Anda di halaman 1dari 11

NASKAH DRAMA

“LUWIH NGATI- ATI”

PANYUSUN :
NADHIFA DEWI FORTUNA
XII IPS 2
25

BAHASA JAWA
SMA Negeri 1 Batu
Tahun ajaran 2020-2021
Atur Prawacana

Ngaturaken sembah lan sujud syukur mugi katamphi wonten ngarsaning Gusti kang Moho Agung,
Amargi kanthi berkah lan pitulunganipun Gusti tugas Damel naskah drama sandiwara kanthi irah-
irahan “Luwih Ngati-ati” punika saget purna kasusun.

Tugas punika kawula susun kanthi temen lan estu kagem netepi lan njangkepi tugas semester 2
piwulangan waseso jawi, lan wonten pinten-pinten pitulungan saking rencang, kerabat lan
pangucal sahinggo saget purna kanthi sae lan endah. Sedanten seratan meniko mboten estu lumrah
hak leres, kagem nyampurna aken sedanten klenta-klentu lan kiranganipun tulisan menika pramilo
panyaruwe saha panyendu tansah kula anthi-anthi saking sinten ke mawon ingkang maos.

Mugi-mugi seratan menika saget paring manfaat lan ngelmu ingkang manfaat kagem sedanten
ingkang maos seratan meniko, sugeng maos

Batu, 26 Januari 2021

Panyerat
Cerkak Bahasa Jawa

Luwih Ngati-ati

Dening : Nini Klenyem

Stres, ayake ngono nek tembung saiki. Aku gumun karo bocah-bocah jaman saiki. Apa-apa sing
dijokake kok anggone ngambeg, mutung lan nekad. Mangka perkarane durung cetha. Klebu
pasien anyar priya sing dakrumat ing bangsal Kenanga telung ndina iki.

“Piyambake nekad badhe nglalu, Suster. Ngebut dhateng margi ageng, lajeng srempetan kalihan
bis,” kandhane ibune pasien mau nailika aku ngganti perban ing sirahe.

“Lajeng perkawisipun punapa, Bu?”

“Mboten ngertos, Sus. Terose anak kula niku bibar regejegan kalih pacare, pacare lajeng kesah
dhateng Jakarta. Empun seminggu niki mboten mlebet kuliyah.”

Atiku ayem báreng dhokter ngendika yen pasien iku mung putung sikile karo babak bundhas
kulite. Organ njerone isih wutuh. Aku yakin yen gips-e wis dibukak dheweke mesthi enggal
pulih. Nalika durung seminggu neng rumah sakit, dheweke angel mangan. Kepeksane kudu
takdulang kanthi tlaten. Yen adus cukup dakelap nganggo andhuk teles.

Sajake atine priya kuwi lagi koming. Ketitik turune ora jenak lan asring nglindur kanthi nyebut-
nyebut, “Ningrum. . .Ningrum.” Mbokmenawa Ningrum kuwi pacare.

Ganep sepuluh dina kesadharane wis pulih sawutuhe. Ning yakuwi, dheweke malih manja,
gelem mangan ning kudu dakdulang. Kanca-kanca suster pating clebung anggone nggojlogi aku.

“Dina, Tamtomo pasienmu kae wis semester akhir lho. Jurusan hukum. Suk nek lulus dadi
pengacara akeh dhuwite"

"Ah ya embuh" Wangsulanku kari nglungani.

“Hampir tahun baru, pacar baru ni ye,” ngono panggodhane kanca-kanca yen aku rampung
ngrumat Tomo. Aku klincutan karó age-age nyingkrih.

Nanging sing cetha ing atiku wiwit kethukulan rasa seneng yen cecedhakan karo Tomo. Apa iki
sing diarani witing tresna jalaran saka kulina? Ujare kanca-kanca suster, yen aku durung ketok,
Tamtomo ajeg nakokake, “Mana Mbak Dina?”
Saiki Tomo wis ajar mlaku, nanging njaluk daklawani. Aku ya ora nulak, wong ngrumat pasien
mono rak mujudake tugas utamaku ing rumah sakit iki. Babar pisan aku ora wani takon apa-apa
ngenani pangrasane Tomo, kejaba mung ndedonga jeroning ati supaya dheweke enggal
pinaringan sehat lan bisa kuliyah maneh. Dene bab-bab liyane takpasrahke ana ngarsane Gusti
kang Maha Wenang. Nalika anggonku nglawani lakune tekan sangisoring wit alamandha kang
ngrembuyung godhonge, Tomo ngajak leren lungguhan ing bangku taman.

