Anda di halaman 1dari 2

Lembar Kerja Peserta Didik (LKPD)

KELAS IX

A. Tujuan Pembelajaran
Sakwise kowe nggatekne teks Asil pelapuran kegiatan sing kokwaca, tonton lan
rungokne, kudune kowe bisa :
1. Jelasne pangertene teks Laporan Asil kegiatan
2. Ninthingi struktur teks Laporan Asil kegiatan
3. Nanggapi teks Laporan Asil kegiatan

B. Langkah-langkah Kegiatan
Sakdurunge kagiatan pasinaon diwiwiti, kowe kudu nyiapne uborampe yaiku :
1. Buku Siswa ( e-book) buku Kirtya Basa SMP/MTs kelas IX
2. Alat2 tulis kanggo pasinaon, lan garapen tugas/pitakonan sing diparingi guru lan
tulisen wangsulan/jawaban ing kertas folio, ojo lali tulis tanggal, sasi tugase.

Ringkesan materi
Laporan kegiatan yaiku laporan kang disusun sawise kegiatan wis rampung
dileksanakake. Laporan kegiatan bisa disusun dhewe-dhewe utawa klompok manut
kabutuhan. Tujuwan panulisa laporan kegiatan minangka bukti yen kegiatan wis temen-
temen dileksanakake. Kajaba kuwi uga kanggo pertanggungjawaban marang pawongan
utawa lembaga sing menehi tugas kegiatan. Panulise laporan kegiatan kudu runtut,
gampang dimangerteni sapa wae.

Struktur teks laporan kegiatan kedadean saka:


1. Pambuka
Bagean pambuka minangka perangan utawa bagean teks sing nerangake lelandhesan
(latar belakang) lan tujuan dianakake kegiatan. Yen ana lelandhesan aturan sing
dienggo, lelandhesan kasebut kudu ditulis.
2. Isi
Bagean utawa perangan isi teks mujudake wosing teks.
3. Panutup
Bagean utawa perangan panutupe teks mujudake simpulan laporan.
Ing bagean panutup bisa ditambahi panyaruwe utawa saran tumrap
lumakune kegiatan, ing pangangkah kegiatan sing dianakake ing
wektu candhake lumaku luwih apik.

Unsur Basane Teks Laporan Kegiatan


Kaya teks-teks lumrahe, teks laporan kegiatan uga dumadi saka maneka warna jinis
ukara. Tuladhane, kaya ta: ukara carita, ukara sambawa, ukata tanduk, ukara tanggap,
ukara lamba, lan ukaran camboran.
a. Ukara Carita
Ing ngisor iki ana tuladha ukara kang kapethik saka teks ”Laporan Kegiatan Karya
Wisata menyang Yogyakarta”, semaken sing titi!
1) SMP Tunas Bhakti saben taun duwe acara rutin kanggo para siswa, yaiku karya
wisata.
2) Yogyakarta kondhang minangka jujugan wisata tumrap wisatawan
dhomestik lan wisatawan manca negara.
b. Ukara Lamba
Ukara lamba yaiku ukara sing kedadean saka sagatra (klausa). Ukarane mung dumadi
saka jejer lan wasesa sarta bisa ditambah lesan lan katrangan.
c. Ukara Camboran
Ukara camboran kaperang dadi 2, yaiku ukara camboran sajajar lan ukara camboran
susun.
1) Ukara camboran sajajar
Ukara camboran sajajar yaiku ukara kang kedadean saka rong gatra utawa luwih.
Gatra-gatra kasebut digabung utawa digandheng dadi siji nganggo tembung
panggandheng. Gatra kang ana ing ukara camboran sajajar wujud gatra inti
kabeh. Tembung panggandheng, tuladhane lan, karo, nanging, dene, lan
sapanunggalane.
Tuladha:
(1) Bani mangan bakso lan Doni mangan soto.
(2) Sumantri awake kuru, nanging gunawan awake lemu.
2. Ukara camboran susun kang dumadi saka rong gatra utawa luwih.
Ukara camboran susun yaiku ukara kang kedadean saka rong gatra utawa luwih.
Salah sijine gatra minangka gatra inti uga diarani ukara baku (induk kalimat),
gatra sijine minangka gatra pang (cabang) kang uga diarani ukara tambahan
(anak kalimat).
Tuladha:
1) Rina ora melu dolan menyang omahe Gina// jalaran lara. Rina ora melu dolan
menyang omahe Gina, sing diarani gatra inti. Jalaran lara, sing diarani klausa
pang.
2) Nalika mulih sekolah // Dwiki mampir toko buku. Nalika mulih sekolah sing
diarani klausa pang. Dwiki mampir toko buku, sing diarani klausa inti.

Pepeling:
Unsur 5W lan 1H ing teks laporan kegiatan:
1. What, tegese apa. Tembung apa gunane kanggo nakokake barang.
2. Who, tegese sapa. Tembung sapa gunane kanggo nakokake wong.
3. Why, tegese geneya. Tembung geneya, kadhang uga dianggo
tembung kena apa, nyangapa gunane kanggo nakokake alasan.
4. When, tegese kapan. Tembung kapan gunane kanggo nakokake
wayah utawa wektu.
5. Where, tegese ing endi. Tembung ing endi gunane kanggo
nakokake papan panggonan.
6. How, tegese kepriye. Tembung kepriye gunane kanggo nakokake
cara.

Kabeh iki cateten nang buku Catetanmu, banjur buka link youtube iki
https://youtu.be/IXlJ_H5AAlo banjur gawenen laporan nganggo ukara crita !!

Anda mungkin juga menyukai