Anda di halaman 1dari 34

SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017

MATA PELAJARAN/PAKET KEAHLIAN


BAHASA JAWA

BAB IV
KASUSASTRAN JAWA KLASIK

OLEH:
DRA. SRI SULISTIANI, M.Pd.
DRA. SUWARNI, M.Pd.
DRS. SUGENG ADIPITOYO, M.Si.
DR. SURANA, M.Hum.

KEMENTERIAN PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN


DIREKTORAT JENDERAL GURU DAN TENAGA KEPENDIDIKAN
2017
BAB IV
KASUSASTRAN JAWA KLASIK

KISI-KISI DAN BAHAN AJAR

No. Kompeten Standar Kompetensi Guru (SKG) Indikator Materi


si Utama Kompetensi Inti Kompetensi Guru Pencapaian pokok
Guru (KI) Mata Pelajaran Kompetensi (IPK)
(KD)
A B C D E F
1.Profesional Menguasai materi, Memahami Menyebutkan Ungkapan
struktur, konsep, bahasa, sastra, makna ungkapan Jawa dalam
dan pola pikir dan budaya serta kultural orang sesanti
keilmuan yang implementasinya Jawa yang sudah
mendukung mata dalam menjadi tradhisi
pelajaran yang pembelajaran lisan
diampu.

2.Profesional Menguasai materi, Memahami teori Menganalisis Wangsalan


struktur, konsep, dan genre sastra makna wangsalan
dan pola pikir Jawa dalam budaya
keilmuan yang Jawa
mendukung mata
pelajaran yang
diampu.

3.Profesional Menguasai materi, Memahami teori Menganalisis Wangsalan


struktur, konsep, dan genre sastra wangsalan dalam dalam
dan pola pikir Jawa tembang tembang
keilmuan yang macapat
mendukung mata
pelajaran yang
diampu.

4.Profesional Menguasai materi, Memahami teori Memaknai Cangkriman


struktur, konsep, dan genre sastra cangkriman
dan pola pikir Jawa dalam kehidupan
keilmuan yang bermasyarakat
mendukung mata
pelajaran yang
diampu.

5.Profesional Menguasai materi, Memahami teori Membedakan Paribasan,


struktur, konsep, dan genre sastra makna paribasan, bebasan,
dan pola pikir Jawa bebasan, dan dan saloka
keilmuan yang saloka
mendukung mata
pelajaran yang
diampu.

6.Profesional Menguasai materi, Memahami teori Menggunakan Paribasan

1
struktur, konsep, dan genre sastra paribasan dalam
dan pola pikir Jawa budaya Jawa
keilmuan yang
mendukung mata
pelajaran yang
diampu.

7.Profesional Menguasai materi, Memahami teori Menggunakan Bebasan


struktur, konsep, dan genre sastra bebasan dalam
dan pola pikir Jawa budaya Jawa
keilmuan yang
mendukung mata
pelajaran yang
diampu.

8.Profesional Menguasai materi, Memahami teori Menggunakan Saloka


struktur, konsep, dan genre sastra saloka sesuai
dan pola pikir Jawa dengan
keilmuan yang konteksnya
mendukung mata
pelajaran yang
diampu.

9.Profesional Menguasai materi, Memahami teori Memberi contoh Pepindhan


struktur, konsep, dan genre sastra pepindhan yang
dan pola pikir Jawa memuat etika
keilmuan yang Jawa
mendukung mata
pelajaran yang
diampu

10.
Profesional Menguasai materi, Memahami Membuat Sengkalan
struktur, konsep, bahasa, sastra, sengkalan
dan pola pikir dan budaya serta
keilmuan yang implementasi-nya
mendukung mata dalam
pelajaran yang pembelajaran
diampu.

11.
Profesional Menguasai materi, Memahami Menganalisis Sengkalan
struktur, konsep, bahasa, sastra, sengkalan memet memet
dan pola pikir dan budaya serta untuk
keilmuan yang implementasi-nya menunjukkan
mendukung mata dalam tahun
pelajaran yang pembelajaran
diampu.

I. KASUSASTRAN JAWA
Kasusastran minangka salah sijine perangan kabudayan kang adi luhung.
Kasusastran yen kapilah asale saka tembung [sastra] kang oleh wuwuhan kang
rimbage [ka + su+ sastra + an]. Tembung [sas] tegese wulang utawa kawruh.

2
Wuwuhan [tra] kanggo mratelakake tembung aran. Tembung lingga [sastra] tegese
basa, banjur oleh wuwuhan [su] ateges becik utawa endah. Dadi [susastra] tegese
basa kang endah, mula kasusastran tegese bab kang gegayutan karo basa kang
endah, bab kang nyakup (isi) basa kang endah (Padmosoekotjo, 1955:33). Olah basa
kang gegayutan karo kasusastran kawedhar awujud tulisan utawa lesan. Tuladhane
basa lumrah (a) lan basa endah (b):
(1) a. Wiwit isih bocah, uripku tansah ngalami ora kepenak.
b. Cilik mula, uripku tansah kutula-tula katali.
(2) a. Watakipun Dipa taksih ajeg kemawon, sanajan sampun kathah ingkang
mituturi. nuturi
b. Watak-wantune Dipa boten saget luntur dening pitutur, boten saged pasah
ing wewarah.
(3) a. Boten pasah dedamel saking tosan.
b. Boten tedhas tapak paluning pandhe, sisaning gurenda (Padmosoekotjo,
1995:34)
Rikala jaman kraton, wong kang lebda utawa pinunjul ing salah sijine kagunan
adi luhung diarani wong guna. Wong guna ing babagan kasusastran diarani
pujangga, kang uga sinebut kawitana, kawindra, utawa kawiswara. Kang diarani
pujangga nduweni kalimpadan 8 warna, yaiku:
(1) Paramengsastra (parama = pinunjul + ing sastra) = limpad ing babagan sastra.
(2) Paramengkawi (parama = pinunjul + ing kawi =ing karangan, reriptan) = limpad
ing babagan ngarang (ngripta).
(3) Awicarita = limpad ndongeng utawa carita kang nengsemake.
(4) Mardawa lagu = limpad ing babagan tembang lan gendhing (mardawa= alus).
(5) Mardawa basa = limpad migunakake basa kang ngresepake, kang njalari
trenyuhing ati, kang mahanani gumbira, kang nenangi sih-wilasa lsp.
(6) Mandraguna = lebda bisa ing babagan kagunan.
(7) Nawung kridha = alus rasa-pangrasane nganti bisa nanggapi krenteging atine
liyan.
(8) Sambegana = utama banget (uripe) (Padmosoekotjo, 1955:46)
Amarga dhuwure ukurane pujangga Jawa, mula sawise R.Ng.Ranggawarsita nganti
saiki ora ana kang sinebut pujangga. Kahanan iku ora ateges kasusastran Jawa mati,

3
jalaran isih lair pengarang, panggurit, wiracarita, wiraswara, lan isih akeh maneh
pawongan kang sengkut lan gumregut ngrungkebi lestarine kasusastran lan
kabudayan Jawa kang adi luhung salaras karo ajuning jaman.
Ubarampene kasusastraan Jawa kang gegayutan karo basa endah miturut
Padmosoekotjo (1995:93) nyakup: (1) tembung saroja, (2) tembung yogyaswara, (3)
tembung sandi, (4) tembung entar, (5) tembung plutan, (6) keratabasa, (7) paribasan,
(8) bebasan-saloka, (9) dasanama, (10) cangkriman, (11) pepindhan, (12) candra, (13)
gugon-tuhon, (14) purwakanthi, (15) wangsalan, (16) parikan, (17) guritan, (18) ukara
sesumbar, (19) tembang, (20) suluk, (21) japa-mantra, (22) basa peprenesan, (23)
sanepa, (24) pralambang, (25) isbad, (26) sandi-asma, (27) sengkalan, lan liya-liyane.
Wong seneng ing kasusastran prelu mengerteni peprincen kasebut, senajan ora prelu
apal. Tansaya akeh mangerteni bab ubarambe kasebut bakal tansaya muwuhi
anggone olah cipta lan olah kridha babagan kasusastran. Saperangan saka ubarampe
kasebut kaandharake ing ngisor iki.
A. Sesanti
Sesanti/semboyan yaiku ukara kang isine pepuji utawa donga, tekad kang
kuwat, pangarep-arep utawa pituduh kanggo tuntunan urip ing alam bebrayan
(sutiknojawa.blogspot.com/2011/07/sesanti.html kaakses 4 Juli 2016). Kadhangkala
sesanti iku tinemu ing paribasan, nanging ora mesthi awujud paribasan. Miturut isine
sesanti/semboyan kaperang dadi telung warna :
(1) Isine semboyan kanggo nggedhekake semangat.
Tuladha :
a. Rawe-rawe rantas malang-malang putung
Tegese: sapa bae kang ngalang-ngalangi kekarepane kena disirnakake
(dipateni)
b. Sadumuk bathuk sanyari bumi
Tegese: Nglabuhi pepati marang bebener.
c. Rukun agawe santosa crah agawe bubrah
Tegese: Karukunan ndadekake kuwat, dene yen tukaran utawa crah
ndadekake bubrah/rusak.
d. Sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti
Tegese: Tumindak angkara murka bakal sirna dening tumindak becik.
(2) Isine donga utawa pepuji pangarep-arep (harapan)
Tuladha :