Karo mapan lungguh dheweke kandha, “Dhik Dina, maturnuwun dene sliramu wis kersa
ngrumat aku kanthi gemati, nganti aku saiki wiwit bisa mlaku. Awakku wis pulih waras, mung
kari ngenteni kapan gips ing sikilku iki dibukak.”

Aku mangsuli nggedhekake atine, “Sabar Mas Tomo, sedhela maneh njenengan rak wis bisa
kuliyah maneh. Mula suk ra sah seneng ngebut, luwih-luwih yen penggalihe lagi mangkel utawa
nalare lagi peteng. Mundhak gampang cilaka.”

“Jeneh pacarku kuwi nggregetake lho Dhik. Mung omong-omongan ora gathuk wae njur nesu,
malah semparet mulih neng Jakarta tanpa pamit.”

“Apa pacare Mas Tomo asmane Ningrum?”

“Bener Dhik, sliramu kok ngerti?”

“Merga dhek penjenengan durung sadhar tenan kae, yen sare kerep nglindur. Undang-undang
Ningrum.:. Ningrum.”

“Wah aku jan ora sadhar tenan, Embuh dheweke ngerti ora yen aku kacilakan.”

“Mesthine rak ana kanca-kancamu sing ngandhani ta, Mas?”

“Ya muga-muga wae, Dhik. Ning yen mengko aku cacad, njur dheweke emoh karo aku, apa
Dhik Dina kersa nggenten dadi pacarku?”

Dhadhaku nratab krungu tembunge Tomo. Dhegdhegan, ning uga bungah lan bingung.
Bingungku kepriye olehku arep wangsulan.

“Piye dhik Dina, saguh ora? Aku kepranan banget karo tandang-tandukmu, solah bawa lan
sikepmu sing sarwa prasaja, Setiti lan ngati-ati. Aku bisa ngrasakake nalika mbokdulang,
mbokdusi lan caramu menehi obat kanthi sugesti sing marakake aku ayem lan gelis mari. Mula
wangsulana pitakonku, Dhik.

“Mas Tomo, penjenengan kok pesimis, kok mesthekake yen cacad. Dhokter kuwi pinter Mas, tur
sing nangani panjenengan kuwi dhokter ahli. Mas Tomo kudu mantep lan percaya”
“Iya Dhik, aku ya mantep lan percaya. Ning upama aku mengko dheglog utawa pincang, piye
nek Ningrum mlayu?”

“Mas, aja kesusu nduweni rasa samar. Sebab tresna sejati kuwi bisa ngalahake sakabehe. Yen
Ningrum tresna tenan karo

penjenengan, mbok dikaya ngapa kahananmu, dheweke bakal tetep tresna.”

“Dhik Dina, apa tembung-tembungmu kuwi kanggo nampik pratelanku? Apa merga sliramu wis
duwe pacar?”

“Lho, kok njur ngono ta, Mas. Aku kuwi matur apa anane, saiki ra sah menggalih werna-werna.
Ndonga wae sing akeh ben ndang mari. Terus terang Mas Tomo, aku durung duwe pacar lan ya
durung tau pacaran.”

Gandheng wis rada suwe anggonku ngetutake Tomo anggone ajar mlaku, mula aku njur ngajak
bali mlebu bangsal kanthi pawadan sedhela maneh wis wayahe dhokter kontrol. Tomo mung
manut wae. Mung nalika njaluk dilawani olehe ngadeg, anggone cekelan awakku kenceng banget
karo ngawasake lan mesem sing ngemu teges. Atiku lega lan bungah nalika dheweke wis kelair
yen tresna marang aku.

Wiwit ana pratelane Tomo mau anggonku ngrumat dheweke saya gemati, kaya-kaya ngrumat
kekasihku tenan kae. Sajake Tomo krasa, nyatane saiki saya kendel nyekal-nyekel tanganku.

Semono uga ibune. Yen pinuju tilik, panjenengane bola-bali ngucapake panuwun marang aku lan
pasrah putrane borong anggonku ngrumat. Mangka nek karo kanca-kanca perawat liyane ora
ngono. Yen aku pas ora dhines merga prei, ana utusane ibune Tomo ngirim pangan lan buwah
kanggo aku neng asrama.Kanca-kanca saya rame anggone nggojlogi, jarene aku mbesuk mesthi
dipek mantu. Aku cuwek wae senajan sejatine batinku seneng banget yen mbesuk kelakon dadi
mantune ibune Mas Tomo. Apa kira-kira iki dedalane anggonku arep oleh jodho?

