Anda di halaman 1dari 5

MODUL BAHASA DAERAH

KELAS 8 – SEMESTER I

Oleh:
Ananda, S.Pd.

MTs. Nahdlatul Wathon


Alamat : Jl. Hangtuah No. 2 Gadingrejo Telp. 0343 - 432484 Kota Pasuruan 67134

Email : n4w4.1998@gmail.com
**Pertemuan 2

WULANGAN I

A. Pangerten Cerita Cekak (Cerkak)


Cerita Cekak (Cerkak) yaiku mujudake salah sijining jinis karya sastra kang
maparake kisah utawa crita ngenani pawongan jangkep klawan masalahe liwat tulisan.
Cerkak uga bisa diartekake sawijining karangan fiktif kang isi panguripaning pawongan,
kang dicritakake kanthi ringkes.
Ciri-ciri cerkak yaiku:
a. Dalan critane luwih cekak tinimbang novel
b. Isi critane njupuk saka panguripane manungsa sadina-dina
c. Sajrone cerkak kang digambarake mung inti sarine wae
d. Paraga sajrone ngalami masalah utawa konflik lan penokohane mung prasaja banget
e. Duweni alur crita tunggal

B. Struktur Cerkak
a. Abstrak
b. Orientasi
c. Komplikasi
d. Evaluasi
e. Resolusi
f. Kodha

C. Unsur Instrinsik Cerkak


a. Tema
Tema kui mujudake inti crita utawa gagasan pokok sing digunakake nemtokake lakune
crita lan tujuane lan dadi dasar dalan crita.
b. Alur/plot
Alur kui mujudake urutan utawa tahapan dalane crita. Alur kaperng dadi telu yaiku alur
maju, alur mundur, lan alur campuran.
c. Setting/Latar
Setting/latar kui banget gegayutan klawan panggonan, wektu, lan suwasana sajrone
crita.
Latar panggonan : samubarang sing nggambarake papan kedadeyane crita.
Latar wektu : wektu sing nggambarake kedadeyan iku dumadi
Latar suwasana : swasana sing digambarake ing sajroning crita (sedih, bungah,
nguciwani)
d. Paraga lan Penokohan
Paraga yaiku pawongan kang nindakake lakune crita. Paraga kaperang dadi loro yaiku:
Paraga utama : paraga sing paling akeh sesambungane karo crita
Paraga tambahan : pagara geganep crita amarga among arang-arang sesambungane
karo paraga liya.
Dene miturut watake paraga bisa kaperang dadi telu yaiku:
Antagonis : paraga kang pakartine ala
Protagonis : paraga kang pakartine becik
Tritagonis : paraga kang dadi panengah antarane paraga antagonis lan protagonis
e. Amanat
Amanat yaiku pesen moral utawa piwulang becik ing sajroning crita.
TUGAS

Wacanen cerkak “Dea Kudu Bisa”, sabanjure wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor
kanthi trep lan golekana unsur-unsur intrinsike!

Dea Kudu Bisa


Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!

1. Apa wae tanggung jawabe Dea wektu dadi ketua kelas?


2. Kepriye kahanane kanca-kancane Dea?
3. Apa sing dadi nasihate Ibu marang Dea?
4. Kena apa Dea kerep nglamun ana omah?
5. Sawise diomongi Ibune, kepriye atine Dea lan apa sing dadi niate Dea?

Golekana unsur-unsur intrinsik “Dea Kudu Bisa”


1. Tema : …………………………………………………………
2. Alur : …………………………………………………………
3. Latar
a. Latar Panggonan : …………………………………………………………
b. Latar Wektu : …………………………………………………………
4. Paraga lan watake paraga : …………………………………………………………
5. Amanat : …………………………………………………………

Anda mungkin juga menyukai