4
a. Jembara kubure, padhanga dalane
Tegese: Donga pangarep-arep supaya gampang anggone sowan marang Gusti
kanggone wong sing tilar donya.
b. Adhang-adhang tetesing embun
Tegese: Njagakake barang mung saolehe bae/ njagakake barang sing ora
mungkin klakon.

(3) Isine pituduh kanggo tuntunan urip ing bebrayan.


Tuladha :
a. Yatna yuwana, lena kena.
Tegese: Sing sapa ngati-ngati bakalnemu slamet, sing sapa ora ngati-ngati
bakal nemu cilaka
b. Wong enom aja wedi ing angel, nanging wedia ing gampang
Tegese: Wong enom iku kudu wedi ngadhepi samubarang kang angel lan
akeh tantangane sarta aja mung seneng ngadhepi samubarang kang
gambang kelakone.
c. Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani
Tegese : Wong kang bisa menehi tuladhan becik, nduweni tekad makarya,
lan bisa menehi semangat marang wong liya.

B. Cangkriman
Cangkriman yaiku rumpakan utawa unen-unen kang kudu dibatang utawa
dibedhe maksude (Padmosoekotjo, 1955:201). Adhedhasar dhapukan, surasa, lan
wujude, jinise cangkriman kaya ing ngisor iki:
1) Cangkriman kang awujud tembung wancahan
Wancah iku tegese cekak. Cangkriman wancahan iku kudu dibatang kanthi
disusun saka gatra kang ana. Tuladhane:
a. burnas kopen = bubur panas kokopen.
b. wiwawite, lesmbadhonge = uwi dawa uwite, tales amba godhonge.
c. itik pertis, ibo perbeng = tai pitik memper petis, tai kebo memper ambeng
d. pakbomba, paklawa, pakpiut = tapak kebo amba, tapak ula dawa, tapak sapi
ciut
2) Cangkriman kang ngemu surasa pepindhan utawa irib-iriban
Cangkriman pepindhan iku cangkriman kang awujud ukara kang memper kaya
kanyatane.
Tuladhane:

5
a. bosok malah enak (tempe)
b. dicakot pucuke, sing kalong bongkote (wong ngrokok)
c. dijupuki malah dadi mundhak gedhe (juglangan)
d. mboke dilus-elus anake diidak-idak (andha)
e. emboke wuda anake tapihan (pring, bung)

3) Cangkriman kang ngemu surasa blenderan/ plesedan


Cangkriman blenderan iki cangkriman iki sejatine ukara pranyatan kang bisa
gawe bingung yen macane salah. Tuladhane:
a. Wong adol tempe ditaleni = sing ditaleni tempe, dudu wong sing dodol.
b. Wong mati ditunggoni wong mesam-mesem = sing mesam-mesem wong sing
nunggu, dudu sing mati.
c. Ndhuwur kencrengan, ngisor jedhoran = wong ngunduh kambil.
d. Wong wudunen sugih pari = paringisan jalaran kelaran.

4) Cangkriman sinawung ing tembang


Cangkriman iki rinakit arupa tembang. Tuladhane:
a. Bapak pucung, renteng-renteng kaya kalung. Dawa kaya ula, pencokanmu
wesi miring, sing disaba, si pucung mung turut kutha. (sepur)
b. Bapak pucung, dudu watu dudu gunung, sangkamu ing Plembang, ngon-
ingone sang Bupati, yen lumampah, si pucung lembehan grana. (gajah)

C. Wangsalan
Wangsalan iku unen-unen saemper cangkriman kang batangane kasebut ana ing
perangan gatra mburine kanthi dicangking sawanda utawa luwih (Padmosoekotjo,
1982:71). Cangkriman sajrone wangsalan iku dibatang (dibedhek) dhewe. Ukarane
ora persis nanging memper wae. Wangsalan ana kang awujud ukara selarik, bisa uga
awujud tembang. Tuladha sing wujud ukara:
a. Nyaron bumbung, nganti cengklungen nggonku ngenteni.
(saron bumbung =angklung)
b. Njanur gunung, kadingaren sliramu teka. (janur gunung=aren).

Katilik saka wujude, wangsalan ana pirang-pirang jinis, yaiku: (1) wangsalan
lamba, (2) wangsalan rangkep utawa camboran, (3) wangsalan memet, (4)
wangsalan padinan, (5) Wangsalan Edi-peni, (6) Wangsalan kang sinawung ing
tembang,

6
(1) Wangsalan Lamba
Yaiku wangsalan kang mung isi batangan (tebusan) siji. Unen-unen wangsalan
lamba mung saukara kang kadadean saka rong gatra. Gatra kang ngarep
wangsalane, gatra mburine isi batangane.Tuladha:
a. Pindhang lulang, kacek apa aku karo kuwe. (pindhang lulang = krecek)
b. Jenang gula, kowe aja lali. (jenang gula= glali)

2) Wangsalan rangkep (camboran)


Yaiku wangsalan sing isi batangane luwih saka siji. Unen-unene wangsalan
rangkep kadadeane saka rong ukara, saben ukara kadadean saka rong
gatra.Ukara kapisan wangsalane, dene ukara kapindho isi batangane.
Tuladha:
a. Jenang sela (apu), wader kalen(sepat) sasonderan.
Apurata, yen wonten lepat kawula.
b. Petis manis (kecap), sarine kaca benggala (banyu rasa)
Aja ngucap, yen durung weruh ing rasa.

3) Wangsalan Memet
Yaiku wangsalan sing carane nggoleki batangane sarana ngoceki maksude
tetembungane ambal kaping pindho. Tuladhane:
a. Uler kambang, yen trima alon-alonan (satitahe wae)
Uler kembang maksude lintah Oncek-oncek kapindho: Wanda tali ing
tembung lintah, dianggap wancahane tembung kang surasane alon-alonan, ya
iku tembung satitahe. Tembung satitahe ateges ora ngaya, mung tumindk
sakepenake bae, kanthi alon-alonan.
b. Ngembun-ngembun enjing anjejawah sonten ( nyuwun rabi)
Embun wayah enjing kuwi tegese uwun banjur ana tembung nyuwun. Jawah
ing wayah sore jenenge rarabi, mula banjur ana tembung nyuwun rabi.
4) Wangsalan Padinan
Yaikuwangsalan kang ora nyebutake batangane, sabab wong-wong sing krungu
wis dianggep ngerti batangane lan maksude.
Tuladha:
a. Wong kae sejatine wis krungu kandhaku, nanging njangan gori. Gori iku
mathuke digudheg.

7
Jangan gori = nggudheg. Maksude wangsalan njagan gori ya iku mbudheg,
api-api ora krungu.
b. Wah, olehe nggentha dara nganti kedhep tesmak.
Gentha dara = sawangan, maksude olehe nyawang.