Aku mung pasrah marang sing Gawe Urip. Sebab bisaku mung nggegadhang tekane priya sing
tresna marang aku lan aku uga tresna menyang dheweke. Puluh aku ditresnanani ning yen atiku
ora duwe rasa tresna ya wenang nulak, mung iku sing ana ing atiku. Aku tansah mundhi
ngendikane para sepuh, bocah wadon kudu sing setiti ngati-ati njaga dhiri. Ora wangun tinitah
wadon adol gendhung pamer wani mbledig priya sing disenengi. Kuwi jenenge asor, regane dadi
murah, kepara malah dadi tampikane priya.

Wektu kuwi dináne Minggu, sing bezuk akeh banget. Aku pinuju ngaplusi kancaku sing tugas
awan. Sing takjujug dhisik dhewe mesthi kamare Mas Tomo. Aku lagi wae mlebu, dheweke wis
mlengeh ngguyu sajak kalegan. Njaban kamar swarane wong tilik pancen rame, maklum
wancine jam bezuk.
Nalika aku lagi menehake obat kanggo Mas Tomo ndadak lawang kamar didedel sajak kesusu
saka njaba. Wanita lencir kuning rámbut sapundhak mlebu. Bareng nyawang pasien sing lagi tak
dakulungi obat, kenya mau sakala mlayu nubruk karo nangis. Tembunge groyok.

“Sepurane ya Mas, aku blas ora ngerti yen Mas Tomo kacilakan. Ngertiku lagi wingi dibel
Dhiyah yen sliramu mondhok ana rumah sakit merga srempetan karo bis. Mula kau njur bali
neng kos-kosan, tekaku lagi mau esuk.”

Mas Tomo ngrangkul bangkekake kenya mau banjur kandha marang aku, “Dhik Dina, ya iki
Ningrum sing tau takkandhakake kae. Rum, tepungna iki Dina sing ngrümat aku sasuwene ana
kene kanthi gemati"

Ningrum nyawang aku, terus ngathungake tangan karo kandha, “Terimakasih ya Dhik!”

“Sama-sama Mbak,” kandhaku karo terus metu saka kamare Mas Tomo, gegancangan mlebu
menyang kamar mandhi pasien.

Tekan njero kamar mandhi eluhku ora kena dakbendung awit gedhene rasa gela lan cuwa sing
mbangeti. Jebul bener kandhaku neng Mas Tomo yen tresnane Ningrum tulus tekaning ati.
Embuh mengko cacad apa ora, ning dheweke sajak bisa nampa. Aku sing kecelik, wong nyatane
atiku wis kecanthol Mas Tomo, sing wis kelair nari aku yen Ningrum ngemohi aku sing dadi
gantine.

Nganti tutug anggonku ngesok tangis neng kamar mandhi kono. Bareng mbesesege dhadha krasa
longgar, aku metu saka kamar mandhi terus bali neng asrama. Takbrukake awakku neng dhipan
karo bali nangis ngglolo. Nangisi nasibku sing kapedhotan rasa tresna. Wusana pikiranku
takgelar takgulung, ngapa aku kudu sedhih? Toh biyen panyuwunku ‘marang Gusti' rak mung
supaya Mas Tomo enggal waras lan bisa bali kuliah maneh. Liyane kuwi aku mung pasrah.

Ngenani pangarep-arepku taun anyar iki bisa entuk pacar, iku rak mung pangentha-enthaku yen
Mas Tomo ditinggal Ningrum. Ning nyatane Ningrum tetep tresna marang Mas Tomo. Dene
hadhiyahku ing taun anyar iki ya mung tetesing luh sing wis tak usap garing kuwi. Aku kudu
luwih ngati-ati, tatag lan dhadhag ngadhepi samubarang ing jroning makarya. (Cuthel)

Sumber :
- https://kumpulan-cerkak.blogspot.com/2017/08/cerkak-bahasa-jawa-luwih-ngati-ati.html
Naskah Drama

“Luwih Ngati-ati”
Wis telung dina iki ana pasien anyar sing dakrumat ing bangsal Kenanga. Pasien sing dak rawat iku bocah
lanang korban kacilakaan sing disebabake amarga dheweke sembrono . Isuk iki aku ana jadwal mriksa
kahanan pasien iku, lan takon-takon marang ibu pasien.

