Anda di halaman 1dari 7

Wulangan 1

1. Artikel yaiku karangan sing nyata ora di gawe-gawe opini,kang jangkep lan isine
dawa tinamtu,tujuane kanggo di sebarke 

2. Analisis struktur artikel :


a. Irah-Irahan (Wakil saka tema)
b. Pembuka (Pokok Pikiran)
c. Panjelas (Panunjang)
d. Panutup (Dudutan/Kesimpulan)

3. Jenis - jenis artikel


a. Artikel eksploratif artikel niki nuduhake fakta sing miturut pemikiran lan kajian
penulisane
b. Artikel deskriptif, artikel iki kang nggambarake babagan sing ana lan kedadeyan
ing lingkungan masyarakat. Wong sing ingkang ngrungoake bisa ngrasakake
babagan kang ditulis penulise.
c. Artikel eksplanatif yaiku artikel sing isine katerangan babagan perkara kanggo
dimangerteni sing pada maca artikel kasebut.
d. Artikel preskriptif yaiku artikel ing kang mènèhi tuntunan marang wong sing
maca supaya ora keliru.
e. Artikel predhiktif yaiku artikel kang isine ramalan babagan apa sing bakal
kedadean miturut sing nulis artikel kasebut.
f. Artikel naratif yaiku artikel kang kaitane karo cerita utawa kedadeyan sing wis tau
ing sawijining wektu.
g. Artikel eksposisi yaiku artikel kang isine kanggo ngajak sing maca supayane bisa
nambah elmu sing ditulis saka penulise.
h. Artikel argumentasi yaiku artikel kang nduwe ancas kanggo mbuktekake
kabeneran sawijining panyaruwe.
i. Artikel persuasi yaiku artikel kang ancase kanggo mrabawani wong kang sing
maca kanggo nindakake apa sing dikarepake pengarange.
Wulangan 2 Cerita Wayang
a. Unsur Intrinstik
a. Tema,inggih menika gagasan baken ingkang dados dhasaring cariyos.
b. Paraga,inggih menika purusa ingkang nglakokake cariyos.
c. Penokohan,inggih menika gambaran watak paraga.
d. Latar/setting,inggih menika panggenan,wekdal,utawi swasana
kadadosanipun prastawa ing salebeting cariyos.
e. Alur/plot,inggih menika rerangkening cariyos ingkang kadhapuk kanthi logis.
 Pengenalan (teteoungan / perkenal/ orientasi)
 Prakara / masalah
 Konflik
 Resolusi
f. Amanat/pesan,inggih menika pitutur utawi pesen pangripta ingkang badhe
dipunaturaken dhumateng pamaos.
g. Sudut pandang,inggih menika posisi pangripta wonten ing cariyos.
Pangripta saged dados:
   -Purusa kapisan paraga utama (orang pertama pelaku utama )
   -Purusa katiga (orang ketiga )
   -Sarwi mangertos (serba tahu )

Petruk dadi ratu


1. Unsur Intrisik
 Tema : Wong cilik kang pingin dadi raja
 Paraga lan watak wantune (Penokohan)
1. Petruk : Sombong
2. Abimanyu : Wicaksana
 Latar Panggonan : Negara Lojitenggara
 Alur : Mundur
a. Tetepungan (orientasi)
Petruk dadi ratu akeh wong kang gumuyu
b. Masalah / Prakara
Mencloko wutu marang kawula
c. Konflik
Ajajuluk Prabu Wel Geduwel Beh. Kanggo kukuh dadi ratu. Petruk
mbutuhake dampar astina warisan Pulasara
d. Komplikasi
Abimanyu kang mandang lara ndika di pengku Prabu Wel Geduwel
Beh. Kandha marang petruk “Kowe ora bakal bisa nglungguhi tahta
kui yen kowe ora bisa dadi raja”
e. Resolusi
Petruk sadar maneka raja kuwi ora bisa dadi raja menawa ora
dipangku dening kawuh. Merga para kawula kang bisa
nyempurnaake uripe sang raja.
f. Piweling (amanat)
Panguasa kuwi kudu gelem lelabuhan kanggo kawula ora malah
ngraya uripe kawula, Raja dan kawula kudu wengku-winengku.
g. Pawangasih Pangripta
Pamawase wong kang kaping telu.