5) Wangsalan Edi-peni
Yaiku wangsalan sing mawa paungeran purwakanthi basa. Pangrakite kanthi
paugeran:
(1) Unen-unene kadadean saka 1 ukara (wangsalan lamba), kang dumadi saka 2
gatra.
(2) Unen-unene kadadean saka 2 ukara (wangsalan rangkep). Saben saukara
kadadean saka 2 gatra (4 wanda + 8 wanda ).
(3) Ukara kang kapisan (yaiku kang isi wangsalan) mawa purwakanthi guru
swara lan purwakanthi basa utawa purwakanthi lumaksita.
Tuladha:
a. Reca kayu (golek) , goleka kawruh rahayu (4 wanda + 8 wanda)
b. Kulik priya (tuhu), priyagung Anjaniputra (anoman)(4 wanda + 8 wanda)
Tuhu eman, wong anom wedi kangelan.(4 wanda + 8 wanda)
c. Tepi wastra (kemada), wastra kang tumprap mustaka (iket) (4 wanda + 8
wanda)
Mumpung mudha, nggegulanga ngiket basa.(4 wanda + 8 wanda)

6) Wangsalan kang Sinawung Tembang


Yaiku wangsalan kang ana sajrone cakepan tembang. Cacahe wandane lan
tibaning swarane ing wekasaning gatrane ora tartemu, sebab kawengku ing
guru wilangan lan guru lagune tembang. Guru wilangan lan guru laguning
tembang kudu tansah menang, lire ora kena owah, kudu tansah manut
paungerane tembang.
Tuladha:
a. Tembang Sinom
Edane wong keneng guna,
ambatik sinambi nangis,
malam wuntah balabaran,
geni mati muring-muring,
prembenahan mbrebes mili,
gawangan sinendhal putung,

8
ya talah ta si kakang,
puluh-puluh awak mami,
petis manis wis kudu dadi pocapan.

Batangane: petis manis = kecap

b. Tembang Pangkur
Jirak pindha munggwing wana,
Sayeng kaga we rekta kang muroni,
Nyenyambi kalaning nganggur,
Wastra tumrap mustaka,
Pangikete wangsalan kang sekar pangkur,
Baon sabin ing nawala,
Kinarya langen pribadi.

Batangane:
o jirak pindha munggwing wana = wit kesambi
o sayeng kaga = piranti kanggo nyekel manuk (kala)
o we rekta kang muroni = anggur
o wastra tumrap mustaka = iket
o baon sabin = karya.

c. Tembang campursari Kangen


Pitung sasi lawase nggonku ngenteni,
mung sliramu wong bagus kang dadi ati,
rina wengi mung tansah takimpi-impi,
jroning ati kangenku setengah mati,
jenang gula ya mas ya mbok aja lali,
ngelingana rikala jaman semana,
sliramu janji aku setya ngenteni,
lair batin tresnaku terusing ati,
kangen wong kangen ngene-ngene rasane,
rindhu-rindhu tambane kudu ketemu,
klapa mudha enake kanggo rujakan,
leganana aku kang nandhang kasmaran,
mbalung janurwong bagus takanti-anti,
ngusadani wong kangen kang antuk jampi.

Batangane:
jenang gula = glali (aja lali)

9
klapa mudha = degan (leganana)
mbalung janur = sada (ngusadani)

Kajaba kang wis kalumrah ana ing buku-buku utawa ing pasrawungan, kita uga
bisa gawe wangsalan. Carane ngarang wangsalan, yaiku:
(1) Ukara sing isi batangane dikarang luwih dhisik, banjur ngarang perangan ngarep
kang arupa wangsalane.
(2) Tumrape wangsalan rangkep, cacahe gatra antara wangsalan lan batangane kudu
padha.
(3) Nyundhukake tibane uni saben gatra kanthi nggunakake purwakanthi guru
swara.

C. Paribasan, Bebasan, lan Saloka


Paribasan, bebasan lan saloka nduweni dhapukan kang khas kanthi
paugeran kang gumathok. Pandhapuke kaya mangkene:
1) Paribasan, yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges
tartamtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung
(frase), lan kalebu basa pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa
tegese uga gumathok, lumrahe ateges wantah. Paribasan ngemu teges:
tetandhingan, pepiridan (saemper pasemon). Tuladhane:
a. Becik ketitik ala ketara.
Tegese: sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara.
b. Cebol nggayuh lintang.
Tegese: wong duwe panggayuh kang mokal kecandhake.
c. Gayuk-gayuk tuna.
Tegese:samubarang kang dikarepake ora bisa keturutan.
d. Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah.
Tegese: kerukunan ndadekake kasantosan, congkrah ndadekake karusakan.
e. Jaluk ora weweh.
Tegese: seneng jaluk ora seneng weweh.
f. Welas tanpa kalis.
Tegese: saking tresnane nanging malah nyilakakake.

(2) Bebasan, yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu
surasa pepindhan. Kang dipindhakake kahanan utawa sesipatane wong/barang.

10
Wonge uga katut ing sajrone pepindhan nanging kang luwih ditengenake
kahanane utawa tindak-tanduke. Tuladha :
a. Kocak tandha lukak / lokak ora kebak (tong kosong nyaring bunyinya)
Tegese: wong kang sugih omong pratandha durung akeh kawruhe.
b. Sedhakep ngawe-awe
Tegese: wis mareni marang tumindak ala nanging ing batin isih kepengin
nindakake maneh.
c. Ngubak-ngubak banyu bening
Tegese: gawe kerusuhan ing papan kang tentrem.
d. Ancik-ancik pucuking eri.
Tegese: nyambut gawe tansah minggrang-minggring wedi yen luput.
e. Kebo lumumpat ing palang.
Tegese: ngadili prakara ora nganggo wewaton (pathokan ukum)
f. Diwenehi ati ngrogoh rempela.
Tegese: wis diwenehi sethithik, malah njaluk luwih akeh.

(3) Saloka, yaiku unen-unen kang ajeg panganggone (gumathok) mawa teges entar,
ngemu surasa pepindhan, nanging kang dipindhakake wonge. Tuladhane:
a. Gajah ngidak rapah
Tegese: wong kang nglanggar wewalere dhewe
b. Sumur lumaku tinimba
Tegese: wong kang kumudu-kudu dijaluki warah
c. Lahan karoban manis
Tegese: wong bagus/ayu rupane tur becik bebudhene
d. Ora ganja ora unus.
Tegese: wong kang ala rupane uga ala atine.
e. Ngalem legine gula.
Tegese: ngelembana kapinteran lan kaluwihane wong kang pancen pinter
utawa
linuwih.
f. Kutuk marani sunduk
Tegese: wong kang marani cilakane.
D. Pepindhan
Pepindhan iku unen-unen kang ngemu surasa pepadhan, irib-iriban utawa
emper-emperan. Kang dipindhakake arupa barang, kahanan siji karo barang utawa
kahanan liyane, lumrahe nganggo tembung panggandheng: kaya, lir, kadi, pindha,
kadya, lir pendah. Pepindhan kerep dipigunakake ing pacelathon padinan, panyandra
jroning adicara penganten, pagelaran utawa jroning babagan sastra.

11
Miturut Padmosoekotjo (1955:28) dhapukane ukara pepindhan ana telung jinis,
yaiku:
(1) Mawa tembung pindha utawa dasanamane, kayata: kaya, lir, pendah, lir-
pendah, yayah, anglir, sasat, prasasat, kadi, kadya, pangawak.
Tuladhane:
a. Sumbare kaya bisa mutungake wesi gligen. (Gligen kalebu tembung plutan
saka tembung giligan)
b. Lir sinabit talingane. (kaya disuwek kupinge, amarga nesu banget)
c. Psemone Sang Dewi luruh kadi putri ing Banoncinawi. (Maksude kaya
Sembadra)
d. Tepunge kaya banyu karo lenga. (Srawunge ora bisa raket supeket)

(2) Mawa tembung andhahan kang ateges pindha.


