Anda di halaman 1dari 2

PARAMASASTRA

Nyemak Unsur Basane Teks Laporan Kegiatan

Kaya teks-teks lumrahe, teks laporan kegiatan uga dumadi saka maneka warna
jinis ukara. Tuladhane, kaya ta: ukara carita, ukara sambawa, ukata tanduk,
ukara tanggap, ukara lamba, lan ukaran camboran.

Kaya teks-teks lumrahe, teks laporan kegiatan uga dumadi saka maneka warna
jinis ukara. Tuladhane, kaya ta: ukara carita, ukara sambawa, ukata tanduk,
ukara tanggap, ukara lamba, lan ukaran camboran.

a. Ukara Carita
Ing ngisor iki ana tuladha ukara kang kapethik saka teks ”Laporan Kegiatan
Karya Wisata menyang Yogyakarta”, semaken sing titi!
1) SMP Tunas Bhakti saben taun duwe acara rutin kanggo para siswa, yaiku
karya wisata.
2) Yogyakarta kondhang minangka jujugan wisata tumrap wisatawan dhomestik
lan wisatawan manca negara.

Tuladha ukara 1 lan ukara nomer 2 ing dhuwur yen dideleng saka isine cetha
banget manawa nerangake, nggambarake, nyritakake sawenehe bab. Ukara
nomer 1 nyritakake yen SMP Tunas Bhakti ajeg nganakake rekreasi utawa karya
wisata, dene ukara nomer 2 nyritakake kahanan kutha Yogyakarta sing dadi
jujugane para wisatawan.

b. Ukara Lamba
Ukara lamba yaiku ukara sing kedadean saka sagatra (klausa). Ukarane mung
dumadi saka jejer lan wasesa sarta bisa ditambah lesan lan
katrangan.Tuladha:

Para siswa kelas 9 nulis laporan kegiatan.

Para siswa kelas 9 = jejer


Nulis = wasesa
Laporan kegiatan = lesan
c. Ukara Camboran
Ukara camboran kaperang dadi 2, yaiku ukara camboran sajajar lan ukara
camboran susun.
1) Ukara camboran sajajar
Ukara camboran sajajar yaiku ukara kang kedadean saka rong gatra
utawa luwih. Gatra-gatra kasebut digabung utawa digandheng dadi siji
nganggo tembung panggandheng. Gatra kang ana ing ukara camboran
sajajar wujud gatra inti kabeh. Tembung panggandheng, tuladhane lan,
karo, nanging, dene, lan sapanunggalane.

Tuladha:

(1) Bani mangan bakso lan Doni mangan soto.


(2) Sumantri awake kuru, nanging gunawan awake lemu.

2) Ukara camboran susun kang dumadi saka rong gatra utawa luwih.
Ukara camboran susun yaiku ukara kang kedadean saka rong gatra
utawa luwih. Salah sijine gatra minangka gatra inti uga diarani ukara baku
(induk kalimat), gatra sijine minangka gatra pang (cabang) kang uga
diarani ukara tambahan (anak kalimat).

Tuladha:
(1) Rina ora melu dolan menyang omahe Gina// jalaran lara.
Rina ora melu dolan menyang omahe Gina, sing diarani gatra inti.
Jalaran lara, sing diarani klausa pang.
(2) Nalika mulih sekolah // Dwiki mampir toko buku.
Nalika mulihsekolah sing diarani klausa pang. Dwiki mampir toko
buku, sing diarani klausa inti.

Gladhen!!!
1. Gawea tuladha ukara carita 3, kanthi tema pariwisata!
2. Gawea tuladha ukara lamba 3, kanthi tema pariwisata!
3. Gawea tuladha ukara camboran sajajar 3, kanthi tema pariwisata!
4. Gawea tuladha ukara camboran susun 3, kanthi tema pariwisata

Gladhen dikumpulake minggu ngajeng, tanggal 11 Maret 2021 ing


kumpulan tugas.

Anda mungkin juga menyukai