2. Unsur ektrinstik
 Nilai moral
Panguwasa kuwi kudu gelem lelabuhan kanggo kawula ora malah
ngrayah uripe kawula, lan kawula kudu wengku-winengku

3. Analis Relevansi :
 Panguasa kuwi kudu gelem lelabuhan kanggo kawula ora malah ngraya
uripe kawula
 Raja lan kawula kudu wengku - winengku
Wulangan 3 Ciri-ciri ragam basa lisan
1. Langsung
a. “Kok kesesa mboten medang to.”
b. “Suwun – suwun kang, kapan kapan mawon mangga Pak Guru.”

2. Kaiket dening ejaan, anging kaikat dening kahanan nalika micara


 Ekspresi : Lara rasane atiku (rada mberengut)
 Intonasi : Lha kok sepalih.......yit? (rada sentak swarane jumadi mangkel
 Salah bawa : Pokoke, kula nyuwun.....pokoke (Hapsari ngendhet bapake karo...)

3. Ana abang-abang lambe / berbasi – basi


a. Wadhuh gek pada tapa ta iki

4. Ukara asring ora genep


a. Mpun, nggih kang, kula dak wangsul riyin......

5. Lagune ukara kudu stuasional

Unggah-ungguh Basa Jawa


a. Ngoko Lugu
Ngoko lugu wujude kabeh tetembungane migunakake tembung ngoko. Ngoko lugu
digunakake kanggo omong-omongan antarane wong sing wis kekancan akrab lan
wong tua marang anake.
Tuladha:
1. Kowe mengko neng ngomah apa ora?
2. Amir ora mlebu sekolah jalaran lara weteng.
3. Kowe sida melu bapak menyang Sala apa ora ndug?
4. Mengko bengi sinau bareng neng ngomahmu ya?

b. Ngoko Alus
Ngoko alus wujude tembung-tembung ngoko kang dicampuri tembung krama kanggo
ngajeni wong sing diajak omong-omongan. Ngoko alus biayasane digunakake kanggo
omong-omongan antarane wong diwasa sing wis akrab ananging isih padha ngajeni,
wong tuwa marang wong nom sing diajeni, lan kanggo ngomongake wong sing
diajeni.
Tuladha:
1) Pak Amin wis rawuh apa durung?
2) Panjenengan arep tindak menyang Semarang dina apa?
3) Mas Anto arep siram saiki apa mengko?
4) Wingi Pak Dhe rawuhe nitih motor mabur.
c. Krama Lugu
Krama lugu wujude kabeh tetembungane nganggo tembung krama ananging
wuwuhane isih migunakake wuwuhan basa ngoko. Krama lugu biyasane digunakake
dening bakul ing pasar menawa omong-omongan karo wong kang arep tuku.
Tuladha:
1) Sampeyan mundhute sayur ingkang pundi?
2) Mangke kula betakake dhateng daleme panjenengan.
3) Kopine sampun diunjuk eyang kakung.
4) Bapak kundure mangke jam kalih.

d. Krama Alus
Krama alus wujude kabeh tetembungane krama kabeh. Krama alus digunakake kanggo
wong nom menawa matur marang wong tuwa, anak buah marang pimpinan, lan wong
sing durung kenal.
Tuladha:
1) Mangga pinarak, panjenengan sampun dipuntengga bapak.
2) Menawi sampun dados tugasipun saged dipunkempalaken.
3) Bapak lan ibu sampun tindak dhateng Jogja kala wingi.
4) Pak, kula badhe nyuwun arta kangge tumbas buku basa Jawi.
Wulangan 4 Aksara Jawa

Anda mungkin juga menyukai