Tuladhane:
a. Parine lagi gumadhing. (awarna putih semu kuning kaya wernane gadhing
gajah)
b. Panase semelet. (Tumamane panasing srengenge ing awak kaya tumibane
selet (sabet)
c. Jarite simbah suwek nyangkem kodhok. (suweke awangun kaya camkem
kodhok, yaiku awangun maju telu)
d. Brengose Werkudara nguler keket. (Kaya uler keket)

(3) Tanpa tembung pindha utawa tembung andhahan kang ateges pindha
Tuladhane:
a. Wangsulane saur manuk. (Wangsulana wong akeh swarane mung sawarna,
nanging ora beberengan)
b. Gawe nam-naman menyan kobar iku ora angel. (Nam-naman awarna kaya
menyan kobong, yaiku awarna ireng lan putih)
c. Ramene suraking wadyabala ambata rubuh. (Mawurahan = rame, umyung )

Pepindhan uga ana kang sinawung ing tembang. Tuladhane:


Tembang Sinom
(Abimanyu-kerem, (lakon wayang) M. Soekir)

12
Busananya Sri Narendra,
topong mas pinatik-patik,
ajamang mas sungsun tiga,
gruda-mungkur mangka kancing ,
utah-utah rinukmi sumping,
surengpati mungguh,
samya pinatik retna,
dawala ngiras tetali,
prabangkara salimpet rajawredi bang.

E. Purwakanthi
Purwa tegese wiwitan, kanthi tegese gandheng. Purwakanthi iku maksude
nggandheng kang kasebut ing purwa (wiwitan) disebutake maneh ana ing buri
(Padmosoekotjo, 1955;120). Purwakanthi yaiku runtute swara ing ukara, tembung,
utawa wanda kang ngarep nggandheng wanda utawa tembung ing saburine.
Purwakanthi kaperang dadi 3 warna, yaiku:
1) Purwakanthi Guru Swara (Asonansi)
Tembung guru ing kene tegese paugeran utawa pathokan. Purwakanthi guru
swara ateges purwakanthi kang nganggo pathokan runtute swara.Tuladhane:
a. Watake putri kudu gemi, nastiti, lan ngati-ati. (nunggal swara/ i/)
b. Yen gelem obah bakal mamah.(nunggal swara /ah/)
c. Desa mawa cara negara mawa tata.(nunggal swara /a/)
d. Tamba teka lara lunga (nunggal swara a)
e. Becik ketitik ala ketara (nunggal swara a)
f. Kembang kencur tinandur neng pinggir sumur, bakal makmur yen
sandhang pangan den atur (nunggal swara u, nunggal sastra r).

2) Purwakanthi Guru Sastra (Aliterasi)


Yaiku purwakanthi kang runtut sastrane utawa tulisane.Tuladhane:
a. Dhasare wong jejodhoan yaiku bobot, bibit, bebed.(nunggal sastra /b/)

13
b. Sing sapa salah bakale seleh.(nunggal sastra/s/)
c. Ruruh, rereh, ririh ing wewarihipun, mrih reseping para myarsi.(nunggal
sastra/r/)
d. Pak kerta tuku kertas, nunggang kreta medhun kreteg, kreteg kertasana,
..... (nunggal sastra k,t, r,
e. Kala kula kelas kalih, kula kelop-kelop. Kalung kula kolang kaling keli kali
kilen kula. (nunggal sastra k, l)
f. Tata titi tentrem (nunggal sastra t)

3) Purwakanthi Guru Basa utawa Lumaksita


Yaiku purwakanthi sing tembunge ing ukara sadurunge dibaleni maneh ing ukara
candhake. Tuladhane:
a. Urip iki ora angel, angele sok ginawe dhewe,
b. Dheweke tan ngrasa bisa, bisane mung nyadhong dhawuh,dhawuhe Kang
Murba Amasesa.
c. Ngelmu iku luwih pangaji, ajine datanpa tandhing, tandhingna bandha lan
arta, arta iku gampang sirna.

Kejaba digunakake ing guneman padinan, purwakanthi uga digunakake ing


wujud kasusastran liyane, kayata: paribasan, bebasan, tembang, parikan, lan guritan.
Tuladhane:
a. Gawe luwangan, ngurugi luwangan. (bebasan: purwakanthi guru basa)
b. Kebat kliwat, gancang pincang. (paribasan: nunggal swara/at/ lan /ang/)
c. Busuk ketekuk, pinter keblinger. (paribasan: nunggal swara/uk/ lan /er/)
d. Tuladhane purwakanthi sajrone geguritan:

IBU
Dening : Wahyu Sulistiyaningsih
Ibu . . .
Sliramu kadya candra yang suminar ing tengah wengi
Madhangi kahanan peteng kanthi cahyamu
Ibu . . .
Sliramu kadi lintang gumintang ing plataran langit
Kang agawe endah bumi rikala wengi
Ibu . . .
Sliramu lir surya kang tasih jumedhul ing sisih purwa
Gawa kawontenan anget marang putra
Esemu kaya dene eseme widadari kang katon ayu, Ibu
Ibu . . .

14
Katresnanmu sejati marang putra-putramu
Sanadyan putramu asring nglarani penggalihmu
Kesabaranmu kang ageng satuhu
Anganti sliramu nora tega netesake eluh ing sangarepe putramu
Ibu . . .
Putra anamung saged nyuwun pangapura
Awit saking sampun asring agawe kuciwa
Mugi Gusti tansah paring kasarasan dhumateng Ibu
Mugi Ibu tansah pinaringan kabahagian sejati dening Gusti
Ibu . . .
Anamung setunggal ukara kang kula badhe matur
Kula tresna Ibu

Pamawas:
Sajrone guritan ing dhuwur tinemu purwakanthi guru swara, guru sastra, lan
guru basa kang muwuhi tansaya endahing guritan.
e. Tuladhane purwakanthi sajrone reriptan tembang:
Tembang Maskumambang
Angendhanu si mendhung andhudhah sedhih,
kedher kedhap-kedhap,
kang pepadhang lir kalindhih,
dhedhep tidhem sabawane.

F. Parikan
Miturut pamawase Padmosoekotjo (1949, 16) kang diarani parikan iku unen-
unen mawa paugeran telung warna, yaiku (1) kedadean saka rong ukara kang
dhapukane nganggo purwakanthi guru-swara, (2) saben saukara kedadeyan saka rong
gatra, lan (3) ukara kapisan mung minangka purwaka, dene ngese utawa wose
dumunung ing ukara kapindho. Ukara purwaka gunane kanggo narik kawigaten, lan
ukara kapindho minangka isi. Parikan iku ngutamakake rerangkening tembung kang
awewaton gunggunge wanda, runtuting swara (vokal), lan nganggo pathokan
pambuka sarta tundhone isi dadi bakuning karep (maksud). Parikan iku kaya pantun
nanging mung rong larik, sarta migunakake purwakanthi guru swara.
Ing piwulang Basa Indonesia diarani pantun. Jangkepe titikane parikan kaya
mangkene:
(1) Cacahe wanda ukara sepisan , kudu padha karo ukara kapindho.

15
(2) Ukara kang ngarep mung kanggo pambuka/bebuka, dene ukara sabanjure
minangka isi (wose).
(3) Tibaning swara ukara sepisan, kudu padha karo ukara kapindho.
(4) Parikan biasane kedadean saka rong gatra, nanging uga bisa patang gatra.
(5) Bisa kedadean saka patang wanda saben sagatra lan uga bisa kedadean saka
wolung wanda saben sagatra.
Miturut pandhapuke, parikan kaperang:
(1) Parikan (4 wanda + 4 wanda) x 2
Tuladhane:
a. Pitik blorok, manak siji.
Jare kapok, malah ndadi.
c. Wajik klithik, gula Jawa.
Luwih becik, sing prasaja.
d. Nyangking ember, kiwa tengen.
Lungguh jejer, tamba kangen.
e. Plesir sore, dina ahad.
Naksir kowe, kakehan ragat.
f. Plesir sore, dina minggu.
Naksir kowe ora kewetu.

(2) Parikan (4 wanda + 6 wanda) x 2


Tuladhane:
a. Bisa nggender, ora bisa ndemung.
Bisa jejer, ora bisa nembung.
b. Bisa nggambang, ora bisa nyuling.
Bisa nyawang, ora bisa nyandhing.
c. Manuk emprit, menclok godhong tebu.
Dadi murid, sing sregep sinau.

