mung nambah kaendahan wae, nanging uga kanggo
nyukupi guru lagu, guru wilangan, lan purwakanthi. Buktine ing pada 2, nggunakake tembung
lamun tegese yen. Umpama diganti tembung yen guru wilangane dadi kurang sawanda: Yen
tanpa sastra kagunan sepi (10i). Purwakanthi ing pangkur kasebut, yaiku eman-eman para
muda. Tembung-tembung kasebut kalebu purwakanthi guru swara a.
Semaken lan gatekna tembang ing ngisor iki!
Sakehing kan dumadi makardi
lir hyang widhi tansah makarya
nguribi jagad tan leren
surya, candra lan bayu,
bhumi tirta kalawan agni
peparing panguripan
mring amrih wus mungkur
anane nuhoni darma
iku dadya sastra cetha tanpa tulis
nulat lakuning alam

Gladhen 1.3
1) Saka tuladha ing dhuwur, tembang macapat kasebut kalebu jinise tembang apa? Coba
terangna wangsulanmu!
2) Kawruh basa apa wae sing ana sajrone tembang kasebut?
3) Coba gancarna tembang macapat kasebut!
4) Pitutur apa kang ana ing tembang macapat kasebut kanggo panguripan saben dinane

Kagiatan Pasinaon 2

Maca, ngripta, lan publikasi macapat


Sawise nyinaoni babagan iki, kowe kabeh dikarepake bisa:
1. Ngrakit tembang macapat
2. Publikasi tembang macapat
3. Nyritakake isi tembang macapat karya mandiri
4. njlentrehake isi tembang macapat

Ing kagiatan pasinaon 2 para siswa kaajak nggawe lan ngerteni isi, pitutur luhur kang
ana ing tembang macapat. Tumrape para siswa, saliyane sinau tembang macapat, uga sinau
ngripta tembang macapat. Carane ngripta tembang macapat yaiku kanthi nggatekake paugerane
tembang, kayata guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Kajaba nggatekake paugeran kasebut
uga kudu nggatekake tembung-tembung kang dadi sasmitaning tembang lan wewatakane
tembang macapat.
Bab-bab kang kudu digatekake supaya gampang anggone ngarang tembang macapat
yaiku.
1. Nemtokna lan nulis ngenani gagasan sing bakal digawe tembang, supaya bisa mangerteni
wewatakane tembang.
2. Nemtokna tembang sing arep digawe.
3. Nulis guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune.
4. Nggawe ukara-ukara sing salaras karo paugerane tembang.
5. Tembung-tembung lan ukara-ukara kang wis digawe mau banjur ditliti maneh.
Saiki, ayo bebarengan nembangake macapat ing ngisor iki!

PANGKUR
Laras Pelog Pathet Nem

3 5 5 5 5 5 3 3
Ming – kar ming – kur – ing ang - ka - ra

3 5 5 56 1 1 1 1 1 1 1
A- ka-ra- na, ka- re- nan mar- di si -wi

5 6 i i i i 123 i
Si- na- wung res- mi– ning ki-dung

i 6 5 5 5 5 45
Si- nu- ba si- nu- kar- ta
Tembang iku nduweni paugeran baku. Paugeran mau runtut guru gatra, guru wilangan
lan guru lagune. Kang uga perlu diruntutake yaiku surasa utawa artine.
3 Coba5saiki urutna
5 5
gatra-gatra6ing ngisor
2 iki manut
2 2
paugeran 2tembang
2 lan runtut
3 2 3 5surasa
6
utawa artine!ker- tar-
Mrih ta, pa- kar- ti- ning ngel- mu lu- hung

2 3 3 3 3 3 3-3
Kang2.1tum- rap
Gladhen neng ta- nah ja- wa
No. Ukara saben gatra Urutane Tembang
1. 1 Pucung 2 (12u,3 6a, 8i,112a) 2 3 3 (Tuladha)
21
Sekar
A- ga-
pucung tambane
ma a-
ati kang
ge-
bingung,
ming, a- ji
ngupadi piwulang
wewarah ingkang sejati,
weh pepadhang ambirat ribeding nala.

2. Asmaradana (..........................)
Dumunung sadhengah papan
Lumrah tumrap wong ngaurip
Lamun tanpa makarya
Sengara bisa kepthuk
Ngenteni rejeki tiba
Tan ngrasa cukup butuhe
Kang mangkono bundhelana

3. Durma (...............................)
Wisma asri kaeksi
Aja ana kang mangkir
Ayo kanca gugur gunung bebarengan Pager apik
dalan resik
Amrih kasembadan
Latar gumelar
Tujuan pembangunan

4. Mijil (...............................)

Dedalanne guna lawan sekti


Samubarangipun
Tumungkula yen dipundukanni
Kudu andhap asor
Ruruh sarwa wasis
Wani ngalah dhuwur wekasane

5. Maskumambang (........................)

Anyenyamah gawe susah


Aja pisan kumawani
Marang yayah rena
Dhuh anak mas sira wajib angurmati

Gladhen 2.2
Tembang-tembang kang dirembug ing dhuwur iku wis kapilih kang ngemu pitutur luhure.
Pitutur luhur kasebut gedhe banget guna paedahe tumrap tata panguripan saben dinane. Sawise
kowe ngurutna tembang-tembang macapat ing dhuwur, saiki bajur golekana pitutur apa wae
sing kinandhut sajrone tembang-tembang macapat kasebut? Terangna wangsulanmu kanthi
ringkes!

Gladhen 2.3
Gawea salah siji tembang macapat sing kok senengi, kanthi paugeran lan wewatakan tembang
kang trep!

Gladhen 2.4
1) Sawise kowe nggawe tembang macapat, saiki gawea klompok adhedasar tembang sing wis
dipilih. Umpamane, kelompok gambuh, dhandanggula, asmaradhana, lsp!
2) Bebarengan karo kelompokmu, unggahen asil karya tembang macapat lan gancarane ing
internet, bisa lumantar web sekolah utawa blog pribadimu!
3) Sabanjure, tembangna manut titilarase, banjur critakna apa isine!
3. Panutup
Sawise kowe kabeh sinau tembang macapat bebarengan, apa sing korasakake? Apa pitutur
becik kang bisa dijupuk? Saiki coba isien tabel ing ngisor iki!

No. Perilaku Ya Tidak


1. Saya selalu berdoa sebelum dan sesudah kegiatan
pembelajaran berlangsung.
2. Saya selalu menggunakan bahasa Jawa yang baik
dan benar ketika mengerjakan tugas yang
diberikan.
3. Saya selalu mengingatkan orang lain jika mereka
menggunakan bahasa Jawa secara tidak tepat.
4. Saya selalu senang jika ada tugas praktik
menyanyikan tembang macapat di depan kelas.
5. Saya selalu mengerjakan tugas sesuai yang
diperintahkan.
6. Saya selalu mencari data dari internet/ buku/ pakar
sebagai bahan referensi untuk mengerjakan tugas.
7. Saya selalu mencantumkan sumber ketika saya
merujuk.
8. Saya selalu memperhatikan dengan saksama
penjelasan Guru.
9. Saya selalu mengerjakan tugas dengan kemauan
sendiri.
10. Saya selalu mengumpulkan tugas tepat waktu.
11. Saya selalu datang dan masuk ke kelas tepat waktu.
Jumlah

Anda mungkin juga menyukai