Suster Dina : “Nuwun sewu bu, napa sing nyebabake kacilakan kasebut kedadosan ?” takonku
menyang ibu pasien nailika aku ngganti perban ing sirahe.
Ibu Pasien : “Piyambake nekad badhe nglalu, Suster. Ngebut dhateng margi ageng, lajeng
srempetan kalihan bis” kandhane ibune.
Suster Dina : “Astaghfirullah, Lajeng perkawisipun punapa, Bu?”
Ibu Pasien : “Mboten ngertos, Sus. Terose anak kula niku bibar regejegan kalih pacare, pacare lajeng
kesah dhateng Jakarta. Empun seminggu niki mboten mlebet kuliyah.”
Suster Dina : “Oh ngaten bu, pancen bocah-bocah sakniki lek lara ati mesti sembrono lan nekat.”
Ing wektu siang dhokter ngunjungi lan mriksa pasien sing ngesakne kuwi
Suster Dina “ Khadospundi keadaan pasien, dhok ? Napa wonten sing bebaya ?”
Dhokter : “Pasien iki mung putung sikile karo babak bundhas kulite. Organ njerone isih
wutuh”wangsulan dokter
Suster Dina : “Alhamdulillah” kondisine pasien ora bebaya, aku yakin yen gips-e wis dibukak dheweke
mesthi enggal pulih.
Nanging durung seminggu neng rumah sakit, dheweke angel mangan. Kepeksane kudu takdulang kanthi
tlaten. Yen adus cukup dakelap nganggo andhuk teles. Ganep sepuluh dina kesadharane wis pulih
sawutuhe. Ning yakuwi, dheweke malih manja, gelem mangan ning kudu dakdulang. Kanca-kanca suster
pating clebung anggone nggojlogi aku
Suster Citra : “Dina, Tamtomo pasienmu kae wis semester akhir lho. Jurusan hukum. Suk nek lulus dadi
pengacara akeh dhuwite"
Suster Dina : "Ah ya embuh" Wangsulanku kari nglungani.
Suster Citra “Hampir tahun baru, pacar baru ni ye,” ngono panggodhane kanca-kanca yen aku rampung
ngrumat Tomo. Aku klincutan karó age-age nyingkrih.
Suster Tika: “Ati-ati Din, tresna tenan karo pasien mu!” jeritan suster Tika, kancaku sing paling hebo
dewe.
Suster Dina : “Apa omongane kanca-kanca bener ing atiku wiwit kethukulan rasa seneng yen cecedhakan
karo Tomo. Apa iki sing diarani witing tresna jalaran saka kulina? “omongku ing ati
Saiki Tomo wis ajar mlaku kanggo masa kuwarasan
Suster Dina : “Mas Tomo sakniki wayahe terapi mlampah!”
Tomo : “Aku gelem terapi mlaku yen dhek Dhina kancani.”
Suster Dina : “Nggeh mas monggo, ngrumat lan nulungi pasien niku tugas utamaku ing rumah sakit
niki.”wangsulanku marang mas Tomo,
Tomo : “ Dhek Dhina kok meneng wae, ora arep takon ?”takone mas Tomo nalika terapi mlaku
Suster Dina : “Mboten mas hehehe…” aku mung mesem lan ngguyu ora wani takon takon apa-apa
ngenani pangrasane Tomo, kejaba mung ndedonga jero ning ati supaya dheweke enggal pinaringan sehat
lan bisa kuliyah maneh.
Pas wayahe terapi dereng mari, Tomo ngajak leren lungguhan ing bangku taman,
Tomo : “Dhik Dina, maturnuwun dene sliramu wis kersa ngrumat aku kanthi gemati, nganti aku saiki
wiwit bisa mlaku. Awakku wis pulih waras, mung kari ngenteni kapan gips ing sikilku iki dibukak
Aku mangsuli nggedhekake atine,
Suster Dina “Sabar Mas Tomo, sedhela maneh njenengan rak wis bisa kuliyah maneh. Mula suk ra sah
seneng ngebut, luwih-luwih yen penggalihe lagi mangkel utawa nalare lagi peteng. Mundhak gampang
cilaka.”
Tomo :“Jeneh pacarku kuwi nggregetake lho Dhik. Mung omong-omongan ora gathuk wae njur nesu,
malah semparet mulih neng Jakarta tanpa pamit.”
Suster Dina :“Apa pacare Mas Tomo asmane Ningrum?”
Tomo : “Bener Dhik, sliramu kok ngerti?”