(3) Parikan (3 wanda + 5 wanda) x 2


Tuladhane:
a. Bayeme, wis kuning kuning.
Ayeme, yen wis nyandhing.
b. Timune, diiris iris.
Gumune, ora uwis uwis.
c. Sirahe, dianguk anguk.
Senenge, yen wis kepethuk.

16
(4) Parikan (4 wanda + 8 wanda) x 2
Tuladhane:
a. Klapa sawit, wite dhuwur wohe alit.
Isih murid aja seneng keceh dhuwit.
b. Kembang menur, sinebar den awur awur.
Yen wis makmur, aja lali mring sedulur.
c. Rujak dhondhong, pantes den wadhahi lodhong.
Yen wis condhong, tindakena gotong royong.
d. Tawon madu, ngisep sari kembang jambu.
Aja nesu, yen ditudhuhna luputmu.

(5) Parikan (8 wanda + 8 wanda) x 2


Tuladhane:
a. Gawe cao nangka sabrang, kurang sirup luwih banyu.
Aja awatak gumampang, den sengkud nggregut sinau.
b. Jangan kacang winor kara, kaduk uyah kurang gula.
Piwelingku mring pra siswa, aja wedi ing rekasa.
c. Kayu urip ora ngepang, ijo-ijo godhong jati.
Uwong urip ora gampang, mula padha ngati-ati

Bocah-bocah kang lagi ajar ngucapake utawa gawe parikan, ora mesthi
nglungguhi paugeran. Semono uga parikan kang dianggo nggerongi lelagoning
gendhing, dhapukan ukarane ora tansaha nglungguhi paugeran, sabab cacahe
wandane kawengku ing lagune gendhing. Tuladhane:
a. Ngetan, bali ngulon (2 wanda + 4 wanda)
Tiwas edan, nora klakon (4 wanda + 4 wanda)
b. Kece, ora enak (2 wanda + 4 wanda)
Melu kowe, ora kepenak (4 wanda + 5 wanda)
c. Peyek, diremet remet (2 wanda + 5 wanda)
Ngenyek, aja banget banget (2 wanda + 6 wanda)
d. Pitik walik, jambul wulung (4 wanda + 4 wanda)
Dilirik, wadul mring kakung (3 wanda + 5 wanda)
e. Miri di thek-thek, durung di tari wis ngethek (5 wanda+8 wanda)

G. Panyandra
Panyandra saka tembung candra. Candra iku candra kahananing maujud kang
endah utawa kang ngedab-edabi sarana pepindhan (Padmosoekotjo, 1955:47).

17
Panyandra yaiku unen-unen saemper pepindhan kang surasane mawa tetandhingan
sarta ngemu teges mirip utawa memper. Kang dicandra bab becike lan mengku
ngalem kaendahan, kayata kahananing manungsa, kahanane sata kewan, kahanane
tetuwuhan, kahanane alam, kahanane mangsa, kahanane alam, lan sapanunggalane.
Tuladhane:
a. Candrane Perangane Awake Manungsa
(1) Alise nanggal sapisan
(2) Astane nggandewa gadhing
(3) Athi-athine ngudhup turi
(4) Bangkekane nawon kemit
(5) Bathuke nyela cendhane

b. Candrane Solah Bawa ( Tandang Gawe )


(1) Lakune kaya macan luwe
(2) Pangamuke kaya bantheng ketaton
(3) Swarane kaya mbelah mbelahna bumi
(4) Lembehane mblarak sempal.

c. Candrane Wong Nesu


Candrane wong nesu sinawung ing tembang:
Lir sinabit talingane,
jajabang mawinga-winga,
sinabeta merang sagedheng,
bel dadi geni,
angga pindha mubal dahana,
netra andhik angatirah,
imba tepung,
idep mangada-ada,
waja gathik,
kumedhut pardoning lathi.
saking bangete nggeget waja,
kecoh marus ariyak ludira.

Maksude kaya mangkene :


Candra ing dhuwur nggambarake wong kang lagi nesu banget, atine panas kaya
disabet sagedheng merang kobong. Lan digambarake mripate mencereng abang,
alise nganti gathuk, idepe ngadeg njegrag lan untune nggeget nganti metu getihe.

18
Candra kaya mangkene biyasane bisa kita temoni ing lakon pean utawa ana ing
kethoprak.
d. Candrane Wong Minum
(1) Eka padmasari: ngombe arak sak sloki menyang cayane (rai) katon
sumringah kaya kembang trate.
(2) Dwi amartani : ngombe arak 2 sloki marakke kalis ing pepati.
(3) Tri kawula busana : ngombe arak 3 sloki, solahe wiwit nganeh-anehi ora
kaya adate.
(4) Catur wanara rukem : ngombe arak 4 sloki, guneme wiwit ndleming(kaya
kethek mere-mere ing uwit rukem).
(5) Panca sura panggah : ngombe arak 5 sloki, atine tatag (kendel) ora duwe
rasa sumelang.
(6) Sad guna weweka : ngombe arak 6 sloki, ilang pangati-atine.
(7) Sapta kukila warsa :ngombe arak 7 sloki, njedhindhil kaya manuk kodanan.
(8) Asta sacara-cara : ngombe arak 8 sloki, solah tingkahe wis ninggal kasusilan.
(9) Nawa gra lapa : ngombe arak entek 9 sloki, awake lemes,nglumpruk tanpa
daya.
(10) Dasa yaksa mati : ngombe arak 10 sloki, wis ora obah kaya buta mati.
e. Candraning Mangsa ( Kahananing Alam )
(1) Sotya murca saking embanan = candrane mangsa kasa, mangsa 1. Tegese:
Wiwit wit-witan padha brindhil.
(2) Bantala rengka = candrane mangsa karo. Tegese: lemah-lemah padha nela
(mlethek ).
(3) Suta manut bapa = candrane mangsa ketelu. Tegese: wit gembili (gadhung)
padha mrambat.
(4) Waspa kumembenng jroning kalbu = candrane mangsa kapat. Tegese: tuk
tuk padha pipet ( bumpet ).
(5) Pancuran mas semawur ing jagat = candrane mangsa kalima. Tegese: wiwit
akeh udan.
(6) Rasa mulya kasucen = candrane mangsa kanem. Tegese: ungsum woh
wohan mirasa
(7) Wisa kentar ing maruta = candrane mangsa kapitu. Tegese: akeh lelara.

19
(8) Ajrah jroning kayun = candrane mangsa kawolu. Teges: mangsane kucing
gandhik.
(9) Wedharing wacana mulya = candrane mangsa kasanga. Tegese: mangsane
gareng muni, gangsir ngenthir.
(10) Gedhong minep jroning kalbu = candrane mangsa sepuluh. Tegese: akeh
kewan meteng, manuk ngendhog.
(11) Sotya sinara wedi = candrane mangsa sada. Tegese: mangsane manuk
nggloloh.
(12) Tirta sah saking sasana = candrane mangsa desta. Tegese: mangsa bedhidhing
utawa adhem.

e. Candrane paprangan
(1) Swaraning gong, beri, pusur, tambur, tempuk lan gathiking watang sarta
bengingehing jaran, kaya mbelah-mbelahake bumi.
(2) Polahe wadya bala kaya gabah diinteri.
(3) Tandange kaya bantheng ketaton.
(4) Kehing pepati kaya babadan pacing.
(5) Ing paprangan prasasat banjir getih asarah wangke.

f. Candrane Danawa
Karakit ing tembang Mijil :
Ageng inggil gagah godheg-wok bris,
netrane kadya mong,
wuluwawar sumingkal alise,
simbar jaja pan kadya walingi,
idepnya angisi,
wulune ngrembuyung.