Suster Dina “Merga dhek penjenengan durung sadhar tenan kae, yen sare kerep nglindur. Undang-undang
Ningrum.:. Ningrum.”
Tomo : “Wah aku jan ora sadhar tenan, Embuh dheweke ngerti ora yen aku kacilakan.”
Suster Dina :“Mesthine rak ana kanca-kancamu sing ngandhani ta, Mas?”takonku menyang mas Tomo
Tomo : “Ya muga-muga wae, Dhik. Ning yen mengko aku cacad, njur dheweke emoh karo aku, apa Dhik
Dina kersa nggenten dadi pacarku?”
Aku raiso ngomong opo-opo, dhadhaku nratab krungu tembunge Tomo. Dhegdhegan, ning uga bungah
lan bingung. Bingungku kepriye olehku arep wangsulan.
Tomo :“Piye dhik Dina, saguh ora? Aku kepranan banget karo tandang-tandukmu, solah bawa lan
sikepmu sing sarwa prasaja, Setiti lan ngati-ati. Aku bisa ngrasakake nalika mbokdulang, mbokdusi lan
caramu menehi obat kanthi sugesti sing marakake aku ayem lan gelis mari. Mula wangsulana pitakonku,
Dhik.
Suster Dina :“Mas Tomo, penjenengan kok pesimis, kok mesthekake yen cacad. Dhokter kuwi pinter
Mas, tur sing nangani panjenengan kuwi dhokter ahli. Mas Tomo kudu mantep lan percaya”
Tomo : “Iya Dhik, aku ya mantep lan percaya. Ning upama aku mengko dheglog utawa pincang, piye nek
Ningrum mlayu?”
Suster Dina :“Mas, aja kesusu nduweni rasa samar. Sebab tresna sejati kuwi bisa ngalahake sakabehe.
Yen Ningrum tresna tenan karo penjenengan, mbok dikaya ngapa kahananmu, dheweke bakal tetep
tresna.”
Tomo :“Dhik Dina, apa tembung-tembungmu kuwi kanggo nampik pratelanku? Apa merga sliramu wis
duwe pacar?”takone Mas Tomo sing jleb ning ati
Suster Dina :“Lho, kok njur ngono ta, Mas. Aku kuwi matur apa anane, saiki ra sah menggalih werna-
werna. Ndonga wae sing akeh ben ndang mari. Terus terang Mas Tomo, aku durung duwe pacar lan ya
durung tau pacaran.”omongku tulus nerangake menyang mas Tomo
Gandheng wis rada suwe anggonku ngetutake Tomo anggone ajar mlaku, mula aku njur ngajak bali
Suster Dina : “ Mas Tomo monggo bali menyang bangsal amarga sehela maneh wis wayahe dhokter
Kontrol.”
Tomo : “Iyo Dhik, ayo tulungano aku ngadeg !”jawabe karo mesem
Nalika tak tulungi Mas Tomo anggone cekelan awakku kenceng banget karo ngawasake lan mesem sing
ngemu teges. Atiku lega lan bungah nalika dheweke wis kelair yen tresna marang aku.
Wiwit ana pratelane Tomo mau anggonku ngrumat dheweke saya gemati, kaya-kaya ngrumat kekasihku
tenan kae
Suster Dina : “Nuwun Sewu, wayahe dahar Mas !” kandhaku karo nggowo nampan sing isine masakan
saka rumah sakit
Mas Tomo : “Iyo Dhik, sampean melbu rene banjur dulangen aku koyo biasae lo yaa….” Aku mung isa
mesem lan mantuk-mantuk.
Mas Tomo : “Kok mesem-mesem wae Dhik, ono opo ?” guyone mas Tomo karo nyekel-nyekel tanganku
Suster Dina :”Mas Tomo iki ethok-ethok mboten ngerti, sakniki mas Tomo kok kendel yen wonten Ibu
kepiye?sek tas mari tak omongke banjur moro-moro ibune mas Tomo dugi nang kamar pasien
Ibu Mas Tomo : “Loh Suster Dina, taksih ten mriki. Matur nuwun sanget nggeh sampun sabar ngrumat
putra kula”
Suster Dina : “Inggih bu, sami-sami”
Wektu teros mlaku dino uga terus gantos, nganti saiki mas Tomo lan ibuke tambah apikan marang aku.
Ibune mas Tomo ngirim pangan lan buwah kanggo aku neng asrama yen wayaku prei ora dhines
Suster Citra : ” WEHH…, Dina oleh kiriman panganan karo buwah rek !!!” jerite kanca-kancaku pada
heboh