Pethikan kasebut nggambarake buta gedhe dhuwur, raine kebak rambut,


godhegen, brewoken, uga jenggoten lan mripate kaya mata macan. Wulu ing
dhadhane gedhe-gedhe lan dawa-dawa kaya suket wlingi, alise kandel, lan idepe
sakisi-kisi (kisi =wesi kang kuwat).
g. Panyandra Tumrap Temanten
Tuladhane:

20
Binarung swaraning pradangga hangrangin hambabar ketawang Puspawarna,
ana ganda hangambar arum katiyubing samirana manda, kawistara jengkaring sri
atmaja temanten putri mijil saking tepas wangi, tepas mengku werdi papan
wangi wus hangarani ateges mijil saking panti busana nedya humarak sowan
wonten ngarsanipun para rawuh manjing salebeting sasana rinengga
kinanthenan Ibu _____ saha Ibu ___

Sri temanten putri hangagem busana ingkang sarwa retna hangemba busananing
garwa nata, katon pating galebyar pating pancurat lamun kasaru sunaring
pandam kurung ingkang hangrenggani sasana adi, pan yayah kartika hasilih
prenah.
Hangagem puspita rinonce ing ukelira, sinampiraken wonten ing pamidhangan
kanan, lamun katiyubing samirana manda kongas gandane hangebegi wisma
pawiwahan, endah edining busana hamimbuhi gandhes luwes solah bawane,
lamunta cinandra ical sipating janma sawantah pan yayah Bathari ___________
tumurun.

Tindakira sri atmaja temanten putri hamucang kanginan, lengkeh - lengkeh


pindha singa lupa, sapecak mangu satindak kendel pangudasmaraning driya
ingkang dereng kawijiling lesan hangrantu praptaning mudha taruna minangka
gegantilaning nala.
Wus handungkap prapta hunggyan ingkang tinuju, putra temanten putri nulya
kalenggahaken wonten ing sasana rinengga hangrantu laksitaning adicara
ingkang sampun tinamtu.
(Kapethik saking: Tuladha Jangkep Kagem Para Panata Adicara,
Rinakit dening : Soenarwan Hadi Poernomo, Latimin Winoto Adi)

I. Sengkalan/ Candrasengkala
Candrasangkala utawa Sengkalan iku tetengere taun sing disandhi nganggo
tetembungan (ukara), gambar utawa pepethan (Padmosoekotjo, 1982:157).
Sengkalan kang awujud tetembungan diarani sengkalan lamba, dene kang awujud
gambar utawa pepethan diarani sengkalan memet. Sengkalan iku asale saka tembung
[saka+kala+an], banjur muni [sangkalan] lan wusanane luluh dadi [sengkalan].
Panulisan titi mangsa iki asring kagunakake ing Sastra Jawa Kuna lan Tengahan.
Carane maca sengkalan padha karo maos ukara umume, nanging angka sing
kinandhut ing ukara sengkalan mau diwaos saka mburi mengarep utawa saka tengen
mangiwa kaya maca tulisan Arab. Tegese, angka saka ukara sing keri saka sengkelan
mau dadi angka taun sing ngarep dhewe. Tuladhane:
a. Sirna ilang kretaning bumi, yen dijarwakake dadi angka 0, 0, 4, 1, banjur diwalik
lan diwaca dadi taun 1400 utawa taun 1478 Masehi.

21
b. Tangan Yaksa satataning Janma, dijarwakake dadi angka 2,5, 5, 1, banjur
diwalik lan diwaca dadi taun 1552 Jawa utawa taun 1670 Masehi.
Tembung sengkalan asale saka tembung saka lan kala. Saka utawa aka
iku jenenge bangsa Indhu, kala utawa kala ateges wektu. Sakakala ya iku kalane ana
ratu golongan aka kang jumeneng nata ing tanah Indhu sisih kidul, lan wektu iku
wiwitanetahun saka, ya iku taun 1 utawa taun 78 Masehi. Mungguh kang dikarepake
sengkalan, yaiku unen-unen sing nduweni teges angkaning taun. Ing jaman biyen
sing kanggo petungan ing Tanah Jawa iku taun Saka, nanging saiki ana sing
migunakake taun rembulan utawa taun candra. Petungan sing sasine manut lakuning
rembulan diarani Candrasengkala. Sengkalan kang adhedhasar taun srengenge
banjur diarani Suryasengkala.
Amarga sengkalan kalebu rerangkene basa endah, mula pangrakite sengkalan
bisaa salaras karo kedadean kang disengkalani, aja nganti ukara sengkalan mung
awujud tetembungan kang dijejer-jejer. Isine sengkalan bisa awujud kekudangan,
pangarep-arep, pangalembana, pamuji, panyeda, panalangsaning ati, lan
sapanunggalane. Carane ngrakit sengkalan kaya mangkene:
(1) Sepisanan kudu nggoleki tembung luwih dhisik kanggo guru dasanama
(persamaan arti kata), tegese tetembung sing darbe tegese padha duwe watak
wilangan sing padha. Umpamane : gunung, prawata, arga, giri, haldaka, lan redi.
(2) Kaping loro, guru sastra (persamaan kata), tetembungan sing duwe wujud
tulisan sing padha, dianggep duwe wilangan sing padha. Tuladhane : esthi sing
tegese gajah. Lan tembung esthi iku, uga mengku teges kekarepan kang duwe
watak wolu (8).
(3) Kaping telu, nggoleki guru warga (persamaan golongan). Tetembungan sing
duwe golongan padha dianggep darbe watak wilangan sing padha, contone :
rembulan, srengenge, bumi, iku duwe watak wilangan siji (1).
(4) Kaping papat, guru wanda (persamaan suku kata), yaiku tetembungan sing duwe
wanda utawa unine padha dianggep duwe watak wilangan sing padha yaiku
papat (4).
(5) Kaping lima, yaiku migatekake anane guru sarana (persamaan fungsi), yaiku
sarana utawa alat.Watak wilangan dianggep padha karo fungsine (pigunane).

22
Tuladhane : ilat (lidah) sing ngunakake rasa dianggep duwe watak wilangan
padha, yaiku enem.
(6) Kaping enem, nggoleki guru karya (persamaan sifat kerja) yaiku barang lan
karyane, watak wilangane dianggep padha, umpama mata lan mandeng,
dianggep darbe watak wilangan padha, yaiku loro (2).
(7) Kaping pitu, guru darwa (persamaan sifat), yaiku sipat salah sawijining barang
(benda) dianggep darbe watak lan wilangan sing padha. Tuladhane panas
dianggep duwe watak wilangan sing padha, yaiku telu (3).
(8) Kaping wolu, yaiku nggoleki guru jarwa(persamaan arti utawa sinonim).
Tetembungan sing duwe teges makna (arti ) sing padha. Contone, retu,obah lan
horeg, dianggep duwe watak wilangan sing padha, yaiku enem (6)
(https://jv.wikipedia.org/wiki/Sengkalan, diakses tanggal 6 Juli 2016).
Tembung-tembung kang dianggep nduweni watak wilangan kanggo gawe
sengkalan, yaiku:
1) Watak siji
a. Tembung kang nduweni teges siji kayata : iji, wiji, tunggal, tunggil, eka.
b. Tembung kang nduweni surasa mung siji, kayat : jati (sajati, sejatos), nyata
(sanyata), yekti (sayekti, sayektos), Gusti, lsp.
c. Jenenge perangane awak sing cacahe mung siji, kayata : dhara (weteng), nabi
(wudel), iku (buntut).
d. Barang sing awangun bunder, kayata : bumi, srengenge, rembulan lsp. Bunder
iku dianggep wungkul, tegese isih wutuh siji.
e. Wong lan dasaname, kayata : wong, manungsa, janma, jalma.
f. Rerimbagane tembung-tembung kang kasebut ing a nganti e.
2. Watak loro
a. Tembung-tembung kang ateges loro, kayata: loro, kalih, dwi.
b. Tembung-tembung kang ngemu surasa loro , kayata: kembar, penganten,
kanthi lsp.
c. Perangane awak sing cacahe loro, kayata: tangan, suku, swiwi, lar, lsp.
d. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti c.