Suster Tika :”Mantabb…, Mariki Dina wes ora jomblo rek wes arepe dipek mantu karo ibuke Tomo
ihirrrrr…..!”omonge tika nambahi heboh asrama iki, aku mung ethok-ethok cuek wae senajan batinku
seneng banget
Suster Dina :”Yen mbesuk kelakon dadi mantune ibune Mas Tomo. Apa kira-kira iki dedalane anggonku
arep oleh jodho ?”omongku entuk sing iso dak rungokno dewe
Aku mung pasrah marang sing Gawe Urip. Sebab bisaku mung nggegadhang tekane priya sing
tresna marang aku lan aku uga tresna menyang dheweke. Puluh aku ditresnanani ning yen atiku ora duwe
rasa tresna ya wenang nulak, mung iku sing ana ing atiku. Aku tansah mundhi ngendikane para sepuh,
bocah wadon kudu sing setiti ngati-ati njaga dhiri. Ora wangun tinitah wadon adol gendhung pamer wani
mbledig priya sing disenengi. Kuwi jenenge asor, regane dadi murah, kepara malah dadi tampikane priya.
Ing dina minggu, akeh banget wong bezuk. Kaya biasae aku ana jadwal mriksa kahanan pasien, sing tak
jujug dhisik dhewe mesthi kamare Mas Tomo.
Suster Dina : “ Mas Tomo niki wayahe nginum obat “
Mas Tomo : “Iyo Dhik” wangsulane, aku nyiapake obat sing arep dinginum Mas Tomo
Nalika aku lagi menehake obat kanggo Mas Tomo ndadak lawang kamar didedel sajak kesusu saka njaba.
Wanita lencir kuning rámbut sapundhak mlebu. Bareng nyawang pasien sing lagi tak dakulungi obat,
kenya mau sakala mlayu nubruk karo nangis.
Brakkkkkk……
Ningrum : “Sepurane ya Mas, aku blas ora ngerti yen Mas Tomo kacilakan. Ngertiku lagi wingi dibel
Dhiyah yen sliramu mondhok ana rumah sakit merga srempetan karo bis. Mula kau njur bali neng kos-
kosan, tekaku lagi mau esuk.”
Mas Tomo ngrangkul bangkekake kenya mau banjur kandha marang aku,
Mas Tomo : “Dhik Dina, ya iki Ningrum sing tau takkandhakake kae. Rum, tepungna iki Dina sing
ngrümat aku sasuwene ana kene kanthi gemati" jelase mas Tomo nang Ningrum.
Ningrum : “Suwon ya Dhik !”omonge ningrum karo nathungake tangan
Suster Dina : “Sami-sami mbak “kandhaku karo terus metu saka kamare Mas Tomo, gegancangan mlebu
menyang kamar mandhi pasien.
Tekan njero kamar mandhi eluhku ora kena dakbendung awit gedhene rasa gela lan cuwa sing mbangeti.
Aku mung iso nangis lan kuciwa
Suster Dina : “ Temenan bener Jebul bener kandhaku neng Mas Tomo yen tresnane Ningrum tulus
tekaning ati. Embuh mengko cacad apa ora, ning dheweke sajak bisa nampa. Aku sing kecelik, wong
nyatane atiku wis kecanthol Mas Tomo, sing wis kelair nari aku yen Ningrum ngemohi aku sing dadi
gantine.” Omongku banter ing njero jedhing nanging ora iso krungu wongliyo amarga, kran banyu tak
uripke.
Nganti tutug anggonku ngesok tangis neng jedhing kono. Bareng mbesesege dhadha krasa longgar, aku
metu saka jedhing terus bali neng asrama. Tak tubrukke awakku neng dhipan karo nangis ngllolo
Suster Dina : “ NGENE TEMEN RASANE KAPEDHOTAN TRESNA….????”
“LHAA NGOPO AKU KUSU SEDIH …???”
“Pangarep-arepku taun anyar iki bisa entuk pacar, iku rak mung pangentha-enthaku….!”
“Hadhiyahku ing taun anyar iki ya mung tetesing luh sing wis tak usap nganti
garing….” Getunku ing mburi.
Amanat saka drama ing dhuwur “Dados Bocah wadon kuwi kudu luwih ngati-ati, tatag lan dhadhag
ngadhepi samubarang ing jroning makarya.”

--------------------------------------------------- Matur nuwun ---------------------------------------------------------

Anda mungkin juga menyukai