23
3. Watak telu
a. Tembung-tembung kang nduweni teges telu telu, kayata : telu, tiga, tri.
b. Geni lan dasanamane, kayata : geni, bahni, pawaka, lsp. Ujaring kandha
leluhure Ijajil iku asorot warna telu : abang, kuning, lan biru.
c. Kahanane geni lan kang gegayutan karo geni, kayata : panas, murub,
padhang, geseng, kukus, sorot, obor, lsp.
d. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti c.
1. Watak papat
a. Banyu lan dasanamane (tirta, warih, udaka lsp). Ujaring kandha , banyu iku ana
warna 4 (banyu saka bumi, saka langit, saka manungsa, saka kewan).
b. Tembung-tembung kang ateges 4 , kayata : papat, sekawan, catur.
c. Kahanane banyu, kayata : bening, suci, tawa, lsp.
d. Kang ngemu surasa banyu lan sing isi banyu, kayata : bun, jawah, seganten,
sumur, lsp.
e. Kang ateges gawe, karya , kayata : gawe, karti, kardi.
f. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti e.
5. Watak lima
a. Tembung-tembung kang nduweni teges lima , kayata : lima, gangsal, panca,
Pandhawa, .
b. Buta lan dasanamane , kayata : danawa, yaksa, ditya, raseksa, lsp. Buta iku
kalebet pancabaya, tegese bebaya warna lima 5, yaiku : bebaya saka dewa,
saka manungsa, saka kewan, saka raseksa.
c. Angin lan dasanamane, kayata : samirana, bayu, maruta, lsp. Karimbag saka
pancaroba angin saking 5 panggonan ngerobi, yaiku angin saka keblat 4 lan
saka ndhuwur. Utawa karimbag saka pancarowa, angin saka 5 panggonan
awor dados dadi siji.
d. Jemparing lan dasanamane (panah, sara, hru, lsp) . Jemparing iku kalebu
gegaman kanggo pancakara (perang) sing ateges nindakake 5 perkara, yaiku:
mara cangkem, mara tangan, mara sikil, mara bandhem, mara gegaman.
e. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti d.
6. Watak nenem/ enem
a. Tembung-tembung sing ateges nenem, yaiku : nenem, sad.

24
b. Jenenge kewan asikil nenem (sadpada), kayata : kombang, tawon, anggang-
anggang, lsp.
c. Kang ngemu surasa 6 , kayata: naya, winayang (mangsa 6 ), retu (saretu = 6
taun).
d. Tembung-tembung : geger, oreg, oyag, obah, gonjing, moyag-mayig, karimbag
guru jarwa karo retu.
e. Jenenge rasa, sebab rasa iku ana 6 warna (sad-rasa) yaiku : rasaning pandulu,
pangganda, pangrungu, pangenyam, panggrayang, lan sara sejati ( bungah,
susah, tentrem, lsp). Kang lumrah dianggo sengkalan iku sarkara lan
dasanamane rasa, (manis, legi, asin).
f. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti e.
7. Watak pitu
a. Tembung-tembung kang ateges pitu , yaiku : sapta, pitu.
b. Gunung lan dasanamane (wukir, parwata, aldaka, lsp) . Miturt laying
Darmasonya ing antariksa ana jagat jeneng sapta prawata (ateges gunung
pitu) , dienggoni para dewa lan resi gana. Ing sadhuwure jagat iku dununge
jagate Bathara Wisnu.
c. Turangga lan dasanamane (kuda, kapal, aswa, lsp).
d. Pendhita lan dasanamane (wiku, muni, suyati, lsp). Miturut layang
Pustakarajapurwa, Prabun Sri Mahapunggung jumenenge nata ajejuluk Nata
Binathara Sri Maharaja Kano seneksen dewa 9, brahmana 8, pandhita 7, mula
dewa awatak 9, brahmana 8, pandhita 7.
e. Swara dianggep nduweni watak 7, sebab cacahe aksara swara Jawa ana 7,
yaiku : a, I, u, e, o, e, re, le.
f. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti e.
8. Watak wolu
a. Tembung-tembung kang nduweni teges wolu , kayata : wolu, astha.
b. Wasu (basu), sebab cacahe wasu (jinising dewa) ana wolu, yaiku : 1. Dara, 2.
Druwa, 3. Soma (Candrama), 4. Anila (Swasana), 5. Anala (Hutasana) , 6.
Pratusya, 7. Aha, 8. Prabasa (Drahyu). Kabeh iku lumrah disebut Asthabasu.
c. Gajah lan dasananmane (liman, esthi, dirada, lsp) sebab Nagaraja kejaba
ateges retuning naga (sawer) uga ateges ratuning gajah.

25
d. Naga lan dasanamane (ula, taksaka, sawer), karimbag guru-dasanamane karo
basu, sebab tembung basu uga ateges ula.
e. Pujangga (bujangga), sebab kajaba ateges wong kang wasis ing babagan basa
lan karangan , tembung Pujangga (Bujangga) uga ateges ula. Ana maneh
sebabe pujangga awatak 8, amarga pujangga kasinungan limpad (kapinteran)
warna wolu.
f. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti e.
9. Watak sanga
a. Tembung-tembung kang nduweni teges 9 yaiku : sanga, nawa.
b. Dewa lan dasanamane (jawata, lsp)
c. Tembung kang nduweni surasa bolong , mlompong, ora rapet, kayata :
dwara, wiwara, gapura, dalan, rong, leng, song, guwa, babahan lsp. Babahan
ana sanga, yaiku : bolongane irung 2, mripat 2, kuping 2, lesan 1, planangan
(pawadonan) 1, dubur 1.
d. Kang gegayutan karo kang ngemu surasa bolong, kayata : butul, mbuka,
menga, manjing, mlebu, terus, rumasuk, lsp.
e. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti d.
10. Watak das
a. Tembung-tembung kang surasa ora ana utawa wis ora ana utawa wis ora
wutuh kayata : mati, ilang, sirna, tanpa, datan, telas, nir, brastha, surud,
sempal, swuh, ruska, lsp.
b. Langit dan dasanamane (akasa, gegana, dirgantara, ngawiyat, lsp) sebab langit
(sing awarna biru) salugune ora ana.
c. Sing ngemu surasa ing langit , kayata : dhuwur, luhur, inggil.
d. Kang ngemu surasa ngener langit , kayata : mumbul, muluk, kombul, mesat,
mletik, tumenga, lsp.
e. Suwarga , sebab ing pangrasa dununge suwarga iku ana ing dhuwur.
f. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti e.
Ana tembung-tembung kang watak wilangane mbingungangke, kayata:
2. Estri, watak 3, guru wanda karo tri, ateges 3. Wanita watak 1, guru wanda karo
awani, ateges srengenge.

26
3. Mulat watak 2, karimbag guru karya karo mripat. Uninga watak 3, karimbag guru
dasanama karo obor.
4. Marga watak 5, karimbag guru wanda karo margana, ateges jemparing. Dalan
watak 9 , karimbag guru jarwa karo terus, bisane terus jalaran ana dalane.
5. Mulang watak 7, karimbag guru karya karo pandhita (Mulang iku pakaryane
pendhita, ing jaman biyen). Misik watak 5 , karimbag guru-dasanama karo angin.
(wisikan = angin).
6. Gana watak 6, karimbag gur warga karo sadpada (kewan asikil 6). Gegana watak
das, karimbag guru dasanama karo langit. (gana = anak tawon).
7. Nata tembung lingga ateges ratu, watak 1. Karimbag guru dasanama karo raja.
Nata tembung tanduk (an + tata) watak 5 , karimbag guru dasanama karoangin
(tata = angin).
8. Muni watak 7, karimbag guru dasanama karo pendhita. Caturan watak 4,
karimbag guru wanda karo catur. (Catur tembung Kawi = 4 ).
9. Suta watak 1, karimbag guru-dasanama karo anak, atmaja. Yoga watak 4, sebab
yoga iku nduweni teges jaman, lan ing jaman iku ana 4 : 1. Kretayoga, 2
Tirtayoga, 3. Duparayoga, 4. Kaliyoga.
10. Ati watak 1, karimbag guru dasanama karo tyas. Nala watak 3, karimbag kari guru
dasanama karo geni. Nala, anala = geni. Driya watak 5, karimbag guru guru
wanda karo pancadriya. (Diposkan oleh Sugeng Kariyodiharjo di 05.39, diakses
tanggal 6 Juli 2016)
Wewatakan tembung kang digawe sengkalan uga ana kang sinawung tembang
supaya gampang diapalake. Wujude tembang kaya mangkene:
(1) Watak Siji
Asmaradana
Janma nabi tunggal gusti,
badan rupa maha buda,
samadi iku pamase,
surya candra sasadhara,
wiji godhong lek kenya,
wungkul buweng urip nekung,
nyata sudira tyas putra.

27
(2) Watak Loro
Kinanthi
Penganten dwi nembah suku,
gandheng asta ndulu dresthi,
netra myat buja bujana,
karnan ngrengga athi-athi,
paksa apasang carana,
sikara bau suwiwi.

(3) Watak Telu


Pangkur.
Tri jatha lir wrin dahana,
kaya wignya uninga anahuti,
sorot brama api murub,
kobar guna ujwala,
teken siking keksi bahni kukus apyu,
nala benter rananggana,
katon panas pndha agni.

(4) Watak Papat


Pucung
Sumber sumur tlaga wening karya masuh,
udan bun her dadya,
warna warih waudadi,
tira nadi dadi suci wedang tawa.

(5) Watak Lima


Durma
Saya galak guling wil yaksa raseksa,
marga pandhawa lungid,
bana wrayang sara,
wisaya pancakara,
cakra hru astra jemparing,
gati tinata,
braja margana angin.

(6) Watak Nenem


Sinom
Mangsa nenem carem raras,
Rasane madu hartati,
Naya sad wuyungan,

28
Ilat kilat obah manis,
Ginggang prabatang oyig,
Madura sarkara retu,
Lona tikta kayasa,
Anggas anggang-anggang gonjing,
Tahen wreksa winayang kayu anggana.

(7) Watak Pitu


Maskumambang
Resi gunung pitu anitih turanggi,
suka weling wulang,
swara gora angsa muni,
aswa giri gung himawan.

(8) Watak Wolu


Mijil
Astha basu ula slira murti,
gajah tengga bunglon,
tanu sarpa bajul baya tekek,
dipa manggala madya basuki,
dipangga angesthi,
brahmana wewolu.

(9) Watak Sanga


Gambuh
Kusuma ngganda arum,
Dewa sangan mbuka pintu masuk,
Kori menga gatra wangi terus manjing,
Muka wadana marbuk rum,
Anggangsir babahan bolong.

(10) Watak Das


Megatruh
Sirna musna muksa mesat langit mumbul,
pejah tanpa suwarga nir,
brastha rusak swuh wuk suwung,
sunya windu surud sat nis,
sempal ngles gegana adoh.

29
Sengkalan memet yaiku sengkalan sing digawe ora nganggo ukara, nanging
awujud gambar, reca, candhi, gedhong lan sapanunggalane. Lumrahe awujud
pepethan 2 utawa 3 dhimensi. Tuladha sengkalan memet ing Kraton Yogyakarta:

(1) Dwi Naga Rasa Tunggal, yaiku patung naga 2 kang padha nggubet (melilit) lan
bisa dideleng sandhuwure renteng kelir baturana ing regol kemagangan lan
gedhung mlathi. Dwi Naga RasaTunggal tegese taun 1692 Jawa, yaiku taun
madege Keraton Yogyakarta.
(2) Dwi Naga Rasa Wani, awujud reca naga loro kang rupane abang ing sangarepe
regol kemegangan. Dwi Naga Rasa Wani ngemu teges taun 1682.
(3) Esthi Sara Esthi Aji, awujud gajah cacah loro kang ana panahe ing tlalene.
Manggone ing regol Danapratapa, yang nadhani dipugare Kori Danapratapa
dening Sultan Hamangkubuwono VII ing taun 1858 Jawa.
Ing Jawa Timur uga ana sengkalan utawa candrasengkala kang tinemu ing
candi, kaya ta kang ana ing candi Penataran kang unine Naga muluk sinangga jalma
kang tegese angka tahun 1208 Saka utawa 1286 M madege candi ing mangsa
paprentahan Prabu Kertanegara. Wujude sengkalan kaya gambar ngisor iki.

Pamahatan relief naga raja anahut surya di candi Sawentar II kang nuduhake
angka taun 1323 Saka. Relief iku nggambarake anane prastawa rebutan tahta ing
kerajaan Majapahit. Ing mangsa paprentahane Wikramadharma dumadi perang
30
kulawarga, antarane Wikramadharma kang mrentah ing tlatah kulon (Majapahit) lan
Bhre Wirabhumi kang mrentah tlatah wetan (daerah Balambangan). Sajrone Serat
Pararatonprastawa iku katelah paregreg. Taun 1318 Saka kang kagambar ing
sengkalan nagaraja anahut surya cedhak banget karo dumadine perang paregreg.

31
DAFTAR PUSTAKA

Darusuprapta. 1992. Serat Wulang Reh.Anggitan Dalem Sri Pakubuwana IV. Surabaya.
CV Citra Jaya Murti.
Hutomo, Suripan Sadi. 1990. Kesastraan Jawa. FPBS IKIP Surabaya.
Padmosoekotjo, S. 1953. Ngengrengan Kasusastran Djawa : Kanggo Para Siswa
Sekolah Guru B Lan Sadjadjare (K.G.B., K.L.P.S.G.B., S.M.P.) Jogjakarta : Soejadi
_________, 1955, Ngengrengan Kasusastran Djawa, Vols. I-I I. Jogjakarta: Hie Hoo
Sing. Paget, R. K.
_________, 1987. Gegaran Sinau Basa Jawi Memetri Basa Jawa. Surabaya: PT Citra
Jaya Murti.
Subalidinata, RS. 1974. Sarining Kasusastran Jawa. Yogyakarta. FSK UGM.
Subalidinata, RS. 1991. Seluk Beluk sastra Jawa. Yogyakarta. FSK UGM.

Sumber Internet:
(1) http://jihankismi.blogspot.com/2013/12/basa-rinengga-kanggo-pepaes-
sastra.html, diakses tanggal 24 Agustus 2014
(2) http://www.kawuryan.com/?p=335, diakses tanggal 24 Agustus 2014
(3) http://alifbaktak.blogspot.com/2012/07/basa-rinengga.html, diakses tanggal
24 Agustus 2014
(4) http://ithinkeducation.blogspot.com/2012/12/basa-rinengga-ten-boso-jawi-
bahasa.html, diakses tanggal 24 Agustus 2014
(5) https://karlinasetiyanti.wordpress.com/2014/01/09/tembung-saroja-2/,
diakses tanggal 24 Agustus 2014
(6) http://tanahmemerah.wordpress.com/kasastraan/kawruh-bahasa-
jawa/tembung-entar/, diakses tanggal 24 Agustus 2014
(7) http://jv.wikipedia.org/wiki/Wangsalan, diakses tanggal 24 Agustus 2014
(8) http://sastra-jawa007.blogspot.com/2010/01/paribasan-bebasan-saloka.html,
diakses tanggal 24 Agustus 2014
(9) http://www.kelasjawa.com/2014/03/paribasan-bebasan-lan-saloka.html,
diakses tanggal 24 Agustus 2014
(10) http://corojowo.blogspot.com/2011/11/purwakanthi.html, diakses tanggal 24
Agustus 2014
(11) http://mustofaalmahfud.blogspot.com/2013/05/purwakanthi-bhs-jawa.html,
diakses tanggal 24 Agustus 2014
(12) http://pendekarjawa.wordpress.com/parikan/, diakses tanggal 24 Agustus 2014
(13) Basa rinengga iku basa kang endah (bebasan,paribasan, lan saloka)
(14) http://ptkguru.com/?darmajaya=index&daryono=base&action=listmenu&skins
=1&id=297&tkt=2, diakses tanggal 8 Juli 2016).
(15) (https://jv.wikipedia.org/wiki/Tembung_camboran diakses tanggal 20 Juli
2016).

32
(16) (https://tanahmemerah.wordpress.com/kasastraan/.../tembung-entar diakses
21 Juli 2016)
(17) (https://jv.wikipedia.org/wiki/Sengkalan, diakses tanggal 6 Juli 2016).
(18) (sutiknojawa.blogspot.com/2011/07/sesanti.html kaakses 4 Juli 2016)

33

Anda mungkin juga menyukai